Anda di halaman 1dari 1

LKPD KD 3.

1
PERTEMUAN 2

KELAS XII GENAP SMAN 1 BAWANG

KD 3.1 Menelaah teks Serat Tripama Pupuh Dhandhanggula


Indikator:
3.1.4 Nemtokake piwulang luhur kang kinandhut sajroning Serat Tripama Pupuh
Dhandhanggula
Nilai-nilai luhur yaiku nilai-nilai kang ngandhut kabecikan kang bisa dijupuk sajroning isi
karya sastra kang gegayutan karo kahanan ing pagesangan padinan. Nilai-nilai kasebut
gayut karo nilai religius, sosial, kabudayan, lan moral.
Tembang Macapat iku lumrahe isine babagan piwulang luhur kang becik. Sadurunge
nemtokake isine tembang Macapat, luwih dhisik kudu nggancarake. Anggone nggancarake
bisa saben pada.

Delengen tuladha piwulang luhur ing tembang Dhandhanggula pada kapisan iki!
Pada Kapisan Awujud Tembang Pada Kapisan Awujud Gancaran
Yogyanira kang para prajurit, Becike para prajurit kabeh padha bisa nuladha kaya biyen
lamun bisa samya anuladha, critane. Yaiku piyandele sang Prabu Sasrabau ing Kraton
Maespati kang arane Patih Suwanda. Kabecikan utawa
kadya nguni caritane,
jasane bisa digelung dadi telung perkara yaiku
andelira sang Prabu,
kapinteran, kasugihan lan kekendhelane kang diduweni
Sasrabau ing Mahespati, netepi keturunane wong utama.
aran Patih Suwanda,
lelabuhanipun,
kang ginelung tri prakara,
guna kaya purune kang den antepi,
nuhoni trah utama.

Nilai kang Kinandhut : Nilai Sosial

Piwulang Luhur :
Kita becike bisa nuladhani Patih Suwanda kang nduweni tumindak kanthi ngendelake
kapinteran (guna), kasugihan (kaya), lan kekendelan (purun).

Garapan pada 2 nganti 7 kaya tuladha ing dhuwur!

SURATMI6682

Anda mungkin juga menyukai