Anda di halaman 1dari 56

i

B
ABAD BANJAREJO
ii
Sederek Pangripta :
Kadarisman
Eka Suryani
Asep Nurhadi
Sujono
Surahman

Gunungkidul 2021
BABAD BANJAREJO

Sederek Pangripta :
iii
Kadarisman
Eka Suryani
Asep Nurhadi
Sujono
Surahman

Ukuran Buku : 14 cm x 20 cm
Halaman : v+150 lembar
Cetakan Pertama, Juni 2021

Diterbitkan oleh :
Kundha Kebudayaan Kabupaten Gunungkidul, Yogyakarta,
Bekerjasama dengan Pamarentah Kalurahan Banjarejo,
Wonosari, Gunungkidul

PANGANDIKAN BUPATI GUNUNGKIDUL

iv
Assalamu’alaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh

Pariwisata ing Kabupaten Gunungkidul samsaya


kondhang kaloka mboten namung wonten wewengkon Daerah
Istimewa Yogyakarta namung sampun dumugi ing Manca Negari.
Wisatawan anggenipun dumugi ing tlathah Gunungkidul sampun
kathah namung ingkang kedah dipun tambahi inggih punika
dangunipun para wisatawan cumondhok wonten ing
Gunungkidul. Kangge nyengkuyung pengangkah menika,
masyarakat, dunia usaha ugi pemerintah kedah nyawiji.

Buku Sejarah Desa Kanthi Basa Jawa nyariosaken babagan


sejarah dumadining desa-desa, monografi, geografi saha budaya
ingkang wonten. Kanthi kaseratipun Buku menika saged kangge
sarana promosi dhumateng wisatawan supados langkung
mangertosi kanthi pangajab langkung kathah lan dangu
anggenipun cumondhok wonten Gunungkidul.

Sejarah dumadining desa ugi wigatos dipun mangertosi


kalihan kadang wredha mudha kanthi panyuwunan badhe tuwuh
rasa tresna dhumateng desanipun saha tansah nyengkuyung

v
anggeninpun mbangun desanipun. Kula ndherek bingah awit sak
perangan Desa sampun kasil nyerat buku, saklajengipun saged
dados greget desa ingkang dereng damel.

Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

Wonosari, Mei 2018


Bupati Gunungkidul

Badingah

PANGANDIKAN KEPALA KUNDHA KABUDAYAN


GUNUNGKIDUL

vi
Assalamu’alaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh

Dinas Kebudayaan wiwit warsa 2017 sampun madeg dados


dinas kiyambak. Jejibahan wonten ing Dinas Kebudayaan wonten
gegandenganipun kalihan budaya ingkang saged nyengkuyung
majengaken Pariwisata ing Kabupaten Gunungkidul. Kathah
wisatawan sae saking tlatah Indonesia ugi manca negara
langkung remen menawi mangertosi babagan pariwisata ingkang
berbudaya asli saking Gunungkidul dipun ketingalaken. Kangge
nyengkuyung penjangka menika, Dinas Kebudayaan Kabupaten
Gunungkidul ing Warsa 2018 damel Buku Sejarah Dumadining
Desa Kanthi Basa Jawa kanthi gunggung selangkung buku. Awit
pikantuk Rahmat lan Hidayah saking Gusti Ingkang Maha
Kawasa, buku sejarah dumadining desa kanthi Basa Jawa saged
kaleksanan kanthi gunggung selangkung buku. Mugi ing warsa
saklajengipun desa ingkang dereng nyerat saged enggal-enggal
damel buku kanthi panyuwunan sedaya desa ing tlatah
Gunungkidul saged sedaya nyerat buku dumadining desa kanthi
Basa Jawa.

Karana panyeratan buku Sejarah Dumadining Desa kanthi


Basa Jawa saweg wiwitan , menawi wonten pamrayogi lan

vii
panyaruwe kangge kasampurnan panyerating buku punika
tansah kula antu-antu.

Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

Wonosari, Mei 2018


Kepala Dinas Kebudayaan

Drs. Agus Kamtono, M.M.

PANGANDIKAN LURAH BANJAREJO

viii
Puji syukur mugi tansah konjuk ing ngarsanipun Gusti
ingkang Maha Agung, ingkang tansah ngrumentahaken
kawilujengan dhumateng kita sedaya.

Sampun sawetawis dangu kapenggalih wigatosipun


ngempalaken carita ingkang badhe kadamel sejarah Dumadining
Kalurahan Banjarejo, kamangka sanget kabetahaken minangka
pratanda dumadining Kalurahan, lan ugi wigatos sanget kagem
mangertosi tegesipun sejarah minangka pepenget soho pepeling
dumateng para wira muda awit perjuanganipun para pendiri
Kalurahan Banjarejo.

Kanthi pambudidaya kang sakalangkung jlimet dumateng


para panyerat, sarta mendhet rujukan utawi narasumber carita
saking para sesepuh lan pamangku wilayah ing Kalurahan
Banjarejo, ing wusananipun buku sejarah menika saget kaserat
kanthi lancar, lan kaleresaken kawontenan samangke, dadoso
buku ingkang langkung jangkep. Liripun saget minangka sumber
sejarah Kalurahan Banjarejo ingkang sakmenika kababar dados 13
wilayah Padukuhan.

Mugi-mugi buku sejarah menika migunani sagunging


bebrayan nyengkuyung murih lestarining budaya luhur ing
Kalurahan Banjarejo. Saklajengipun saget nambahi greget para

ix
Wira muda Purun nyinau sejarah Kalurahan, lan ugi babagan
kawruh luhur basa jawi.

Wusana mbok bilih buku menika taksih kathah


kekirangan ing samukawisipun, kasuwun panyaruwe murih
sampurnaning buku sejarah Dumadining Kalurahan Banjarejo
menika.

Matur nuwun.

Banjarejo Mei 2021

Lurah Banjarejo

Dwi Haryanto

x
ISI BUKU

PANGANDIKAN BUPATI GUNUNGKIDUL


PANGANDIKAN KEPALA KUNDHA KABUDAYAN
GUNUNGKIDUL
PANGANDIKAN LURAH BANJAREJO

BAB I GEGAMBARAN KALURAHAN BANJAREJO


A. Kawontenan Alam
B. Kawontenan Para Warga
1. Agami lan Kapitadosan (belum ada)
2. Pawiyatan (belum ada)
3. Pakaryan (belum ada)
4. Kabudayan
a. Adat
a) Bersih Desa/Rasul
b) Ruwatan
b. Tradisi
c. Kesenian
d. Dolanan Tradhisional
e. Basa, Sastra, lan Aksara
f. Dedaharan
g. Jejamuan
h. Pakaryan
a) Tatah sungging
b) Perajin Kendhang
c) Perajin perak
i. Barang, Bangunan lan panggenan

BAB II ADEGING KALURAHAN BANJAREJO


A. Miterat Cerita Rakyat
1. Kromo Wiharjo

1
2. Joyo Pranoto
3. Saeran
4. Sastro Wiharjo (Jono)
B. Miterat Administrasi Negara
1. Mangun Pawiro
2. Atmo Sentono
3. Soewandi
4. Yohanes Sudoto
5. Bambang Sukoco
6. Sakiyo, S.S
7. Wasdani SIP
8. H.Bambang Sukoco

BAB III AMANAH

BAB IV PANUTUP

SUMBER LAN NARASUMBER

PARA PANGRIPTA

2
BAB I
GEGAMBARAN DESA BANJAREJO

“Tasik arga myang wana wasa mangkya sasanane buron


samya dadya pangupa jiwa sakehing dumadi”

a. Kawontenan Alam lan Pasiten

Banjarejo kapetang salah satunggaling Desa ing tlata


h Kecamatan Tanjungsari Kabupaten Gunungkidul Daerah
Istimewa Yogyakarta. Menggahing kawontenan wilayah
Desa Banjarejo inggih punika alam pareden, sak kanan
keringipun leket ingkang dados papan tandur tuwuh
kadang among kisma warga masarakat Desa Banjarejo.
Kathahipun wit-witan ingkang katiyuping samirana wonten
Desa Banjarejo damel adhem, sengsem lan endahing
suwasana. Punjering paprentahan mapan wontening
Padhukuhan Padangan.

3
Gegambaranioun Kalurahan Banjarejo, ingkang pun ubengi dening gunung-
gunung.

Wewengkon Desa Banjarejo kinupeng desa-desa


sanes ing tlatah Kecamatan Tanjungsari lan sawatawis
kecamatan sanesipun wontening laladan Kabupaten
Gunungkidul minangka tapel watesing Desa Banjarejo.
Menggah watesing wewengkon Desa Banjarejo inggih
punika ;

1. Iring lor winatesan kaliyan Desa Kemiri, Kecamatan


Tanjungsari, Desa Hargosari, Kecamatan Tanjungsari,
kaliyan Desa Mulo, Kecamatan Wonosari

2. Iring wetan winatesan kaliyan Desa Banjarejo lumebet


laladan Kecamatan Tanjungsari,

3. Iring kidul winatesan Samudra Hindia,

4
4. Iring kulon winatesan kaliyan Desa Kemadang Kecamata
n Tanjungsari.

gambarv 1. Peta Desa Banjarejo ketingal saking


Google Earth

5
Desa Banjarejo mujudaken satunggaling tlatah
ingkang angadhahi tata paprentahan ingkang sah lan
sampun dipunakeni dening Paprentahan Pusat.

Desa Banjarejo mujudaken paprentahan ingkang


anggadhahi ;

1. Wilayah hukum kanthi tapel wates ingkang gumathok.


2. Wonten warga ingkang mapan wontening
tlatah/wilayah hukum.
3. Wonten tatacara/adat lan pranatan pinangka
paugeraning brayat agung.
4. Sampun jumbuh kaliyan paugeraning nagari lan dados
peranganing nagari ingkang boten saged kapisahaken.

Jumbuh kaliyan paugeran nagari, pamarentah desa


utawi kalurahan nglampahi pranatan pusat lan daerah.
Ingkang mekaten bebadan lan lembaga ingkang ngesuhi
desa ugi sesebatanipun ndherek pranatan ingkang wonten.

6
Salah satunggaling kegiatan wargo panen hasil tetanenipun

Kawontenaning pasiten ing Desa Banjarejo


mujudaken pasiten tegal, pekawisan, pereng-pereng lan
sanes-sanesipun. Ing papan ingkang miring kathah sela-sela
ingkang saged dipun ginakaken mawarni-warni
kabetahaning tiyang.

7
Pantai Drini ingkang sampun kasuwun dumugi manca, inggih menika salah
satunggaling Pantai wonten ing Kalurahan Banjarejo.

Panguwaosaning siti ing Desa Banjarejo saged


kapilah-pilah, kadosta ;

1. Siti ingkang dipun kuwaosi dening pamarentah desa


inggih punika siti-siti kas desa.
2. Siti ingkang dipun kuwaosi dening pamarentah inggih
punika siti kahutanan lan sanes-sanesipun.
3. Siti ingkang dipun dadosaken hak milik perorangan
turun temurun.
4. Siti kagungan Dalem Karaton Ngayogyakarta
Hadiningrat.

8
Wiyaring tlatah Desa Banjarejo kirang langkung
wonten +-15.724.800 m2. Tebih caketing papan paprentahan
Desa Banjarejo dumugi Kantor Kecamatan Tanjungsari 5
Km, dumugi Kantor Kabupaten Gunungkidul 21 Km,
dumugi Kantor Pamarentah Daerah Istimewa Yogyakarta 62
Km.

b. Wewengkon Padhukuhan
Desa Banjarejo mengkoni selikur padhukuhan
ingkang dumados saking ;
1. Pedhukuhan Wonosobo I
Padhukuhan Wonosobo I inggih salah satunggaling
padukuhan wonten ing Kalurahan Banjarejo ingkang
wonten ing sak kiduling wilayah Kalurahan Banjarejo.
Ugi ingkang langkung celak kaliyan Pesisir Pantai.
Warga ing Padhukuhan Wonosobo I kathah ingkang
dados nelayan ugi dagang wonten sak kiwo tengenipun
pantai.
2. Pedhukuhan Wonosobo II
Padukuhuhan Wonosobo II mboten benten kaliyan
Wonosobo I njug awit sedoyo kabetahan kemasyarakatan
tasih dados setunggal kaliyan wonosobo I. sae meniko agami

9
menopo malih pedamelanipun mbiten benten kaliyan warga
wonten ing Padhukuhan Wonosobo I. Rikolo semanten
senadyan Padhukuhan Wonosobo I ugi Wonosobo II wonten
ing pesisir kidul anamung wilayahioun ndherek Kalurahan
Keruk. Pramilo sae meniko kabudayan menopo adat tradisi
taksis sami kalihanan Padhukuhan ingkang wonten ing
wilayah Kalurahan Keruk.

Gambar bale padhukuhan Wonosobo II

3. Pedhukuhan Melikan
Melikan wonten ing sak kidule tlatah Kalurahan
Bannjarejo. Nalikanipun taksih Kalurahan Padangan,
10
Padhukuhan Melikan dados setunggal kaliyan
Kalurahan Padangan. Miterat Pangupo jiwanipun wargo
Melikan reroto dados Nelayan lan dagang.

Bale Padhukuhan Melikan

SD MI Banjarejo

11
4. Pedhukuhan Wonosari
Padhukuhan Wonosari mapan wonten saak leripun
Padhukuhan Melikan. Wonten ing Wonosari wonten
salah satunggaling Sumur ingkang rikolo rumiyin dados
sumber panguripanioun wargo wonten ing Padhukuhan
Wonosari. Wargonipun kathah ingkang nyambut damel
wonten ing pertanian, ugi ngingah raja kaya.

Bale Padhukuhan Wonosari

12
Masjid Padhukuhan Wonosari

5. Pedhukuhan Wuluh
Wuluh mapan wonten sak leripun Padhukuhan
Wonosari. Wargo wonten ing laladan Wuluh kathah
ingkang nyambut damel wonten ing pertanian ugi
nelayan wonten ing sak pesisir segoro. Tradisi adat
kejawen taksis saged pun wastani wonten ing
Padhukuhan Wuluh. Wonten ing acara keagamaan lan
adat tradisi kadang wiranem ugi para sepuh taksis
kathah ingkang nindaaken.

13
Bale Padhukuhan Wuluh

Masjid Padhukuhan Wuluh

6. Pedhukuhan Padangan
Padhukuhan Padangan rikolo semanten inggih salah
satunggalih ibu kota Kalurahan. Sae meniko taksis

14
Kalurahan PAdangan ugi nalikanipun KAlurahan
Banjarejo. Kathah para sepuh ingkang pun sareaken
wonten ing PAdangan. Ugi dados pusat penyebaranipun
agami Kristen wonten ing laladan Banjarejo ugi
Banjarejo. Pun awiti nalikanipun salah satunggaling
Pamong Kalurahan rikolo semanten mbangun salah
satunggaling sekolahan, SD BOPKRI Padangan.

Bale Padhukuhan Padangan

15
Gereja Kristen Padangan

SD BOPKRI Padangan

7. Pedhukuhan Ngepoh
Padhukuhan Ngepoh mapan wonten sak wetanipun
Padhukuhan Padangan. Ugi dados salah satunggaling

16
pusat penyebaran agami Islam rikolo semanten. Pramila
wonten salah satunggaling masjid tertua wonten ing
laladan Kalurahan Banjarejo. Pangupa jiwanipun warga
kathah ingkang dagang lan ugi ngingah raja kaya.

Bale Padhukuhan Ngepoh

Masjid Al Fitroh, merupakan salah satu masjid tertua di Kalurahan Banjarejo

8. Padhukuhan Kunang

17
Kunang mapan wonten ing perbatasan antawisipun
Kalurahan Banjarejo ugi kaliyan Kalurahan Banjarejo.
Salah satunggaling Padhukuhan Kuno. Pramilo
bangunan wargo setemapat taksis kathah ingkang
tradisional.
9. Padhukuhan Weru
Padhukuhan Weru mapan wonten sak leripun
Padangan. Weru njih meniko kasebat deso santri, awit
kegiatan agami Islam rutin pun leksanaken wonten ing
Padhukuhan meniko. Kadang wiranem taksih kathah
ingkang rutin damel kegiatan wonten ing masjid.
Wonten sak leripun Padhukuhan, wonten papan
ingkang kasebat “wates”, ingkang rikolo semanten
supados wates antawisipun Kalurahan Padangan
Kaliyan Kalurahan Keruk. Wujudipun nggih
saktunggaling galengan ingkang inggil. Inggilipun
kirang langkung sekawan meter.
10. Padhukuhan Klepu I
Klepu I mapan wonten sak leripun Padhukuhan Weru.
Ugi saged pun sebat salah satunggaling Padhukuhan
ingkang langkung lami madegipun. Adat tradisi ugi
kegotongrongan taksis pun lestarekaken. Wargo
18
wwonten ing laladan Klepu I nyambut damel wonten
ing pertanian, ugi kathah ingkang dagang.

Balai Padhukuhan Klepu I

11. Padhukuhan Klepu II


Padhukuhan Klepu II inggih meniko salah satunggaling
Padhukuhan ingkang gunggung wargonipun paling
sekedik. Kirang langkung naming 30 KK. Namung
wonten ing Padhukuhan Klepu II wonten salah
satunggaling kerajinan utawis industri ingkang wonten
ing padhukuhan sanes mboten wonten, inggih meniko
perak. Senadyan hasilipun taksis kathah ingkang pun
kirim wonten ing luar daerah, katitik wekdal sakmeniko
sampun pun jual wonten ing wilayah ing Banjarejo.
12. Padhukuhan Jambu

19
Jambu inggih ugi salah satunggaling Padhukuhan
ingkang langkung tuo tiningbang Padhukuhan sanes.
Wonten kathah peninggalan kuno wonten ing Jambu
meniko, kadasta blabag, tombak, ugi makam ngimbang.
Waragnipun kathah ingkang nyambut damel wonten ing
perdagangan. Ugi taksih nguri-uri kabudayan Jawi.
Jambu mboten saged pun pisahaken kaliyan Jarah. Njih
awit wargo antawisipu Jambu kaliyan Jarah ngatos
dumugi sakmeniko taksih kathah ingkang setunggal
garis keturunan.
13. Padhukuhan Jarah I, Jarah II, Jarah III
Jarah mapan wonten ing sak kilenipun Kalurahan
Banjarejo , ugi gadahi wates kaliyan Kalurahan
Kemadang lan Kalurahan Kemiri. Taksih kathah sepun
wonten ing Padhukuhan Jarah, ingkang saged
nyeriosaken Kalurahan Banjarejo rikolo rumiyin. Wargo
wonten ing Jarah kathah ingkang nyambut damel
wonten ing pertanian. Antawisipun Jarah I, Jarah II, ugi
Jarah III, mboten saged pun pisah. Awit sedoyo
pedamelan sae meniko adat tradisi, minggahipun
gotongroyong, taksih dados setunggal, senadyan
administrasinipun pisah.
20
Bale Padhukuhan Jarah I

Bale Padhukuhan Jarah II, pun Bangun Nalikanipun Bapak Sujamto Ngasto
dukuh ugi Bapak Pj Adib Fatoni, BA ngasto wonten ing Desa Banjarejo naliko
semanten.

14. Padhukuhan Sangen I


Padhukuhan Sangen I mapan wonten sak leripun
Padhukuhan Jambu. Ugi gadahi wates kaliyan
21
Kalurahan Kemiri. Wargo ing PAdhukuhan sangen
kathah ingkang nyambut damel wonten ing pertanian.
Padhukuhan Sangen I ugi nggadahi kelompok seni
nggih meniko jathilan.
15. Padhukuhan Sangen II
Padhukuhan Sangen II mapan wonten sak wetanipun
Padhukuhan Sangen I. sak kiwo tengenipun
Padhukuhan Sangen II kathah tanah Kas inggang dados
Pengarem-arem kagem para pamong kalurahan. Wargo
wonten ing Sangen II kathah ingkang nyambut damel
wonten ing pertanian, ugi wonten ingkang damel
kerajinan saking ….. Kathah ibu-ibu ingkang damel
kelompok kerajinan lan pun leksanani wonten ing
wekdal ingkang senggang.

22
Bale Padhukuhan Sangen II

Hasil Kerajinan Ibu-ibu di Sangen II

16. Padhukuhan Keruk I, Keruk II, Keruk III, Keruk IV


Padhukuhan Keruk mboten saged pun bentenaken
antawisipun Keruk I, Keruk II, Keruk III, lan ugi Keruk
23
IV, kados Jarah I dumugi Jarah III awit
kegotongroyonganipun taksih dados setunggal. Kathah
peninggalan jaman rumiyin ingkang taksih saged pun
wastani wonten ing Padhukuhan Keruk, kadosto sungu
menjangan, arta jaman walandi, lan makam para sepuh
ingkang babad alas wonten ing laladan Keruk lan sak
kiwo tengenipun. Gadhahi wilayah ingkang langkung
jembar titninmbang wilayah sanes. Ugi warganipun
kathah ingkang damel industry dhaharan. Wilayahipun
nggadhahi wates kaliyan Kalurahan Pacarejo, Kalurahan
Hargosari, ugi Kalurahan Banjarejo.

Bale Padhukuhan Keruk I

24
SD N Banjarharjo ingkang rikolo semanten pun sebat SR (Sekolah Rakyat)

Masjid Al Hikmah Keruk III, rikolo semanten pun ginakanken supados


nyebaraken agami Islam wonten ing wewengkon Kalurahan Keruk

Pangaribawa warga tumrap wewengkon sanget


ageng, semanten ugi tata rakiting wewengkon saged
handayani tata tentreming warga.

Awit ingkang mekaten wau antawisipun


wewengkon lan warga boten saged kapisahaken, karana
kekalihipun tansah manunggal. Menawi katiti sakeplasan,

25
warga Kalurahan Banjarejo sampun kagantha-gantha dados
21 kelompok warga ingkang satunggal lan satunggaling
boten sami.

Kersanipun pamarentah ngawontenaken


pedhukuhan-pedhukuhan punika boten kangge benten-
bentenaken satunggaling kelompok warga kaliyan
kelompok warga sanesipun, ing babagan punika kaajab
kanthi wontenipun pedhukuhan-pedhukuhan kala wau
sageda ngripta lampahing paprentahan wiwit pusat ngantos
dumugi kelompok-kelompok warga ingkang alit piyambak.
Pramila dhukuh anggadhahi jejibahan luhur paring
patuladhan dhumateng warga tumuju manunggaling
sedya, luhuring budaya, santosaning agama, bangsa lan
nagari. Kanthi mekaten saged langkung terwaca, bilih
kawontenaning wewengkon lan warga wontening Desa
Banjarejo naming satunggal, inggih punika wewengkon lan
warga Desa Banjarejo.

Warga Desa Banjarejo tansah ngleluri budaya


adiluhung tilaranipun para leluhur ing kina pinangka
ngurmati labuh labet bekti lan amanah ingkang dados
piwucal luhur para sepuh.

Sedaya warga masarakat tansah nggegulang gadhahi


raos kurmat kinurmatan, andhap asor, lung tinulung,
26
gotong royong, asah asih lan asuh. Agami minangka
landesan gesang, pager, pepadhang, pengayom lan
pengayem, panuntun kiblating manembah dhumateng
Ingkang Maha Kawasa.

c. Warga

Gunggung warga Desa Banjarejo ing palaporan Desa


Warsa 2018;

- Warga Kakung : 2.961 tiyang

- Warga Putri : 3.096 tiyang

- Gunggung sedaya : 6.057 tiyang

Warga kasebat kedadosan saking 1.961 Kepala


Somah.

1. Peranganing Umur

Warga Desa Banjarejo miturut yuswanipun ing


Warsa 2018 kados kaserat ing ngandap punika ;

Gunggung Warga
No Yuswa
K P K+P
1 0 – 15 511 455 966
2 15 – 65 2.003 2.083 4.086
3 65 - 447 558 1.005

27
  Gunggung 2.961 3.096 6.057

2. Ngudi Ngelmu

Pepeling leluhur jawa, bilih ilmu iku tinemune


kanthi laku. Tegesipun, bilih ilmu punika kedah
sesarengan kalih dipun lampahi. Boten saged ilmu
namung dipun sinau, nanging boten dipun lampahi.

Wonten ing Desa Banjarejo sanadyan tebih saking


kitha gara tansah budidaya murih warga saged lantip ing
pamikir, sawatawis sami ngudi ngelmu ing pawiyatan
luhur pinangka wahana ngudi ngelmu ing tembe dadosa
sanguning agesang.

Menggah pawiyatan ing Desa Banjarejo kados


katuraken ing ngandhap punika ;

Gunggung Warga
No Pawiyatan
K P K+P

1 Boten/Dereng Sekolah 757 918 1.675

2 Dereng Lulus SD 220 248 468

3 Lulus SD 1.108 1.184 2.292

28
4 Lulus SMP 582 523 1.105

5 Lulus SMA 258 192 450

6 Lulus Diploma I/II 7 4 11

7 Lulus Diploma III 7 8 15

8 Lulus Strata I 21 19 40

9 Lulus Strata II 1 0 1

10 Lulus Strata III 0 0 0

  Gunggung 2.961 3.096 6.057

3. Pangupa jiwa utawi Pakaryan

Saperangan ageng warga Desa Banjarejo sami


makarya olah tetanen utawi among tani. Satemah
Pamarentah Desa Banjarejo tansah mbudidaya undhaking
panggesangan lumantar among tani.

Tegalan ingkang wiyar wonten ing Desa Banjarejo


pinangka tanda yekti menawi warganipun kathah
ingkang olah tetanen. Namung wonten ugi ingkang buru
h, wira karya, pegawai negeri, lan sanes sanesipun.

29
Warga Desa Banjarejo dumugi wekdal punika
taksih teguh anggenipun gegondhelan dumateng piwucal
para leluhur nglampahi laku ingkang gapyak sumarak,
ugi remen nindakaken gotong royong. Katitik saking
hambok bilih wonten sanak keluarga punapa magersari,
mitra karuh nggadhahi damel utawi hajat, kadosta
dandan griya, ewuhan lan sapanunggilipun, sedaya sami
ngenthengaken salira anggenipun paring pambiyantu
ingkang awujud penggalihan, tenaga malah kepara
sawatawis prabeya kagem ingkang kagungan damel
punika. Bumi Banjarejo bumi ingkang pun berkahi
dening Gusti Ingkang Maha Agung. Katitik para kadang
tani anggenipun olah kridha tetanen tansah ngasilaken
wulu wetu ingkang murakabi. Kadosta nandur gabah
panen pari, nandur bonggol panen tela lan sanes
sanesipun. bebasan apa sing di tandur tuwuh, apa sing di
sabda dadi, hanjalari Desa Banjarejo dados satunggaling
desa kang mirah sandhang kalawan boga.

Saperangan warga Desa Banjarejo ugi nindakaken


pakaryan ngingah raja kaya tuwin iwen. Wonten ingkang
ngingah ayam kampung, mendha ugi lembu. Lan
30
saperangan warga Desa Banjarejo sami ngingah ayam
leghor lan ayam patelur. Ugi wonten warga ingkang
dados nelayan, amargi sak kidulipun Desa Banjarejo
winatesan kaliyan Samudra Hindia.

4. Kabudayan wonten ing wewengkon Desa Banjarejo

Warga Desa Banjarejo tansah ngleluri budaya


adiluhung tilaranipun para leluhur ing kina pinangka
ngurmati labuh labet bekti lan amanah ingkang dados
piwucal luhur para sepuh, antawisipun;

a. Reog

Reog slaah satunggaling kabudayan ingkang wonten


Kalurahan Banjarejo. Wilayah ingkang nggadhahi
utawis wonten Reogipun njih meniko Padukuhan
Keruk.

31
Salah satunggaling Reog ingkang wonten ing Padukuhan Keruk. Pentas
saben adicara Rasulan kaliyan Sadranan.

b. Jathilan

Jathilan wonten ing kalurahan Banjarejo mujudaken


salah satunggaling kabudayan ingkang asring pun
pentasaken wonten ing salah satunggaling acara adat
nggih meniko rasulan. Wonten ing wilayah
Kalurahan Banjarejo, wonten kalih wilayah ingkang
nggadhahi kelompok seni Jathilan, Jarah kaliyan
Sangen.

c. Terbangan

Terbangan nggih meniko salah satunggaling


kabudayan ingkang mujudaken raos syukur wonten

32
ngarsa Gusti ugi ngaturaken shalawat wonten ngarsa
Nabi.

Tradisi Terbangan ingkang nggadhahi pangartos ngumandangaken


shalwat wonten ngarsa panjengan Nabi Muhammad SAW

d. Rasulan

Rasulan nggih menika salah satunggali raos syukur


warga masyarakat awit sedoyo hasil panenipun
wonten wekdal setunggal tahun kapengker.

e. Sadranan

Sadranan wonten ing Kalurahan Banjarejo kalampah


wonten ing sak pesisir Pantai Drini. Wujudaken raos

33
sukuripun warga masyarakat kaliyan sedoyo
perangan ingkang sampun pun paringaken
dumateng warga. Mboten naming wonten ing pesisir
Pantai ugi kalaksanan wonten ing “resan”.
Sakbibaripun adat tradisi sedoyo dharan ingkang
sami pun beta di kembul, asebat “kembul bujono”.

Sadranan ingkang pun adani wonten ing Pantai Drini

f. Gumregan

Gumrgan mujudagen raos sukur awit sedoyo


kesaenan ugi anggenipun ngingah raja kaya saged
lancer lan mboten wonten wabah penyakit. Kathah
ingkang ngwastani gumregan menika “rasule sapi”.
Awit sak wisipun dhaharan meniko pun sajekaken.
Lan sakmangkeh pun wenehaken dhateng sapi utawi
lembu.
34
g. Sastra “Pego”

“Pego” inggih meniko salah satunggaling sastra


utawis “dialeg” ingkang asring pun ginaaken wonten
ing sak pesisir kidul Gunungkidul. Kathah pun
ginaaken wonten ing Kapanewon Tepus. Wonten ing
Kalurahan Banjarjeo ugi asring pun ginaaken wonten
ing wilayah ingkang rikolo semanten kalebet wonten
ing Kalurhan Padangan. Amargi miterat sejarah
meniko Kalurahan Padangan lan Kalurahan Keruk
meniko benten Kademangan. Milo sae meniko adat
lan kabudayanipun benten. Kalurahan Keruk kalebet
Kawedanan Munggi, lan Kalurahan Padangan
kalebet wonten ing Kawedanan Beran.

BAB II

ADEGING BANJAREJO

1. Kelurahan Keruk kaliyan Kelurahan Padangan

Mataram islam mujudken Kerajaan ingkang


kondhang kaloka ing wewengkon Tanah Jawi
sasampunipun Kerajaan Pajang dados kaleh
sasampunipun Perjanjian Giyanti nalika 13 Februari 1755
menika hasil pirembagan antawisipun VOC, Kasultanan
Mataram ingkang dipun slirani Pangeran Mangkubumi
35
lan Paku Buwono III, Mataram Islam dados kaleh inggih
menika Kasunanan Surakarta lan Kerajaan Mataram
Ngayogyakarta Hadiningrat. Kanthi Kerajaan Mataram
Ngayogyakarta Hadiningrat sampun kedadosan tamtu
kemawon Kathah Nayakan saha pengageng keratin
ingkang jajah desa milang kori ing tlatah Kerajaan
Mataram Ngayogyakarta Hadiningrat, kalebet wonten
Trah kusuma rembesing madu wijili wong andana warih
ingkang dumugi woten ing tlatah Padangan lan Keruk
ingkang sinebat Tumenggung Reso Dikromo, Reso
sentono lan Resi dipura. Jejibahan punggawaning keraton
inggih menika jejegaken Kerajaan Mataram
Ngayogyakarta Hadiningrat saking VOC utawi walandi.

Nalika semangun bumi Padangan sampun wonten


Karang pradesan lajeng Bumi Keruk taksih Trukan
ingkang awujud alas gung liwang Liwung. Jalma Mara
Jalma Mati Sato Mara Sato mati. Anggenipun Babad Alas
ing Bumi Keruk supados dados karang Pradesan dipun
biyantu kaliyan Iro Dikromo saking Keruk lan Marto
Diwiryo saking Padangan. Kekaleh tiyang menika
sejatosipin taksih wonten alur waris utawi sederek
saking simbah wasiyem dados sami-sami buyut. Nalika

36
Babad Alas dipun pandegani 3 nayaka praja kasebat
kabiyantu dening Simbah Iro Dikromo lan Simbah Marto
Diwiryo. Sasampunipun dipun babad lajeng masyarakat
wiwit mapan wonten papan menika. Salajengipun Iro
Dikromo dipun dadoskaen Lurah Keruk lan Marto
diwiryo dados lurah Padangan nalika semanten nderek
abawat kawedanan munggi.

Gambar wayang peninggalanipun Mbah Lurah Keruk

Nalika semanten Padhukuhan ingkang kalebet


wonten ing Kalurahan Keruk inggih menika:

1. Keruk I

2. Keruk II

37
3. Sangen

4. Jarah I

5. Jarah II

6. Jambu

7. Klepu

8. Wonosobo

Ingkang kalebet wonten ing Kalurahan Padangan


inggih menika:

1. Weru

2. Padangan

3. Ngepoh

4. Kunang

5. Sari

6. Wonosari

7. Wuluh

8. Melikan

Sak sampunipun Simbah Iro Dikromo sedo pun


gantos kaliyan Simbah Sastro Suwarno. Simbah Sastro
38
Suwarno menika putranipun Simbah Warso Dinomo, ugi
putu saking Simbah Iro Dikromo.

Dalemipun Mbah Sastro Suwarno, Lurah Keruk sakderengipun pun


dadosaken setunggal kaliyan Kalurahan Padangan.

Sak sampunipun woten pranatan Maklumat RI 5


Tahun 1948, 22 april 1948 bilih nami Kalurahan Padangan
kaliyan Kalurahan Keruk dipun dadosaken setunggal
kanthi nami Banjarejo. Banjar menika tegesipun Dowo
awit menawi dipun tinggali sitinipun menika awujud
lelarikan dawa. Reja tegesipun tentrem sarta kathah
wonge.

39
Makam Mbah Iro Sentono Lurah Keruk

Makam Mbah Sastro Suwarno Lurah Kalurahan Keruk

40
Makam Mbah
Marto Diwirjo Lurah Padangan

2. Desa Banjarejo

Desa Banjarejo kawujud saking kalih Kalurahan


ingkang dipun lebur utawispun ingkang dadosaken
setunggal desa miterat pranatan Maklumat RI 5 Tahun
1948, 22 april 1948. Wondene Banjarejo kawujud saking
Bajar lan Rejo. Banjar artosipun dawa, Rejo artosipun
tentrem, guyub.

Lurah sepisan ingkang ngasta wonten ing Desa


Banjarejo inggih menika Simbah Radiyo Sentono. Simbah
Radiyo Sentono menika, putra mantu saking Simbah
Lurah Padangan, Simbah Marto Diwiryo.

41
Lurah ingkang nate ngasta Desa Banjarejo
antawisipun;

1. Radiyo Sentono (1948-1995)

Ngasta wonten ing Kalurahan Banjarejo wiwit


saking Tahun 1948. Lurah Radiyo Sentono
kathah mbangun margi wonten ing tlattah
Kalurahan Banjarejo ingkang ngubungaken
setunggal Padhukuhan kaliyang Padhukuhan
sanesipun. Peninggalan ingkang saged pun
wastani ngantos sakmeniko njih meniko suket
ingkang wastani suket Radiyo. Ugi ingkang
bika wisata Pantai Drini nggih menika
nalikanipun Pemerintahan Lurah Radiyo
Sentono.

2. Rahmanto (1995-2003)

Lurah Rahmanto ngasta wonten ing Banjarejo


kaawiwitan skaing Tahun 1995 ngantos
dumugi Tahun 2003. Wonten ing pemerintah
Rahmanto kathah kelompok tani ugi
kelompok ternak ingkang berkembang wonten

42
ing Banjarejo. Lurah Rahmanto inggih putra
mantu saking Lurah Radiyo Sentono.

3. Lagiyo Marto Raharjo (2003-2013)

Lagiyo Marto Raharjo nalikanipun ngasta


wonten ing pemerintahan Kalurahan Banjarejo
nate ngrhab total bangunan Bale Kalurahan
ingkang rumiyin, dados ingkang pun nggeni
sakmenika. Ugi pengaspalan ingkang lumebet
wonten ing Kalurahan Banjarejo saking
Kapanewon Tanjungsari.

4. Pj. Suwardi (2014-2015)

5. Suradi (2015-2017)

Lurah Suradi ngasta wonten ing Kalurahan


Banjarejo naming wekdal kirang langkung 3
tahun. Pembangunan talud ugi corblok
wonten ing Wonosobo I dumugi Jarah inggih
meniko salah satunggaling peninggalan Lurah
Suradi ingkang saged pun wastani ngantos
dumugi sakmeniko.

6. Pj Aris Darmawan, SE (2017-2018)

43
7. Pj Adib Fatoni, BA.SIP (2018-2019)

8. Dwi Haryanto (2019-sakmeniko)

Lurah Dwi Hrayanto nggasta wonten ing


Kalurahan Banjarejo katitik saking tahun 2019,
ugi sampun nggadahi tinggalan ingkang
awujud mbangun “rest area” pantai drini,
ingkang ngantos dumugi sakmeniko taksis
wonten ing tahap pembangunan.

BAB III

BANJAREJO lan KAMARDIKAN

Miterat cariosipun salah satunggaling warga, rikolo


rumiyin jaman “clash”, kirang langkung tahun 1942-1945,
laladan Banjarejo ingkang naliko semanten taksih kasebat
Kalurahan Padangan ugi Kalurahan Keruk, dados salah
satunggaling pusat pemantauan tentara saking Jepang.
Ingkang pusat pertahananipun tentara perjuangan meniko
wonten ing Tepus kaliyan Baron, Kemadang. Peninggalan
ingkang taksih pun saged pirsani ngantos dumugi wekdal
sakmeniko nggih meniko “tugu londo”. Ingkang rikolo
semanten dados menara suara alat komunikasi, ingkang

44
mapanipun wonten ing sak tengahing wono, sak kilenipun
Padhukuhan Klepu I wonten ing Kalurahan Banjarejo.

Mboten naming jaman Jepang, anamung miterat


wilayahipun ingkang sak pesisir pantai, lan ugi mboten
tebih saking Baron, ingkang dados tempat bersandaripun
VOC rikala semanten. Pramilo wonten ing laldan Banjarejo
ugi dados papan pesarean sakderengipun para Walandi
nglajengaken lumampahipun. Pramilo wonten
perkampungan kuno wonten sak kilenipun Padhukuhan
Jambu lan wonten ing Keruk. Wondene bukti ungkang
saged pun wastani inggih meniko arta kepingan nalikanipun
jaman VOC. Ingkang pun temu naliko gali pemakaman
wonten ing pemakaman Keruk.

Catatan:

Koleksi foto tahun

Sumber Foto

Dipisah antara adat dan tradisi

Penjelasan adat dan istiadat

45
Kegiatan Tradisi dilengkapi dengan nama pimpinan dan
informasi lebih lanjut

Dolanan Bocah diganti Permainan Tradisional

Dhedaharan diganti Makanan Tradisional

Bangunan diganti Warisan Budaya

Petilasan di Sub Bab pisah

Penomoran Foto

Pembahasan Tentang Alas Ketonggo dan Eyang Kerti Yudho


dan Bondan Surati yang menjadi awal babad Keruk

Penulis/penyusun ditambah riwayat singkat

Tanggal 10 Oktober 2021 kirim file

46

Anda mungkin juga menyukai