Anda di halaman 1dari 12

‫‪PENGURUS CABANG NAHDLATUL‬‬

‫‪ULAMA‬‬
‫‪LEMBAGA DAKWAH NAHDLATUL ULAMA‬‬
‫‪LDNU KABUPATEN KEDIRI‬‬
‫‪Sekertariat: Jl. Imam Bonjol 38 Kediri 64122‬‬
‫=======================================================‬

‫‪Shilaturrahim Wonten Dinten Riyaden Idul Fitri‬‬


‫اهلل أكبر اهلل أكبر‪ ،‬اهلل أكبر اهلل أكبر‪ ،‬اهلل أكبر اهلل أكبر‪ ،‬اهلل أكبر اهلل‬
‫هلل ر هب الكائهنات‪ ،‬المنزه ع هن الحدو هد والغايات‪،‬‬
‫أكبر‪ ،‬اهلل أكبر ‪ .‬الحمد ه‬
‫الست كسائه هر‬‫لجهات ه‬ ‫ان والأعضا هء والأدوات‪ ،‬ولا تح هوي هه ا ه‬
‫والأرك ه‬
‫المبتدعات‪ ،‬ومن وصف اهلل بهمعنى همن معانهي البش هر فقد كفر‪ .‬والصلاة‬
‫والسلام على خي هر الكائهنات‪ ،‬س هي هدنا محمد وعلى سائه هر هإخوانه هه الن هب هيين‬
‫ات البا ههرات‪ ،‬ف هبعصا موسى انفلق البحر‪ ،‬وبهدعا هء نوح‬ ‫المؤي هدين بهالمع هجز ه‬
‫نزل المطر‪ ،‬ول همحمد ش ههد الشجر والحجر وانشق القمر‪ .‬أما بعد فيا هعباد‬
‫هلل الع هل هي الع هظي هم فقد قال اهلل تعالى (‬
‫هلل أو هصيكم ونف هسي هبتقوى ا ه‬‫ا ه‬
‫لذين آمنوا اتقوا اهلل ولتنظر نفس ما قدمت هلغد واتقوااهلل هإن اهلل‬‫ياأيها ا ه‬
‫خ هبير بهما تعملون)‪.‬‬
‫رحمكم الله ‪Ma’asyirol Muslimin silang sholat ‘Id‬‬
‫‪Dinten meniko, tanggal setunggal Syawal kegolong dinten‬‬
‫‪ingkang sanget agung, dinten ingkang sanget mulio soho penuh‬‬
‫‪1‬‬
kegembiraan kagem sedoyo tiyang Islam wonten seluruh dunia.
Namun, seyogyanipun wonten dinten meniko, kito mboten
terlampau bergembira ria soho berpesta pora, sehinggo nglalek-
aken hakikat ingkang sakleresipun saking dinten riyaden kiambak.
Kathah tiyang ingkang nelasaken dalu dinten riyaden soho
siangnipun wonten panggenan-panggenan maksiat. Mereka ngisi
dinten riyaden kalian mabuk-mabukan, minum-minuman keras,
nyanyi-nyanyi, njoget, berduaan kalian lawan jenis lan
sakterusnipun. Tiyang-tiyang meniko supe! Bileh hakikat dinten
riyaden inggih puniko peningkatan iman lan ketaqwaan,
peningkatan ibadah lan keta’atan, sanes peningkatan doso lan
kemaksiatan. Salah setunggalipun tiyang sholih dawuh:

‫هإنما ال هعيد ل همن طا عته ت هزيد‬ ‫ليس ال هعيد ل همن ل هبس الج هد يد‬
‫هإنما ال هعيد ل همن غ هفر هت‬ ‫ليس ال هعيد ل همن تجمل هبا هاللبا هس والركوب‬
‫الذنوب‬
“Dinten riyaden sanes kagungan tiyang ingkang ngagem
pakaian anyar, namung kagunganipun tiyang ingkang derajat
ketaqwaanipun bertambah, dinten riyaden sanes kagungan
tiyang ingkang berhias kalian pakaian lan kendaraan melainkan
kagungan tiyang ingkang diampuni doso-dosonipun”.

Ma’asyirol Muslimin silang sholat ‘Id ‫رحمكم الله‬


Memang wonten dinten meniko kito mboten dipun larang
ngagem pakaian anyar lan macak bahkan agami nganjuraken hal

2
meniko. Namung mestinipun niku sanes dados tujuan kito
ngerayak-aken dinten riyaden. Mestinipun pakaian anyar ingkang
kito agem dados cermin saking hati kito ingkang anyar ingkang
bertekat lan berniat selalu istiqomah dalam keta’atan. Lan
mestinipun keharuman parfum lan keindahan hiasan ingkang kito
agem dados cermin saking keharuman lan keindahan hati lan
perangai kito. Sangetlah pantes menawi sayyidina Hasan dawuh:

‫كل يوم يقطعه المؤ هم هن فهي طا ع هة مولاه‬،‫كل يوم لا يعصى اهلل هفي هه فهو هعيد‬
‫وشك هرهه فهو هعيد‬
“Saben-saben dinten ingkang dilalui kalian tiyang mukmin
tanpo nglampahi kemaksiatan dateng Allah meniko dinten
riyaden, saben-saben dinten ingkang dipun isi kalian ta’at lan
syukur dumateng Allah meniko dinten riyaden”

Ma’asyirol Muslimin silang sholat ‘Id ‫رحمكم الله‬


Wulan Ramadhan sampun berlalu meninggalkan kito, sehinggo
dinten meniko dados dinten ingkang sanget nggembira-aken
sekaligus menyedihkan kagem umat Islam wonten seluruh dunia.
Kegembiraan kagem umat Islam ingkang sampun maksimal dalam
ketaatannipun dumateng Allah wonten wulan Ramadhan.
Kegembiraan kagem umat Islam ingkang sampun menuai rahmat,
maghfirah (ampunan) lan kebebasan saking api neraka wonten
wulan Ramadhan. Kegembiraan kagem umat Islam ingkang
sampun angsal malam seribu wulan, lailatul qadr di wulan
Ramadhan. Lan kegembiraan tersebut akan semakin besar tatkala
piyambak-e semerep lan angsalan balasan pahala saking Allah
3
kelak wonten dinten kiamat, balasan ingkang mboten wonten
ingkang semerep kejawi naming gusti Allah, balasan ingkang
namung Allah ingkang sumerep. Rasulullah –shallallhu ‘alaihi
wasallam- bersabda:
‫ان فرحة هعند فهط هرهه وفرحة هعند هلقا هء ربه هه‬
‫ل هلصائه هم فرحت ه‬

“Tiyang ingkang poso nggadahi kalih kegembiraan,


kegembiran nalikanipun buko lan riyadinan lan kegembiran
nalikanipun semerep lan angsal ganjaran poso saking tuhan-
ipun”.

Ma’asyirol Muslimin silang sholat ‘Id ‫رحمكم الله‬


Kagem kito ingkang sampun bener-bener ngisi wulan Ramadhan
kanti ketaatan lan poso ingkang sempurno, mongko injing dinten
meniko kito sampun resik saking sedoyo doso, Allah sampun
ngampuni doso-doso kito dumateng Allah. Rasulullah shallallahu
‘alayhi wasallam bersabda:
‫من صام رمضان هإيمانا واح هتسابا غ هفر له ما تقدم همن ذن هب هه‬

“Sinten ingkang poso Ramadhan kerono iman lan pados


ganjaran saking Allah mongko doso-doso ingkang sampun
lewat dipun ampuni oleh Allah”

Doso ingkang tersisa sak meniko inggih meniko doso ingkang


berkaitan kalian sesami menungso, Allah mboten bade ngampuni
kejawi sak sampunipun kito nyuwun sepuro dumateng tiyang

4
meniko. Sebab meniko momentem dinten riyaden, dinten ingkang
sedoyo tiyang bergembira meniko, monggo kito ginak-aken
kagem saling memaafkan soho saling mengunjungi sesami
sederek, guru lan kyai serta konco-konco kito, khususnipun ber-
shilaturrahim dateng poro kerabat kito.

Ma’asyirol Muslimin silang sholat ‘Id ‫رحمكم الله‬


Perlu dipun semerapi, bileh nyambung tali kekerabatan utawi
shilaturrahim kegolong kewajiban kito, nyambung tali kekerabatan
saget kanthi saling mengunjungi wonten dinten-dinten bahagia
kados wonten dinten riyaden meniko, utawi saget dipun lampahi
kanthi mbantu kerabat kito ingkang mbutuhaken bantuan. Kathah
ayat al Qur’an lan hadits Rasulullah ingkang njelasaken keutamaan
shilaturahim.
Sahabat ‘Uqbah bin Amir tangklet dumateng Rasulullah –
shallallahu ‘alaihi wasallam-, punopo keselamatan niku wahai
Rasulullah?, kemudian beliau bersabda:

‫ت هصل من قطعك وتع هطي من حرمك وتعفوا عمن ظلمك‬

“Keselamatan inggih meniko menawi siro nepung tali


shilaturahmi tiyang ingkang sampun mutus tali shilaturahim
kalian siro lan menawi siro paring sesuatu dumateng tiyang
ingkang mboten purun paring sesuatu marang siro, lan menawi
siro nyepuro tiyang ingkang sampun berbuat dhalim marang
siro”.

5
Abu Hurairah tangklet dumateng Rasulullah, Wahai Rasulullah
nyuwun panjenengan saget nedahaken dateng perbuatan ingkang
menawi kulo lampahi mongko kulo bakal manjing suargo,
Rasulullah bersabda:

‫أط هع هم الطعام و هص هل الأرحام وص هل بهاللي هل والناس هنيام تدخل الجنة ب هسلام‬

“paringo mangan marang wong liyo, nyambungo tali


shilaturahim, shalatlo dalu nalikanipun tiyang-tiyang sami tilem
mongko siro bakal mlebu suarga kanthi selamet”

Ma’asyirol Muslimin silang sholat ‘Id ‫رحمكم الله‬


Mutus tali silaturrahim tergolong doso ageng berdasarkan
kesepaktan umat Islam (ijma’). Tiyang dianggep sampun mutus
tali shilaturrahim menawi piyambak-e ndadik-aken manah
kerabatnipun ngroso tebih kalian piyambak-ipun, sebab tiyang
meniko mboten sudi paring bantuan wekdal kerabat meniko
sanget betah utawi mboten ndugine piyambak-ipun tanpo wonten
udzur. Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam dawuh:

‫اطع‬
‫لا يدخل الجنة الق ه‬

“Mboten bade mlebet suargo (sareng tiyang ingkang


pertama kali mlebet suargo) tiyang ingkang mutus tali
shilaturrahim.

6
Ma’asyirol Muslimin silang sholat ‘Id ‫رحمكم الله‬
Nyambung shilaturrahim ingkang sampurno inggih meniko
menawi tiyang nyambung shilaturrahim tiyang ingkang mutus tali
shilaturrahim kalian tiyang meniko. Kito mboten angsal matur:
“dulurku ora gelem ngunjungi aku mongko aku ora sudi ngunjungi
de-e”. “dulurku jahat; ora gelem nulung aku, mongko aku ora
gelem nulung de-e”. Sebab mboten angsal wonten Islam mbales
mutus shilaturrahim kalian hal ingkang serupo, sebalik-ipun kito
kedah mbales kalian kebaikan lan nyambung tali shilaturahim
kalian piyambak-ipun. Rasulullah shallallahu ‘alayhi wasallam
bersabda:

‫اصل من وصله هإذا قطعت‬


‫كن الو ه‬
‫ئ ول ه‬
‫اصل بهالمكافه ه‬
‫ليس الو ه‬

“Saneslah tiyang ingkang nyambung shilaturrahim niku tiyang


ingkang nyambung shilaturahim tiyang ingkang memang
sampun bersambung shilaturahimnipun, namun tiyang ingkang
nyambung shilaturrahim inggih meniko tiyang ingkang
nyambung shiltaurrahim tiyang ingkang mutus shilaturrahim
kalian piyambak-ipun.” ( HR Muslim)

Ma’asyirol Muslimin silang sholat ‘Id ‫رحمكم الله‬


Momentum shilaturahim monggo kito ginakan kagem saling
ngemutaken soho saling berwasiat kebaikan sesami karib kerabat.

7
Sehinggo kito lan karib kerabat sami-sami selamet saking geni
neroko lan mlebet suarga Allah ta’ala mangke wonten dinten
kiamat. Allah ta’ala berfirman:

‫لذين ءامنوا قوا أنفسكم وأه هليكم نارا‬


‫يا أيها ا ه‬

“He tiyang-tiyang ingkang beriman jagalah awak siro lan


keluarga siro kabeh saking geni neroko”

Namung wonten setunggal cara kagem nyelametaken awak kito


lan sanak kerabat kito saking geni neraka, inggih meniko namung
kanthi belajar ilmu agami. Keranten ilmu agami meniko benteng
ingkang saget njogo saking kekufuran lan kemaksiatan ingkang
saget menghantarkan dateng neroko. Sayyidina Ali bin Abi Thalib
dawuh:
‫ع هلموا أنفسكم وأه هليكم الخير‬

“Ulangen awak siro kabeh lan keluarga siro kabeh kesahenan


yakni ilmu agama”

Ma’asyirol Muslimin silang sholat ‘Id ‫رحمكم الله‬


Ilmu agami niku kunci suargo. Ilmu agami meniko kunci
keselamatan, sebab iman ingkang merupakan kunci keselamatan
saking keabadian wonten neroko mbetahaken ilmu agami.
Demikian juga taqwa ingkang merupakan kunci saking
terbebasnipun tiyang secara total saking neroko inggih
mbetahaken ilmu agami. Kagem beriman kanthi iman ingkang
8
leres,, kito kedah ngenal Allah kanthi pengenalan ingkang leres,
inggih meniko kanthi nyumerapi sifat-sifat-ipun ingkang layak
bagi-Nya, bileh Allah sanes benda, wonten tanpo disifati kalian
sifat makhluk lan wonten tanpo panggenan. Kagem meniko, kito
kedah belajar ilmu agami. Kersane saget bertaqwa kito kedah
semerep nopo mawon ingkang diwajibaken lan pripun toto cara
nglampahipun, semerep hal-hal ingkang diharamaken lan pripun
coro ninggalaken perkawis, kagem meniko sedoyo nggih
betahaken dateng belajar ilmu agami.
Sebab meniko Rasulullah shallallahu ‘alayhi wasallam bersabda:
‫الدي هن‬
‫من ي هر هدالل هب هه خيرا يف هقهه فهي ه‬
“Sinten tiyang ingkang Allah kehendaki kesahenan mongko
Allah bakal paring pemahaman dateng agami” HR al
Bukdinten

Ma’asyirol Muslimin silang sholat ‘Id ‫رحمكم الله‬


Wonten akhir khutbah meniko, khotib ngajak dateng sedoyo umat
Islam supados lebih peduli dateng pendidikan agami putro lan
putri kito, sehinggo kito sedoyo soho segenap sanak kerabat kito
tetap utuh, bersatu sejak wonten dunyo sampai mangke wonten
suargonipun Allah wonten akhirat mangke. kagem kito ingkang
dereng ngedalaken zakat fitrah, bersegeralah ngedalaken zakat
sak-derengipun tenggelamnipun serngenge wonten dinten
meniko. Zakat fitrah meniko rupi setunggal sho’ bahan makanan
pokok beras dipun paringaken dateng fakir lan miskin soho
mustahiq lintulinpun. Mugi-mugi Allah paring keselametan

9
‫‪dumateng kito, ngumpulaken kito wonten suarga-nipun Allah‬‬
‫‪mangke wonten akhirat. Aamiin.‬‬

‫آن الع هظي هم ونفع هني وإهياكم بهما هفي هه همن‬


‫بارك اهلل هلي ولكم هفي القر ه‬
‫كي هم وتقبل اهلل هم هني و همنكم تهلاوته هإنه هو الس هميع‬
‫الذك هر الح ه‬
‫ات و ه‬
‫الآي ه‬
‫الع هليم‪ ،‬أقول قو هل هذا وأستغ هفر اهلل هلي ولكم فاستغ هفروه إهنه هو الغفور‬
‫الر هحي هم‬

‫الخطبة الثانية‬
‫اهلل أكبر اهلل أكبر‪ ،‬اهلل أكبر اهلل أكبر‪ ،‬اهلل أكبر اهلل أكبر‪ ،‬اهلل أكبر‪.‬‬
‫النعمة وله الفضل وله الثناء الحسن‪ ،‬وصلوات‬
‫هلل ر هب العالمين‪ ،‬له ه‬
‫الحمد ه‬
‫ئر‬
‫هلل الب هر الر هحي هم والملائهك هة المقربهين على س هي هدنا محمد وعلى ساه ه‬ ‫ا ه‬
‫هلل علي ههم‬
‫الأن هبيا هء والمرس هلين‪ ،‬وأه هل بي هت هه الط هي هبين الطا هه هرين‪ ،‬وسلام ا ه‬
‫هلل الع هل هي‬
‫هلل أو هصي نف هسي وأو هصيكم بهتقوى ا ه‬
‫أجم هعين‪ .‬أما بعد هعباد ا ه‬
‫لذين آمنوا اتقوا اهلل ولتنظر نفس ما‬ ‫الع هظي هم‪ .‬قال اهلل تعالى ‪ ( :‬ياأيها ا ه‬
‫قدمت هلغد واتقوااهلل إهن اهلل خ هبير بهما تعملون)‪ .‬واعلموا أن اهلل أمركم‬
‫بهأمر ع هظيم أمركم هبالصلاة ِه والسلامه على ن هب هي هه الك هريم‪ ،‬فقال تعالى‪ ( :‬هإن اهلل‬

‫‪10‬‬
‫وملائكته يصلون على الن هب هي‪ ،‬ياأيها ال هذين آمنوا صلوا علي هه وس هلموا‬
‫تس هليما)‬
‫امهلل صل على سيدنا محمد وعلى آل سيدنا محمد كما صليت على‬
‫سيدنا إبراهيم وعلى آل سيدنا إبراهيم إنك حميد مجيد‪ .‬امهلل بارك على‬
‫سيدنا محمد وعلى آل سيدنا محمد كما باركت على سيدنا إبراهيم وعلى‬
‫آل سيدنا إبراهيم إنك حميد مجيد‪.‬‬
‫امهلل اغفر للمسلمين والمسلمات والمؤمنين والمؤمنات‪ ،‬الأحيا هء منهم‬
‫والأموات‪ ،‬امهلل أ هعز الاسلام والمسلمين‪ ،‬وأه هل هك الكفرة والمبت هدعة‬
‫الدين واخذل من خذل المس هل همين وأع هل‬
‫والمنا هف هقين‪ ،‬امهلل انصر من نصر ه‬
‫الدين‪ ،‬أمهلل اجعلنا هداة مهت هدين غير ض هالين ولا‬
‫ه‬ ‫ك هلمتك هإلى يومه‬
‫م هض هلين‪ ،‬امهلل استر عوراتهنا وءا همن روعاتهنا واك هفنا ما أهمنا وقهنا شر ما‬
‫ازل والشدائهد وال همحن‬
‫نتخوف‪ .‬امهلل ادفع عنا الغلاء والوباء والبلاء والزل ه‬
‫ان المس هل همين عامة يا أرحم‬
‫ما ظهر همنها وما بطن همن بل هدنا هذا و همن بلد ه‬
‫آت كلامنا‬
‫اح همين‪ ،‬امهلل هألف بين قلوبهنا واطر هد الشيطان همن بي هننا و ه‬ ‫الر ه‬
‫مراده وسؤله هفيما ير هضيك يا أكرم الأكر همين‪ ،‬ربنا آتهنا فهي الدنيا حسنة و هف‬
‫الآخر هة حسنة و هقنا عذاب النار‪.‬‬
‫ه‬

‫‪11‬‬
‫والإحسان وإيتا هء هذي القرب وينهى ع هن‬
‫ه‬ ‫بالعدل‬
‫ه‬ ‫عبا د اهلل‪ :‬إن اهلل يأمر‬
‫لل أكبر‬
‫الفحشا هء والمنك هر والبغي ي هعظكم لعلكم تذكرون‪ .‬ول هذكرا ه‬
‫واهلل يعلم ما تصنعون‪ ،‬هعيد س هعيد‪ ،‬كل عام وأنتم بهخير‬

‫‪12‬‬

Anda mungkin juga menyukai