Anda di halaman 1dari 6

ANALISIS PIWULANG WONTEN ING TRADHISI RASULAN DHUSUN

BOGOR, KAPANEWON PLAYEN, KABUPATEN GUNUNGKIDUL

Dipunaturaken dhateng Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Yogyakarta

Minangka Jejangkeping Syarat Anggayuh

Gelar Sarjana Pendidikan

Dening:

Erin Dian Astutik

NIM 20205241041

JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAERAH

FAKULTAS BAHASA DAN SENI

UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA

2022
BAB I
PURWAKA
A. Dhasaring Panaliten

Dhusun Bogor inggih menika dhusun ingkang papanipun 5,2 km


saking kitha Wonosari, minangka pusat pamarintahing Kabupaten
Gunungkidul. Dhusun Bogor kalebu wilayah administrasi Kalurahan Playen,
Kecamatan Playen, Kabupaten Gunungkidul. Papan ingkang boten tebih
saking Kitha Wonosari, dadosaken Dhusun Bogor kalebu dhusun ingkang
sampun modern. Dipunlewati Jl. Manthous ingkang kalebu margi ageng
kangge jalur pantai saha jalur perekonomian warga, dadosaken Dhusun Bogor
boten dados papan ingkang katutup saking moderenisasi.

Dhusun Bogor kalebu salah satunggaling dhusun ingkang


masyarakatipun tasih gadahi kapitadosan ingkang inggil kangge jagi tradhisi.
Boten namung upacar rasulan, ananging ugi wonten upacara perkawinan,
miyosan, saha upacara lelayu. Ananging mekaten upacara rasulan tetep dados
upacara ingkang dados sorotan saking masyarakat Dhusun Bogor saha
masyarakat saking jawi.

Wonten ing lebet gesangipun masyarakat Jawi upacara tradhisi tasih


dipunsengkuyung kanthi sae. Rasulan kalebet salah satunggaling upacara
tradhisi ingkang tasih misuwur wonten ing Dhusun Bogor, Kapanewon
Playen, Kabupaten Gunungkidul. Upacara Rasulan utawi upacara merti desa
inggih menika salah satunggaling wujud tradhisi perayaan bibar panen
kangge wujudaken raos syukur dhateng Gusti ingkang maha kuwaos, ingkang
sampun paring berkah saha rahmatipun wonten ing mangsa panen.

Upacara rasulan boten namung dipunwontenaken wonten ing Dhusun


Bogor kemawon, ananging ugi saking desa-desa sanesipun wonten ing
Kabupaten Gunungkidul. Rasulan ugi dipunwontenaken saben warsa. Rasulan
boten dipunwontenaken sesarengan, ananging menika dipunwontenaken
adhedasar rembugan saking para warga, wonten rasulan ingkang
dipunwontenaken setunggal desa, wonten ugi ingkang dipunwontenaken
perdhusun.

Upacara rasulan gadhahi prosesi rangkaian adicara ingkang langkung


dangu, wonten kerja bakti, pengaosan, wonten kendurenan kanthi puncak
wayangan. Biasanipun wonten ing upacara rasulan ugi wonten pertunjukan
kesenian tradisional, kadosta jathilan. Nglestantunaken upacara rasulan ugi
kalebu dados upaya kangge nglestantunaken kabudayaan wonten ing
Indonesia.
Wonten ing salebeting upacara rasulan, kawontenaken ajaran-ajaran
ingkang nggadahi manfaat kangge gesangipun tiyang manungsa. Rasulan ugi
saged dados srana manungsa kangge nyaketaken piyambakipun kaliyan Gusti.
Puncakipun upacara rasulan inggih menika kendurenan ingkang ginakaken
piranti sesajen ingkang nggambaraken kapitadosan masyarakat kaliyan
babagan ingkang jawi saking tiyang manungsa.

Sesajen nggadahi peranan ingkang langkung prayogi wonten ing


sedaya upacara tradhisi wonten ing Gunungkidul. Sajen menika saged dados
pralambang wontenipun gesang sanesipun tiyang manungsa. Wonten
kapitadosan umpami saben Dhusun menika wonten ingkang jagi, dadosaken
sejatosipun upacara rasulan ugi dipunagem dados pangajab saking
masyarakat Gunungkidul supados Gusti senantiasa paring keslametan saking
mara bana.

Tradhisi rasulan gadahi piwulang saha manfaat ingkang ageng kangge


masyarakat. Piwulang menika sageda muncul amargi masyarakat ingkang
ngresepi sanget wontenipun tradhisi rasulan.

B. Underaning Perkawis
Miturut dhasaring panaliten wonten ing nginggil saged
dipunandharaken perkawis inggih menika:
1. Dhusun Bogor kalebu dhusun ingkang sampun modern, ananging tasih
jagi tradhisi.
2. Rasulan kalebet salah satunggaling tradhisi ingkang tasih dipunjagi
wonten ing Dhusun Bogor.
3. Upcara rasulan dipunwonteni saben warsa, lajeng kangge prosesinipun
kalampah dangu.
4. Wonten ing salebetipun upacara rasulan, wonten manfaat ingkang saged
dipunpendet kangge gesangipun tiyang manungsa.
C. Watesaning Perkawis
Perkawis wonten ing nginggil menika kathah, supados saged focus lan
total mila wonten watesanipun, inggih menika analisis piwulang wonten ing
tradhisi rasulan, wonten ing Dhusun Bogor, Kapanewon Playen, Kabupaten
Gunungkidul.
D. Wosing Perkawis
Adhedhasar dhasaring panaliten, underaning perkawis, watesaning
panaliten kasebut, saged kaandharaken wosing panaliten inggih menika
“Kadospundi analisis piwulang wonten ing tradhisi rasulan Dhusun Bogor,
Kapanwon Playen, Kabupaten Gunungkidul?”
E. Ancasing Panaliten
Ancasing panaliten ingkang jumbuh kaliyan wosing perkawis ing
nginggil inggih menika kangge mangertosi piwulang menapa ingkang wonten
ing tradhisi rasulan Dhusun Bogor, Kapanewon Playen, Kabupaten
Gunungkidul.
F. Paedahing Panaliten
Paedahing saking panaliten menika, yaiku:
1. Panaliten menika gadahi paedah kangge menambah informasi saha ilmu
babagan tradhisi rasulan, ingkang saged dipundadoseken bahan kangge
pirembagan.
2. Dados sarana apresiasi kangge tradhisi rasulan ingkang wonten ing
Dhusun Bogor, Kapanewon Playen, Kabupaten Gunungkidul.
BAB II
GEGARAN TEORI
A. Andharan Teori
1. Rasulan
Dhusun Bogor inggih menika dhusun ingkang kawontenan saking
223 kepala keluarga, inkang dipunperang wonten ing 9 RT. Mayoritas
padamelan saking masyarakat Dhusun Bogor inggih menika petani.
Wonten ing sedaya dalem wonten ing Dhusun Bogor menika gadahi
padamelan petani.
Sabin menika sampun dados ladang pokok kauripan kangge
masyarakat Dhusun Bogor. Beras ingkang dados padhaharan pokok
menika asilipun ugi saking sabin masyarakat piyambak. Dadosipun
masyarakat menika ngurit lajeng dipunpanen piyambak.
Apresiasi masyarakat kangge syukuri rahmat Gusti saking sedaya
asil panen saben taun. Apresiasi menika dipunadani kanthi kesadaran para
warga, ugi kangge nuwuhaken sikap guyub rukun saha sikap toleransi
antar warga. Tingkat kepedulian masyarakat Bogor kangge jagi tradhisi
menika kagambar sanget wonten ing tasih dipunwontenaken tradhisi
rasulan.
Tradhisi rasulan inggih menika tradhisi merti dhusun utawi “bersih
desa”, ingkang dipunwontenaken saben warsa. Tradhisi rasulan menika
dipunwontenaken kanthi turun temurun, masyrakat Gunungkidul gadahi
kapitadosan umpami boten dipunwontenaken rasulan bakal wonten
pagebluk ingkang muncul. Rasulan ugi dipundadosaken sarana kangge
pengungkapan ajaran religi ingkang dados panutan gesangipun tiyang
manungsa.
2. Genduren
Genduren inggih menika adicara inti utawi pokok. Adaicara
menika nglambangaken raos syukur dhateng gusti, ingkang adicaranipun
dedonga saha paring pepujen dhateng gusti. Miturut KBBI, genduren
inggih menika adicara kembulan kangge mengeti adicara tartamtu, utawi
kangge ngalap berkah. Genduren menika saged gambaraken
kebersamaan masyarakat nalika ngadapi adicara ingkang sae.
Genduren dipunwontenakan kanthi sedaya warga Dhusun Bogor
kempalk dhateng balai dusun, lajeng ngempalaken sedaya asil panen
ingkang badhe dipundongani, kayata pari. Biasanipun sedaya warga
dhateng ugi kaliyan beta tenggok ingkang isinipun sekul gurih kaliyan
ingkung. Ingkung menika nglambangaken pengayoman dhateng sedaya
masyarakat Dhusun Bogor.
Sasampunipun sedaya masyarakat kempal, adicara genduren
dipunwiwiti kanthi dedonga sesarengan. Sasampunipun menika sedaya
makanan ingkang sampun kumpul dipungakikaken kangge sedaya tiyang
ingkang rawuh. Pembagian menika kanthi rata, biasanipun para bakul
utawi tiyang ingkang mlampang sangajengipun balai ugi dipunparingi.
Biasanipun sekul kaliyan lawuhipun dipunbagi wonten ing sarangan,
ingkang dipundamel saking godong kambil.
3. Wayangan
Adicara puncak saking tradhisi rasulan inggih menika wayangan.
Wayangan ingkang dipungelar menika wayangan sewengi nutuk.
Biasanipun bakal nimbali dhalang ingkang nembe kondhang. Adicara
wayangan menika ugi dados wujud raos syukur kangge gusti, saha raos
apresiasi kangge awakipun piyambak ingkang sampun kerja keras wonten
ing sabin.
Cariyos wayang ingkang dipunangkat saben warsa menika benten-
benten, ananging biasanipun ngangkat cariyoa pandawa, tuladhanipun
cariyos “Semar Bangun Kahyangan”. cariyos wayang Semar Bangun
Kahyangan menika nyariosaken perjuanganipun Semar kangge bangun
donya ingkang sae, ingkang boten wonten angkara murka. Menika saged
dadosaken gambaran warga Dhusun Bogor, ingkang sami-sami bangun
Dhusun Bogor ingkang sae, ingkang boten wonten angkara murka.
B. Nalaring Pikir
Analisis piwulang wonten ing tradhisi rasulan menika, saged
dipuntingali kanthi langsung wonten ing sedaya prosesi adicara rasulan.
Sedaya rangkaian adicara rasulan gaadahi ajaran piwulang ingkang
jumbuh kaliyan manfaat kangge gesangipun tiyang manungsa. Piwulang
menika kawujud kanthi sae wonten ing gesangipun masyarakat Dhusun
Bogor. Menika saged dipunwujudaken amargi masyarakat Dhusun Bogor
menika tasih nguri-uri tradhisi rasulan menika kanthi saestu ugi.
C. Panaliten Ingkang Jumbuh
Panaliten ingkang jumbuh kaliyan analisis piwulang wonten ing
adicara rasulan Dhusun Bogor inggih menika panaten saking Sandra
Setiyawati kanthi irah-irahan “Tradisi Rasulan di Dusun Trowono A,
Karangasem, Paliyan, Gunungkidul : Sebuah Kajian Folklor”.
Panaliten ingkang badhe dipunlampahi menika gadhah ancas badhe
madosi utawi nganalisis menapa kemawon piwulang ingkang wonten ing
tradhisi rasulan Dhusun Bogor. Panaliten anggitanipun Sandra Setiyawati
menika jumbuh kaliyan panaliten menika amargi sami ginakaken bahan
panaliten adicara tradhisi rasulan, ananging kanthi ancas ingkang benten.
Panalitenipun Sandra Setiyawati menika nganalisis folklore wonten ing
adaicara rasulan, lajeng panaliten kula menika langkung wonten ing
analisis piwulang saking tradhisi rasulan.

Anda mungkin juga menyukai