Anda di halaman 1dari 11

TUGAS AKHIR SEMESTER 5

MATA KULIAH : MAOS NASKAH JÅWÅ CARIK SEKAR

Dosen Pengampu: Dra. Hesti Mulyani, M.Hum.

Kasusun dening :

Nama : Riska Wahyu Putri

Kelas : PBD A 2016

NIM : 16205241040

JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAERAH (JÅWÅ)

FAKULTAS BAHASA DAN SENI

UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA

2018
kajian Filologi wontȇn ing Suluk Kahanan Jati

Pupuh Asmaradana Pådå 40

PÅDÅ 40

Pådå wontȇn ing nginggil mȇnikå dipunwaos kanthi metode hermenutik. Maos
kanthi retroaktif-hermeneutik inggih mȇnikå maos kanthi wongsal-wangsul
sinartan ngȇnthå-ȇnthå wosipun mȇnåpå, lan kagayutakȇn kalihan tȇgȇsing tèks
miturut kontèkstual-ipun (Mulyani, 2012:5). Mȇnawi kanggé mangrȇtosi mȇnåpå
tȇgȇsipun sabȇn tȇmbung mȇnikå sagȇd kawaos kanthi metode heuristik, maos
kanthi påråmåsastrå normatif, inggih mȇnikå maos kang gayut kalihan morfologi,
semantik, såhå sintaksis (miturut Riffaterre, 1982:5-6 lumantar ing Mulyani,
2012:5). Maos kanthi heuristik mȇnikå sagȇd kalampahan kanthi migunakakȇn
andharan tȇgȇsing tȇmbung wontȇning bausastrå (Mulyani, 2012:5).

Ancasipun saking maos mȇnikå kaandharakȇn dening Tarigan (1994:3)


lumantar ing Mulyani (2012:5), inggih mȇnikå:

a. Tujuan Behavioral :
- Kanggé mangrȇtosi tȇmbung,
- kanggé mangrȇtosi ngélmu mȇnåpå kémawon ingkang kawrat wontȇn
ing tèks,lan
- paham ngéngingi sådåyå bab ingkang gayut kalihan sårånå såhå isining
andharan.
b. Tujuan Ekspresif:
- Kanggé mangrȇtos kadospundi cårå anggènipun maos,
- kanggé mangrȇtos pangȇnth -ȇnthåning wosipun tèks,lan
- wasis ing bab pangrȇtosan ngélmu ing salebeting tèks.
1. Alih tulis
Pådå wontȇn ing nginggil mȇnikå kasȇrat ngginakakȇn aksårå
Jåwå. Cårå kangge alih tulis tèks wontȇn ing naskah mȇnikå wontȇn kalih,
inggih mȇnikå alih tulis kanthi transkripsi såhå transliterasi
Transkripsi inggih mȇnikå alih tulis sȇrataning tèks mawi aksårå
ingkang sami kalihan aksåråning tèks. Jinising transkripsi wontȇn kalih,
inggih mȇnikå (Mulyani, 2012:12-16):
a. Metode transkripsi diplomatik, inggih mȇnikå cårå anggènipun damȇl
alih tulis sȇrataning tèks ingkang dipunalihtulisakȇn kados déné
sȇrataning tèks.
Transkripsi diplomatik:

b. Metode Transkripsi standar, inggih mȇnikå cårå anggènipun damȇl


alih tulis sȇrataning tèks ingkang kasȇrat adhȇdhasar utawi sampun
kajumbuhakȇn kanthi éjaan ingkang lȇrȇs utawi kajumbuhakȇn kaliha
EYD.
Transkripsi standar

c. Transliterasi inggih mȇnikå alih tulis sȇrataning tèks mawi aksårå


ingkang botȇn sami kalihan aksåråning tèks, tuladhanipun tèks mȇnikå
kasȇrat mawi aksårå Jåwå kadamȇl alih tulisipun mawi aksårå latin
utawi pégon (Mulyani, 2012:9). Jinising transliterasi mȇnikå wontȇn
kalih, inggih mȇnikå (Mulyani, 2012:10-12):
a. Metode Transliterasi Diplomatik, inggih mȇnikå cårå anggènipun
damȇl alih tulis sȇrataning tèks ingkang kasȇrat menapa wontȇnipun
kados déné sȇrataning tèks-ipun kanthi aksårå ingkang bédå.
Transliterasi diplomatik:
[pujinné ingkang sajati/ tatkålå ing ngèlingirå/ sȇbutté èling
namanné/ tatkålå ing lali nirå/ nȇbut piyambakkirå/kawulanné lan
anȇbut/ suallirå ki gukåså]

b. Metode Transliterasi Standar, inggih mȇnikå cårå anggènipun damȇl alih


tulis sȇrataning tèks ingkang kasȇrat adhȇdhasar utawi sampun
kajumbuhakȇn kalihan éjaan ingkang lȇrȇs utawi kajumbuhakȇn kalihan
Ejaan Yang Disempurnakan (EYD) ingkang taksih dipun-anggé kanthi aksårå
ingkang bédå (Mulyani, 2012:11).

Transliterasi Standar:

pujiné ingkang sajati/


tatkålå ing ngelingirå/
sebute eling namane/
tatkålå ing lali nirå/
nebut piyambak ira/
kawulane lan anebut/
suwalira ki Sukasa//

2.Analisis bab Basa, Sastra, lan Budaya

a. Bab Basa

 Maos Kanthi Heuristik, metode mȇnikå saged kalampahakȇn kanthi


madosi tegesipun tembung-tembung wontȇn ing sȇkar, kadosta
No Tembung Tegesipun tembung miturut Bausastra
1 pujine saking tembung kn. 1 sêmbahyangan, donga; 2 pc. pangarêp-arêp
puji- + (-ne) supaya ...; 3 êngg. pc. pangalêm, di-□: 1 ak.
dipêpuji, diaji-aji; 2 (ut. dipujèkake) didongakake,
disêsuwun supaya kêlakona; □-an: donga
pangalêmbana (panuwun) sarana dilagokake (tmr.
islam); kc. muji.
2 ingkang 1 k. sing, kang; 2 k. lêlirune-mu, -e, up. □ putra; 3
kanggo panyilah kang gumathok, up. □ bupati.
3 sajati/sejati n. sêjatos k. sanyata, kang ora palsu.
4 Tatkålå (s) êngg. kn. nalikå.
5 ing n 1 ancêr-ancêr nelakake dunung, up. ana □ kana;
2 nelakake ana sajroning wêktu (mangsa), up. □
taun 1938; 3 mungguh, tumrap, marang, dening; 4
kanggo panambang nunggal têgês karo -e (-ipun).
6 ngèlingira, saking eling
tembung lingga : n. èngêt k 1 pikirane pulih kaya sakawit (tmr.
“èling & sira” wong sêmaput, edan lsp); 2 mangêrti manèh
marang prakara sing wis lawas; 3 ora lali; 4 ent.
ngrumangsani, wêruh marang kaanane dhewe lsp;
di-□-i: ora dilalèkake, dirêmbug (dipikir)
mungguhing kaanane (asale lsp) di-□-ake:
dikandhani supaya ora lali; □-an n. èngêtan k: 1
(ut. kaèlingan n. kaèngêtan k) pangangên-angên; 2
gampang èlinge, ora lalèn; □-□-an: mung ing
saèlinge bae; kc. kèlingan, pangèling-èling, pèling.
sira
: 1 kw. dhèwèke; 2 êngg. kowe (kb. ingsun).

7 sȇbute, saking i mak □ pc. katêranganing njupuk, mbuwang lsp.


tembung lingga, rêrikatan; sêbute ..., sêbute ... êngg: gèk ..., gèk ...
sȇbut- + (-e) ii kn: 1 pangundang; 2 pangrêsula, pangêsah; ora
duwe □ (ora nyêbut): ora ngrumangsani; di-□: 1
diarani, dikandhakake araning pangkate lsp; 2 (ut.
di-□-ake) dikandhakake, dicritakake araning
pangkat, darah lsp.
8 namane, saking k. jênêng; dipunnamani k. ak. diarani.
tembung lingga
“nama- + (-ne)”
9 lali n supe k. 1 ora kèlingan; 2 ora èling (ing nalikåne
sêmaput); dilêlali, dilali-lali br: disamur-samur
murih aja kèlingan; kêlalèn n. kêsupèn k.
kalimêngan ki: kêkilapan, ora kèlingan.
10 nira i (-nireka, -nirèki, -nirèku) kw: -e, -ne. ii (s) kw.
ak. banyu.
11 nebut : kn. ak. nyêbut; kc. sêbut
12 piyambak k. dhewe.
13 ira di-□-□ êngg. kn dikira-kira.
14 kawulane, saking kawula
tembng lingga : kn 1 br. batur, abdi; 2 êngg. k. aku, -u; 3
“kawula-“ ingkang karèrèhan, rakyat; ngawula: ngabdi, ngèngèr;
angsal panambang (- dikawulani ak: dingèngèri.
ne)
15 suwalira, saking suwal
tembung lingga : i êngg. kn. kathok cêkak; kc. sruwal. ii kn:
“suwal” angsal pitakon, prakara sing dadi pitakon (rêmbug); di-□:
wuwuhan (-ira). ditakoni, ditètèr kawruhe sarana pitakon; □-an:
pitakonan (ing ngèlmu etung lsp)

o Basa ingkang dipunginakakȇn wontȇn ing pådå mȇnikå ngginakakȇn basa


Ngoko, mȇnikå saged dipuntiingali saking tetmbunganipun, kadosta:
a. Pujine, tembung linggganipun “puji” ananging pikantuk panambang
(–ne), mȇnikå dados bukti bilih pådå 40 wontȇn ing pupuh
asmaradana mȇnikå ngginakakȇn basa ngoko, menawi basa Krama
kedahipun mawi panambang (-nipun).
b. Sȇbute, namane, kawulane, lsp.`

 Kapanggihakȇn lepating sȇratan aksårå “Sa” murda ($ ), ingkang

kedahipun sȇratanipun kados mȇnikå, ananging namung dipunsȇrat ( g )

dados kados sȇratan aksårå “ga”.


 Trks mȇnikå kasȇrat kanthi Scriptio continua.

 Maos kanthi metode hermeneutik,


Pådå 40:
pujine ingkang sajati/
tatkala ing ngelingira/
sebute eling namane/
tatkala ing lali nira/
nebut piyambak ira/
kawulane lan anebut/
suwalira ki Sukasa//
Parafrase, inggih mȇnikå ngèwahi dhapukan sȇkar dados dhapukan
gancaran(Mulyani, 2012:17)

1. Pujine ingkang sajati : Pȇpuji utawi dȇdongå ingkang sejati


2. Tatkålå ing ngèlingira : nalikå emut panjȇnȇnganipun,
3. Sȇbute èling namane : dipunsȇbut sintȇn asmanipun,
4. Tatkålå ing lali nira : nalikå kȇsupen
5. Nebut piyambak ira : kinten-kinten nyebut piyambak
6. Kawulane lan anebut : cårå nyebutipun para rakyatipun, para
kawulanipun, baturipun
7. Suwalira ki Sukasa : kinten-kinten mȇnikå pitakȇnanipun ki Sukasa

Parafrase:

Satunggal pådå mȇnikå nyariosakȇn bab cårånipun para kawula dȇdongå mring
gustinipun, para kawula mȇnikå dȇdongå nyukani pȇpuji dhateng gustinipun
kanthi cårå nyebut asmanipun gusti, ananging wontȇn bab ingkang dados
pitakȇnan saking ki Sukasa, inggih mȇnikå kados pundi cårånipun dȇdongå para
kawula nalikå piyambakipun wontȇn ing kawontȇnan dhiri kȇsupen mring
gustinipun, utawi nalikå botȇn tepang kalihan gustinipun, kadospundi anggènipun
para kawula mȇnikå dȇdongå?

Terjemahan :

Untuk seorang hamba yang yakin dan percaya akan adanya Tuhan mereka,
mereka mengirimkan sebuah doa dan sebuah pȇpuji kepådå sang Tuhan dengan
menyebut-nyebut nama Tuhannya. Hal tersȇbut membuat sebuah pertanyaan
muncul dari seseorang bernama ki Sukasa, tentang bagaimana cårå seorang hamba
yang tidak percaya akan adanya Tuhan, bagaimana cårå dirinya memberikan
pȇpuji atau doa-doa?
Analisis Sastra

a. Sasmitanipun tembang botȇn wontȇn,

b. Gaya saking sȇratanipun aksårå ugi unik, kadosta sȇratan cecak ( = )

ananging namung dipunsȇrat ngginanakȇn titik (.) ing sanginggiling


aksårå kemawon.

c. Pådå mȇnikå kalebet jinising tembang macapat amaradana, ingkang gadhah


guru wilangan lan guru lagu (8-i,8-a,8-é/o,8-a, 7-a, 8-u, 8-a)

pujine ingkang sajati/ (8i)


tatkala ing ngelingira/ (8a)
sebute eling namane/ (8e)
tatkala ing lali nira/ (8a)
nebut piyambak ira/ (7a)
kawulane lan anebut/ (8u)
suwalira ki Sukasa// (8a)

 Pandom tandha:
a. ( [ ] ) mȇnikå kangge alih tulis saking wujud “mangajaba”
b. ( / ) mȇnikå kangge alih tulis saking wujud “pådå lingsa”
c. ( // ) mȇnikå kangge alih tulis saking wujud “pådå lungsi”
 Wontȇn ing pådå 40 mȇnikå, ugi wontȇn sȇratan-sȇratan aksårå Jåwå ingkang
baku, kadosta:
TABEL 1. Aksaa Jåwå Baku
Nama Wujud Nama Wujud Nama Wujud Nama Wujud
ha na ra ka
A n r k

ta Sa wa la
T s w l

pa ja ya ma
p j y m

ga ba nga
g b z
Tabel 2. Pasangan Aksårå Jåwå
na Ka ta ba
…N …K …T …B

Ha la pa
…H …L …P

Tabel 3. Sandhangan

Suku Wulu taling Pepet


…u …i …[ …e
(u) (i) (é/è) (ȇ)

Cecak
…=
(ng)

Tabel 4. Aksårå Murda


sa
$

Tabel 5. Aksårå swara


a
A

Analisis Budaya

- Menawi dipuntingali saking pådå satunggal, pupuh Amaradana mȇnikå


sampun ngandharakȇn bab-bab ingkang gayut kalihan agama.
- Pådå 40 mȇnikå ugi ngandhut piwulang bab cårånipun kawula ingkang
memuji, dȇdongå, ingkang doa sajatanipun, salȇrȇsipun, inggih mȇnikå
kanthi nyebut asmanipun gusti.

KAPUSTAKAN
Mulyani, Hesti. 2012.Membaca Manuskrip Jåwå. Cetakan kedua. Yogyakarta :
Kanwa Publisher
`

Anda mungkin juga menyukai