Anda di halaman 1dari 17

TEKS

ANEKDOT
Kelompok 2
ANGGOTA:
1.Bintang fajar
2.Della nofita
3.Denys saputra
4.Dewi lutfiana
5.Dian Soffa.M.
6.Dwi aprilia
Apa tegese teks
anekdot?

Anekdot yaiku salah sawijining cerita cekak


kang lucu lan menarik, sing mungkin
nggambaraken ngenani kedadean tartantu
utawa wong sebenere.
Tujuan Teks anekdot

tujuan utama anekdot yaiku ora mung mbangkitaken


guyune pamaos, nanging kangge ngungkapaken
kebenaran kan luih umum ketimbang cerita singkat
liane. Anekdot kadang asifat sindiran alami.
Struktur teks Abstraksi

anekdot Orientasi

Krisis

Reaksi

Koda
1.Abstraksi
Abstraksi, yaiku bagial awal paragraf kang duweni fungsi
menehi ngerti gambaran ngenani isine teks. Biasane
ndudohake hal kang unik.
2. Orientasi
Orientasi, yaiku bagian kang menehi ngerti awal cerita
utawa latar belakang prastawa iku kedadean.
3.Krisis
Krisis, yaiku bagian kang menehi ngerti hal kang menarik utawa hal kang ora bisa
kedadean marang tokoh ing cerita.
4. Reaksi
Reaksi, yaiku bagian penyelesaian masalahe krisis kang
kedadean ing cerita.
5. Koda
Koda, yaiku bagian saka akhir cerita. Bagian iki bisa duweni isi
kesimpulane saka cerita.
Sayang Putu
Abstraksi
Manggon ing Greja Kristus Raja, Ungaran,
Kabupaten Semarang, Minggu kawi tan sasi
Nopember, aku lan besan-besanku dalah pu- tu padha
ngestreni baptisane putuku wedok kang no mer papat.
Pahargyan kasebut wis kaleksanan kan thi lancar.
Gunggung ana bayi lan bocah cacah 12 kang dibaptis
awan iku.
Orientasi
Minangka sesulih anggone padha bisa
ngoberake wektu, mantuku duwe usul
kepriye yen dina Minggu kasebut aca ra
ditutugake rekrea si menyang panggo nan
pemancingan, ngiras-ngirus nye nengake
anak putu. Kabeh sarujuk waton
panggonane sing ce dhak-cedhak bae
merga usum udan. Sidane rong mobil puter
arah mangidul ngulon nuju peman cingan
MT kang dohe mung 5 Km saka greja.
Krisis
Rampung ngrahapi rampadan, putuku,
Lionel (5 taun), lan bapakne banjur
mancing ing kolam sebelah kang isine
iwak nila. Semono uga Mili (6 taun) lan
Biru (4 taun) melu-melu ndhodhok
sandhinge Lionel nyekel walesan. Sajake
bocah-bocah padha seneng ajar mancing.
Lionel lan Mili bungah bisa entuk iwak
patin rada gedhe. Mili undang-undang
simbahe ka- kung supaya nguculi iwak
patin saka pancing lan diwandhahi jaring
rupa biru. Eyange Mili kanthi sabar
ngleksanani pakone siputu
Reaksi
Biru kang mancing kawit mau ora entuk-
entuk

iwak, karo prembik-prembik wadul yang-


kunge "Mbak Mili dan Lionel dapat ikan,
kenapa Biru nggak dapat-dapat, Kung?"
Kanthi asih simbah kakunge Biru njupuk
lele goreng sing isih turah. Lele goreng
banjur dicantholake pernah pancinge Biru
sing isih ngambek. "Lihat Bi, akung dapat
ikan lelel" celathune yang kunge
Koda
Kanthi gupuh Biru nyaut walesan sing dicekel eyang
kakung sing katon ambles njero banyu. "Biru dapat, Biru
dapat," celathune penuh percaya dhiri. Walesane digeret
ngalor ngidul sajak seneng banget. Aku ngampet guyu. Nge
neng-eneng putu pancen kudu duwe trik khusus. Lan
eyange kakung Biru patut di acungi jempol. Apa tumon?
Maturnuwun

Anda mungkin juga menyukai