Anda di halaman 1dari 13

---------------------------------------------------------------

Taqwa dan Tawakal bersama Tetangga

---------------------------------------------------------------

Fans page : @ldnu.jepara | Channel Telegram : LDNU Jepara

1
NASKAH KHUTBAH ‘IDUL FITRI
1 SYAWWAL 1442 H

Taqwa dan Tawakal bersama Tetangga

Penulis : Muhammad Nasrul Haqqi, M.Hum


Layout : Tim LD PCNU Jepara

Diterbitkan oleh :
Lembaga Dakwah Pengurus Cabang Nahdlatul Ulama Jepara
© Mei 2021

Jln. Pemuda No. 51 Jepara


Fans page : @ldnu.jepara | Channel Telegram : LDNU Jepara

2
‫‪Oleh: Abdul Wahab Saleem1‬‬

‫الخطبة األولى‬
‫الله بُ ْكَرًة‬‫اَلله اَ ْكب ر ﴿‪َ ﴾٩x‬كبِي را واْلحم ُد لِلَّ ِه َكثِي را وسبحا َن ِ‬
‫َْ َ ُْ َ‬ ‫َْ َ َ ْ‬ ‫ُ َُ‬
‫ِ‬
‫صْي َن لَهُ الديْ ِن َولَ ْو َك ِرَه‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬
‫واَ ِصي ََل ََلالَه اَلَّ الله وَلَ نَعب ُد اَلَّ ايَّاه مخل ِ‬
‫ُُْ‬ ‫ُ َ ُْ‬ ‫َ‬ ‫َ ْ‬
‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬
‫صَر َعْب َدهُ َواَ َعَّز ُجْن َدهُ‬ ‫ص َد َق َو ْع َدهُ َونَ َ‬ ‫اْل َكافُرْو َن ََلالَهَ اَلَّ اللهُ َو ْح َدهُ َ‬
‫اب َو ْح َدهُ ََل اِلَهَ اََِّل اللهُ َواللهُ اَ ْكبَ ُر اَللهُ اَ ْكبَ ُر َولِلَّ ِه‬
‫َحَز َ‬
‫َوَهَزَم اْأل ْ‬
‫لح ْم ُد‪.‬‬
‫اْ َ‬
‫الحمد لله الذى عاد علينا نعمه فى كل نفس ولمحات وأسبغ‬
‫علينا ظاهرة وباطنة فى الجلوات والخلوات‪ .‬وأشهد أن َل إله إَل‬
‫الله وحده َل شريك له الذى امتن علينا لنشكره بأنواع الذكر‬
‫والطاعات‪ .‬وأشهد أن محمدا عبده ورسوله سيد األنبياء‬
‫‪1‬‬
‫‪Penulis adalah Wakil Ketua Lembaga Dakwah PCNU Jepara, dan Dosen‬‬
‫‪Fakultas Dakwah dan Komunikasi Universitas Islam Nahdlatul Ulama (UNISNU) Jepara.‬‬

‫‪3‬‬
‫والمرسلين وسائر البريات‪ .‬اللهم صل وسلم على سيدنا محمد‬
‫وعلى أله وأصحابه أهل الفضل والكماَلت‪.‬‬
‫أما بعد ‪ :‬أيها الحاضرون ! هذا يوم العيد‪ .‬هذا يوم الفرح‪ .‬فرح‬
‫المسلمون لتوفيق الله إياهم باستكمال بَلء ربهم بفرض الصيام‬
‫مع الترويحات فرح المسلمون بوعد ربهم بغفران ما اجترحوا من‬
‫السيئات واستحَلل بعضهم من بعض فى الحقوق والواجبات‬

‫أيها الحاضرون ! فى هذا اليوم حرم الله علينا الصيام بعد أن‬
‫فرضه علينا جميع الشهر وأخبرأنه فرضه لنكون من المتقين‪ .‬فمن‬
‫هذا اليوم ينبغى لنا أن نبعث فى أنفسنا بارتقائها على مراتب‬
‫التقوى ونهتم بدين ربنا حتى ننال ما وعدنا ربنا حقا‪.‬‬

‫وقال الله سبحانه وتعالى‪ :‬يا ايها الناس انا خلقنكم من ذكر‬
‫وأنثى وجعلناكم شعوبا وقبائل لتعارفوا ان اكرمكم عند الله اتقاكم‬
‫ان الله عليم خبير‪.‬‬
‫فيا عباد الله اوصيكم و اياي بتقوى الله وطاعته فقد فاز‬
‫المتقون‪.‬‬

‫‪4‬‬
‫الله أكبر الله أكبر الله أكبر ولله الحمد‬

Jamaah shalat Idul Fitri rahimakumullah

Hadlirin, alhamduliillahi rabbil ‘alamin dinten


meniko kito kepanggih malih kalian ‘Idul al-Fitri,
saksampunipun kirang langkung setunggal wulan
angsal kesempatan saged nindaaken kewajiban
shiyam, ingkang kito sempurnaaken kalian shalat
tarawih, maos al-Qur’an, shodaqoh, zakat lan
ibadah-ibadah sanesipun. Sinaoso sedoyo kolo wau
mestinipun mboten luput saking pinten-pinten
kekirangan saking arah pundi kemawon.
Imam Shafi’i nate ngendikan bilih sak-ta’at-
‘ta’atipun tiyang muslim, meniko mesti wonten kadar
ma’shiyatipun. Lan sakwangsulipun, sak-ma’shiyat-
ma’shiyatipun tiyang, meniko mesti taseh wonten
ta’atipun dateng gusti Allah. Kanti jembaripun
rohmah lan maghfirohipun gusti Allah, kito namung
arep-arep bilih sekedik amal kito saged nglebur
katahipun doso lan ma’shiyat kito.
Hadlirin, wonten dinten meniko, monggo kito
yakin bilih pengalaman shiyam tahun meniko
nggadahi atsar utawi labet ingkang sae dateng

5
amal-amal ibadah lan amal-amal kesaenan ingkang
bade kito tindaaken saksampunipun riyadi. Keranten
perintah nyembah dateng gusti Allah lan nindaaken
amal-amal kesaenan meniko dereng gugur saking
kewajiban kito selami kito taseh gesang. Wonten
Qur’an dipun sebataken:

‫اليقين‬
ُ ‫واعبد ربك حتى يأتيك‬
Ingkang Jawinipun, podo nyembaho ing
pengeranmu sehinggo siro [Muhammad] ketekanan
yakin. Poro ahli tafsir sami maringi makno bilih
“yakin” wonten ayat meniko berarti pejah. Wonten
ayat sanes dipun sebataken:

‫الخير لعلكم تفلحو َن‬


َ ‫واعبدوا ربَّكم وافعلوا‬
Ingkang Jawinipun, podo nyembaho ing pengeran
lan agaweo siro ing kebecikan, menowo-menowo
siro kabeh bakal podo bungah.

Hadlirin, wonten setunggal riwayat dipun


ceritaaken bilih rumiyin wonten guru ingkang
asmanipun Shaqiq al-Balkhi lan murid ingkang
asmanipun Hatim al-Ashomm. Wonten setunggal
kesempatan, Hatim dipun tangkleti gurunipun: Opo

6
wae sing mbok olehi sakwuse ngaji karo aku nganti
30 tahun iki? Sebagian saking jawabanipun Hatim :
Sepindah, kulo semerep bilih umumipun
menungso meniko sami nyongko menawi
kehormatan lan kemuliaanipun tiyang gesang
meniko dipun ukur saking katahipun pengaruh lan
penderek. Wonten malih ingkang nyongko bilih
kehormatan lan kemuliaan tiyang meniko dipun ukur
saking katahipun bondo. Padahal wonten Qur’an
dipun sebataken:

‫إن أكرمكم عند الله أتقاكم‬


Ingkang jawinipun: saktemene sing paling mulio
songko siro kabeh ono ngarsane gusti Allah iku sing
paling taqwa songko awakmu kabeh. Pramilo, kulo
milih taqwa ingkang saged dados lantaran
kehormatan lan kemuliaan kawulo wonten
ngarsanipun gusti Allah.
Kaping kalih, kulo sumerep bilih umumipun
menungso meniko sami gumantung kalian
makhlukipun gusti Allah. Wonten ingkang
gumantung kalian kuosone piyambak utawi tiyang
sanes lan wonten kalane gumantung kalian

7
bondone piyambak utawi tiyang sanes. Padahal
wonten Qur’an dipun sebataken:

‫ومن يتوكل على الله فهو َحسبُه‬


Sopo sing gelem pasrah dateng gusti Allah, mongko
gusti Allah iku sing nyukupi deweke. Pramilo,
wonten gesang kulo, kulo namung gumantung,
pasrah, utawi tawakkal dateng gusti Allah ingkang
sejatosipun dados gandulan lan nyukupi kulo.
Kaping tigo, kulo sumerep bilih umumipun
menungso meniko sami lomba-lomba ngalap bondo
supados saged gesang kanti mewah lan leluwehan,
ngantos-ngantos supe mbedaaken pundi ingkang
halal lan pundi ingkang haram serto shubhat.
Padahal wonten Qur’an dipun sebataken:

‫وما من دابة في األرض إَل على الله رزقها‬


Ingkang artosipun: ora ono gegremetan ono ing
bumi iki kejobo rezqine iku mesti ditanggung gusti
Allah. Keranten yakin dateng dawuhipun gusti Allah,
kulo mboten kepingin serakah (thoma’) lan mboten
wantun nilar ngibadah dateng dzat ingkang
sejatosipun ngatur lan maringi kulo rizqi.

8
Kaping sekawan, kulo sumerep bilih katahipun
menungso meniko sami musuh-musuhan kalian
sederek lan rencangipun piyambak. Padahal wonten
Qur’an disebataken:
ِ ،‫عدو‬
‫فاتخذوه عدوا‬ ٌّ ‫إن الشيطان لكم‬
Ingkang artosipun: saktemene setan iku musuhmu,
mongko dadekno setan kuwi sing dadi musuhmu.
Pramilo, kulo mboten wantun musuhi rencang,
sederek lan sedoyo ingkang mboten pantes dipun
musuhi, kejawi namung musuhi setan.
Saksampunipun mireng jawaban kados
mekaten, Shaqiq lajeng ngendikan bilih
ngelmunipun Hatim meniko cocok kalian dawuh-
dawuhipun gusti Allah wonten ing Tawrat, Injil,
Zabur lan Qur’an.
Hadlirin, saking cerito singkat kolo wau kito
saged mendet ‘ibroh bilih sedoyo urusan wonten
gesang kito meniko mestinipun kedah dipun dasari
lan mboten malah ngalahaken taqwa lan tawakkal
kito dateng gusti Allah. Keranten ingkang maringi
kito rizqi lan kehormatan meniko sejatosipun gusti
Allah, sinaoso dzohiripun kito memang kangelan

9
nyambut damel utawi ketingal gadah kehormatan
saking agunge pangkat lan kedudukan kito.
Kito ugi saged mendet ‘ibroh bilih ngibadah
dateng gusti Allah meniko mboten tebih saking
lingkungan kito piyambak. Nopo malih tiyang-tiyang
ingkang saged nulungi kito, nutupi kekirangan kito,
lan ngemutaken kito menawi lepat meniko mboten
sanes namung sederek lan rencang wonten
lingkungan kito piyambak. Pramilo, monggo kito tilar
anggenipun kito musuh-musuhan, anggenipun kito
iren-iren, anggenipun kito nyacati lan ndamel gelo
sederek lan rencang muslim kito sedoyo.
Akhiripun, mugi-mugi wonten ‘Idul Fitri meniko
ketaqwaan lan tawakkal kito dateng gusti Allah
saged tambah bobotipun. Mugi-mugi kito saged
nyambung malih silaturrahmi kito dateng tiyang
sepuh, sederek, lan rencang sedoyo. Lan mugi-
mugi kito dados tiyang-tiyang ingkang saged
nyuwun pangapunten lan maringi pangapunten
dateng sederek-sederek kito sesami muslim.
Amin…

10
‫الخطبة الثانية‬
‫الله أكبر ﴿‪ ﴾٧x‬الحمد لله الرحمن الرحيم‪ .‬أشهد ان‬
‫َل اله اَل الله وحده َلشريك له الكريم الحليم ‪ .‬واشهد ان سيدنا‬
‫محمدا عبده ورسوله ذو الخلق العظيم ‪ .‬اللهم صل وسلم على‬
‫سيدنا محمد وعلى اله وصحبه الذين تمسكوا بدين القويم ‪.‬‬
‫أما بعد ‪ .‬فياأيها الناس اتقوا الله حق تقاته وَل تموتن‬
‫اَلوانتم مسلمون ‪ .‬واعلموا ان الله قد حرم علينا فى يومى‬
‫العيدين الصيام ‪ ,‬وامرنا بكثرة الصَلة والذكر والصدقة وصلة‬
‫اَلرحام‬
‫فقال تعالى ‪ :‬ان الله وملئكته يصلون على النبى يا ايها‬
‫الذين امنوا صلوا عليه وسلموا تسليما ‪ .‬اللهم صل وسلم على‬
‫سيدنا محمد وعلى اله وصحبه أجمعين‪.‬‬
‫اللهم اغفر للمؤمنين والمؤمنات والمسلمين والمسلمات‬
‫األحياء منهم واألموات‪ .‬اللهم اكشف عنا البأل والغَلء والوبأ‬

‫‪11‬‬
‫والفحشاء والمنكر والبغى والشدائد والمحن ما ظهر منها وما‬
‫بطن‪ ,‬من بلدتنا اندونيسيا خاصة ومن بلدان المسلمين عامة‪.‬‬
‫انك على كل شيئ قدير ‪ .‬ربنا اغفرلنا وَلخواننا الذين سبقونا‬
‫باَليمان وَل تجعل فى قلوبنا غَل للذين امنوا ربنا انك رؤف‬
‫الرحيم‪ .‬والحمد لله رب العالمين ‪.‬‬

‫الله اكبر الله اكبر الله اكبر ولله الحمد‬

‫بى‬ ‫ر‬ ‫ق‬


‫ُ‬ ‫ل‬‫ْ‬‫ا‬ ‫ى‬ ‫تآء ِ‬
‫ذ‬ ‫ان وإِي ِ‬ ‫الله ! اِ َّن الله يأْمر بِاْلع ْد ِل واْ َِلحس ِ‬ ‫ِعباد ِ‬
‫َ‬ ‫ْ‬ ‫ْ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫ُ‬ ‫ُ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫ََ‬
‫وي ْن هى ع ِن اْل َفح ِ‬
‫شآء َواْ ُلمْن َك ِر َواْلبَ ْغي يَعِظُ ُك ْم لَ َعلَّ ُك ْم تَ َذ َّكُرْو َن‪،‬‬ ‫ْ‬ ‫ََ َ َ‬
‫اسأَلُْوهُ ِم ْن‬ ‫ِ‬
‫اذْ ُكُروااللهَ اْ َلعظْي َم يَ ْذ ُك ْرُك ْم‪ ،‬واشكروه على نعمه يزدكم َو ْ‬
‫ضلِ ِه ي ع ِط ُكم وي ه ِد ُكم ولَ ِذ ْكر ِ‬
‫الله اَ ْكبَ ْر‬ ‫فَ ْ ُ ْ ْ َ َ ْ ْ َ ُ‬

‫‪12‬‬
13

Anda mungkin juga menyukai