Anda di halaman 1dari 1

Layang Kangen katur Bapak

Dening : Mariya Ulfa

Allahu akbar… Allahu akbar... walillaailham.

Swara takbir wis keprungu kawit mau bar jamaah sholat Maghrib. Ibu-ibu padha mapan ana pawon,
nggodhog iwak pitik kanggo opor mengko esuk. Bocah-boca padha playon, nyumet kembang api ing
ngarep latar karo gegojegan. Para bapak uga pada guyup ing masjid utawa musholla kanggo nyiapake
riyaya sesok. Kabeh katon seneng, melu mangayubagya nyambut dina riyaya kanga gung kanggo
kabeh wong muslim. Sakjane kabeh bisa melu ngrasakake, kejaba aku.

Malem takbiran iki, aku mung bisa nyawang kabeh kuwi saka trirtis omah sing ora sepiraa. Ibu kawit
mau sore ning jero omah, embuh apa sing dimasak. Sak ngertiku, gentong beras wis ora ana isine lan
iwak asin sing biasane gumantung ing pawon uga bablas. Aku ora apa-apa. Ibu uga ora apa-apa.
Ananging, adhiku Laras, wis ora bisa mbatheg ngelih.

“Mbak… Ibu wonten pundi, ta? Segane dereng mateng, ya?”

Laras marani aku banjur lungguh njejeri. Aku mung bisa mesem. Takelus rambut Laras supaya bocah
kuwi tenang.

“Sabar, ya, Nduk. Ibu nembe mundhut jangan ontong ning kebone Mbah Paijo. Sediluk engkas
kondur,” jawabku kanggo ngayem-ngayemake Laras.

“Sesuk riyaya, ya, Mbak?” pitakone Laras sinambi nyawang bocah-bocah sapantarane sing lagi
dolanan kembang api. “Kira-kira, mengko bengi, Bapak kondur tah boten, ya? Biasane, Bapak maringi
Laras klambi anyar saka kutha.”

Aku ora bisa mangsuli pitakonane Laras. Wis limang sasi iki, Bapak ora ana kabare saka paran. Aku lan
ibu uga bingung. Wis nyoba takon kana-kene, nanging ya durung ana jawaban.

“Wis, angger donga wae sing akeh, ya, Nduk.,” ujarku marang Laras. “Muga-muga Bapak diparingi
slamet lan waras supaya bisa kondur melu riyaya bareng.”

Laras manthuk-manthuk. Sanadyan Laras isih kelas 2 SD, dheweke wis mudheng karo kahanan
kulawargane. Saliyane kanggo ngayem-ngayemi Laras, apa simg mau tak ucapna uga kanggo awakku
dhewe. Muga-muga Gusti Allah mireng dongaku ing malem takbiran iki.

Anda mungkin juga menyukai