Anda di halaman 1dari 1

 Primasari Cahya Kamila (26) Pawarta

 Ratih Aulia Ramadhani (30) 2023. 02. 07

Dodolan ing Spectapreneur, Grup Ilios Kentekan Bahan

Tanggal 27 Januari wingi, smaga nganakake projek kewirausahaan


SPECTAPRENEUR kang dilaksanake siswa/i kelas 10. 1 kelas dibagi dadi 4 kelompok, salah
sijine yaiku Ilios. Ilios dodolan kentang goreng bulet lan diwenehi bumbu-bumbu. Jam 8
acara wis diwiwiti, kabeh stand cepak-cepak lan nyiapke bahan gawe mengko yen ana sing
arep tumbas, kalebu Stand Ilios uga cepak-cepak lan nyiapke bahan.

Nalika Stand Ilios buka, akeh banget kang tuku ing Stand e Ilios. Saka wong smaga
lan sekolah liya. Bocah-bocah sing dodolan ing stand Ilios pada kelabakan amarga akeh
banget kang tuku. Akeh e pelanggan nggawe stand Ilios wis nutup orderan nalika isih jam 10.
Jam 11 an, bahan sing ana wis entek. Nanging isih akeh banget orderan kang dereng digawe.
Siswa/i sing dodolan ing stand Ilios pada panik lan bingung, uga ana pikiran arep batalke
orderan. Nanging akhir e, dheweke kabeh mutuske arep tuku kentang meneh, lan nggawe
adonan meneh. Acara tuku lan nggawe adonan anyar lagi bar jam 2 awan. Akhir e padha
buru-buru lanjut masak sambi dioyak wektu.

Untung e, nalika jam 4 sonten kabeh orderan sing ana wis rampung digawe. Bocah-
bocah stand Ilios ora sida batalke orderan. Info saking Lila, yaiku bendahara kelompok Ilios,
Stand Ilios angsal laba sekitar 60%.

Anda mungkin juga menyukai