Anda di halaman 1dari 7

Fabel

“Kucing Sing Pinter Ngalembana”

Kelompok :
-Nur Hidayah (16)
-Rizki Maulana (22)
-Rocky Markiano (25)
-Shinta Shuluchiyah (27)
Kucing Sing Pinter Ngalembana

Sinopsis
Unsur Intrinsik

Nilai-Nilai
Sinopsis
Sawijining dina ana Kucing sing alus, kinclong, lan putih
mulus wulune mlaku-mlaku ing pawon. Dheweke weruh ana anak
tekek lagi nggondhol daging empal mbuh seka ngendi. Kucing
dadi kepengin melu mangan, terus golek cara supaya bisa ngrebut
daging empal kuwi. Kanthi modhal wulune sing narik kawigaten,
lan kapinteran olah-kata kang mendemi, Kucing rumangsa isa
ngrebut empal saka anak tekek sing miturut pengamatane isih
mentah, kurang pengalaman.

Kucing ngalem Tekek yen tekek iku awake ketok pengkuh,


rosa banget, lan kulite kandel ora tipis kaya kulit cecak. Tekek
bungah banget dialem dening Kucing kang elok rupane. Nanging
dheweke meneng wae amarga menawa mangsuli pitakone
Kucing, empale bakalan tiba.
Kucing ora kurang akal, banjur takon karo tekek sapa sing
ngajari tekek mlaku ing tembok. Tekek meneng wae, sakjane
dheweke pingin jawab menawa isoh mlaku ing tembok kuwi ora
ana sing ngajari. Dheweke kuwi pinter banget, dadi isoh mlaku
dhewe rasah diajari sapa-sapa.

Kucing nyoba ngalem anak Tekek meneh yen suarane


tekek iku merdu tenan. Banjur tekek dikon nyanyi. Anak Tekek
ora iso ngampet meneh, kepingin eksis. Dheweke bukak
cangkeme arep nyanyi, mesthi wae empale tiba. Untunge ana
Mbokne Tekek sing nyaut empal sing tiba mau, banjur ngajak
anak Tekek lunga ngedohi Kucing kang rupane mranani kuwi.

Mbokne rumangsa dheweke kurang anggone ngajari anake


supaya ora gampang bungah nalika dialem dening sosok kang
rupane narik kawigaten (Undil - 2012).
Unsur Intrinsik
1. Tema
 Kacerdikan
2. Latar
(a) Papan : pawon (dapur).
(b) Wektu : sawijining dina
(c) Swasana : tegang, lucu
3. Paraga lan watak
(a) Kucing : akeh akal, seneng ngalembana (tujuane ben oleh apa
kang dikarepke)
(b) Thekek : ora gampang diperdaya
(c) Mboke thekek : pinter, isoh ngerti kahanan
4. Alur / setting : maju (progresif)
5. Amanat : aja seneng ngalembana wong liya kanthi tujuan ala (ben
oleh apa kang dikarepke sing isoh ngerugekake wong liya)
6. Sudut pandang : wong katelu
7. Gaya bahasa : ngoko, migunakake basa saben dinane
Nilai-Nilai
• Nilai moral :
- Yaiku ngajarke yen apa wae kang dikarepake
ora bakal kawujud yen ngapusi.
- Yen awake dhewe duweni kekarepan, mila
kudu usaha
MaturNuwun 

Anda mungkin juga menyukai