Anda di halaman 1dari 3

GEGURITAN

KASARASA
DENING: R. Tantiningsih
Awak waras sehat lan bregas
Ana ngendi dunungmu
Amarga lara papa citraku
Gampang dadi memala
Sehat iku larang regane
Ngendikane simbah kae
Mula udinen kasarasamu
Udinen katentremanmu
Sok sapa wae
Kang gelem njaga jiwo ragane
Bakal kepenak uripe.

RADEN AJENG KARTINI


DENING: Yonna
Sanajan panjenengan wanita
Nanging gelam rekasa
Sanajan dipinggi wong tuwa
Atine tetep mbela
Mbela kaum wanita
Aja nganti kalah prakasa
Jarene wanita
Kudu tetep siyaga
Nguwahi nasibe bangsa
Nurunake generasi mudha
Duwea wawasan kang jembar
Kanggo nggayuh
Lintang kang sumunar

GEGURITAN NGARANG

KORAN
DENING: E. DENOK S.I
Tak tunggu tekamu
Saben dina ing omahku
Kabar kang daktunggu
Saka awakmu
Nambahi wawasanku
Mosak-masike donya
Maju mundure negara
Minangka warta
Koran minangka alat komunikasi
Kang kudu diwerdi
Mula ora ketinggalan informasi

PACELATON

Denok

: Eh, Vero.

Vero

: Arep lunga mengendi koe nok?

Denok

: Aku arep lunga menyang pasar tumenggungan

Vero

: Arep tuku apa kowe nang pasar?

Denok

: Aku arep tuku buah salak karo pelem

Vero

: Wahpada karo aku, ya arep tuku buah. Bareng wae ya menyang


pasare.

Denok

: Ya wis bareng, kowe gek siap-siap ndisek cepetan ya, tak enteni.

Vero

: Ya enteni sedela ya.

Denok

: Ya.

Vero

: Aku wis siap ki, yuh cepetan gek menyang saiki.

Denok

: Yuh cepetan.

Vero

: Wah, dalane ramen. Suwe ki yen arep yebrang.

Denok

: Halah aja ngumun, saiki dina sebtu, ya mesti dalane rame.

Vero

: Endi ki sing dodol buah.

Denok

: Mrene ver, iki buah sing aku karo kowe golek.

Vero

: Oh, ya.

Denok

: Ya wes, kowe tuku ndisik, aku ya arep tuku.

Vero

: Iki buahe kowe arep tuku pirang kilo?

Denok

: Aku tuku salak sekilo lan pelem sekilo wae, Lha kowe?

Vero

: Ohaku tuku jambu sekilo wae.

Denok

: Arep lutisan apa rujak ver?

Vero

: Ya arep lutisan, rasane ora enak yen ora nganggo jambu.

Denok

: Oh kowe wes to, aku yo wes ki gek menyang bali.

Vero

: Ya aku wis, bali wae yuh saiki.

Denok

: Ayuh bali.

Anda mungkin juga menyukai