Anda di halaman 1dari 13

MANTU KUCING

N A M A : R E Z A FA H R U D I N M U K H L I S
NO : 30
KELAS : XI MIA 5
PENGERTIAN
Upacara adat Mantu Kucing yaiku upacara adat kangge
nyuwun dhumateng Gusti Allah supados medalne jawah
wonten daerah ingkang nglaksanaaken upacara menika. Ritual
Mantu kucing dilaksanaaken kanthi ndamel upacara
penganten ngangge kalih ekor kucing selayakipun upacara
penganten manungso. Kangge ketentuan kucingipun inggih
menika kucing jaler saking Desa Arjowinangun lan kucing
wadon saking Desa Purworejo.

2
KAJIAN SEJARAH
Upacara adat Mantu Kucing niki sampun wonten saking sekitar tahun 1954
lan upacara niki mboten saged dipastikne tanggal pelaksanaanipun amargi
sedoyo tergantung situasi lan kondisi saking alam. Bab niki dikisahke
saking warga desa dusun Jati ingkang angsal wisik (petunjuk saking Gusti
Allah) yaiku supados medal jawah para warga kedah nglaksanaaken
upacara mantu kucing. Sak lajengipun para sesepuh ngadaaken
musyawarah kangge pelaksanaan upacara Mantu Kucing ingkang kangge
bukti kepercayaan marang Sang Maha Pencipta.

3
PERLENGKAPAN MANTU KUCING

1. Rasukan nikah lan aksesoris


2. Tandu manten
3. Tumpeng
4. Kembang setaman
5. Genthong

4
TATA URUTAN:
Tata urutan pelaksanaan Mantu Kucing:
1)Wonten ing dinten ingkang sampun ditetapne kucing wadon diunggahne wonten
tandu, diarak lan dibeta teng panggenan upacara penganten. Panggenan ingkang
dimaksud wonten ing batas desa asal kucing wadon yaiku Desa Purworejo lan
dipilih teng pinggir kali. Wonten panggenan niki kucing wadon nunggu kucing jaler
saking Desa Arjowinangun

5
2) Upacara Temu Manten.
Saklajengipun kucing jaler dugi teng panggenan kala wau, diadaaken upacara temu
manten. Kucing jaler diarak kanti pengiring ingkang beta sesajen lan seperangkat
sasrahan saking pihak besan kucing wadon. Mahar ing upacara penganten kucing
niki biasanipun genthong ingkang gadhah makna warga sampun siap nadah udan
ngagem genthong kala wau.
Ing upacara serah terima niki kucing jaler diwakili tiang setri (ibu Kepala Desa
Arjowinangun). Pihak ingkang nampi inggih menika bapak Kepala Desa Purworejo.

6
3) Upacara Ngedusi Manten
Ing pinggir kali panggenan penganten, Kepala Desa Purworejo nyerahke kucing kalih kala wau
teng sesepuh desa. Sesepuh niki ingkang mimpin upacara ngedusi kucing ngagem banyu
kembang lan diteruske upacara akad nikah ingkang ijab kabulipun diucapne Kepala Desa
Purworejo lan ditampi sesepuh. Sesepuh desa lajeng ngucapne do’a , kanthi perantara kucing
kalih ingkang dados manten niki lan nyuwun dhumateng Gusti Allah maringi jawah ingkang
berkah.

4) Upacara Ngalap Berkah


Upacara ngalap berkah yaiku selamatan ingkang nganggem tumpeng sekul kuning.
Sesampunipun dipanjatke do’a, warga masyarakat ngadaaken nedha sareng-sareng ingkang
kasebut “kembul bujana punar” ingkang ateges warga desa gantian ngestreni mendet sekul
kuning. Tumpeng sekul kuning disiapke saking pihak manten wadon yaiku pihak Desa Purworejo.

7
5) Upacara Panutup (Sungkeman)
Sesampunipun upacara ngalap berkah, rangkaian upacara diterusaken sungkeman.
Pihak keluarga manten jaler lan wadon gantian nglakoni sungkeman kangge tanda
akhir upacara Mantu Kucing. Sesepuh desa ngaken dhumateng sedoyo warga
ingkang tumut upacara niki enggal-enggal wangsul teng griyane piyambak-
piyambak, amargi diyakini sesampunipun upacara niki wau badhe medhal jawah
ingkang ageng. Kucing kalih kala wau ingkang sampun dinikahke saklajengipun
dibeta wangsul Kepala Desa Purworejo lan dipingit 7 dinten utawi ngantos jawah
lan saklajenge niku kucing wau diingu kanthi kucing piaraan biasa.

8
KAJIAN AGAMA
Wonten ing perspektif Islam, upacara adat Mantu Kucing sampun
merefleksikan anjuran saking Nabi Muhammad saw. Wonten hadist
riwayat Abu Dawud lan Tirmidzi, disebutaken menawi Nabi Muhammad
saw. pernah ngendikan “orang-orang Pengasih akan disayangi oleh Sang
Maha Pengasih. Jadi, sayangilah makhluk-makhluk di bumi maka Penghuni
langit akan menyayangimu.”
Nikahke kucing wadon lan kucing jaler selayake manungso wonten tradisi
menika, dados bukti menawi warga Desa Purworejo lan Arjowinangun
nglaksanaaken anjuran agama Islam.

9
KESIMPULAN

Ing upacara adat Mantu Kucing piyambak wonten prosesi lan perlengkapan
sedoyo nggadhahi makna, ingkang dasaripun inggih menika ucapan raos
syukur dhumateng Tuhan Ingkang Maha Kuasa. Selain makna simbolis
ingkang terkandung , upacara adat Mantu Kucing ing Desa Purworejo
nggadahi fungsi nglestarikne budaya Jawi ing tengah-tengah perkembangan
jaman menika.

10
http://e-journal.unipma.ac.id/index.php/JA/article/view/1061/933

http://sang-edipeni.blogspot.com/2015/08/upacara-adat-mantu-kucing-di-
pacitan.html?m=1

http://alipz33.xtgem.com/index/__xtblog_entry/11170947-upacara-adat-mantu-
kucing-pacitan-upacara-ritual-permohonan-di-turunkan-hujan.-desa-purworejo-
kecamatan-pacitan?__xtblog_block_id=1

https://etnis.id/tradisi-mantu-kucing-di-pacitan-melunturkan-atau-mempertebal-
iman/

https://youtu.be/Skfdav-kKko

11
Add a Footer 12
MATUR SUWUN

13

Anda mungkin juga menyukai