Anda di halaman 1dari 7

LKPD BAHASA

JAWA
Telaah Teks
Serat Kalatidha
Pupuh Sinom

Anggota Kelompok:

Kelas :
Serat Kalatidha
Serat Kalatidha yaiku karya sastra ingkang diserat
mawa basa Jawa yasanipun Raden Ngabehi
Ranggawarsita awujud tembang macapat. Karya
sastra iki ditulis watara taun 1860 Masehi. Kalatidha
minangka salah sawijining karya sastra Jawa kang
misuwur.. Serat Kalatidha yasanipun Raden Ngabei
Ranggawarsita, kerep diucapaken para sadherek Jawi,
marga tetembungane sarta surao pancen mranani
penggalih. Anggenira ngaban-abani marang
lelampahan utawi kawontenan, manteb,
anglegakaken. Kaya ta: jaman edan, gunem lelamisan.
Mangka lelampahan ingkang kaya dialami dhateng
Raden Ngabei Ranggawarsita kuwi, ing ngalam donya
ora tahu sepen, namung papane kemawon ingkang
ngolah-ngalih, tur grad-gradane iya ora padha. Besuk
seket utawi satus taun maneh, ungel-ungelan ing
Serat Kalatidha punika kinten kula taksih kocap lan
jumbuh ing kawontenan.

Kalatidha iki mung ana 12 pada kanthi nggunakake


metrum Sinom Ian sakabehe ditulis nganggo aksara
Jawa (Hanacaraka) gagrak Surakarta. Kalatidha
tegesipun "jaman edan" utawi jaman gemblung,
Kacarita Ranggawarsita nulis geguritan iki nalika
drajate ora munggah pangkat kaya kang dikarepake.
Banjur dheweke umumake kahanan iki lan dheweke
nganggep umume yen jaman dheweke urip yaiku
jaman edan.
Serat Kalatidha
Pada 1

Mangkya darajating praja,

Kawuryan wus sunyaturi,

Rurah pangrehing ukara,

Karana tanpa palupi,

Atilar silastuti,

Sujana sarjana kelu,

Kalulun kala tida,

Tidhem tandhaning dumadi,


Ardayengrat dene karoban rubeda.
Serat Kalatidha
Pada 2

Ratune ratu utama,

Patihe patih linuwih,

Pra nayaka tyas raharja,

Panekare becik-becik,

Paranedene tan dadi,

Paliyasing Kala Bendu,

Mandar mangkin andadra,

Rubeda angrebedi,
Beda-beda ardaning wong saknegara.
Serat Kalatidha
Pada 3

Katetangi tangisira,
Sira sang paramengkawi,
Kawileting tyas duhkita,
atamen ing ren wirangi,
Dening upaya sandi,
Sumaruna angrawung,
Mangimur manuhara,
Met pamrih melik pakolih,
Temah suka ing karsa tanpa wiweka.
Jejibahan
Sumangga siswa Jangkepi
pitakenan ing ngandhap!

Teges Tembung

Damel gancaran saking tembang Sinom

Paugeran Tembang
Pitutur Luhur

Anda mungkin juga menyukai