Anda di halaman 1dari 8

PITUTUR LELUHUR JAWA

WEJANGAN KEHIDUPAN

1. Sabar subur, gemi setiti mukti, artinya : Sabar itu akhirnya subur/bahagia, hemat cermat itu rahmat.

2. Dora lara, goroh kerogoh, artinya : Berdusta itu menderita, Menipu itu akhirnya tertipu.

3. Aja dumeh, mengko mundak keweleh, artinya : Jangan suka meremehkan, nanti malu
sendiri/tercemar diri sendiri.

4. Lut-lutan lowe, nyamber buntute dewe. Artinya : Orang yang memfitnah orang lain, tetapi fitnah itu
mengenai diri sendiri.

5. Ora nyedak wong ladak, ora nyanding wong muring-muring, artinya : Tidak mendekati orang yang
congkak, tidak mendampingi orang yang marah-marah.

6. Singa papa ngulati mangsa, artinya : Orang yang menipu rakyat, pura-pura berbuat baik tetapi
tujuannya mencari untung/mangsa.

7. Ojo geguyon mundak kleru, ojo anggak mundak kelenggak, artinya : Jangan suka mentertawai orang
lain, karena bisa keliru, jangan terlalu angkuh, bisa terhempas.

8. Pamer cemer, gemendung glundung, artinya : Pamer bisa mengurangi harga diri

congkak dan tinggi hati bisa tergelincir.

9. Ajining diri gumantung saka lati, ertinya : Harga diri kita tergantung dari mulut

kita sendiri, meskipun tinggi derajadnya tetapi jika mulut kita tidak bisa di
percaya, dapat di pastikan hilang harga diri dan kewibawaan.

10. Ana gunem mingkem, ana catur mungkur, ana padu mlebu, artinya : Ada

percekcokan tutup mulut, ada pembicaraan menjelekkan orang lain, tidak usah

mendengarkan, ada perselsihan menyingkirkan diri.

1. TANDA-TANDA ORANG SOMBONG

Ciri-cirine jiwa kang isih kothong mono bisa dititik saka ulat praupan, tutur wicara, lan tingkah lakune
kang ora gelem kalah. Sabarang tindak tanduke kepengin unggul lan mamerake keluwihane, ora angger
keluwihan bisa kanggo ngadhepi bebaya lan ngentas saka papa cintraka. Kaluwihan kang tanpa
dilandhesi kautaman kaya dene wedhak pupur bae sing nempel ing njaban kulit bae, ora bisa tahan
suwe lan gampang luntur marga saka pakartine dhewe, awit nerak dhasar-dhasar bebener lan kasucian.

TERJEMAHAN: Tanda-tanda jiwa yang masih kosong dapat dilihat dari ekspresi wajah, cara berbicara dan
tingkah laku yang tidak mau kalah. Perilakunya selalu ingin menang dan pamer kelebihan. Padahal tidak
semua kelebihan bisa digunakan untuk menghadapi bahaya dan melepaskan diri dari kesusahan.
Kelebihan tanpa landasan keutamaan ibarat bedak yang menempel di kulit luar. Tidak akan tahan lama
dan mudah luntur karena perbuatan kita sendiri, karena melanggar dasar-dasar kebenaran dan
kesucian.

2. MUNCULNYA NAFSU PAMER

a. Dereng nedya pamer utawa riya iku terkadhang muncule dadakan kaya-kaya tanpa rinasa ing nalika
kita pinuju sesrawungan karo wong liya. Mula prayoga kita tansah waspada ngendhaleni dhiri. Dene
kang kinaran dereng utawa nafsu seneng pamer kang gampang dineleng lan sineksen dening wong liya
iku aran riya kang pratela (cetha), utawa ngedheng. Becik kita singkiri. Wondene dereng sajroning laku
panembah, arang kang bisa disumurupi wong liya. Luwih-luwih yen lagi kapinuju ana ing papan kang
sepi. Sok ngonowa elinga yen Gusti Allah iku tansah ngudaneni.
TERJEMAHAN: Nafsu pamer atau “riya” kadang-kadang muncul mendadak saat kita sedang bertemu
dengan orang lain. Oleh sebab itu hendaknya kamu selalu waspada dan mampu mengendalikan diri. Apa
yang disebut nafsu pamer yang mudah dilihat dan disaksikan orang banyak adalah “riya” yang nyata.
Baiknya kita hindari. Disisi lain nafsu beribadah jarang dilihat orang lain, lebih-lebih bila kita sedang
berada di tempat sepi. Jangan lupa, Tuhan tetap menyaksikan.

b. Wong kang rumangsa dhirine linuwih, ing sawijining wektu mesti bakal kasurung atine arep
mamerake kaluwihane, lire amrih dimangerteni dening wong akeh yen dheweke mono wong kang
pinunjul lan supaya diajenana. Sumurupa, sakabehing kaluwihan mau yen ora dicakake mawa lelabuhan
kang murakabi marang bebrayan, tanpa guna kepara malah ora kajen lan gawe pituna. Mula kang
prayoga bisa tulus dadi wong kang linuwih menawa gebyaring kaluwihan iku mung dikatonake marang
atine dhewe, iku wis cukup.

TERJEMAHAN: Orang yang merasa dirinya memiliki kelebihan, pada suatu saat akan terdorong untuk
pamer. Supaya orang lain tahu bahwa dirinya adalah orang hebat yang harus dihormati. Ketahuilah
bahwa semua kelebihan tersebut tidak ada gunanya, merugikan dan membuat dirinya semakin tidak
terhormat apabila tidak digunakan untuk kegiatan yang bermanfaat bagi masyarakat. Orang punya
kelebihan yang tulus apabila semua gebyar kelebihan hanya ditunjukkan untuk dirinya sendiri. Itu sudah
cukup

3. ORANG SOMBONG TIDAK MAU DISAINGI

Ing jagading sesrawungan mono becik nyirik marang sesipatan kang gumedhe lan wewatakan kang
tansah ngegungake dhiri. Sipat lan wewatakan mau adhakane banjur nuwuhake rasa ora lila yen nyipati
ana liyan sing luwih katimbang dheweke. Mula saiba becike samangsa sapa kang rumangsa pinter
dhewe, sugih dhewe, lan kuwasa dhewe iku gelema nglaras dhiri lan ngleremake ciptane kang wening,
yen sejatine isih ana maneh Kang Maha Pinter, Maha Sugih lan Maha Luhur. Klawan mangkono rasa
pangrasa dumeh lan takabur kang dadi sandhungan pasrawungan bisa sumingkir.

TERJEMAHAN: Dalam pergaulan hendaknya menjauhi sifat merasa hebat dang mengagung-agungkan diri
sendiri. Watak dan sifat tersebut akan menimbulkan rasa iri bila kita melihat ada orang lain yang
ternyata melebihi kita. Alangkah lebih baik seandainya orang yang merasa paling pandai, paling kaya dan
paling kuasa tersebut menyelaraskan diri dan menenangkan pikirannya, dan menyadari bahwa sejatinya
masih ada Yang Maha Pandai, Maha Kaya dan Maha Luhur. Dengan demikian perasaan hebat dan
takabur yang merupakan batu sandungan pergaulan dapat tersingkir

4. JANGAN SOMBONG, TELADANI PADI

Aja sok ngendel-endelake samubarang kaluwihanmu, apa maneh mamerake kasugihan lan
kapinteranmu. Yen anggonmu ngongasake dhiri mau mung winates ing lathi tanpa bukti, dhonge pakarti
kaya mangkono iku ngenggon awakmu dadi ora aji. Luwih prayoga turuten pralampitane tanduran pari.
Pari kang mentes mesthi tumelung, kang ndongak mracihnani yen kothong tanpa isi.

TERJEMAHAN: Jangan mengandalkan semua kelebihanmu apalagi pamer kekayaan dan kepandaian. Bila
kesombonganmu hanya pada mulut dan tanpa bukti menjadikan dirimu tidak berharga. Lebih baik
teladani perlambang dari tanaman padi. Padi yang berisi pasti menunduk sedangkan yang tengadah
adalah yang kosong.

5. JANGAN MENYEPELEKAN ORANG DAN MERASA PALING PANDAI

a. Aja sira degsura, ngaku luwih pinter tinimbang sejene.

TERJEMAHAN: Engkau jangan menyombongkan diri mengatakan lebih pandai dari yang lain

b. Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake wong akeh seneng, aja sira malah rumangsa pinter,
jalaran menawa Gusti Allah mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka mau, sira banjur kaya wong
seje (owah), malah bisa “aji godhong jati aking”.
TERJEMAHAN: Kalau kamu memiliki ilmu yang bisa membuat orang lain bahagia, janganlah merasa
pandai, karena apabila Allah mengambil kembali ilmu yang membuat kamu tenar itu, kamu bisa seperti
orang gila dan lebih hina daripada daun jati kering.

c. Jalma iku tan kena kinaya ngapa, mula sira aja seneng ngaku lan rumangsa pinter dhewe.

TERJEMAHAN: Manusia itu tidak bisa diduga, oleh sebab itu jangan suka mengatakan bahwa kita yang
paling pandai.

d. Aja kaselak kesusu nyepelekake liyan, marga kok anggep wong mau bodho. Awit ana kalamangsane
kowe mbutuhake rembug lan pituture wong iku, sing kasanyatane bisa mbengkas lan nguwalake saka
karuwetanmu. Pancen ing sawijine bab wong bisa kaaran bodho, nanging ing babagan liya tangeh lamun
yen kowe bisa nandhingi.

TERJEMAHAN: Jangan tergesa-gesa menyepelekan orang lain hanya karena kau anggap orang itu bodoh.
Ada saatnya kau butuh nasihat orang itu yang ternyata bisa melepaskanmu dari kesulitan. Sebenarnya
ada hal yang menyebabkan seseorang dikatakan bodoh tetapi di hal yang lain ternyata kamu tidak
mampu menanding

e. Aja sok dhêmên ngrèmèhake wong, mundhak gênti dirèmèhake, orane iya dicatur ala.

TERJEMAHAN: Jangan suka meremehkan orang, supaya tidak ganti diremehkan atau jadi pembicaraan
buruk

6. JANGAN MERASA BENAR SENDIRI

Aja rumangsa bener dhewe jalaran ing donya iki ora ana sing bener dhewe.
TERJEMAHAN: Jangan merasa benar sendiri karena hal seperti itu tidak ada di dunia

7. ORANG SOMBONG AKAN DIPERMALUKAN

a. Sing sapa tansah ngegungake pangkate, wirang lamun ana owahing jaman. Sing sapa ngegungake
bandhane, wirang lamun sirna bandhane.

TERJEMAHAN: Orang yang selalu mengagung-agungkan pangkatnya akan dipermalukan ketika ada
perubahan jaman. Orang yang selalu mengagung-agungkan hartanya akan dipermalukan tatkala
hartanya musnah.

b.. Kahanan donya iku ora langgeng, mula aja ngegungake kasugihan lan drajadira, awit samangsa
wolak-waliking jaman ora kisinan.

TERJEMAHAN: Keadaan di dunia ini tidak abadi. Oleh sebab itu jangan mengandalkan kekayaan dan
pangkatmu supaya bila ada perubahan jaman kamu tidak dipermalukan

8. LEBIH BAIK MERENDAHKAN DIRI

1. Luwih becik ngasorake raga tinimbangane ngongasake kapinteran kang sejatine isih nguciwani banget.
Ngongasake kapinteran iku satemene mung kanggo nutupi kabodhoane, yen kabeh mau merga rasa
samar lan was sumelang yen ta kungkulan dening sapepadhane. Tindak mengkono mau malah dadi
sawijining godha kang mung bakal ngrendheti lakuning kemajuwane dhewe ing jagading bebrayan.

TERJEMAHAN: Lebih baik merendahkan diri daripada menyombongkan kepandaian yang sebenarnya
masih amat mengecewakan. Menyombongkan kepandaian sebenarnya hanya untuk menutupi
kebodohan dan ketakutan kalau dilebihi oleh orang lain. Tindakan tersebut merupakan godaan yang
hanya akan menghambat keberadaannya dalam pergaulan.
2. Wong ambêk gumêdhe malah disorake, kosokbaline wong andhap asor: malah diluhurake, pêrlune
apa dhêmên gumêdhe. zie W. B. gêdhe.

TERJEMAHAN: Orang yang tinggi hati akan direndahkan, sebaliknya orang yang rendah hati akan
diluhurkan. Jadi apa manfaatnya menjadi orang yang sombong

9. BEDAKAN ANTARA RUMANGSA SARWA DUWE dan SARWA DUWE RUMANGSA

“Rumangsa sarwa duwe” lan “Sarwa duwe rumangsa”, iku yen ditulis genah mung diwolak-walik bae,
nanging surasane jebul kaya bumi karo langit. Sing kapisan nuduhake watak ngedir-edirake, wengis
satindak lakune (polahe), yen nggayuh pepenginan ora maelu laku dudu, samubarang pakarti nistha
ditrajang wani. Dene sing kapindho pakartine tansah kebak welas asih, wicaksana ing saben laku,
rumangsa dosa samangsa gawe kapitunane liyan.

TERJEMAHAN: “Merasa serba punya” dan “Serba punya rasa” hanya tulisan yang dibolak-balik saja, tetapi
maknanya seperti bumi dan langit. Yang pertama menunjukkan watak suka pamer, bengis perilakunya
dan kalau mengejar angan-angan tidak mempedulikan tindakan tidak benar. Semua perbuatan nista
akan dilakukan dengan berani. Adapun yang kedua, perilakunya penuh belas kasih, bijaksana dalam
semua hal dan merasa dosa bila membuat kerugian orang lain.

10. PERBUATAN BAIK BIARLAH ORANG LAIN YANG MENYAMPAIKAN

Wijining kautaman, saka kabêcikan, nanging kabêcikan kang kawêdharake barêng lan panggawene
mung dadi pangalêman sanalika, dene kabêcikan kang wis lawas panggawene môngka dèn ucapake
manèh marang kang gawe kabêcikan, iku malih dadi ala sarta dadi sêrike kang binêcikan, rumangsane
ingolok-olok. Wusana kabêcikan kang sinimpên marang kang gawe, iku mêsthi bakal kêwêdhar saka
panggawening liyan, gandane arum angèbêki jagad, têtêp ing kautamane.
TERJEMAHAN: Benih-benih keutamaan berasal dari kebaikan. Tetapi kebaikan yang diucapkan
bersamaan dengan perbuatan hanya mendapat pujian sesaat. Demikian pula kebaikan yang diucapkan
lama setelah perbuatan baiknya dilakukan, bisa menyakitkan hati yang diberi kebaikan karena merasa
diungkap-ungkap. Adapun kebaikan yang disimpan di dalam hati oleh yang berbuat baik, pasti akan
disampaikan ooleh orang lain, baunya harum semerbak memenuhi jagad, tetap didalam keutamaannya.

Semoga bermanfaat

Rahayu rahayu rahayu

Anda mungkin juga menyukai