Anda di halaman 1dari 5

Korupsi sajrone Cerkak Bekti Ginawa Mati

Anggitane Trinila Kinasih


Dening: Siti Marifatus Solikah
12020114202/2012C

A. Purwaka
Akeh bab sajrone panguripann sing dadi latar belakang laire sawijine karya sastra.
Sawijine karya sastra bisa lair saka proses imajinasine pangripta lan uga ana karya sastra sing
karipta saka panguripan nyata sajrone masyarakat. Masyarakat minangka sawijine bab kang
wigati jalaran ing njerone bisa dadi punjer saka sawijine karya sastra.
Cerkak Bekti Ginawa Mati anggitane Trinila Kinasih kang kapacak ing majalah Panyebar
Semangat No.3- 17 januari 2015 iki minangka gambaran panguripan lan gambaran sosial
masyarakat. Cerkak Bekti Ginawa Mati minangka salah sawijine karya sastra sing
nggambarake kahanan ekonomine masyarakat sing rendah, sing njalari masyarakat tumindak
julig tanpa mikir apa akibate. Bab sing kaya mangkene ora mung kedadean ing kalangan
ndhuwuran kayadene DPR nanging ing kalangan masyarakat sing nduweni ekonomi lemah
kayadene ing desa-desa, bab sing kaya mangkene uga kedadean.
Karyane Trinila Kinasih iki kalebu jinis cerkak kang mujudake nilai moral. Tumindaktumindak sajrone cerkak iki mujudake nilai moral kang bisa dadi tuladha kanggo kita
anggone tumindak,supaya ora grusa-grusu, ora angger ngarani wong tanpa bukti lan yen arep
tumindak apa wae kudu dipikir dhisik. Cerkak Bekti Ginawa Mati iki nyritakake ngenani
kahanan sawijine desa sing rata-rata para wargane kalebu masyarakat kang nduweni ekonomi
menengah kebawah. Omahe almarhum Pak Ngalim didemo warga, amarga nganti saiki listrik
sing kudune wis mlebu desa nganti saiki durung kaleksanan. Iki disebabake dhuwit saka para
warga mau dikorupsi almarhum Pak Ngalim. Anak-anake Pak Ngalim rembugan kanggo
mbalikake kabeh dhuwite warga kanthi ngedol lemah. Amarga rada kangelan kanggo ndhata
mula anak-anake Pak Ngalim njaluk katrangan saka panitia cacah 6 sing wis dipercaya
dening Pak lurah yaiku Pak Yoto, Pak Bardi,Pak Tari, Bu Yasmi lan Pak Kusno nanging
ngendikane dhuwit kabeh wis dipasrahake dening Pak Ngalim. Putu wadone Pak Ngalim ora

trima yen mbah kakunge diarani koruptor mula dheweke nlesih-nlesih perkara iki. Bareng
ditlesih jebul dhuwit-dhuwit listrik kuwi mau diutang dening Bu Yasmi, Pak Yoto lan Pak
Tari. Bab kuwi diweruhi putune wadon swargi Pak Ngalim nalika mbukak wadhah batu
radio. Saka kono diweruhi cathetan kapan olehe nembung nyilih lan uga tinulis janjine wong
telu yen sawulan sadurunge kabel wiwit dipasang, dhuwit wis dibalekake. Pranyata wong
telu mau endha sawise Pak Ngalim seda.
Kedadean kaya mangkono pancen asring dumadi sajrone urip bebrayan ing masyarakat.
Tumindak ala gelem mangan dhuwit sing dudu hake bisa diarani korupsi. Cerkak iki akeh
ngemot bab-bab sosial kang lumrah lan asring kedadean ing panguripane masyarakat,
kayadene kajuligan. Omongan kang ora bisa dipercaya lan mblenjani janji nganti ndadekake
wong liya dadi korbane minangka gambaran saka cerkak iki.
Sajrone sastra, ana kajian ngenani sosiologi sastra lan objek kajian sosiologi sastra yaiku
masyarakat. Panguripan ekonomi, sosial, budaya utawa politik uga bisa dadi inspirasi/sumber
saka kariptane sawijine karya sastra. Sosiologi sastra minangka sawijine ilmu intradisipliner
antarane sosiologi lan ilmu sastra. Sacara etimologis sosiologi yaiku saka tembung sosio
utawa society sing maknane masyarakat lan logi utawa logos sing nduweni teges ilmu. Dadi
sosiologi yaiku ilmu ngenani masyarakat utawa ilmu ngenani panguripane masyarakat.

B. Andharan
Cerkak iki minangka gambaran saperangan masyarakat Indonesia, sing raket karo urip
kacingkrangan. Bab kasebut bisa njalari anane tumindak-tumindak kang nerak paugeran, lan
bisa ngrusak moral. Sajrone Cerkak Bekti Ginawa Mati sing nggambarake kahanan sing ana
ing masyarakat bakal diandharake kanthi gamblang kaya ing ngisor iki:
1. Kacingkrangan (kemiskinan)
Kacingkrangan/ kemiskinan minangka kahanan uripe manungsa kang kekurangan.
Kahanan desa kang durung ana listrik njalari para wargane kepengin gage ngrasakake
padhange lampu. Bab iki bisa disengkuyung kanthi kutipan ing ngisor iki:
2

Uh..isih kudu ngenteni maneh, rugi anggonku utang dhuwit neng bank
mung bot-bote kepengin ndang bisa nyawang urube lampu neon,
grundele bulik wiji kang klesotan ing tlundhagan.
Padha Yu, nanasku kang isih ngebol ya kepeksa takdol, saking
kepinginku bisa amprah, lha kok jebul ana kang tega ngorupsi. Jan
kebangeten tenan, semaute bulik Marsi sinambi kebal-kebul ngakep
rokoke.
Saka kutipan ing ndhuwur nuduhake menawa kahanane masyarakat kang uripe
kekurangan. Bisa dideleng saka cecaturan ing ndhuwur, kanggo kepengin weruh
murube lampu wae nganti direwangi utang bank lan adol nanas sing isih drung
wayahe dipanen. Kabeh diupayakake kanggo supaya listrik bisa tekan desane.
2. Fitnah
Fitnah minangka tumindak utawa penggawe ala sing dianggo maeka ing liyan,
bisa uga ngrusak jenenge liyan. Cerkak iki uga ngemot kedadean kaya mangkono lan
bisa dideleng saka kutipan ing ngisor iki:
Iya bener, paling dhuwit kuwi nggo raga ding rumah sakit, nalika
bapakmu lara, panutuhe wanita lemu bengesan abang mbranang nggilap,
lambene kewes yen nylathu.
Iya bener, mesthi dinggo kulawargamu dhewe dhuwit kuwi, wong
lanang brengos ketel, kang kaloka dadi premane desa, nyaut.
Kula mboten ngertos puruge arta niku, lha wong saben dinten kula
setorne Pak Ngalim kok, ujare Bu Yasmi.
Semanten ugi kula, mboten nate mbeta wangsul arta. Bibar nampi
sangking warga nggih terus kula setoraken Pak Lim, tembunge Pak Yoto.

Pratelane para panitia iku sansaya ngukuhake pandakwane warga yen sing
ngorup dhuwit cicilan listrik swargi Mbah Kung.
.awit ing kertas putih kang daktemu ing wadhah batu radio iku kanthi
gamblang katulis dening Mbah Kung yen tuhune Bu yasmi, pak Toto lan
Pak Tari kang utang dhuwit listrik. Wong-wong iku endha bareng Mbah
Kung seda.
Kutipan sepisan nuduhake yen para warga nuduh Pak Ngalim lan kulawargane
ngorupsi dhuwit listrik saka warga, kamangka ora ana bukti kang cetha. Banjur kutipan
kapindho, nuduhake sacara ora langsung tumindake wong-wong sing kalebu panitia mau
nuduhake fitnah, omong sing ora sabenere kanthi ndadekake wong liya korbane. Jenenge
Pak Ngalim dirusak kanthi cap koruptor. Nalika dijaluki katrangan ngenani dhuwit cicilan
listrik wong-wong sing kalebu panitia, Pak Yoto, Bu Yasmi lan Pak Tari mau muni yen
wis disetorke kabeh marang Pak Ngalim, nanging sejatine dhuwit-dhuwit mau diutang
wong-wong kuwi mau. Bab sing kaya mangkene wis asring dumadi ing urip bebrayan.
3. Ikhlas
Ikhlas minangka kahanan lila legawa terusing batin. Sajrone cerkak iki
kulawargane swargi Pak Ngalim mung bisa nrima nasib lan ikhlas marang apa kang
wus kedadean, senajan swargi Pak Ngalim diarani ngorupsi dhuwit para warga,
nanging kulawarga tetep ikhlas. Bab iki disengkuyung kutipan kaya ing ngisor iki:
Kula sakadang janji, mboten ngantos setunggal wulan, dalem
panjenengan sedaya sampun dipasangi listrik. Kula suwun panjengan
cawisaken kwitansi, supados nggampilaken anggen kula sakadang naliti
perkawis menika.
Saupama dipercaya, ya ora bakal dadi dhuwit kang wis nggo tambel. Wis
ta ndhuk, diekhlasne wae. Percaya wae marang kawicaksanane Gusti
Allah. Becik ketitik, ala bakal ketara.

Saka kutipan sing sepisan, bisa diweruhi yen kulawargane Pak Ngalim tansah lila
legawa. Senajan para warga ndhemo omahe Pak Ngalim kanthi tuduhan kang rena-rena
nanging anak-anake Pak Ngalim isih ngupayakake kanggo mbalekake dhuwite warga.
Senajan durung ngerti nengndi sejatine mlayune dhuwit kuwi. Banjur kutipan sing
kapindho, nuduhake menawa kulawargane Pak Ngalim wis mangerteni sejatine mlayune
dhuwit kuwi, nanging ora gelem mbrontak, mung ikhlas lan masrahake sakabehe marang
Gusti Allah.
Pak Ngalim sakulawargane. Bab sing kaya mangkene wis asring dumadi ing urip
bebrayan.
C. Panutup

Kapustakan

Anda mungkin juga menyukai