Anda di halaman 1dari 5

KHUTBAH IDUL ADLHA 1436 H

BAHASA DJAWI

ُُ‫للُأَ ْن َ َُبُاَ ُللُأَ ْن َ َُبُاَ ُللُأَ ْن َ َُُبُُُاَ ُللُأَ ْن َ َُبُاَ ُللُأَ ْن َ َُبُاَ ُللُأَ ْن َ َُُبُُُاَ ُللُأَ ْن َ َُبُاَ ُللُأَ ْن َ َُبُاَ ُللُأَ ْن ََب‬ ُُ َ‫ا‬
ُ‫ُاَ ُللُأَ ْن َ َُب‬،‫هللاُأَ ْن َ َُب‬ ُ ‫ُهللا َُو‬ ُ َّ‫ُ َالُ ِإ َهلُ ِإال‬،‫هللاُ ُب ْك َر ًة َُوأَ ِص َْ ًال‬ِ ُ‫اُو ُس ْب َح َان‬ َ ‫اُوامْ َح ْم ُدُ ِللُ َن ِث ْ ًْي‬ َ ‫اَ ُللُأَ ْن َ َُبُ َنب ْ ًِْي‬
ُ‫َاُوُم َ ِكنًَُيَ ُ ُاهل‬
َ ‫َاُو َال ُ ِد َمآؤُ ى‬ َ ‫ُٱَّلل ُمُ ُحو ُمي‬ َ َّ ‫ُِف ُ ِن َتا ِب ِو ُْام َك ِر ْ ِْي ُ(مَنًَُيَا َل‬ ْ ِ ‫ُلل ُامْلَائِ ِل‬ ِ ‫ُامْ َح ْم ُد‬.‫َو ِلل ُامْ َح ْم ُد‬
ُ ‫نك‬ُُۡ ‫ٱمتَّ ۡل َوىُ ِم‬
ُ
ِ ِ ‫َل‬
ُ‫ُأهل‬ ُ َ َ‫ُانلّيُ َّم َُص ِّلُػَ ََل َُس َِّ ِد ََنُ ُم َح َّم ٍد َُوػ‬،‫ُهللاُوأَ ْشي َُدُأَ َّنُ ُم َح َّم ًداُ َغ ْب ُد ُه َُو َر ُس ْو ُ ُهل‬ َ َّ‫أَ ْشي َُد ُُأَ ْنُالَُّ ِإ َهلُ ِإال‬
َ ‫ُفََِاُأَ هُّيَاُاميَّ ُاس ُات َّ ُلو‬،‫ُأَ َّماُب َ ْؼ ُد‬.‫ْصا ِب ِو ُأَ ْ َْج ِؼ ْ َْي َُو َم ْن ُت َ ِب َؼي ُْم ُ ِب ِإ ْح َس ٍان ُإ ََِل ًُ َ ْو ِم ُادلِّ ٍْ ِن‬
ُ‫اُهللا ُ َح َّق ُتُلَا ِت ِو‬ َ ْ َ‫َوأ‬
ُ ‫ون‬ َُ ‫َو َالُت َ ُموتُ َّنُ ِإالَّ َُوأَه ُ ُْْتُم ُْس ِل ُم‬
Ma’asyirol muslimin jamaah sholat idul adha ingkang berbahagia

Sakderengipun, monggo kulo lan panjenengan sedoyo tansah ningkataken iman soho taqwa kito
dateng Allah Swt. Sarto boten kesupen tansah ngraosaken syukur dumateng Allah Swt. Keranten
wonten ing enjang meniko, kulo lan panjenengan sami tasih pinaringan nikmat, hidayah lan
ma‟unah saking Gusti Allah sehinggo wonten ing enjing meniko tasih menangi dinten ingkang
mulyo, inggih puniko riyadin qurban utawi idul Adha.

Hadirin kaum muslimin muslimat ingkang dipun mulyaaken Allah SWT

Enjing meniko kulo lan panjenengan sodoyo sami ngagungaken asmanipun Allah, sedoyo sami
ngetingalaken kebahagiaanipun, jaler, estri, sepuh enem sedoyo medal saking dalemipun saperlu
jumenengaken sholat Idul Adha, utawi Idul Qurban. Kawontenan meniko ngemutaken dateng kito
sedoyo, bilih kito supados nulodho perjuanganipun Kanjeng Nabi Ibrahim alaihis salam ingkang
sampun dipun serat wonten Al-Qur‟an. Sejarah Rasul ingkang jejuluk kekasih Allah (Kholilulloh)
meniko diserat ndamel tinta emas wonten buku-buku sejarah. Sikap tabah lan teguhipun ing dalem
nglampahi perintah Allah, andadosaken Nabi Ibrohim dados panutan umat sepanjang zaman.

Sampun sami kito mangertosi bilih riyoyo qurban utawi Idul Adha meniko bersumber saking
ceritanipun Nabi Ibrahim lan putranipun, Ismail. Sejarah lan riwayat ingkang wonten saklebetipun
Idul Adha meniko boten namung kadamel dongeng-dongengan, cerito-ceritonan mawon. Nanging
punopo ingkang dipun wujudaken deneng Allah meniko damel i‟tibar, tamsil, contho, tulodho,
dados pelajaran ugi pepenget kangge umat menungso sedoyo.
Dawuhipun Allah:

َ ‫َۡض ُُبَاُ ِنليَّ ِ ِۖاس َُو َماًُ َ ۡؼ ِللُيَآُإ َِّالُٱمۡ َؼ ِل ُم‬


ُ٣٤ُ‫ون‬ َ ۡ ‫ۡل‬
ِ ۡ ‫ُٱۡل ۡمث َ ُلُه‬ َ ۡ ‫َو ِت‬
Ingkang maksudipun : conto-conto sing wis tak gawe iku kabeh kanggo keperluane menungso.
Amung wae sing biso ngerteni marang maksud lan arti contho-contho mou namung wong-wong
sing podo duwe kaweruh…”.

Semanten ugi sejarahipun Nabi Ibrahim AS ingkang pikantuk dawuh saking Allah supados
nyembelih putro kinasihipun Ismail. Mekaten wou leres-leres wonten piwucal lan pepenget dateng
poro menungso.

Sebab punopo nabi Ibrahim ingkang dados conto? Boten nabi ingkang sanesipun?
Wonten ing kitab tafsiripun, Imam Ibnu Katsir jelasaken bilih Allah Swt ngutus 313 Rasul lan 124
ewu nabi. Lan salah setunggalipun nabi ingkang dados panutan inggih puniko Nabi Ibrahim As.
ُ ‫ٱَّ ٍَنُ َم َؼ ُُو‬ ٓ ِ َٞ‫ُكه َُۡۡمَ ُ ۡك ُُأ ۡس َوةُ َح َس ي‬
ِ َّ ‫ُِفُ ِإ ۡب َر ِى َم َُو‬ َُ ۡ‫كَد‬
Saktemene ono conto sing apik kanggo siro kabeh marang Ibrahim lan wong-wong sing
bareng Ibrahim. (QS. Al-Mumtahanah:4)

Ma’asyirol muslimin jamaah sholat idul adha rahimakumullah

Menopo sebabipun Allah ta‟ala dawuh perintah dateng kekasihipun Nabi Ibrohim AS supados
nyembelih putronipun? Naliko nabi Ibrahim dereng kagungan putro nate kagungan nadzar ingkang
ringkesipun: aku ora eman lamun aku duwe anak lanang banjur anakku tak gawe qurban, tak
sembelih menawi didawuhi Allah.

Sakwatawis dangu, panjenenganipun nabi Ibrahim nyuwun dateng Allah supados dipun paringi
putro. Akhiripun nabi Ibrohim kasembadan keparingan putro ingkang dipun paringi asmo Ismail.
Naliko sampun dewoso nabi Ibrahim dipun tagih utawi dipun uji deneng Allah supados nyembelih
putranipun. Ingkang akhiripun kalih Allah dipun ijoli mendo naliko nabi Ibrahim bade nyembelih
Ismail.

Allahu akbar….allahu akbar…. allahu akbar …. walillahilhamd

Sejatosipun tradisi qurban utawi nyembelih qurban sampun dikenal dangu. Kados kisah putranipun
Nabi Adam, Qobil lan Habil. Kisahipun, Qobil lahir sareng sederek putri ingkang ayu ingkang asmo
Iqlima. Habil lahir sareng sederek putri ingkang asmo Labuda ingkang boten ayu. Wonten ing
ajaran Nabi Adam dipun anjuraken nikahaken sederek kandung putri angsal sederek jaler saking
lintu ibu. Artosipun, Qobil kedah nikah kaliyan Labuda Habil nikah pikantuk Iqlima. Amargi
Labuda boten ayu, qobil boten terimo. Akhiripun Qobil Habil sepakat maringi qurban dateng Allah.
Qobil qurban tanduran utawi bondo ingkang awon, Habil qurban mendo ingkang paling sae.
Akhiripun qurban Habil ingkang dipun tampi Allah Swt.

Wonten riwayat, simbah ipun Nabi Muhammad, Abdul Mutholib nate nadzar menawi dipun paringi
putro jaler 10 bade nyembelih setunggal kagem qurban. Akhiripun dipun ijabahi Allah lan undian
putro ingkang disembelih dumawah dateng ramanipun Nabi Muhammad, Abdullah. Ngertos
nadzaripun Abdul Mutholib, kaum Quraisy nyegah supados nadzaripun digantos nyembelih 100
unta. Sehinggo Nabi Muhammad enten ingkang juluki „putro 2 sesembelihan‟ inggih puniko Ismail
bin Ibrahim lan Abdullah bin Abdul Mutholib.

Ma’asyirol muslimin rahimakumullah

Ingkang sampun kulo aturaken wonten ing ngajeng kolo wau, bilih kisah-kisah ingkang
dipun sebataken Allah meniko mengku tulodho utawi piwucal dumateng kulo lan
panjenengan sedoyo.

Hikmah ingkang saget kito pendet wonten ing Idul Adha inggih puniko, antawisipun :
1. Taqorub utawi ibadah nyaket dumateng marang Allah.
Lafad qurban saking bahasa Arab qoroba yaqrobu qurbanan ingkang gadahi arti cerak, parek,
cedak. Artosipun tiyang ingkang qurban berarti nyaket dumateng marang Allah. Amargi qurban
salah satunggalipun cara nyaket dumateng Allah. Lan sak sampunipun umat nyaket dumateng
Allah, mesti Allah bakal ngangkat derajat umat kala wau. Kados ingkang sampun dipun conto
aken Nabi Ibrahim rikolo dipun dhawuhi nyembelih putro kinasihipun.
Nanging dening Allah pun gantos dados mendo gibas. Amargi ketaatan Nabi Ibrahim, lajeng
Allah ngangkat derajatipun.
Mugi-mugi kulo lan panjenengan sedoyo ingkang sami qurban kanti manah ingkang ikhlas lan
sae dipun tampi deneng Allah lan saget dados lantaran derajat kulo panjenengan sami dipun
angkat deneng Allah. Amin…

Wonten ing kitab Misykatul Anwar anggitanipun Imam Al Ghozali pun sebataken bilih Nabi
Ibrahim gadah ternak arupi 1000 ekor domba, 300 sapi lan 100 unta. Riwayat lintu
ngendikakaken bilih kekayaanipun Nabi Ibrahim 12.000 ternak. Nate Nabi Ibrahim dipun dangu,
“Gadhahane sinten rajakaya sakmenten katahe puniko?” Nabi Ibrahim jawab, “Sedaya puniko
Kagunganipun Allah. Nanging wekdal puniki taksih dados hak kulo. Sak wanci-wanci Gusti
Allah ngersakaken mundut, dalem siap ngaturaken sedaya. Mboten namung rajakaya. Anak
kula, Ismail menawi pun kersak aken dening Gusti Allah badhe kulo caosaken.”

Meniko lah tulodo saking Nabi Ibrahim. Senajan gadah kekayaan ingkang katah nanging boten
ngalang-ngalangi saking ibadah, eling marang Allah.

2. Qurban anglatih, ndidik keikhlasan.


Tiyang ingkang ikhlas lan siap berkorban biasanipun tegar, tabah menawi wonten cobaan ugi
penderitaan. Kados Nabi Ibrahim ingkang dipun dhawuhi mragat putranipun. Keranten raos
ikhlas dateng dhawuhipun Gusti Allah, Nabi Ibrahim saget tegar lan tabah, mboten gersulo
kakean sambat.

Keikhlasan saget nebihaken tiyang saking sifat zalim/anioyo. Tiyang ingkang ikhlas wonten
nopo kemawon boten bakal nglarani tiyang sanes. Ugi tiyang ingkang ikhlas meniko biasanipun
sanggup ngorbanaken diri kagem kepentingan umat. Ibarat lilin, tiyang ingkang gadhahi manah
ikhlas saget ngalahi awakipun musna kobong lan meleleh supados cahayanipun saget nerangi
sekitar, nerangi keluarga, nerangi tetangga lan masyarakat.

Tiyang ingkang ikhlas berkurban ugi boten bakal zolim dateng awake dewe. Ateges tiyang
ikhlas bakal berkorban kanti bondo ingkang sae. Milo wonten ing ibadah kurban dipun
syarataken sesembelihan qurban ingkang sae, sehat lan boten cacat.

Nanging perlu kulo lan panjenengan sedoyo mangertosi bilih sanes kuru utawi lemunenipun
qurban. Sanes ugi daging utawi getihipun ingkang dipun tampi Allah. Ananging ingkang dipun
tampi inggih puniko taqwanipun tiyang ingkang qurban. Tiyang ingkang taqwa mesti
mempersembahkan ingkang paling sae dateng Dzat Ingkang Dadosaken, Allah Swt.

ۡۚۡ ُ ‫َاُوم َ ِكنًَُيَ ُ ُاهلُٱمتَّ ۡل َوىُ ِم‬


ُ‫نك‬ َ ‫َاُو َالُ ِد َمآؤُ ى‬
َ ‫ُٱَّللُمُ ُحو ُمي‬
َ َّ ‫مَنًَُيَا َل‬
“Allah ora nompo daging lan ora getehe qurban. Nanging Allah nompo taqwa siro kabeh”

3. Bucal Sifat Hewani


Qurban ingkang arupi nyembelih hayawan saget dados simbol kagem ingkang qurban, inggih
puniko nyembelih sifat-sifat hewan ingkang manggen wonten ing jiwo kito. Hayawan meniko,
kados mendo, sapi, unto gadah sifat menawi pados panganan, suket, tanduran-tanduran boten
peduli kangungane sinten. Sing penting ijo, nggih dipun pangan. Semanten ugi manungso enten
ingkang gadahi sifat mekaten. Boten peduli saking pundi asalipun pados rejeki. Boten peduli
niku haram utawi halal. Boten peduli niku cecak utawi kadal. Boten peduli niku watu nopo
aspal. Boten peduli niku sepatu nopo sandal. Sing penting saget diuntal. Kadang enten ingkang
pados rejeki kanti nyikut rencange, ngidak-ngidak sedulure, kados hayawan ingkang angsal
panganan nanging boten terimo menawi enten hayawan lintu derek mangan. Na‟udzubillah.
Hayawan meniko boten mangan panganan saklintune panganane. Kados mendo, sapi ingkang
mangan suket. Macan ingkang mangan daging. Menawi sapi diparingi daging boten purun
mangan semanten ugi macan diparingi suket boten purun mangan. Menawi kulo lan
panjenengan sedoyo, nopo-nopo purun.

Milo kanti wontenipun ibadah qurban meniko kulo lan panjenengan sami bucal sifat-sifat
hewaniyah ingkang wonten ing jiwo kito. Menawi kulo lan panjennegan sedoyo boten bucal lan
tasih anggadahi sifat meniko berarti kulo lan panjenengan sedoyo sami kalih hewan bahkan
luwih ino saking hewan meniko.

ُ‫ونُُبِ َا‬ ُ ِ ‫اُومَي ُۡم ُأَ ۡػ ُْي َُّالًُُ ۡب‬


َ ‫ِص‬ َ َ ِ‫ُونُُب‬َ ‫َومَلَدۡ ُ َذ َر ۡأ ََنُ ِم َجيََّنَّ َ ُ َن ِث ْٗياُ ِّم َنُٱمۡ ِج ِّن َُو ۡٱۡل ِ ِِۖوسُمَيُ ۡمُ ُكلُوب َُّالًُ َ ۡفلَي‬
ُ٩٧١ُ‫ون‬ َ ُ‫ُُهُٱمۡغَ ِفل‬ُ ُ ‫ُُهُأَ َض ۚۡ هل ُُأ ْوم َ ٓ ِئ َم‬ َ ۡ ‫ونُُبِ َاۚۡ ٓ ُُأ ْوم َ ٓ ِئ َمُ َن‬
ۡ ُ ‫ٱۡله ۡ َؼ ِمُب َ ۡل‬ َ ‫َومَيُ ۡمُ َءا َذان َُّالٌُ َۡس َم ُؼ‬
“Saktemene ingsun dadekake kanggo isine neroko jahannam soko jin lan menungso. Deweke
duwe ati, nanging ora digunakke kanggo mahami ayat-ayat Allah. Lan deweke duwe mripat
nanging ora digunake kanggo delok tanda-tanda kekuasaan Allah, lan dewekke duwe kuping,
nanging ora digunakke kanggo ngrungokne ayat-ayat Allah. Dewekke koyo kewan ternak,
bahkan luwih ino. Dewekke termasuk golongane wong sing podo lali.”

4. Pendidikan Keluarga
Keluarga Nabi Ibrahim meniko dados simbol keluarga ingkang harmonis ingkang dipun landasi
cinta dateng Allah Swt. Keluarga ingkang dipun landasi raos tresno, cinta dateng Allah pasti
keluarga meniko saget harmonis. Hubungan suami-istri, hubungan tiyang sepuh-putra soho
hubungan putra- tiyang sepuh, saget terjalin kanthi sae.

Dipun riwayataken, Nabi Ibrahim angsal perintah supados ngajak garwo lan putranipun ingkang
tasih bayi wonten lembah tandus, gersang, boten enten tanduran ugi sumber toyo. Tempat
ingkang dereng enten penghuni, ingkang tebih saking tempat tinggalipun Nabi Ibrahim,
Palestina. Tebihipun kirang langkung 1600 KM. Nabi Ibrahim boten ngertos punopo ingkang
dipun kersakaken dening Gusti Allah perintah mekaten.

Nabi Ibrahim namung ikhlas lan tawakkal nampi perintah meniko. Nalika Nabi Ibrahim bade
nilar Siti Hajar lan Ismail, Siti Hajar tanglet dateng keng Garwa, Nabi Ibrahim “Wahai Kang
Mas Ibrahim panjenengan bade tindak dhateng pundi, panjenengan nilar kulo lan Ismail ing
mriki uga mboten enten ingkang nyekapi kebetahan kulo?”. Ibrahim mboten mangsuli, ugi
nalika Hajar nangleti maleh Ibrahim mboten mangsuli, Siti Hajar tanglet,
“Punapa Allah ingkang dhawuh panjenengan maketen? Ibrahim as mangsuli, “Iyo”. Hajar .
Lajeng Siti Hajar matur: “menawi mekaten mesti Allah mboten badhe nyia-nyiaaken kita
sedaya”.

Meniko gambaran istri ingkang toat dateng perintah garwanipun senaoso perintah meniko awrat.
Kanti sedoyo puniko dipun landasi taqwa lan tawakkal dateng Allah Swt.

Semanten ugi naliko Allah merintahaken Ibrahim supados nyembelih Ismail, Ibrahim ketingal
sedih, susah. Amargi sejatosipun boten wonten tiyang sepuh ingkang tego mragat putra
piyamnak. Semanten ugi Nabi Ibrahim boten egois langsung mragat Ismail. Nanging dipun
musyawarohaken kaleh putranipun kinasih puniko. Lan putranipun boten bantah dateng
ramanipun. Ingkang ateges Ismail meniko dados simbol putro ingkang sholih. Putro ingkang
sholih tansah toat dateng tiyang sepuhipun.

ُِۡ َ ‫ُٱمس ۡؼ َي ُكَا َل ًُ َ ُب َ ََّن ُإ ِّ ِِّٓن ُأَ َرى ُِِف ُٱمۡ َميَا ِم ُأَ ِّ ِّٓن ُأَ ۡذ َ َُب َم ُفَٱ ُهظ ۡر ُ َما َذاُتَ َر ۚۡى ُكَا َل ًُ َ ٓ َأب‬
َّ ‫فَلَ َّماُبَلَؽَُ َم َؼ ُو‬
ُ٩٠١ُ‫ُٱمص ِ َِب ٍَن‬ ُ َّ ‫ِنُشا ٓ َء‬
َّ ‫ُٱَّللُ ِم َن‬ َ ‫ٱفۡ َؼ ۡلُ َماُت ُۡؤ َم ُ ِۖر َُس َت ِج ُد ِ ِّٓنُإ‬
Artinya: Naliko teko mogsone Ibrahim ngomong "Hai anakku saktemene aku ndeleng jero impi
menawa aku mbeleh kowe. mula mikirna apa pamikirmu !" dheweke njawab: "Hai
bapakku, tindakno apa sing diperintahke dateng panjenengan ; insya Allah panjenengan nemu
kulo klebu tiyang-tiyang ingkang sabar"(QS Aa-saffat: 102)

Menawi kulo lan panjenengan sedoyo tingali wonten ing akhir-akhir meniko katah keluarga
ingkang boten harmonis, salah setunggal sebabipun garwo ingkang boten toat, tiyang sepuh
ingkang tego nganioyo lan mbuang putranipun, boten ngurusi putranipun amargi alasan
kesibukan, ugi putro ingkang kanti tego gugat ibunipun piyambak 1 Milyar namung goro-goro
urusan lemah. Na’udzubillah min dzalik.

Milo kanthi dinten riyoyo Idul Adha meniko mugi-mugi saget dados piwucal dateng kito
supados bangun keluarga ingkang harmonis ingkang dipun landasi cinta. Cinta Allah lan cinta
dateng keluargo.
‫ُامر ِح ِم‪ُ.‬إ ََِّن ُأَغ َْط َْيَاكَ ُْام َك ْوث ََر ُفَ َص ِّل ُ ِم َرب ِّ َمُ‬ ‫ُامر ْْح ِن َّ‬ ‫ُامر ِج ْ ِم‪ُ.‬ب ِْس ِم ِ‬
‫ُهللا َّ‬ ‫طن َّ‬ ‫ُامش َْ ِ‬‫أغ ُْو ُذ ُِِب ِلل ُ ِم َن َّ‬
‫‪ُ.‬وه َ َف َؼ َِن َُوا ِِِّّي ُ ُْك ُمباُفِوُ ِم َنُ‬ ‫ُهللا ُِِل َُومَ ُ ْك ُِِف ُامْ ُل ْر ِآن ُامْ َؼ ِظ ْ ِم َ‬
‫ُ‪ُِ.‬ب َركَ ُ‬ ‫ُاۡلبْ َ َُت َ‬‫َو ْ َاْن ْر ُإ َِّن َُشا ِهئَ َم ُى َُو ْ َ‬
‫ُامس ِم َْ ُع ُ ْام َؼ ِل ُُْم‪ُ .‬فَ ْاس تَ ْغ ِف ُر ْوا ُ ِاهَّوُُ‬ ‫اآل َِّي ِت َُو ِّاَّ ْن ِر ُامْ َح ِك ْ ِم‪َُ .‬وتَلَبَّ ْل ُ ِم ِّ َْن َُو ِمنْ ُ ْك ُ ِت َ‬
‫الوت َ ُو ُ ِاه ّ ُو ُى َُو َّ‬
‫ى َُو ْامغَ ُف ْو ُر َّ‬
‫ُامر ِح ُُْم‬
‫‪Khutbah Kedua Idul Adlha‬‬
‫ُ‬
‫اُو ُس ْب َح َانُهللاُ ُب ْك َر ًة َُوُأَ ْص َْ ًالُ َالُ ِا َ َهلُ‬ ‫اُو ْاحلَ ْم ُدُ ِللُ َن ِث ْ ًْي َ‬ ‫هللاُاَ ْن َ َْبُهبْي َ‬ ‫هللاُاَ ْن َ َْبُ(‪ُ ُ)×4‬‬ ‫هللاُاَ ْن َ َْبُ(‪ُ ُ)×3‬‬ ‫ُ‬
‫ُهللاُاَ ْن َ َْب َُو ِللُ ْاحلَ ْم ُُد ُ‬ ‫ُهللا ُُاَ ْن َ َْب ُ‬
‫هللا َُو ُ‬ ‫ِاالَّ ُ‬
‫ُهللا َُو ُ‬
‫هللا َُو ْْ َد ُه ُ َالُ‬ ‫ُهللا َُو ُ‬ ‫‪ُ.‬واَ ْشي َُد ُاَ ْن ُ َال ُ ِا َ َهل ُ ِاالَّ ُُ‬‫امش ْك ُر َ ُُهل ُػَ ََل ُت َْو ِف ِْ ِل ِو َُوِا ْم ِتيَا ِه ِو َ‬ ‫اَمْ َح ْم ُد ُ ِلل ُػَ ََل ُ ِا ْح َسا ِه ِو َُو ه‬
‫ُادلا ِغىُ ِا ََل ُِرضْ َوا ِه ِو‪ُ.‬انليُ َّم َُص ِّل ُػَ ََل َُس َِّ ِد ََنُ‬ ‫َشًْ َم َ ُُهل َُواَ ْشي َُد ُاَ َّن َُس َِّ َد ََن ُ ُم َح َّم ًداُ َغ ْب ُد ُه ُ َو َر ُس ْو ُ ُهل َّ‬ ‫َِ‬
‫ثْيا ُ‬ ‫ْصا ِب ِو َُو َس ِّ ِّْلُت َ ْس ِل َْ ًماُ ِن ْ ً‬‫ُم َح َّم ٍد َُوػَ ََلُاَ ِ ِهل َُواَ ْ َ‬
‫هللاُاَ َم َرُ ُْك ِ َُِب ْم ٍرُب َ َدأَُ ِف ِْ ِوُ ِبيَ ْف ِس ِوُ‬
‫ىىُوا ْػلَ ُم ْواُاَ َُّنُ ّ‬
‫اَُنَ َ‬ ‫اَُع َ‬ ‫اَ َّماُب َ ْؼ ُدُفَِاَُاَ هُّيَاُاميَّ ُاسُ ِات َّ ُلو َ‬
‫اهللاُ ِف ِْ َماُاَ َم َر َُوا ْى َ َُت ْو َ َّ‬
‫اُصل ه ْواُ‬‫اُاَّ ٍْ َنُآ َمنُ ْو َ‬‫ُهللا َُو َمآلُئِ َكتَوًُُُ َصل ه ْو َنُػَ ََلُاميَّ ِِبًُآُاَ هُّيَ َّ ُِ‬ ‫َوث َ َـَنُ ِب َمآلُئِ َك ِت ِوُ ِب ُل ْد ِس ِو َُوكَا َلُت َؼاَ ََلُ ِا َّن َ‬
‫ُآل َُس َِّ ِد ََنُ ُم َح َّم ٍدُ‬ ‫ُهللاُػَل َ َْ ِو َُو َس ِّ ِّْل َُوػَ ََل ِ‬ ‫َلُ َس َِّ ِد ََنُ ُم َح َّم ٍد َُص ََّل ُ‬ ‫ػَل َ َْ ِو َُو َسل ِّ ُم ْواُت َ ْس ِل َْ ًما‪ُ.‬انليُ َّم َُص ِّلُػَ َ ُ‬
‫ُامر ِاش ِد ٍْ َن ُاَ ِِب ُبَ ْك ٍُر َو ُ ََع َرو ُغثْ َمانُ‬ ‫ۡل َُو َمآلئِ َك ِ‪ْ ُ ٞ‬املُلَ َّرب ْ َِْي َُو ْار َض ُانلّيُ َّم ُغ َِن ُ ْاخلُلَ َفا ِء َّ‬ ‫َوػَ ََل ُاَهْبِِآئِ َم َُو ُر ُس ِ َ‬
‫َوػَ َِل َُوغ َْن ُب َ ِلَِّ ِ‪ُ ٞ‬ا َّمص َحاب َ ِ‪َُ ٞ‬وامتَّا ِب ِؼ ْ َْي َُو ََت ِب ِؼيُامتَّا ِب ِؼ ْ َْي ُمَي ُْم ِ ُِِب ْح َس ٍان ُ ِامَى ََ ْو ِم ُادلِّ ٍْ ِن َُو ْار َض ُ َغيَّاُ َم َؼ ُي ْمُ‬
‫ْي ُ‬ ‫ُامر ِ ِ‬
‫اْح ْ َُ‬ ‫ِب َر ْ َْح ِت َمُ َِّيُاَ ْر َح َم َّ‬

‫ات ُاَ َال ُْحِآ ُء ُ ِم ْ ُْن ْم َُو ْا َال ْم َو ِات ُانليُ َّم ُاَ ِغ َّز ُ ْا ِال ْس َال َمُ‬ ‫ات َُو ْامل ُ ْس ِل ِم ْ َْي َُو ْامل ُ ْس ِل َم ِ‬‫اَنليُ َّم ُاؾْ ِف ْر ُ ِنلْ ُم ْؤ ِم ِن ْ َْي َُو ْامل ُ ْؤ ِمنَ ِ‬
‫َِص ُادلِّ ٍْ َُن ُ َواخ ُْذ ْل ُ َم ْنُ‬ ‫ِْص ُ َم ْن ُه َ َ‬ ‫ِْص ُ ِغ َبادَكَ ُ ْامل ُ َو ِّْ ِدً َّ َ‪َُ ٞ‬واه ُ ْ‬ ‫ِّش ِن ْ َْي َُواه ُ ْ‬ ‫ُامِّشكَ َُو ْامل ُ ْ ِ‬
‫َو ْامل ُ ْس ِل ِم ْ َْي َُوأَ ِذ َّل ِّ ْ‬
‫َُك َما ِت َم ُ ِا ََل ًُ َ ْو َم ُادلِّ ٍْ ِن‪ُ.‬انليُ َّم ُا ْدفَ ْع ُ َغيَّاُ ْام َب َال َء َُو ْا َمو َِب َءُ‬ ‫َخ َذ َل ُ ْامل ُ ْس ِل ِم ْ َْي َُو ُ َد ِّم ْر ُاَ ْػ َدا َءادلِّ ٍْ ِن َُوا ْػ ِل َ ِ‬
‫خآص ً‪َُ ٞ‬و َسائِ ِرُ‬ ‫اُو َماُب َ َط َن ُغ َْن ُب َ َ َِل ََن ُ ِاه ُْدوِهُ ِْس ََّاُ َّ‬ ‫اُظي ََر ُ ِم ْْنَ َ‬ ‫َو َّامز َال ِز َل َُو ْا ِمل َح َن َُو ُس ْو َء ُ ْام ِف ْتيَ ِ‪َُ ٞ‬و ْا ِمل َح َن ُ َم َ‬
‫ُادله ْ ََاُ َح َس يَ ً‪َُ ٞ‬و ِِفُ ْاآل ِخ َر ِةُ َح َس يَ ً‪َُ ٞ‬و ِكنَاُػَ َذ َابُ‬ ‫‪ُ.‬ربَّيَاُآ ِتياَ ُِِف ه‬ ‫ْام ُب ْ ََل ِانُ ْامل ُ ْس ِل ُِم ْ َْيُػآ َّم ً‪َِّ ُ ٞ‬ي َُر َّبُ ْام َؼام َ ِم ْ َْي َ‬
‫هللا ًُ َ ْأ ُم ُر ََنُ‬ ‫اِسٍْ َن‪ِ ُ.‬غ َباد ُِ‬
‫َهللا ُُِ ِا َُّن ُ َ‬ ‫اُوت َ ْر َ ْْحيَاُمَيَ ُك ْوىَ َّن ُ ِم َن ُ ْاخلَ ِ ِ‬ ‫اُظل َ ْميَاُاَه ْ ُف َس يَ َاوا ِْن ُمَ ْم ُت َ ْغ ِف ْر ُمَيَ َ‬ ‫‪ُ.‬ربَّيَ َ‬ ‫اميَّا ِر َ‬
‫ِ ِْبم َؼ ْد ِل َُو ْا ِال ْح َس ِان َُو ِإًْتآ ِءُ ِذىُ ْام ُل ْر َِب َُوٍَ ْْنَىىُغ َِنُ ْام َف ْحشآ ِء َُو ْامل ُ ْي َك ِر ِِ َُو ْام َبغْيًُ َ ِؼ ُظ ُ ْكُمَ َؼل َّ ُُْكُت ََذنَّ ُر ْو َنُ‬
‫واهللاُ ْام َؼ ِظ ْ َمًُ َ ْذ ُن ْرُ ُْك َُو ْاش ُك ُر ْو ُهُػَ ََلُ ِه َؼ ِم ِوٍَُ ِزد ُ ُْْك َُو َ َِّ ْن ُرُ ِ‬
‫هللاُاَ ْن َ َُْب‬ ‫َو ْاذ ُن ُر َ‬

Anda mungkin juga menyukai