Anda di halaman 1dari 1

Pengalaman Melu Lomba Matematika

Awale kula ndherek lomba matematika, amargi kula iseng tumut-tumut rencang kula ingkang nduwe
nami Johan. Wanci punika pas kula kelas kalih SMA kula ndherek uga jebulna soale geh mboten gampil.
Caranipun mboten sanget kadhos biyasa, menawi dipunetang kaliyan kalkulator, pikantukipun saget
dipunmestikaken error. Nanging bab punika ingkang dados motivasi kula kagem ndherek lomba
matematika, amargi kula remen mical.

Nalika diseleksi, kula kedadosan lulus. Amargi namung tigang tiyang ingkang dipunpileh makili sekolah,
kaliyan mboten membayar (alias gratis, wehehehe). Kula remen sanget amargi bisa lolos seleksi.

Lajeng lomba dipunawiti jam wolu enjang, panggenipun ing sekolah kula menika ing Yogyakarta. Nalika
kula dugi wonten sekolah sekitar jam pitu enjang kula ningali wonten katah mobil, wanci punika ingkang
kula persani SMA 3 ugi SMK 1 Yogyakarta

Awale kula keweden, nalika kula mlebet. Nanging kula tetap tenang, wanci punika ingkang mirsani kula
yaiku siswa ingkang makili sekolahanipun, Lomba matematika niki khusus kagem kelas 12 wonten ing
yogyakarta, dados sanget ditebak sekolah pundi mawon ingkang wonten ing Yogyakarta.

Kula sinau riyen sareng rencang kula wonten masjid sekolah. Lajeng latihan ngerjake soal-soal
matematika ingkang angel. Engkang mbimbing kula njih punika Pak Sudarmadji, guru matematika kula
kelas setunggal rumiyen. Alhamdulillah soale saget kula kerjake kanthi sae, senaos mboten mlebet
datheng babak finalis

Nalika kula kelas telu SMA, utawi tepate sakmenika. Kula ndherek malih lomba kesebat, mergane sapa
sing melu bakal oleh sertifikat, sertifikatnya sae uga menarik, ndamel kula kersa ndherek malih. Ingkang
ndherek lomba njih namung punika-punika kemawon, kula, Johan kaliyan Rinto, sami persis nalika kelas
kalih Ingkang mbedakaken njih punika rumiyen. panggenanipun lomba amargi wonten wedal punika
lomba dipun wontenaken ing SMA Negeri 3.

Enjang-enjang sanget kula nengga rencang kula ing warung. Lajeng Johan dugi, kula uga Johan tedha
bubur rumiyen sadereng budhal datheng SMA 3. Tedha bubur ngunjukipun teh hangat. Sawise rampung
angge nedha kula lan Johan minggah angkot budhal datheng SMA 3. Salajengipun. ing ngajeng pagar
sekolah sampun wonten Rinto.

Lajeng sesarengan mlebet datheng sma 3, ing panggen parkir enten lapangan, ing lebet sekolahne ugi
enten kalih lapangan basket halamane jembar banget. Masjid wonten sekolahan niku ugi sae sanget.
Sekolahne resik uga nyaman. Sawise punika kula lan rencang-rencang banjur mlebet kelas, kelase resik,
lajeng lomba kawiwitan.

Nalika sampun rampung lomba, kula sami Johan lan Rinto mlaku, ningali pemandangan ingkang sae.
Lajeng minggah angkot, budal dhateng sekolahan kula. Pengalaman menika dados pengalaman kang
mboten kula laleake.

Anda mungkin juga menyukai