Anda di halaman 1dari 2

Dhandhang Gula

Sasadara huwus panglong iki / Parandene mancorong baskara


Sumelet kelet panase / Kabeh wong padha bingung
Salang tunjang angkara sirir / Ananging kang pinanggya
Geni mulad murub / Bumi bengkah luru tumbal
Tan kawilang kehing layon nggondhol tangis / Nuswantara kantaka

Dhuh, dhuh, adhuh Risang Maha Yekti


Abdi muja konjuk Maha Wikan / Krama
galana hambeke
Mulat karuganipun / Bumintara kawula dasih
Tuwahing lampah tama / Kawarna pra luhur
Lumembat sang sinatriya / Tentrem ayem
tata titi kuswa rukmi
Mandhireng mulya jaya

Punapa ta badhe klampah malih / Pralayane


prabu Dharmawangsa
Tanapi sirna ilange / Majalungga karuhun
Mawut ambyar talining asih / Putra anglaga
bapak
Kadang dados satru / Sadayanipun punika
Krana polah wiyasaning gatra wangsi /
Angugung durangkara
Kang kajangka dening pra winasis / Nagri mami kalungge sapendhah

Wong jawa ilang jawane / Nyingkur pepakon luhung


Wusanane ibu Pratiwi / Rumaos yen katilar
Datan den pailu / Dhuh Gusti Sang Murbeng jagad
Mugi krenan paring lejar lan udani / Dhumateng abdi nDika
Nadyan amba wus kamuksan jati / Kapiyandhem satuti ngastawa
Maring napi kula wngse / Ndeek angudar simpul
Kinthung silung kapugut yekti / nanging abdi paduka
Jalma punggung cubluk / pramilanta nyuwun wucal
Kados pundi lampahing pambudi / sumangga mawarsita

Sinom

1 . Ingsun pranataning jagad/ maha welas maha asih


Tanpa wates tuhu tresna / tumrap titah kang ngabekti
Lan setya angugemi / marang angger dhawuh Ingsun
Fhuh nguni Ingsun serat / ing watu loh cacah kalih
Sun paringke marang Musa dhutaning wong

Marwa hawya melang driya / Ingsun krenan ngijabahi


Panyuwun umat Ingwang / Nuswantara bakal bangkit
Tandane jaman iki / timbul titah sipat rasul
Sumrambah ing bawana / kanthen asta ngesthi Gusti
Tanpa pamrih ider warih tirta marta

Anda mungkin juga menyukai