Anda di halaman 1dari 3

Pagi itu, Bu Atik sedang bersantai di depan rumah sembari menggendong anaknya yang ke-3

Bu Atik : Owalah... bocah kok ngantenge ngene (sambil menimang anaknya yang masih
berusia 1 tahun)
Bu Ratno : Halooo mas ganteng, wes jiann kok nggantenge ngene.. Dadi pengen nyiwel Bapak
e oh.. (berjalan ke arah Bu Atik dan menggendong anak Bu Atik)
Bu Atik : Hahah.. Maksutem pie Lek? (Tertawa terbahak – bahak)
Bu Ratno : Hahaha.. Iki kan seng marai ngganteng memang Bapake to..
Lek, kene tak gendonge Mas Rafa..
Bu Atik : Hmm.. Iyo lek malahane.. Awakku saiki kesel biyangettt ee.. Soyo tuwek
kehamilanku, soyo abot awakku dinggo aktifitas Lek..
Bu Ratno : Iyo, nak kui pasti lah lek.. Awakmu yo iseh ngurusi anak umur sak tahun ngene..
umur sakmene ki lagi lucu – lucunya..
Utututu... ganteng tenan iki, anake sopooo iki? (sambil menimang anak)

Tidak lama, Mbah Kariyem lewat di depan rumah Bu Atik..

Mbah : Halo everybody... Pie kabareeee iki


Kariyem Heh.... sek sek... lhoh kok wetengmu wes gedhi meneh Tik? Koyone lagi wingi aku
nyumbang popok sak lusin, iki kok wis mlembung maneh, wis pirang wulan
ndhuk?
Bu Atik : Heheh.. nggeh Mbah
Niki mpun badhe lahiran kok Mbah..
Mbah : Ya Allah cepete.. Lha trus putuku wingi sing tak sumbang popok sak lusin wes iso
Kariyem mlayu opo wes sekolah ndhuk?
Bu Atik : Hahaha... walah kok iso mlayu pripun to Mbah..
Wong Rafa umur 4 bulan trus kulo positip kok Mbah.. (Sambil malu – malu)
Mbah : Hah?
Kariyem Pie pie ndhuk? Anak mu 4 wulan trus wes kesundulan sing saiki?
Bu Ratno : Nggih Mbah, wess jiaaann bapake Rafa ki semangat e embuh..
Niki lho mbah Rafa, umure tasih sak taun mpun badhe ndue adik sasi niki..
Menowo manak trus mbah sak taun sekali ndue anak.. wkwkwk Yo Tik Yo?

Mbah : Wuahh.. Ajioor (Sambil menepuk Kepala)


Kariyem
Bu Atik : Waaaahh.. Ajiooorr......
Bu Atik : Hehehe.. Nggih to mbah, wong mpun mboten ketemu lama, pas ketemu ya
langsung hajaaar...! Semangat 45....!
Mbah : Walah nduk.. Iki anakmu Nomor 3 lagi 13 wulan
Kariyem Trus saiki awakmu meteng anak ke 4, wah mbridil..
Bu Atik : Nggih Mbah, niki lho kulo kebacut mbah...
Jane yo isin kaleh tonggo.. Disawang dadi omongan.. Lagi mbayek kok mbayek
meneh.. Hahaha..
Bapake yo kaget mbah, kok iso dadi, padahal aku ngemiki Mas Rafa sabendinten
lho mbah, kan sami mawon karo KB nggih to?
Mbah : Walahdalah kojor iki
Kariyem Lhayo, masaem ngemiki ngono i wis pasti KB pie?
Yen gelem KB soko ngemiki, kui kudu ngemiki langsung neng bayine saben 2-4 jam
sekali, nak kok kompo yo gak ngarah dadi KB alami to ndhuk. Trus kui ki efektif
dadi KB nganti anakmu umur 6 wulan.
Pantes wae Rafa umur 4 wulan koe wis mblending meneh wetenge...
Bu Atik : Oooowalaaahhh... kulo kinten ngemiki kalih kompo ASI niku otomatis KB alami
mbah..
Ajiorr nak ngene..
Kulo kaleh bapake nggih jane gak nyongko nek iso hamil..
Tak ombeni obat iki kuiiiii... (Sambil mengelus Perut, lalu terdiam)
Mbah : Sttttt... (langsung mempelkan jari ke bibir Bu Atik)..
Kariyem Nyebut.. But But But..
Yok bareng – bareng
Astaugfirullah Haladzim...
Bu Atik : Astaughfirullah Haladzim..
Sori mbah, lha sami – sami kaget kok
Wes ngemiki rutin, saben kerjo yo tak pompo ASIku, tak lebokne kantong ASI, tak
ojekne.. Kok tetep sundulan ae.. Jebule onten persyaratane KB Alami saking
menyusui..
Bu Ratno : Astaughfirullah Haladzim..
Wis to Tik.. Tik..
Sok maneh nek wis kebacut meteng yowes leh, ojo di obat – obati ngono, mugo
anakmu slamet nganti lair e yo tik...
Mbah : Lhayo ngono i ojo dibaleni meneh..
Kariyem
Bu Atik : Nggih mbah, kapok kulo kok niki...
Bu Ratno : He’eh Tik..ki lo ankmu wis papat.. Bapake seh semangat oh?
Wis.. ngene wae ndhuk, bar iki langsung KB wae timbangane Mbridil ngko
anakem.
Bu Atik : Nggih mbah, tapi nggeh mangkeh mawon bibar selapan to...
Mbah : Hush.. ngawur, wong meteng ki iso mbalek subur sakwise 32 dino sakwise
Kariyem babaran yo. Ngko nak bar selapan mbok gawe kumpul karo Bapake yoo wes lah..
dadi meneh ngko.. ape launching bayi ke 5 pie?
Bu Atik : Walah ajiiooorr... Mboten mbah
Mpun kapok kulo niku
Bu Ratno : Alaaah..paling yo kapok lombok mbah
Bu Atik : Hahaha.. masaem ora kesel pie ngurus anak akih, iseh cilik manak menehhhhh
Bu Ratno : Hahahaha.. layo makane ndang KB
Mbah : Sek sek.. ki tak sercingno jenis KB Pasca Salin yo ndhuk..
Kariyem Koyone Bu PKB tau ngeshare kok nang Instagram..
Sek tak golekne (Sambil scrol IG di HP, mencari materi KB Pasca Salin)
Lhaaa ki rak, hmmm.. ki KB Pasca Salin..
Onok Pil, Suntik 3 bulan, Implan, IUD, MOW, MOP...sek karo opo iki, jian angele
yen meh moco..
Metode Ameeeenor-e Laktasi, iyo bener ngene mocone?
Bu Ratno : Pundi Mbah cobi..
Eee nggeh bener niki, koyone KB alami soko menyusui wau lho mbah seng
dibahas.. Wah angele, kok yo rak dijenengi KB Ngemiki wae yo?
Mbah : Hahha, ndi saiki awakmu tentokne ape KB Pasca Salin opo?
Kariyem
Bu Atik : Haduh opo nggih mbah? Kulo ki wedi tambah lemu lan jerawaten kok mbah
Mbah : Halah tombo lemu karo tombo jerawat luwih murah timbang wetengmu
Kariyem mblendung keracunan iwak manuk... hhahaha
Bu Atik : Hahahaha
Bu Ratno : Hahaha...onokkk wae to mbah...
Mbah : Wis, ki.. Nganggo KB IUD wae sing podho karo mantuku, wis sekali pasang iso ora
Kariyem meteng 8 taun..
Bu Ratno : Walah IUD niku nopo mbah? Iki Ucul Dadi? Hahaha
Mbah : Kojor tenan ...
Kariyem Kui lo yen jaman mbien jenenge spiral.. kui alat KB ne dipasang sakwise lahiran
persis iso.. Aman kok.. Bayine brojol, mbok e aman terkendali, meh langsung di
test drive yo langsung iso kok..
Gaspolll 8 taun ora ngarah mbridil...
Bu Atik : Walah isin aku mbah, karo seng masang..
Mbah : Walah nglairne wae ora isin kok..
Kariyem Iki mong trimo pasang KB sisan bar lahiran persis kok isin
Sesoke tekan omah wes siap gas..... penak to?
Bu Ratno : Wooo alah iyo juga nggih mbah ..
Masio ora langsung di test drive, ngalahi aman sik nggih mbah?
Lho kae Tik langsung gaaaaasss...
Bu Atik : Gas .. masuteeem hahaha
Mbah : Iyo to..ngko nek sak wektu – wektu bapake teko.. wis aman eh..
Kariyem
Bu Atik : Hahahah wooooalaah setuju aku Tik.. kericuhan dimulai tiap malam sepi.. uwinuk
cah wes aman 8 tahun
Bu Atik : Hahaha... iyo i.. untung kok ketemu Mbah Kariyem.. Jos gandos.. Update info –
info saking IG pisan..
Mbah : Wooo iyo toyo.. makane iki lo follow IG ne @ipekb.blora karo follow IG ne
Kariyem @puskesmas_ngroto.. Sering banget share ilmu penting seputar kesehatan to..
orak malah scroll tiktik trus joget ae... hahaha
Bu Ratno : Nggih kok mbah, mak – mak gaul saiki isine joget pokokee... hahaha
Bu Atik : Nggih mbah, mangkeh tak ngomong karo Mas Parjo wae.. yen gelem aman gas pol
8 taun iso nganggo KB IUD pasca salin.. hehehe
Bu Ratno : Wahhhh yoo makin semangat eh pak’aneee.. gaaas poolll
Mbah : Hahahaha... gaaasssss mbribeni tonggone saben wengi...
Kariyem
Bu Atik, : Hahahahaha (Tertawa bersama) ajiioooor
Bu Ratno
dan Mbah
Kariyem

Anda mungkin juga menyukai