Anda di halaman 1dari 17

NYEMAK 

  MUSYAWARAH
1. Nyemak
Ana sajroning bebrayan ana tembung krungu, ngrungokake lan nyemak. Katelune beda-beda
tegese.
Krungu tegese proses kegiyatan nampa swara sing dilakoni kanthi ora sengaja utawa saderma
kabeneran.
Tuladha   : Nalika aku sinau, aku krungu barang tiba saka ndhuwur gendheng.
Ngrungokake tegese proses kegiyatan nampa swara sing dilakoni kanthi sengaja nanging during
ana unsure pemahaman.
Tuladha  : nalika aku sinau basa Jawa, aku krungu lagu karemenanku, sabanjure aku
ngrungokake lagu kuwi. Barengwisrampung lagune,aku sinau maneh.
Nyemak tegese proses kegiyatan nyemak lambing-lambang lisan kanthi nggatekna kang
tumenen, paham, apresiatif, sarta interpretasi antuk informasi, nangkep isi utawa pesen sarta
paham tegese babagan sing diomongake pembicara.
Tuladha  : aku mesthi nyemak piwulangan sing diparingake guruku kanthi tumenen, sinambi
nyathet bab-bab penting sing diterangake.
Jinising nyemak kaperang dadi loro, yakuwi :
a).   Nyemak Ekstensif
Tegese proses nyemak ana bebrayan saben dinane. Kayata nyemak radio, televise, pacelathon
ning pasar, lsp.
Ana patang perangan nyemak ekstensif
1. Nyemak Sekunder, nyemak sing kedadeyan sarana kebeneran. Upamane : lagi sinau uga
bisa ngrungokake wong omong, swara radio, tv, lsp.
2. Nyemak Sosial, nyemak sing ditindakake ana bebrayan social. Kayata : pasar, terminal,
kantor pos, lsp.
3. Nyemak Estetika / Apresiatif, tegese kegiyatan nyemak kanggo nikmati karya sastra.
Kayata : nyemak puisi, cerita, syair lagu, lsp.
4. Nyemak Pasif, tegese ngrungokake sing dilakoni kanthitampaana upaya sadar. Tuladhane
nyemak basa dhaerah ngasi tekan bisa.
b).    Nyemak Intensif
Tegese kegiyatan nyemak sing dilakoni kanthi tumenen lan konsentrasi sing dhuwur.
Ciri-ciri nyemak intensif :
a. Nyemak kanthi pemahaman
1. Nyemak kanthi kebak konsentrasi
2. c.    Nyemak paham bahasa formal
3. Diakhiri reproduksi hasil simakan
Jinising nyemak Intensif yaiku :
1. Nyemak Kritis tegese :kegiyatan nyemak sing dilakoni kanthi tumenen kanggo menehi
biji kang objektif, nemtokake asli lan orane, kaluwihan, lan kakurangan-kakurangane.
2. Nyemak Konsentratif, tegese : kegiyatan nyemak sing dilakoni kanthi permati; kanggo
entuk pemahaman sing apik tumrap informasi sisng dirungokake. Tujuan  nyemak konsentratif
yaiku :
-             manut petunjuk-petunjuk/pituduh-pituduh (umpamane : pituduh ngisi  formulir
pendaftaran.
-             Nggoleki sesambungane antarunsur sajroning nyemak.
-             Nggoleki sesambungane kuantitas lan kualitas sajroning komponen.
-             Nggoleki informasi penting.
-             Nggoleki urutan penyajian bahan semakan.
-             Nggoleki gagasan utama
1. Nyemak eksploratif, tegese kegiyatan nyemak sing dilakoni kanthi permati kanggo entuk
informasi anyar. Tujuane :
-          nemokake gagasan anyar.
-          Nemokake informasi anyar lan tambahan saka bidang tertentu.
-          Nyemak kanggo nemokake topik-topik anyar sing bisa dikembangake.
-          Nemokake unsure-unsur bahasa sing sifate penting.
1. Nyemak Interogatif, tegese : kegiyatan nyemak sing nduweni tujuan kanggo nggoleki
informasi kanthi cara ngajokake pitakon-pitakon sing diarahake tumraping entuk-entukaning
informasi. Tujuane :
-          Kanggo nggoleki fakta-fakta / kasunyatan.
-          Nyemak gagasan anyar.
-          Nyemak kanggo entuk informasi sing disemak asli apa ora.
1. Nyemak Musyawarah
Nyemak Musyawarah kalebu nyemak intensir yaiku nyemak konsentratif. Topik sing dirembug
ana sajroning musyawarah kuwi beda-beda. Musyawarah dadi gayeng menawa topike isih actual.
Kango nggoleki informasi penting ana sajroning musyawarah bisa nggunakake format ing ngisor
ini.
1. Tema / topik            :   ………………………………………………………
2. Paraga Musyawarah                     :     1. …………………………………………………..
2. …………………………………………………..
3. …………………………………………………..
4. …………………………………………………..
3. Isi Musyawarah
a. Pambuka              : ……………………………………………………….
b. Isi                         : ……………………………………………………….
c. Panutup                : ……………………………………………………….
4. Simpulane                : ……………………………………………………….
1. I.       PENDALAMAN MATERI
 
REBOISASI
            Sawijining dina ing RT 4 / RW V Kampung Tegalsari nganakake rapat RT sing mbahas
bab penghijauan utawa reboasasi.
Ketua RT     :   Assalamu’alaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh.
Warga          :   Wa’alaikum salam.
Ketua RT     :   Matur nuwun kula aturaken dhumateng para bapak warga RT 4 ingkang sampung
kersa angrawuhi musyawarah rutin bulanan punika. Wonten ing wekdal punika, kula badhe
medharaken bab ingkang saged dipun wastani wigati. Sakjane ngono ya antaraning penting ora
penting. Jlentrehipun kados makaten. Sapunika lak mangsa rendheng kamangka kahanan RT 4
punika ing pinggir radosan taksih kosong dereng wonten tanemanipun. Kados pundit menawi
dipun anakaken penghijauan ?
Pak Agus    :     Wah….sajakipun kok sae punika, kula inggih setuju kemawon. Sanesipun kados
pundit ?
Pak Marno  :    Babagan ingkang sae kados makaten menawi kula nggih monat-manut mawon.
Pak Joko     :    Monat-manut nggih pareng, Pak. Ning niku lho, dananipun kados pundit ?
Pak RT        :    Lja….punika ingkang kedah dipun rembug sesarengan. Mangga kula aturaken
panjenengan ingkang ngrembug. O …..inggih, Pak Marno rak bendhahara, ta. Kados pundit,
Pak ? kahanan kas RT ?
Pak Marno  :    Mekaten Bapak-bapak, kas RT kita taksih wetah, tegesipun dereng dipun angge
kegiyatan ingkang mbetahake arta kathah. Wingi halal bihalal rak sederma kempalan sarasan.
Gunggunge  arta wonten Rp. 500-an ewu. Sumangga panjenengan kemawon.
Ketua RT    :    Wah ….kaleresan menawi makaten. Kados pundit Bapk-bapak bab penghijauan
punika ?
Warga         :    Setujuuuuuu…………………! Hu…..hu…….hu……..
Pak Jarot    :     Nyuwun sewu, Pak RT, lajeng jinisipun taneman punika punapa ? Jinis rak nggih
netepake rega barang ?
Pak Joko    :     Kados pundit menawi glodog utawi cemara kemawon. Sae lho taneman punika.
Warga        :     Wah………cocok……………cocok !
Pak RT       :     Nggih sampun. Menawi makaten mangga minggu ngajeng kita gotong royong
nanem pelem. Matur nuwun sanget dene panjenengan sampun ngarujuki bab punika. Kula cekapi
semanten……………………..
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi  Wabarakatuh.

A.   Tembang Macapat


Tegese Tembung Macapat
Macapat ditegesi maca papat-papat tegese macane papat-papat, saben pamunggele tembung
kedadeyan saka patang wanda. Ananging iki dudu siji-sijine teges.. salah sawijining pakar Sastra
Jawa, Arps negesi macapat kanthi teges-teges kang maneka warna kaya kang kapacak ana
bukune kang asesirah Tembang in two traditions.
Kajaba saka kuwi, -pat ngrujuk marang  panandha  diakritis (sandhangan) ana sajroning aksara
Jawa kang jumbuh lan mathuk ana sajroning tetembangan  macapat.
Miturut  Serat Mardawalagu, sing dianggit dening Ranggawarsita, macapat kuwi saka singkatan
frasa maca-pat-lagu sing tegese nembangake lagu kang angka papat “melagukan nada keempat”.
Kajaba  maca-pat-lagu, isih ana maneh maca-sa-lagu, maca-ro-lagu lan maca-tri-lagu. Maca-
sakalebu maca lagu utawa tembang kang paling tuwa, miturut ujaring kandha diripta dening para
Dewa lan diturunkan marang pandita Walmiki lan digandhakake dening sang pujangga istana
Yogiswara saka Kediri.Maca-sa saiki diarani tembang gedhé. Maca-ro kalebu  tembang
gedhékang gunggunge pada saben  pupuh bisa kurang saka papat, lan gunggunge wanda saben
gatra ora kudu padha. Maca-tri utawa kategori angka telu yakuwi  tembang tengahan kang
miturut ujaring kandha diripta dening Resi Wiratmaka, pandita istana Janggala lan
kasampurnakake dening Pangeran Panji Inukartapati lan sadulure.
Pungkasane, macapat utawa tembang cilik diciptakake dening Sunan Bonang lan diturunake
marang para wali.
Sejarah macapat
Sacara umum macapat thukul nalikaning zaman Majapahit lan kawiwitan antuk pangaribawa
sakaWalisanga. Kahanan iki mligi ana ing Jawa tengah, dene  ing Jawa Timur lan Bali macapat
wis ditepungi sadurunge Islam teka ing laladan Jawa.. tuladhane ana sawijining naskah saka Bali
atau Jawa Timur kang asesirah Kidung Ranggalawé kang tinulis ing tahun 1334 Masehi.
Struktur macapat
Sawijing  karya sastra macapat biasane kaperang dadi pirang-pirang pupuh. Saeben pupuh
kaperang dadi pirang-pirang pada. Saben pupuh migunakake utawa struktur kang padha. Metrum
iki gumantung saka watak isi teks kang diceritakake.
Gunggunge  pada saben pupuh beda-beda, gumantung marang gunggunge naskah kang
digunakake. Sabanjure saben pada kaperang dadi  larik utawa gatra. Sabanjure saben gatra
kaperang  wanda. Saben gatra nduweni wanda kang tetep lan dipungkasi dening vocal kang
padha.
Tabel macapat
Supaya luwih gampang mbedakake antaraning guru gatra, guru wilangan lan guru lagu saka
tembang-tembang kuwi, saben metrum ditata ana sajroning table ing ngisor iki.:

G I V V
Metru I I V I
at I I V I II X
m I V I X
ra I I I

Tembang cilik / Sekar alit

Dhand 1 1 1
8 7 9 7 6 8 7
hanggu 10 0 0 2
é u i a u a a
la i a i

Masku 1
6 8 8
mamba 4 2
a i a
ng i

1
8 8 8 8 7 8 7
Sinom 9 8i 2
a i a i i u a
a

Kinant 8 8 8 8 8 8
6
hi u i a i a i

Asmar 8 8 8 8 7 8 8
7
andana a i é a a u a

1
7 6 7 8 5 7
Durma 7 2
i a a i a i
a

1 1
Pangk 8 8 7 8 8
7 1 2
ur a u a a i
i u
1 1 1
6 6 6
Mijil 6 0 0 0
o i u
i é i

1 1
Pocun 6 8
4 2 2
g a i
u a

Tembang tengahan / Sekar madya

Jurudh 8 8 8 8 8 8 8
7
emung a u u a u a u

1
Wiran 8 8 6 7 8
6 0
grong i o i a a
u

1 1 1
Balaba 3 3 3
6 2 2 2
k é é é
a a u

1 1
Gambu 7 8 8
5 0 2
h u u o
u i

1
Megatr 8 8 8 8
5 2
uh i u i o
u

Tembang gedhé / Sekar ageng

8 8 8 8 8 8 8 8
Girisa 8
a a a a a a a a
Tembang Macapat ing ngisor iki sinaunana !
ASMARADANA
Asjamara ari mami
Masmirah kulaka warta
Dasihmu tan wurung layon
Aneng kutha Prabalingga
Prang tandhing Wuru Bisma
Kariya mukti wong ayu
Pun kakang pamit palastra
Watake tembang Asmaradana : merak ati, sedhih (karanaasmara)
Tegese tembang ing ndhuwur yaiku nyritakake bab Darmawulan (mantune Patih Logender) sing
arep pamit marang garwane (Anjasmara) kanggo ngluruk perang ana ing Kutha
Prabalingga/Blambangan mungsuh Adipati Menak Jinggo/Wuru Bisma. Pungkasaning perang
Damarwulan mesthekake, menawa dheweke mesthi tumekaning lampus/mati amarga Adipati
Menak Jinggo iku sekti mandraguna. Mulane, Anjasmara dipamiti (mukti ing Majapahit) dene
Damarwulan arep palastra/mati.
Ing ngisor iki ana tembang Maskumambang sing ditulis dening sdl. M Wijotohardhjo bab
Tsunami ing Aceh ! Coba sinaunana !
MASKUMAMBANG
1.   Samubarang kumambang kentir ing warih
Raos kawlas arsa
Dene ngaten kang kaeksi
Manungsa, kewan lan brana
2.   Sumatera Lor, Aceh lan manca negari
Srilangka,India
Siam,Malaysiatuwin
Kepuloan Maladewa
3.   Kenging lindhu kang gedhe ngedap-ngedapi
Sarta banjir bandhang
Tirta samodra ngebyuki
Alun gung nyempyok dharatan
4.   Mewu ewu kuwandha ngeres ersi
Tan kober karumat
Margi sinapu Tsunami
Tan ana bangkit suwala
5.   Padunungan, pasar, took, kantor,loji
Bosah baseh, wrata
Kang kalis keplayu ngungsi
Salang tunjang pados gesang
6.   Pating glolo, pating jlerit lan histeris
Madosi kluwarga
Kang ical tumekeng lalis
Mbuh neng ngendi tan kawuryan
7.   Sanadyan ta manut ngelmu Geologi
Mung prastawa lumrah
Anane lindhu tektonik
Perangan bumi kang owah
8.   Nanging iku dadi tandha sarta bukti
Kuwasaning Allah
Paring prengetan lan uji
Marang sakabehing titah
9.   Lamun kita kathah tumindak nalisir
Cengkah sing pitedah
Lan nerak wewaler Gusti
Kanthi tan rumangsa dosa
Tembang Maskumambang iki watake meh padha kalawan tembang Asmaradana. Watake
Maskumambang kuwi : sedhih, nelangsa. Maskumambang ing ndhuwur kedadeyan saha sangang
(9) pupuh utawa pada. Saha pupuh siji nganti tumekaning pupuh 9 nyritakake bab panandhang
kasangsaran tragedy/musibah Tsunami.
Ing ngisor iki arep kababar tuladha-tuladhane tembang sing bisa kanggo maneka warna
kabutuhaning masyarakat.
1. Tembang kanggo cangkriman
Pocung
Kang sinebut dudu bapa dudu biyung
Tansah nggulawentah
Ngesoh elmu kebak asih
Nadyan abot ndra selak lan suwale
Bapak pucung dawa iren mlayu-mlayu
Sabamrana-mrana
Saben jalma den untali
Sak mangkono si pucung ku migunani
1. Tembang kanggo pendidikan, budi pekerti, moral
Pocung
Murid iku kudu manut marang guru
Rukun marang kanca
Aja drengki aja srei
Aja climut aja jail aja nakal
Putra iku kudu bekti marang ibu
Uga marang bapa
Dituturi dititeni
Sinaune disregepi aja mblayang
1. Tembang pitedah / tuntunan
Mijil
Dedalane guna lawan sekti
Kudu andhap asor
Wani ngalah luhur wekasane
Tumungkula yen dipun dukani
Bapang den simpangi
Ana catur mungkur
Lamun sira pengin urip aji
Aja pamer wong
Aja tansah ngunggulan dirine
Marang liya kang gelem ngurmati
Kabeh den rukuni
Ati kudu tulus
B.   Parafrase Tembang Macapat
Parafrase tegese ngowahi tembang/geguritan sing maune awujud pupuh/pada /bait dadi
gancaran/prosa. Ana basaIndonesiagampange sinebut memprosakan puisi. Perlu dimangerteni,
tembang uga kalebu salah sijining jinis geguritan, geguritan kang kuno. Mawi paugeran guru
gatra, guru lagu, guru wilangan, lan nduweni watak dhewe – dhewe. Ngarang tembang ora kena
ngawur, kudu nganggo paugeran-paugeran mau.
Ing ngisor iki ana tuladha tembang sing arep didadekake gancaran (paraphrase).
1)      Dhandanggula
Dhandanggula
Kawruhana wong priya sejati
Lamun arsa hanguapaya garwa
Den patitis pamilihe
Pisan kengguh wong ayu
Kaping pindho milih wong sugih
Kaping telu kawibawan
Kaping papatipun
Kena sambang – sarawungan
Bisa uga ginelut ing tembang manis
Marma denya waspada
Tembang ing ndhuwur gancarane ana ing ngisor iki.
Kawruhana/mangertanana wong priya kang sejati. Menawa nggolek garwa kudu sing patitis,
kudu ngati-ati, kanthi permati, ora grusa-grusu. Yen kengguh wong ayu, ayu kang bener iku hayu
tegese nylametake lelakon. Dadi yen wong lanang milih wong ayu (hayu) kudu ngerti yen calon
garwane iku bakal nylametake lelakon, dudu wong ayu sing nyengsarakake lelakon.
Kapindho, yen milih garwa maraga garwane wong sugih ya kudu ngati-ati. Sebab wong lanang
yen milih bojo sugih, ing tembe mburine bakal ora kajen. Ora mung dheweke ananging bisa uga
wong tuwane, sedulure, lan sapanunggalane, sebab dianggep wong mlarat. Mula wong lanang
iku kudu rumagang gawe duwe panggaotan aja mung nunut wong wadon. Tegese wong lanang
iku kudu tanggung jawab.
Kaping telu, yen milih calon bojo amarga nunut kawibawan. Tuladhane calon bojone putrane
wong kondhang, pejabat sing kudu ngati-ati, kudu dipikir kanthi permati, supaya ora keduwung
ing mburi. Sabab, kawibawan iku ora langgeng, watake sok seneng ngremehake wong lan ngina
wong, sebab dianggep ora sadrajat, ora babag derajate.
Kaping papate, milih calon garwa saka sambaing – srawungan. Bibite wong bareng kuliah, duwe
hobi padha, kanca latihan Koor, lsp. Woang Jawa paring sesulang lan pemut sing ngati-ati,
amarga wong sambaing – srawungan iku, witing tresna jalaran saka kulina banjur kurang
prayitna, ing tembe mburine keduwung amarga panelitine kurang permati.
Pinglima, ginilut ing tembung manis. Lha iki mbebayani banget. Sebab tembung manis mau
jebul ora tekan bathin, among samudana, ethok-ethok. Wong kang tansah nganggo tembung
manis adakane duwe pamrih, luwih-luwih pamrih bandha. Cekake tembung manis ora kena
ditamba-tamba.
Iku werdine tembang macapat ing ndhuwur.
2)      Asmaradana
Asmaradana
Gegarane wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Among ati pawitane
Luput pisan kena pisan
Yen gamang luwih gampang
Yen angel, angel kalangkung
Tan kena tinumbas arta.
Cetha, menawa pawitane wong arep rabi kuwi dudu bandha dudu rupa. Tegese dudu golek wong
ayu, dudu wong sugih, dudu kawibawan, lan sapanunggale, nanging among ati pawitane. Atine
sapa ? Atine wong loro – sing lanang lang sing wadon. Sebab jodho iku angel-angel gampang.
Yen kena ya kena pisan, yen luput ya luput pisan. Ora bisa bola-bali. Yen angel ya angel banget.
Ora kena dituku nganggo dhuwit.
C. Wataking Tembang
 Tembang Pocung          : saenake, sembranan, guyonan. Gunane kanggo guyonan
(berkelakar), cangkriman, pitutur.
 Tembang Mijil              : gandrung-gandrung, prihatin, Gunane: pangudhar rasa prihatin.
 Tembang Maskumambang : susah nelangsa, prihatin, merana. Gunane kanggo
mratelakake rasa susah karana.
 Tembang Kinanthi         : gandrungasmara. Gunane: kanggo  mratelakake rasa susah
karanaasmara.
 Tembang Durma           : nesu, dendam, muring. Gunane kanggo pengeten anlikaning
perang, tantang-tantangan.
 Tembang Asmaradana: sengsem, nesu, dendam. Gunane mratelakake rasa susah
karanaasmara.
 Tembang Pangkur         : gandrung, tegang. Gunane kanggo menehi pepenget/peringatan
 Tembang Sinom            : lugu, susah, prasaja. Gunane kanggo menehi pitutur, kanggo
mbabar rasa susah.
 Tembang Dhandhanggula: luwes, manis, sarwa cocok. Gunane kanggo pitutur, mbabar
rasa susah, kanggo pambuka gendhing.
 Tembang megatruh       : susah, rasa  cuwa/gela kang mbangeti. Gunane kanggo
mbabarake rasa susah.
 Tembang Gambuh        : nerangake, nbeber kawruh. Gunane kanggo mulang muruk.

WACANA PERSUASI ( PANGAJAK).

Paragrap persuasi iku sambungane saka kembangane  paragrap argumentasi. Persuasi sepisanan
ngandharake gagasan nganggo alesan, bukti, utawa tuladha kanggo nyakinanke pamaos. Banjur
dibarengi nganggo ajakan, bujukan ,rayuan, imbauan utawa saran marang pamaos. Bedane
paragrap argumentasi lan paragrap persuasi. paragrap argumentasi kang dadi bakune yaiku salah
benere gagasan / pendapat. nek paragrap persuasi ngarep – arep supaya pamaos melu karo
kekarepane panulis.
Tuladha :
Praktik pidato iku gedhe banget mupangate. Saben praktik pidato iku mesthi duweni pengalaman
kang paling nyensemake ati. Saya kulina anggone praktik pidato, mbuh iku gladhen utawa
praktik pidato temenan bakal saya akeh pengalaman batin kang diduweni. Saka pengalaman
batin mau pamicara nemokake cara – cara pidato sing efektif lan nyenengake. Saya akeh pamikat
kang ditemokake lan saya kerep dipraktike, bakal saya akeh pengalaman pamaos.Wis ora mokal
maneh yen praktik pidato iku kaya obat kuwat kanggo mangun rasa percaya dhiri. yen rasa
percaya dhiri mauwis gedhe, pamicara bisa ngayahi tugas kanthi tenang tanpa ana godha ( kaya
rasa isin ), wedi lan grogi. percaya dhiri mau kang dadi modal pisanan kanggo nggayuh
keberhasilan pidato. Mula supaya mahir lan prigel pidato, panjenengan kudu nglakoni praktik
pidato.
IV. PENDALAMAN MATERI
Ing ngisor iki ngenani tuladha sesorah kang nganggo wacan persuasi. Wacanen kanthi permati,
banjur titenana ciri-ciri kang mligi wacan peruasi!
Mengeti dinten pendidikan nasional
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun!
Bapak Ibu Dwija Basa Jawa ingkang satuhu kinabekten; sarta sedaya kanca panyarta lomba
sesorah ingkang dados kekudanganing para pinisepuh.
Sumangga kula dherekaken ngunjukaken raos syukur Alhamdulillah hirobil’alamin wonten
ngarsanipun Pangeran ingkang Mahawikan inggih Allah Ta’alla, ingkang sampun kepareng
ngrentahaken pinten-pinten kanikmatan, kabingahan, sarta kawilujengan dhumateng kula sedaya,
satemah saged ndherek lomba sesorah ing enjing menika.
Salawat saha salam mugi tansah katetepna dhateng Kanjeng Nabi Agung Muhammad SAW,
tumedhakipun dhateng garwa putra, para sekabat, sarta sedaya pandherekipun, mugi kalebetna
kula lan panjenengan sedaya. Amin.
Ing salajengipun keparenga kula kanthi andhap asoring manah badhe ngaturaken sekedhik kanthi
irah-irahan Gerakan Disiplin Nasional Tumrap para Mudha lan Para Siswa.
Sanggyaning para siswa ingkang kula tresnani, tetembungan Gerakan Disiplin Nasional utawi 
GDN sampun sawetawis dangu kula mangertosi. Wondene menggah ingkang dados werdinipun
inggih menika satunggaling tindak lampah ingkang kanthi raos lila lan legawa nindakaken
sedaya pranatan saha aturan ingkang lumampah ing papan ngriku, sarta nebihi sedaya pepacuh
utawi  awisan kados ingkang sampun kapacak ing Tata Tertib Sekolah ingkang lumampah
salebeting negari Indonesia. Jer kula sedaya kedah tansah enget, bilih  wonten sawenehing
paribasan mawa Basa Indonesia ingkang ungelipun Di mana bumi dipijak, di situ langit
dijunjung. Ingkang tegesipun, wonten ing sadhengah papan ingkang kula anggeni menika, kula
sedaya kedah angugemi, ngurmati, sarta nindakaken adapt-istiadat utawi tata cara ingkang
sampun lumampah ing papan ngriku. Sampun ngantos nyingkiri utawi nebihi, kepara
anjejegaken angger-angger ssaengga dados kuwajiban ingkang kedah dipunlampahi, syukur bage
dados pakulinan ingkang mbalung sungsum tumraping para siswa. Angon mangsa makaten
wonten Basa Jawi. Tegesipun dados siswa menika kedahipun mangertosi mpan lan papa,
mangertosi kahanan utawi situasi ingkang dipun adhepi. Wonten ing irah-irahan sinebut tumrap
para mudha saha para siswa, artosipun gerakan Disiplin Nasional mekaten kedah katindakaken
dening para mudha sarta para siswa. Kanthi makaten lampahing gladhen kedah kawiwitan nalika
taksih lare (prasiswa/dereng sekolah), kalajengaken sasampunipun mlebet sekolah utawi sampun
dados nem-neman. Samangke dumugi dewasa sarta sepuh sampun dados budayanipun saben
tiyang sami nggadhahi budaya dhisiplin ngantos mratah sanegari.
Kula sedaya kedah mangertosi bilih, ingkang kawastanan panggulawenthah (pendidikan)
mekaten lumampah ing samadyaning kulawarga, ekolah, tuwin ing madyaning masyarakat.
Kanthi mekaten kula sedaya kedah tansah mulat dhateng sedaya satunggal-satunggaling papan
panggulawenthah kasebut, ingkang saestu benten kawontenanipun sarta pangaribawanipun
dhateng kadewasaning lare.
Menawi ing keluwarg sarta ing sekolah, temtu kemawon ingkang dados patuladhan sarrta
paringipun seserepan ingkang sae-sae, ananging beda sarta tebih inggih menika pengaruh sarta
patuladhan ingkang pinanggih ing masyarakat, menika menawi boten tansah ngatos-atos kathah
perkawis-perkawis ingkang kedah dipunsaring kanthin saestu.
Kanthi wontenipun panggladhi  Gerakkan disiplin Nasional  wiwit alit sarta nalikanipun lare
dados siswa, menawi lare menika saestu sampun nggadhahi cepengan ingkang dados piandeling
gesang utawi way of life, saestu nalikanipun pikantuk pambujuk-pambujuk sarta pangaribawa
ingkang boten laras kaliyan adapt-istiadat sarta kabudayanipun, mesthi kemawon sampun gadhah
panyaring utawi filter. Saged milih pundit ingkang saged dipuntulad sarta katindakaken tuwin
pundi ingkang kedah dipuntebihi kepara dipuntilaraken.
Ing wekdal menika, kula sedaya sami ngawuningani, bilih Gerakan Disiplin Nasional saestu
mrihatosaken sanget, kacihna kanthi wontenipun kedadosan-kedadosan ingkang saestu nyimpang
saking paugeran sarta tata karma Nasional, kepara para pangarsa ingkang wonten nginggil inggih
boten saged kangge tepa palupi, nalikanipun kula miwah panjenengan nyumerepi kawontenan
ing TV ngantos sami jejotosan amargi beda pamanggih. Menika saestu tebih saking landhesan
Pancasila ingkang antawisipun nyebataken demokrasi. Lan cetha boten jumbuh kalih piwulangan
Jawa ingkang kebak tepa selira.
Ingkang menika , kula sedaya mliginipun para siswa sumangga nggrengsengaken GDN kanthi
saking sekedhik ngulinakaken tigang kabudayan, inggih menika : budaya tertib (tertib ing
sekolah, tertib ing margi, tertib ing masyarakat); budaya resikan (resikan badan, boten mbucal
uwuh ing sadhengah papan) lan budaya makarya (ngginakaken wekdal kangge sinau)
Mekaten ingkang saged kula aturaken, mugi saged dados panglimbang sarta paninting, tumuju
dhateng kadewasan lair lan batos. Amin.
Wonten kasar sarta lepating atur, kula namung tansah nyuwun lumunturing samodra
pangaksama. Wabilahitaufik wal hidayah, Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun. 
 
 
PARIKAN, WANGSALAN,
LAN CANDRA SENGKALAN
                                   A.     Parikan
Kang diarani parikan Yaiku unen-unen mawa paugeran telung warna yaiku :
 kadedan saka rong ukara kang dhapukake nganggo purwakanthi guru swara
 saben saukara kadedan saka rong gatra
 ukara kapisan mung minangka purwaka; déné isi utawa wosé dumunung ing ukara
kapindho.
Tuladha: Tawon madu, ngisep sekar. (Ukuran kapisan, 2 gatra). Calon Guru, kudu sabar (ukuran
Kapindho, 2 gatra). Gunane purwaka (ukuran kapisan) mung dianggo narik kawigatene wong
kang nedya sikandhani utawa dipituturi, Perlune, supaya ing sadurunge ukara kang isi utawa
“wose” dikandhakake, wong sing nedya dikandhani wis ketarik atine, satemah banjur
nggatekake, bisa ngerti temenan marang maksude ukuran kang isi “ngese” (ukara kapindho).
Kanthi ukara liya sing diarani parikan kalebu salah sawijining puisi lawas. Parikan iki padha
karo puisi tradhisional Melayu kangaran pantun. Puisi iki ngemu surasa purwakanthi
swara/rima/sajak. Cacahe parikan iki ana sing 2 larik ana uga sing patang larik. Yen ana pantun,
rong larik mau diarani karmina/pantun kilat. Ciri-cirining parikan :
1)      Nduweni purwakanthi ab-ab.
2)      Yen kedadeyan saka rong baris, baris kapisan sampiran lan baris kapindho isi. Nanging yen
dumadi saka patang baris, baris 1-2 sampiran, baris 3-4 kasebut isi.
3)      Pendhote parikan ana sing 4-4 lan 4-8 (kanggo sing rong larik), 8-8 (kanggo sing patang
larik). Pedhotan tegese gunggunge wanda saben sak gatra.
4)      Guna paedahe parikan kanggo pitutur, nyemoni, utawa gojegan ana ing pacelathon.
Manut ( cacahing) wandane, parikan iku kena diperangi dadi telu, yaiku:
a. Parikankandadadean saka (4 wanda + 4 Wanda) X 2
Tuladha
1. Iwak bandheng, durung wayu (4 wanda + 4 Wanda)
Priya Ngganteng, sugih ngelmu (4 wanda + 4 Wanda
1. Manuk emprit, nucuk pari (4 – 4 ======= Sampiran)
Nasihat
Dadi murik, sing taberi      (4 – 4 ======= Isi)
1. Jemek-jemek, gula jawa (4 – 4 ======== Sampiran)
Nasihat
Aja ngenyek, padha kanca (4 – 4 ======  Isi)
1. Manuk tuhu, mencok pager (4 – 4 ====== Sampiran)
Nasihat
      Yen sinau, dadi pinter       (4 – 4 =======  Isi)
b. Parikan kandadean saka (4 wanda + 8 Wanda) X 2
Tuladha
1. Kembang adas, sumebar tengahing alas (4 wanda + 8 Wanda).
   Tuwas tiwas, nglabuhi wong ora waras. (4 wanda + 8 wanda)
2.   Kembang mlathi, warna peni ngganda wangi (4 – 8)
Nasihat
Watak putri, kudu titi ngati-ati (4 – 8 )
3. Gudheg manggar, bumbune mrica ketumbar (4 – 8)
Nasihat
Lamun sabar, bisa lejar serta bingar (4 – 8)
4. Kembang kencur, tinandur tepining sumur (4 – 8)
Nasihat
Sapa jujur, bakal luhur klawan makmur (4 – 8)
c.  Parikan kang kadadean saka (8 wanda + 8 Wanda) X 2
Tuladha
1. Enting-enting gula jawa, sabungkus isine sanga
   Ingatane para siswa, wajib seneng nggubah basa.
2.   Esuk nakir sore nakir (8)
Sing ditakir godhong ploso (8)
Nyemoni
Esuk mikir sore mikir (8)
Sing dipikir ora krasa (8)
3.   Jangan kacang jangan kara (8)
Kaduk uyah kurang gula (8)
Pitutur
Piwelingku mring pra mudha (8)
Aja wedi ing rekasa (8)
4.   Yen kembang kembang cempaka (8)
Dudu kembang arum dalu (8)
Pitutur
Mumpung sira isih mudha (8)
Den asregep ngudi ngelmu (8)
Parikan sing kadadean saka (8 wanda + 8 wanda) X 2, saweneh ana sing ngarani parikan patang
pada. Iku keliru, sebab tembung “pada” iku tumprap reriptan kanggone mung ana ing tembang.
Dene yen tembung “pada” iku sing dikarepake kudu mung ora ukara, siji-sijining ukura
kadadean saka 2 gatra: dadi kabeh ana 4 gatra Wondene carane nulis 4 gatra iku, kena bae
didadekake 4 larik. Tuladha kasebut kena katulis mangkane
Enting-enting gula jawa
Sabungkus isine sanga
Ingatase para siswa
Wajib seneng nggubah basa
Parikan sing dianggo nggérongi lelagoning gendhing
Ing parikan iki dhapukaning ukara mesthi bae ora bisa tansah nglungguhi paungeran, sebab
cacahing wandane kawengku ing laguning gendhing.
Tuladha
 Lelagon Parikan (Slendro Patet 9)
Cengkir Wungu, wungune ketiban daru (Dhu Ibu)
Calon guru, kudu sabar momot mengku (Pm)
Katrangan Perangan sing dikurung, yaiku (Dhu Ibu), iku wuwuhan, kanggo senggakan.
 Suwe Ora Jamu. Pelog Pathet 6
Suwe ora jamu, jamu godhong kencur
Suwe ra ketemu, temu pisan maju mundur.
Carane ngarang parikan
Sing dikarang luwih dhisik ukara kapindho, yaiku sing isi “ngese” utawa “Wose”. Ukarane
kadedean saka 4 wanda + 4 Wanda, utawa 4 wanda + 8 wanda + 8 wanda.Sawise rampung
pangarange ukara kapidho, banjur ngarang ukara kapisan, yaiku ukara kang mung dianggo
purwaka. Kehing wandane pada karo ukara kapindho, lan dhapukane kudu mujudake
purwakanthi guru swara karo ukara sing kapindho.
Klebu rerengganing basa
Parikan klebu rerengganing basa, sebab basa sing mawa parikan iku agawe senenge wong sing
maca utawa sing ngrungokake. Guneman mawa parikan basa njalari rame nengsemake.Gendhing
digerongi nganggo sakepan kang mawa parikan, bisa marakake saya gayeng.

1. A.     Wangsalan

Wangsalan kuwi tetembungan ing ukara sing disamun kayadéné cangkriman utawa batangané
kasebut ing ukara candhaké mung dicangking wandané baé utawa unen-unen kang awujud
cangriman kang batange ana ing njero unen-unen kuwi. Wangsalan dianggo ana pacelathon saben
dinane.
  Wangsalan bisa dipérang telu yakuwi: wangsalan sajroning pacelathon, wangsalan èdi
pèni lan wangsalan awujud tembang.
 Wangsalan jroning pacelathon
 Njanur gunung, kadingarèn dolan mréné? (janur gunung = arèn)
 Ngrokok cendhak, bocah cilik ora kena neges-neges (rokok cendhak = tegesan)
 Jenang gula, aja lali (jenang gula = glali)
 Nggodhong garing, ésuk-ésuk kokwisnglaras (godhong garing = klaras)
 Balung klapa, éthok-éthok ora ngerti (balung klapa = bathok)
 Balung geni, mbokmenawa aku ora bisa teka (balung geni = mawa)
 Balung janur, sida lunga apa ora? (balung janur = sada)
 Balung pakèl, aja seneng alok-alok (balung pakèl = pelok)
 Jangan gori, nganti judheg anggonku mikir (jangan gori = gudheg)
 Bocah cilik ora pareng ngrokok cendhak, saru kuwi kok neges-negesi barang
(ngrokok cendhak = tegesan; neges-negese)
 Esuk-esuk kokwisnggodhong garing, kepenak tenan anggone nglaras.
(godhong garing  = klaras; nglaras)
Wangsalan èdi pèni
 Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra. Ora gampang wong urip ing alam donya.
(carang wreksa = pang, wreksa wilis tanpa patra = wit kayu urip)
 Kolik priya, wanara Anjani putra. Tuhu éman, wong anom wedi kangèlan (kolik priya =
tuhu, Anjani putra = Anoman)
Wangsalan awujud tembang
 Kinanthi linging pitutur, kenthang rambat menyan putih, awasna dipun pratèla. Nolèha
wiranging wuri, cecangkok wohing kalapa, kang dadi pathoking urip.
- kenthang rambat = tèla
- menyan putih = wlirang
- cecongkak wohing kalapa = bathok
1. Wangsalan iki terangna tegese !
Tuladha : mbalung geni, mbok menawa aku entuk rejeki dina iki !
Mbalung geni = mawa dadine, mbok menawa
a)      Balung jagung ta, le, aja janggelan !
Wangsulan ………………………………………………………………………………….
b)      Aja mutra bebek, wira-wiri ana apa ?
Wangsulan ………………………………………………………………………………….
c)      Dadi bocah apa seneng nglemadi bengkah, ta, kok nyela-nyela !
Wangsulan ………………………………………………………………………………….
d)      Wah….pasar cilik tenan ki, sida wurung anggonku lungan
Wangsulan ………………………………………………………………………………….
e)      Awas kowe kancing jaja tenan, titenana
Wangsulan ………………………………………………………………………………….
f)        Mesin tulis, Mas witikna aku kudu kepriye ?
Wangsulan ………………………………………………………………………………….
g)      Senengane kok nyega mambu, pamer sepatune sing anyar !
Wangsulan ………………………………………………………………………………….
h)      Mrica kecut, Mbak, sauni-unine taktampakok
Wangsulan ………………………………………………………………………………….
i)        Damar mancung, Mas, cinupet samene dhisik anggone rembugan
Wangsulan ………………………………………………………………………………….
j)        Bantal dawa ya, Ngger, elinge mrang Kang Maha Kuwasa
Wangsulan ………………………………………………………………………………….
GEGURITAN

A.    RINGKESAN PIWUCAL
Geguritan utawi guritan aslinipun saking tembung lingga gurit, tegesipun :
1.   Tulisan ingkang awujud tatahan
2.   Kidung utawi tembang
Nggurit tegesipun :
1.   Ngarang tembang utawi kidung, utawi rerepan
2.   Nglakokaken tembang utawi kidung
Miturut kamus utawi bausatra, geguritan menika uran-uran utawi karangan kang
pinathok kados tembang, nanging guru gatra, guru wilangan, lan guru lagunipun boten ajeg.
Menawi miturut Sadlidinata (1994:45), geguritan inggih menika iketaning basa ingkang memper
syair (syair jawi gagrag enggal). Wonten malih ingkang mastani tembung gegurit asalipun saking
tembung gerita. Tembung gerita lingganipun gita, tegesipun tembung utawi syair geguritan jawi
sakawit dipun panggihaken wonten ing tembang-tembang dolanan.
   Samenika wujud wohing kasusatran piisi warni-warni wujud dhapukanipun. Adhedasar
dhapukanipun ukara lan pangrakiting tembung, warni-warni araning geguritan kados wonten
ngandap menika:

1.     Syair kalih gatra sapadan aran gita dwigatra


2.     Syair  tigang gatra sapadan aran gita trigatra
3.     Syair sekawan gatra sapadan aran gita caturgatra
4.     Syair gangsal gatra sapadan aran gita pancagatra
5.     Syair enem gatra sapadan aran gita sadgatra
6.     Syair pitu gatra sapadan aran gita saptogatra
7.     Syair wolu gatra sapadan aran gita hastagatra
8.     Syair sanga gatra sapadan aran gita nawagatra
9.     Syair-syair dhapur sonata
10.  Syair bebas
B.    JINISIPUN GEGURITAN
Geguritan jinisipun wonten kalih :
1. Geguritan gagrak lawas
Geguritan menika ngginakaken basa jawa kina lan kapérang wonten ing pupuh–pupuh tembang,
kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Geguritan menika ugi kalebet golonganipun
tembang utawi lelagon kang ngangge Purwakanti guru-swara.
Paugeranipun geguritan gagrak lawas ingkang sampurno inggih punika:
a.    Cacahipun gatra mboten ajeg, nanging lumrahipun sakedhikipun wonten sekawan gatra.
b.   Cacah wandanipun gatra satunggal lan satunggalipun tetep sami
c.    Dong-ding utawi guru lagunipun sedaya manggen wonten wekasipun gatra runtut inggih punika
ngangge purwakanti guru swara.
d.   Sangajengipun ukara (gatra) ingkang kawiwitan ngangge bebuka “sun gegurit”nanging mboten
ateges saben pada/bait wonten tembungipun “sun gegurit”. Tembungipun “sun gegurit” naming
wonten nginggil piyambak.

Tuladha:
Sun gegurit,
Wateke wong kampung jati
Bekti marang yayah wibi
Setya marang sakeh janji

2. Geguritan gagrak anyar


Geguritan gagrag anyar ngginakakén basa Jawa jaman samenika lan dipunserat
ngangge aksara latin, lan sampun ngginakakén kertas/ dluwang. Geguritangagrag anyar mboten
kapérang wonten ing pupuh–pupuh tembang lan mboten ngangge tembung “sun gegurit”,
sampun mboten kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan, pramila jinising
geguritan gagrag anyar menika saged dipunwastani puisi Jawa bebas.
Macam-macam tembung rangkep
a.Tembung rangkep dwilingga
    1.Dwilingga padha swara
       Diarani dwilingga padha swara amarga linggane diucapake ping pindho.
       Tuladha:buku-buku,meja-meja,kursi-kursi,lsp.
     2.Dwilingga salin swara
        Dwilingga kang swarane wis ganti/malih
        Tuladha:bola-bali,mloya-mlayu,mloka-mlaku,lsp.
     3.Dwilingga semu
        Dwilingga semu uga diarani dwilingga murni,amarga tembung-tembung mau ora ana
linggane.
        Tuladha:orong-orong,kupu-kupu,angga-angga,lsp.

b.Tembung rangkep dwipurwa


    Tembung rangkep dwipurwa yaiku tembung kang dirangkep wanda/suku kata ana ing ngarep
dhewe.
     Tuladha:  luhur = lu-luhur = leluhur                            tamba=  ta-tamba = tetamba
                   jamu =  ja-jamu= jejamu                            tuku   =  tu-tuku    = tetuku

c.Tembung rangkep dwiwasana


   Tembung rangkep dwiwasana yaiku tembung kang dirangkep wanda/suku kata ana ing mburi
dhewe.
    Tuladha:cekik=cekik-kik=cekikik                  cenges=cenges-nges=cengenges
                cengis=cengis-ngis=cengingis             cethet =cethet-thet   =cethethet

TEMBUNG CAMBORAN
Tembung camboran tegese loro utawa sing dirangkep dadi siji.
Tuladha: meja tulis, buku gambar, balung kuwuk, sayuk rukun, narapati.
Warna-warnane tembung camboran.
1. Manut wujude
1. Camboran tugel, yaiku tembung camboran kang dumadi saka tembung lorosing
dirangkep dadi siji kanthi ngurangi jumlah wandane.
A. camboran tugel
1.Tembung garba (sandi)
Tuladha: Nara + pati = narpati
Prapta + ing = prapteng
Idu + abang = dubang
Iya + iku = yeku
Sura + ing = sureng
Parama + iswari = prameswarI
2. Kerata basa
Tuladha: Digugu + ditiru = guru
Balung + kulit = lunglit
Gawe + kadang = wedang
Kaku + cempluk = kupluk
B. Camboran wutuh, yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji nanging ora nganggo ngurangi
jumlah wandane.
Wujude camboran wutuh:
1. Rerangken determinatif (DM)
Tuladha : Meja tulis,Lemari kaca, Pager bata, Pitik walik, Buku gambar
2. Baliswara (rerangken MD)
Tuladha : Pancasila, Bimaputra, Wijaya kusuma, Mahasiswa, Dwiwarna
3. Tembung saroja
Tuladha : Sanak kadang, Wa sumelang, Papa cintraka, Japa mantra, Lara lapa
4. Yogyaswara
Tuladha : Dewa-dewi, Siswa-siswi, Putra- putrid, Bathara- bathari, Pemudha- pemudhi
5. Tembung kosok balen (Antonim)
Tuladha : Gedhe x cilik, Enom x tuwa, Lanang x wadon, Mangkat x mulih, Dawa x cekak,
Dhuwur x cendhek
2. Manut kekarepane
A. Cmboran tunggal, yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji, nanging tembung siji lan sijine
wis ora kena dipisah-pisah maneh lan wis nduweni teges anyar.Upamane balung iku perangane
awak utawa kewan sing atos dhewe. Kuwuk iku kucing alasan ora ana sing ndarbeni. Banjur
dirangkep dadi “balung kuwuk” sing tegese criping pohung.
Tuladha: Randha royal, Semar mendem, Nagasari, Gandarukem, Daramuluk
B. Camboran wudar, yaiku tembung camboran sing tembung siji lan sijine isih nduwe teges
dhewe-dhewe.
Tuladha: Meja tulis, Pelem golek, Wayang kulit, Piring beling

Anda mungkin juga menyukai