Anda di halaman 1dari 4

NASKAH DRAMA BAHASA JAWA 7 ORANG

Lembu Suro :

Sang Prabu :

Putri Pusparini :

Emban :

Prajurit/Taruna 1 :

Prajurit/Taruna 2 :

Prajurit/Taruna 3 :

Legenda Gunung Kelud

Waota….

Ing kerajaan majapahit kang gemah ripah loh jinawi, tata tentrem kelawan kerta raharja.
Sajroning pasewakan ing siti inggil kraton majapahit sang prabu brawijaya kahadep putri nipun
ingkang sulistiyo ing warni lan para prajurit ipun.

Putri pusparini ingkang sulistiyo warni mahanani kathah para taruna saking njaban
rangkah ingkang pingin ngayunaken sang putri. Ananing manah sang prabu brawijaya mandeg
mangu, amargi sang prabu mboten purun kadadosan derdah saking panolak ing sang putri. Mula
saking menika sang prabu brawijaya ngawontenaken sayembara, sok sinteno ingkang saget
menthang gendewa sakti kyai garudayeksa lan ngangkat gong kyai sakerdelima inggih menika
ingkang dados garwanipun sang putri.

Sang prabu : “ Putriku angger pusparini kepriye?, opo wis sumadya anggoniro
angadepi sayembara ?”

Putri : “ Saderengipun kula ngaturaken sembah rama. Ngenani bab


sayembara dalem namong nyadhong dhawuhipun rama.”

Sang prabu : “ iyo, sembahmu tak tompo. yo…mugo-mugo sayembara mengko


kalakon kanthi rancak , ora ana rubedo.”

Sang prabu : “ Iki ono pawongan telu ngadep ing ngarsaku,opo iyo arep melu
ngleboni sayembara kisanak ?”

Taruna 1 : “ Inggih sinuwun sadereng ipun, kula ngaturaken sembah. Nami kula joko lola
saking negri sabrang. Kula bade mupu sayembara.”
Taruna 2 : “ Kula semanten ugi sinuwun sederengipun kula ngaturaken sembah.
Nami kula raden asmoro. Kula inggih nderek sayembara.”

Taruna 3 : “ Kula inggih sinuwun sadereng ipun, kula ngaturaken sembah. Nami
kula raden kusuma. Kula badhe nderek sayembara.”

Sang prabu : “ iyo, yen ngono mboko siji majuo ing sangareping gendewo lan gong
sigro.laksanakno amenthang gendewa lan ngangkat gong.”

Taruna 1 : “ inggih sinuwun ngestoaken dhawuh.” (mlampah dhateng


ngajeng. Menthang gendewa nanging mboten saget)

Taruna 2 : “ Nyuwun palilah sinuwun mugi-mugi kula saget ngrampungi sayembara


menika.” ( mlampah dhateng ngajeng . Menthang gendewa sasampunipun dilanjutaken ngangkat
gong nanging mboten kuat )

Taruna 3 : “ sinuwun ngestoaken dhawuh , mugi-mugi kula saget


ngrampungi sayembara menika (mlampah dhateng ngajeng .
Menthang gendewa nanging mboten kuat )

Sang prabu : “ Sarekne sayembara ora ono kang bisa ngrampungi, sayembara
enggal ingsun wusanani”

Sesarengan kalian sabdanipun sang prabu, repepeh-repepeh lembu suro sowan


ngarsanipun sang prabu, badhe nderek mupu sayembara.

Lembu suro : “Nuwun sewu sinuwun lepat nyuwun pangapuro. Kula pun lembu suro
badhe mupu sayembara.”

Sang Prabu : “Jenengmu lembu suro?! Awakmu menungsa sirahmu lembu, opo bisa
kowe mupu sayembara?”

Lembu suro : “ Menawi gusti ingkang murbeg dumadi, angidinaken paminto kula
mbok menawi kula saget angrampungi sayembara.”

Sang Prabu : “ Yen ngono enggal laksanakno sayemabra kisanak.”

Lembu suro : “ Sendiko ngestoaken dhawuh sinuwun ( mlampah wonten ngajeng


anyedaki panggenan gendewa kalian gong )

Lembu sura saget menthang aken gendewa lan ngangkat gong kaya mboten wonten
beban. Sareh ne lembu sura saget ngrampungi sayembara, lembu suro nggadhi hak anggarwo
dewi pusparini. Suasano ing kaputren, sang putri tansah muwun amargi sang putri mboten purun
kagarwo dining lembu suro.
Emban : “ Ndoro putri sampun dipun galih sanget-sanget. Mangke mindak
badanipun kero anjalari sakit.”

Putri : “ mbok emban kepriye anggonku anglakoni digarwo dining lembu suro sin ora
umum kaya sa’dengahe manungsa. Mbok emban aku njaluk eguh pratikelmu, kepriye amprih
aku ora digarwo dining lembu suro? Coba pikirno, kepriye pratikelmu mbok emban?

Emban : “ Nyuwun sewu gusti, menawi pamikiran kula mekaten, panjenenga kedah
anggadahi setunggal panyuwun ingkang aurat damatheng lembu suro.”

Putri : “ Lha iyo mbok emban kira-kira opo panyuwunku mengko?”

Emban : “ Eguh pratikel kula pripun menawi lembu suro dipun kengken ndamel sumur
wonten ing puncake gunung kelud.”

Putri : “ Iyo yen ngono mbok emban, mengko yen lembu suro mlebu ing kaputren tak
jalukane bebono sing kaya mbok emban aturaken.

Salebete wawan rembag antawis gusti putri kaliyan mbok emban, mboten ka nyono-
nyono lembu sura mlebet kaputren saperlu sapejagong kalian gusti putri.

Lembu suro : “ Di ajeng pusparini garwanipun kakang, kepriye janjimu ? aku mrene arep
nagih janjimu yayi ?

Putri : “ Iyo lembu suro aku gelem dadi garwamu nanging aku njaluk
panyuwun marang sliramu.”

Lembu sura : “ Iyo yayi panjalukmu opo ? enggal kondho mengko enggak kula laksanani.

Putri : “ Yen sliramu biso gawe sumur ing puncake gunung kelud
sajroning sewengi, aku gelem dadi garwomu, lembu suro.

Lembu suro : “ Opo nggawe sumur iku kudu ana ing puncake gunung kelud ? opo ora ono
papan seng cedak sakiwo tengen kene wae ?

Putri : “ Ora lembu suro , aku wes mantep njaluk digawekne sumur ing puncake
gunung kelud , mbesok samongsa awake dewe diresmek ake dadi temanten bisa ados bareng
neng sumur seng kok gawe kuwi.

Lembu sura : “ Yen penjalukmu koyo mengkono ojo kuatir diajeng, bakal tak
turuti panjalukmu mugo-mugo biso ngelaksanani panjalukmu.

Sasampunipun lembu suro angerteni panyuwunipun gusti putri sigro milar saking
kaputren terus bablas. Mlajeng ing sapuncaking gunung kelud sareng kluarga sang prabu
brawijaya. Dumugi ing gunung kelud , lembu suro nggina’aken sungu nipun kangge ngeduk siti
ingkang badhe damel sumur. Sak antawis dangu lembu suro sampun mboten ketingal saking
pinggire sumur. Dados lembu suro sampun tebih mlebet wonten sajroning sumur. Ningali
kedadean menika putri pusparini tansoyo kuatir. Menawi lembu suro saget minangkani
pamundhutipun. Sang putri nyuwun dhumatheng rama nipun inggal laksanakaken tumindak,
supados lembu suro saget gagal anggarwo putri pusparini.

Putri : “ rama .. pripun kahanan lembu suro kok saget ndamel sumur ? mugio
rama gadah pratikel kados pundi cara nipun amprih lembu suro mboten
saget anggarwo kula.

Sang prabu : ” ya nini.. aku ngerti karepmu lan mengko dhisik tak mikir kepriye cara ne iki ?

Sang prabu ketawis gugup lan mandeg mangu, menggalih kadospundi cara nipun lembu
suro mboten saget anggarwo putrinipun

Sang prabu : “ he… kabeh prajuritku wae podho siyaga . dina iki ana perintah kudu sigro
dilaksanakne yaiku nguruk sumur kanggo watu lan lemah ing sak kiwo tengen e sumur, ojo
katalumpen. saiko ugo laksanakno sampek sumur kebak watu lan lemah.

Prajurit : “ inggih sinuwun nggestoaken dhawuh.”

Sedoyo prajurit ngelaksanakaken printah sinuwun nguruk sumur kalian selo lan siti .
saking lebet sumur kepireng sambate lembu suro.

Lembu suro : “ tulung…tulung… tulung …ojo di uruk aku ana jerone sumur iki.

Para prajurit mboten anggatek aken sambat e lembu suro . para prajurit terus nguruk
sampe sumur kebak selo lan siti. Senaoso lembu suro ka uruk sajroning sumur ananging,
suwanten nipun tasih kepireng saking njawi sumur lan lembu suro murka ngantos ngedalaken
sumpah kangge prabu brawijaya lan sedaya kawula nipun amargi cuwo penggalih ipun lembu
suro.

Lembu suro : “ hey.., brawiyaya mbesok bakal kepethuk piwalesku kang makaping kaping.
Yaiku Kediri bakal dadi kali, blitar dadi latar, tulungagung dadi kedung.”

Sajroning sumpahe lembu suro saben kaleh windu sepisan bakal ngerisak sedaya
wewengkon kerajaan prabu brawijaya.

sang prabu : “ para kawula ku kabeh lembu suro wes sumpah arep ngerusak wewengkon kita
kabeh, mula saka iku ayo kabeh wae nyuwun pandonga marang gusti kang murbeng dumadi
supaya bumi nuswantara kita tetep gimah ripah loh jinawi ora ono alangan sawiji opo.”

Anda mungkin juga menyukai