Anda di halaman 1dari 12

LAIRIPIN RADEN GATHUTKACA

Kacariyos ing kasatriyan Jodhipati, Raden Werkudara judheg penggalihipun awit puseripun Raden Gathutkaca mbadal saking saliring dedamel. Najan kukunipun ingkang rama, inggih punika kuku pancanaka ingkang kondhang landhepipun pitung penyukur, meksa boten tedhas kangge ngethok puseripun Raden Gathutkaca. Raden Werkudara lajeng minta sraya dhateng raka prabu ing Dwarawati inggih punika Sri Bathara Kresna, paranparaning kadang Pandhawa. Prabu Kresna boten kekilapan, lajeng utusan Raden Harjuna kinen ngampil sanjata Kuntawijayadanu dhateng kahyangan Jonggringsaloka. Geganjangan Raden Harjuna lajeng bidhal dhateng khayangan Jonggringsaloka. Raden Harjuna rumaos kuciwa, awit Jawata sampun kalajeng maringaken sanjata Kunta dhateng Raden Suryaputra ingkang sowan langkung rumiyin. Raden Harjuna enggal- enggal nyuwun pamit, nungka lampahipun Raden Suryaputra. Wonten ing margi saged pinanggih kaliyan Raden Suryaputra. Sanjata Kunta kasuwun dening Raden Harjuna ananging Raden Suryaputra boten angulungaken. Ing wasana dados pancakara rame sanget. Wekasanipun sanjata Kunta saged karebat dening Raden Harjuna. Raden Harjuna lajeng gegencangan kondur dhateng kasatriyan Jhodipati. Dumugi ing kasatriyan Jhodipati sanjata Kunta lajeng kaaturaken Prabu Kresna. Sadaya sami kaget, awit ingkang kenging karebat jebul naming warangkanipun kemawon. Sri Bathara Kresna lajeng paring dhawuh dhateng Raden Werkudara. Dimas Sena, aja cilik atimu Yayi! Kersaning dewa pancen kudu ngono kuwi, najan iku mung wujud warangka, nanging bias mrantasi. Mara age tamakna menyang pusering putramu Yayi! Sing waspada ya Dhi! Dupi tampi dhawuhanipun ingkang raka Prabu Sri Bathara Kresna, Raden Wrekudara Boten tidha- tidha malih. Warangka lajeng katamakaken ing pusering jabang bayi. Sanalika puser pedhot, ari- ari musna, nanging warangka sirna manjing ing pusering jabang bayi. Raden Werkudara bingung lajeng ngendika, Jlitheng Kakangku! Iki kepriye! Sida mati tenan jabang bayi iki mengko! Ijole kowe, heeee! Dhasar Prabu Kresna pangayomaning titah sabumi, boten badhe kekilapan dhateng sadaya lelampahan. Pangandikanipun alon. Sareh, sareh Yayi! Pun kakang ora maido menawa sliramu padha bingung lan kodheng. Coba padha mirangna kandhaku ya, Dhi!

Lelakon iki pancen wis dadi kersaning Jawata. Wis ginaris Manawa warangka iku kudu musna manjing ing pusering putramu, sartaiku dadi sifat kandele. Nanging wanti- wantine pun Kakang ya, Yayi! Mbisuk lamun ana curiga ngupadi warangka, si Adhi kudu waspada, putramu singitna ya, Dhi! Pangandikahipun Sri Batara Kresna adamel cumeplongipun Raden Wrekudara dalah kadang Pandhawa sadaya. Kala samanten jawata ugi lajeng rawuh mertakaken ponang jabang bayi ingkang ngantos nuwuhaken gara- gara punika. Saking kaparengipun Jawata, jabang bayi dipunasta dhateng kahyangan. Wonten kahyangan jabang bayi punika dipundadosi. Ingkang suwau arupi denawa, sareng dipundadosi malih dados satriya bagus sekti mandraguna. Ing salajenganipun Raden Gathutkaca dipunminta sraya dening Jawata, kinen numpes parangmuka saking praja Maimantaka ingkang dipunpandhegani prabu Kala Pracona saha Patih Kala Sekipu ingkang nedya ngobrak- abrik kahyangan Jonggringsaloka. Radhen Gathutkaca unggul juritipun. Prabu Kala pracona dalah patih kala Sekipu pejah dening Raden Gathutkaca. Dene wedyabalanipun sami bubar mawur. Sesampunipun purna dados srayaning Jawata, Raden Gathutkaca lajeng kawangsulaken dhateng kasatriyan Jodhipati, kapasrahaken dumateng rama lan ibunipun inggih punika Raden Wrekudara dalah Dewi Arimbi. Sadaya Para Pandhawa dalah Prabu Sri Bathara Kresna sami suka- suka lajeng bojana andrawina.

Bathari Durga Panguwasa Kabeh Setan Priprayangan Bathari Durga iku mula bukane duwe jeneng Dewi Pramuni kang sulistya ing rupa. Dewi Pramuni mendhem rasa tresna marang panguwasa tribuwana, yaiku Bathara Guru. batari durga pada awalnya mempunyai nama dewi pramuni yang sangat cantik. dewi pramuni mempunyai rasa cinta kepada penguasa 3 dunia yaitu bhatara guru. Kanggo nggayuh ketemune rasa tresnane marang Bathara Guru, sawijining dina Dewi Pramuni tapa brata. Sawise nemoni maneka rupa pacoban lan godhan, wusanane katekan Bathara Guru, Dewi Umayi lan Bathara Kala. untuk mendapatkan keinginanya bercinta dengan bhatara guru, suatu hari dewi pramuni melakukan tapa. setelah menemui banyak macam godaan ahirnya kedatangan bhatara guru dewi umayi dan bhatara kala. Ing wawanrembug antarane Bathara Guru lan Dewi Pramuni, adhedhasar andharan ing Kitab Purwacarita, kaya kang kapethik ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, Bathara Guru gelem nyembadani pepenginane Dewi Pramuni kang pengin dadi prameswarine. dalam pembicaraan antara bhatara guru dan dewi pramuni berdasarkan cerita yang dipetik dalam buku ensiklopedia wayang purwa keluaran balai pustaka, bhatara guru mau mengabulkan keinginan dewi pramuni yang ingin menjadi permaisurinya. Ananging ora kabul sakabehe, amarga mung tata lair wae sing bisa dadi prameswarine Bathara Guru. Dene jiwane ora bisa dadi prameswarine panguwasa tribuwana iku. tapi tak terjadi semuanya karena dari fisik saja yang bisa menjadi permaisurinya betara guru. sedangkan jiwanya tak bisa menjadi permaisuri penguasa 3 dunia tersebut. Amarga kasektene Bathara Guru, Dewi Umayi lan Dewi Pramuni banjur ijolan raga. Jiwane Dewi Umayi manjing ing ragane Dewi Pramuni, lan suwalike jiwane Dewi Pramuni manjing ing ragane Dewi Umayi kang arupa raseksi. karena kesaktian bhatara guru, dewi umayi dan dewi pramuni lalu bertukar raga. jiwanya dewi umayi berdiam di raga dewi pramuni dan sebaliknya jiwa dewi pramuni berdiam di raganya dewi umayi yang berupa raksesa perempuan. Adhedhasar andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, Dewi Pramuni (jiwane Dewi Pramuni kang manjing ing ragane raseksi Dewi Umayi sabanjure antuk jejuluk Bathari Durga kang tegese kuciwa, ala, ora nyenengake. Lan sabanjure Dewi Durga dipacangake kalawan Bathara Kala. berdasarkan tulisan di buku ensiklopedia wayang balaipustaka dewi pramuni (jiwa dewi pramuni yang ada dlm raga raksasa betina dewi umayi selanjutnya mendapat julukan bhatara durga yang artinya kecewa jelek dan tidak menyenangkan. dan kemudian batari durga di pasangkan dengan bhatara kala

Lan wiwit wektu iku, Bathari Durga disembah dening para kang ngrasuk agama Durga. Bathari Durga katetepake dumunung ing kayangan Krendayana. Kayangan iku sabanjure kondhang sinebut pasetran Gandamayit/Ganda Umayi. dans ejak saat itu bhatari durga disembah oleh mereka yang menganut agama durga. bhatari durga ditetepkan bertempat tinggal di krendayana. kayangan itu selanjutnya lebih terkenal dengan sebutan pasetran ganda mayit/ganda umayi. Bathari Durga antuk jejibahan nguwasani para gandarwa, setan lan titah datan kasat mata liyane kang asipat durangkara. Ing jagad pewayangan, wandane Bathari Durga iku arupa Rangkung. bhatari durga mendapatkan tugas menguasai genderuwo, setan dan mahluk yang tidak dapat dilihat lainya yang bersipat jelek. dalam jagad pewayangan bentuk bhatari durga berupa rangkung?(maaf ga ngerti saya makna rangkung) Dene Dewi Umayi (jiwane Dewi Umayi kang manjing ing ragane Dewi Pramuni) iku watake sabar, rasa pangrasane alus sarta landhep, adil, wani mbelani bebener, tanggung jawab, bekti mring sisihane lan gemati marang anak turune. sedangkan dewi umayi (jiwanya dewi umayi yang berada dalam raga dewi pramuni)itu berwatak sabar, sipatnya halus dan tajam mata bhatinya, adil dan berani membela yang benar, bertanggung jawab dan berbahkti kepada suaminya dan sangat sayang pada anak keturunanya.[/b] Ing lakon carangan Sudamala, Bathari Durga antuk ruwat lan bisa luwar saka wujud raseksine dening Sahadewa. Bathari Durga sabanjure palakrama kalawan Bathara Kala lan peputra Dewasrani. dalam lekom karangan sudamala bhatari durga dapat ruwat dan bisa keluar dr wujud raksasa nya oleh bantuan sadewa. bahatari durga lalu kimpoi dengan bhatara kala dan memiliki putra bernama dewa srani Ing jagad pedhalangan, Dewasrani iku putrane Bathari Durga lan Bathara Guru. Bathari Durga duwe hak paring bebana marang sapa wae kang nyembah dheweke. dlm jagad pedalangan dewa srani itu putra batari durga dengan batara guru. batara durga punya hak memberi pembalasan kepada siapa saja yang menyembah dirinya Ing lakon Sumbadra Larung, Bathari Durga paring pangestu marang pepenginane Burisrawa kanggo nresnani Dewi Sumbadra. Ing lakon Pancawala Lena, Bathari Durga mbiyantu Leksmana Mandrakumara, pangeran pati ing Astina, lan paring pangestu marang pepenginane Leksmana kang arep nglamar Dewi Pergiwati, putrane putri Arjuna. dalam lakon sumbadra larung bhatara durga memberi restu pada keinginan burisrawa untuk mencintai dewi sumbadra. dalam lakon pancawala lena batari durga membantu lesmana mandrakumara putra mahkota dari hastina. dan juga memberi restu kepada keinginan leksamana yang mau melamar dewi pergiwati, putri dari arjuna Dene ing lakon Wahyu Cakraningrat, Bathari Durga paring bebana marang Samba, putrane Sri Kresna, lan paring pangestu mring gegayuhane kanggo ngrebut Wahyu Cakraningrat. Sapa kang kasil ngrengkuh Wahyu Cakraningrat pinitaya bakal dadi raja gung binathara.

dalam lekon wahyu cakraningrat batari durga memberikan restu pada samba putranya sri kresna, dan memberikan restu kepada keinginannya untuk merebut wahyu cakraningrat. siapa yang berhasil merebut wahyu cakraningrat akan dipercaya menjadi raja agung di dunia. Ananging ing telung kedadeyan iku, kabeh ora ana kang bisa kasembadan pepenginane. Kabeh gegayuhane para satriya ing telu kedadeyan iku padha cabar. Iku amarga pepesthen tumrap sipat jiwane kang adoh saka sing dipengini. tapi dalam ke 3 kejadian itu. semua tak ada yang bisa kejadian keinginanya. semua keinginan para satria di 3 kejadian itu pada batal. karena kepastian dari sipat jiwanya yang jauh dari yang diinginkanya. Bathari Durga dadi sesembahane para kang nganut agama Durga kang duwe aturan lan paugeran dhewe. Miturut Pustaka Raja Purwa kaya kang kapethik ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, cacahe agama kang nyembah dewa karana Bathari Durga dadi ana wolu. betari druga jadi sesembahan bagi emreka yang menganut agama durga yang punya aturan dan hukum sendiri. menurut pustaka raja purwa yang dipetik dari ensiklopedia wayang purwa balaipustaka banyaknya agama yang menyembah dewa karena bhatari durga ada delapan. Kawolune yaiku agama Syiwa (nyembah Sanghyang Syiwa/Bathara Guru), agama Sambo (nyembah Sanghyang Sambo), agama Brahma (nyembah Sanghyang Brahma), agama Indra (nyembah Sanghyang Indra). pertama agama siwa menyembah siwa, agama sambo menyembah sambo, agama brahma menyembah brahma,agama indra menyembah indra Sabanjure, agama Bayu (nyembah Sanghyang Bayu), agama Wisnu (nyembah Sanghyang Wisnu), agama Kala (nyembah Sanghyang Kala) lan agama Durga (nyembah Sanghyang Bathari Durga).

PRABU BOGADENTA KEDADEYAN SAKA ARI

Prabu Bogadenta iku ing Mahabharata sinebut uga Bogadatta. Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, 1991, Bogadenta iku kawujudan saka embing-embing utawa ari-arine Kurawa.Ing lakon Timbangan utawa Trajon dicritakake Bogadenta kontal amarga daya kasektene Bima. Nalika iku Bogadenta nganti tiba ing tlatah Krajan Turilaya lan wusana kasil nguwasani krajan iku lan jumeneng nata. Dene pungkasan uripe Bogadenta ana ing palagan perang Baratayuda. Nalika iku Bogadenta sing mehak Kurawa gugur ketaman panah Pasopatine Arjuna. Matine Bogadenta kedadeyan ing babak kapindho perang Baratayuda utawa babak Tawur. Amarga dumadi saka ari-arine Kurawa, Bogadenta kondhang minangka anake Drestarastra kang ora liya bapakne para Kurawa. Ing Mahabharata Bogadenta iku anake Drestarastra lan Dewi Gendari. Sawise jumeneng nata ing krajan Turilaya, Bogadenta tetap ngrumangsani minangka perangane kulawarga Kurawa. Nalika pecah perang Baratayuda, Bogadenta nemoni Prabu Duryudana, minangka kakange. Tumekane Bogadenta ing Astina mbeneri gugure Bisma, saengga Bogadenta banjur sinengkakake minangka senapati perang wadyabala Kurawa, diampingi adhine, Kertipeya. Nalika Kurawa ngangkat Bogadenta minangka senapati ing perang Baratayuda, Pandhawa netepake Arjuna minangka senapati. Arjuna kudu ngadhepi panempuhe Bogadenta sakwadyabalane. Arjuna dhewe minangka senapati wadyabala Pandhawa diampingi dening Arya Sena. Ing paprangan Baratayuda iku Bogadenta numpak gajah Murdaningkung diampingi srati Dewi Murdaningsih. Bogadenta sing numpak gajah mbarang ngamuk ing satengahing

wadyabala Pandhawa. Akeh prajurit Pandhawa nemahi pati amarga pangamuke Bogadenta. Meruhi kahanan mangkono iku, Arya Werkudara muntab lan banjur maju ing pabaratan. Tangane Werkudara sing nggegem gada Rujakpolo mobat-mabit ngiwa nengen lan maju mundur. Wusana atusan prajurit Kurawa nemahi pati, ajur ketiban gadane Werkudara. Malah gajah Murdaningkung lan sratine Dewi Murdaningsih uga mati ketiban gada Rujakpolo.Nalika gajah Murdaningkung mati amarga ketiban gada Rujakpolo, Bogadenta kontal lan tiba kebanting ing lemah. Saknalika Bogadenta sing tiba kelaran iku banjur menyat sedya males marang Werkudara sing mateni gajah lan sratine. Ananging nembe wae Bogadenta menyat arep ngadeg, dumadakan gulune ketaman panah Pasopati saka gendhewane Arjuna. Wusana Boganeta tiba ngrungkebi bumi Kurusetra, gulune pedhot katembus panah Pasopati.

Prabu Jarasanda lambang manungsa deksiya


Prabu Jarasanda iku putrane Prabu Briyadata, raja nagara Giribajra. Jarasanda nggenteni kalungguhane Briyadata sawise Jarasanda kasil mateni Briyadata. Sawise Briyadata mati, lulange kanggo gawe kendhang utawa tambur pusaka nagara Giribajra. Miturut andharan ing buku Bunga Rampai Wayang Purwa Beserta Penjelasannya, karyane Bondhan Harghana SW lan Muh Pamungkas Prasetya Bayu Aji, weton Cendrawasih, kanthi tambur utawa kendhang pusaka iku, Prabu Jarasanda bisa mangerteni pratandha bakal tumekane mungsuh utawa tamu. Kabeh wong manca sing lumebu ing tlatah nagara Giribajra bakal dipapag dening swara tambur utawa kendhang sing muni dhewe. Saka unine kendhang utawa tambur iku Jarasanda bisa metung wong manca sing teka iku tamu utawa mungsuh.Awake Prabu Jarasanda kebak toh utawa belang blontheng kang dadi salah sijine sumber kasekten. Jarasanda nyembah Bathara Kala lan saben taun mesthi misungsungake korban utawa bekakak kanggo Sanghyang Kala. Sawijining dina Prabu Jarasanda ngutus para abdine supaya ngupadi sirah raja cacah sewu. Kuwajiban ngupadi sirah raja sewu kang pancen abot iku sabanjure dipasrahake marang Raden Hamsa lan Arya Susena kang ora liya anak-anake Jarasanda.Dene Arya Dimbaka antuk prentah kanggo nigas sirah pandhita cacah sewu kang bakal digunakake kanggo pisungsung marang Sanghyang Kala. Pangajabe supaya gegayuhane Prabu Jarasanda kanggo urip sasuwene sewu taun bisa kasembadan.

Bebarengan kalawan upayane Prabu Jarasanda ngupadi sirah raja sewu lan sirah pandhita sewu, Pandhawa duwe karep nggelar sesaji Rajasuya. Sesaji sing digelar Pandhawa iku kanggo pisungsung marang Sanghyang Wisnu, amarga Prabu Puntadewa lan sedulure ngrasuk agama sing nyembah Bathara Wisnu. Murih kasile pisungsung sesaji Rajasuya, Pandhawa kudu golek tawur utawa korban manungsa sing deksiya dhewe utawa biadab ing lumahing bumi, ngiras pantes dadi pralambang upaya numpes kadurakan. Wusana Arya Werkudara, Arjuna lan Sri Kresna mangkat tumuju nagara Giribajra. Saka pituduhe Sri Kresna, Arjuna kasil manah kendhang utawa tambur sekti pusaka nagara Giribajra.

Bebarengan kalawan tibane kendhang pusaka iku, roh Prabu Briyadata kasil uwal saka kurungan ing kendhang iku lan banjur nemoni Sri Kresna, Werkudara lan Arjuna. Atma Briyadata banjur nyilih ragane Bima. Sedyane Briyadata arep males tumindak deksiyane Jarasanda. Sawise ruhe Briyadata njilma ing ragane Werkudara, saknalika iku uga Werkudara dadi luwih gumregut kanggo nggoleki lan mateni Prabu Jarasanda. Raja Giribajra iku kaget banget nalika weruh tekane Arya Werkudara tanpa didhisiki tandha munine kendhang pusaka krajan Giribajra. Ing sangarepe Jarasanda, Werkudara ngaku minangka wujuding dewa kang bakal njabel nyawane Jarasanda. Wusana dumadi paprangan rame antarane Werkudara lan Jarasanda. Nanging amarga Jarasanda kudu ngundhuh wohing pakarti, wusana dheweke mati dening Werkudara. Raden Dimbaka lan Hamsa uga mati nalika kekarone mbela Prabu Jarasanda.

M. RICO AGUS SETIAWAN

KELAS 9 GHE

BEGAWAN CIPTANING RAJANE KABEH WIDADARI ING TINJOMAYA


Begawan Ciptaning utawa Resi Mintaraga iku jenenge Arjuna nalika mbangun tapa ing guwa Witaraga ing ereng-erenge Gunung Indrakila. Bebarengan kalawan iku ing Suralaya dumadi dredah amarga pangamuke raja raseksa Prabu Niwatakawaca saka krajan Himahimantaka. Para dewa ing Suralaya ora ana kang kuwawa ngadhepi kridhane Prabu Niwatakawaca sakwadyabalane. Sanghyang Manikmaya banjur ngutus para dewa supaya nemoni Begawan Ciptaning. Miturut Hyang Manikmaya pancen mung Begawan Ciptaning sing duwe daya kanggo ngadhepi kridhane Prabu Niwatakawaca. Ananging para dewa sing diutus supaya nemoni Begawan Ciptaning ora ana kang kasil njugarake tapane.

Mangkono uga para widadari kang uga diutus supaya nemoni Begawan Ciptaning ora ana kang kasil njugarake tapane. Para widadari sing diutus ana sing malih rupa kayadene sisihane Arjuna ing arcapada, nanging uga ora kasil njugarake tapane. Wusana Hyang Manikmaya ngutus Bathara Indra lan Bathara Brahma supaya njugarake tapane Begawan Ciptaning. Kekarone uga diutus Hyang Manikmaya supaya maringake kanugrahan marang Begawan Ciptaning awujud panah Pasopati.

Dhawuhe Hyang Manikmaya supaya Begawan Ciptaning nggunakake panah sekti iku kanggo ngadhepi pangamuke Prabu Niwatakawaca ing Suralaya. Bathara Indra lan Bathara Brahma banjur malih rupa dadi Prabu Kilatawarna lan Prabu Kilatarupa. Kekarone banjur nemoni Prabu Niwatakawaca lan aweh katrangan yen Prabu Niwatakawaca bakal kasil ngrabi Bathari Supraba yen wus antuk pangestu saka pandhita sekti mandraguna sing jenenge Begawan Ciptaning kang dumunung ing Gunung Indrakila.

Prabu Niwatakawaca banjur ngutus Ditya Mamangmurka supaya nemoni Begawan Ciptaning lan njalukake pangestune marang karepe bakal ngrabi Bathari Supraba. Ditya Mamangmurka banjur mangkat tumuju Gunung Indrakila. Nanging satekane Gunung Indrakila, raseksa sing diprecaya banget dening Prabu Niwatakawaca iku ora kasil nemokake papan mertapane Begawan Ciptaning utawa Resi Mintaraga. Wusana Ditya Mamangmurka dadi nesu lang ngamuk, ngrusak samubarang sing ditemoni ing ereng-erenge Gunung Indrakila. Begawan Ciptaning kang meruhi pangamuke Mamangmurka banjur nyepatani raseksa iku, wusana Mamangmurka malih dadi babi. Babi daden-dadene Mamangmurka saka daya kasektene Resi Mintaraga iku banjur dipanah. Nanging ana panah loro sing ngenani awake babi daden-daden iku. Siji panahe Resi Mintaraga lan sijine maneh panahe Prabu Kilatawarna sing wektu iku nembe mbebedhag ing ereng-erenge Gunung Indrakila.

Kekarone banjur rebutan babi iku. Amarga padha sektine, Kilatawarna lan Mintaraga banjur adu kasekten, perang rame banget. Sawise sauntara wektu, Prabu Kilatawarna lan Prabu Kilatarupa banjur malih marang wujud asline, Bathara Indra lan Bathara Brahma. Kekarone uga banjur maringake kanugrahan panah Pasopati peparinge Hyang Manikmaya. Arjuna sing wus wudhar tapane iku banjur diboyong dening Hyang Indra lan Hyang Brahma tumuju Suralaya. Ing Suralaya, Resi Mintaraga banjur ngatur krenah kanggo ngadhepi pangamuke Prabu Niwatakawaca.

Resi Mintaraga banjur malih rupa dadi Bathari Supraba lan banjur nemoni Niwatakawaca. Amarga krenahe Resi Mintaraga iku Niwatakawaca keladuk njlentrehake pangapesane, yaiku ing telake kang wujud toh utawa rajah mantra aji Gineng Sokaweda. Sawise iku Bathari Supraba bali ing wujud asline, Resi Mintaraga, lan banjur menthang gandhewa panah Pasopati. Resi Mintaraga njaluk supaya Niwatakawaca mbalekake Bathari Supraba. Nanging Niwatakawaca panggah ngukuhi kekarepane ngrabi Bathari Supraba.

Wusana Resi Mintaraga ngenerake panah Pasopati ing telake Niwatakawaca. Lan bebarengan kalawan iku, Resi Mintaraga kasil maca rajah mantar aji Gineng Sokaweda ing telake Niwatakawaca iku. Niwatakawaca mati sawise toh ing telake kena panah Pasopati. Dene Resi Mintaraga antuk ilmu kasekten

anyar, yaiku aji Gineng Sokaweda. Hyang Manikmaya banjur ngangkat Resi Mintaraga dadi rajane kabeh widadari ing Tinjomaya jejuluk Prabu Kiritin.

ELA & IKE / 9 G

Anda mungkin juga menyukai