Anda di halaman 1dari 11

MAKALAH

KATRAMPILAN NYIMAK

Dosen Pengampu: Cerianing Putri Pratiwi, M.Pd.

Disusun Dening:
1. Allisya Sendy S (19021010)
2. Rico Ardiasnyah (1902101081)

PENDIDIKAN GURU SEKOLAH DASAR


UNIVERSITAS PGRI MADIUN
TAHUN AJARAN 2021/2022

1
Atur Pangiring

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh


Sakderengipun kawua ngaturaken panuwun dateng gusti Allah SWT kang sampun
maringake rahmat lan tuntunan sahingga kawula saget ngrampungaken makalah niki kanthi
judhul “Katrampilan Nyimak”. Tulisan niki wagatose ngrampuangaken tugas mata kuliah
Pembelajaran Basa Daerah SD.
Kanthi andhap-asor, kawula ngaturaken gunging panuwun marang samudayanipu kang
sampun paring handayani bab perkawis panulisan makalah. lan mugi – mugi sak rampunge
paniliasan niki sageta migunani marang pamaos.
Ugi langkung nyuwun gunging samudra pangaksami mbok bilih wonten klentu
anggenipun panulisan sakmenika, banjur menawi kepareng nyuwunaken tetilik saha urun
panemu supados langkung sae anggenipun tulisan sakmenika sae. Cekak ing atur sapala
sakmenika ngaturaken panuwun
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Madiun, Oktober 2021

ii
DHAPTAR ISI

Halaman Judhul……………………………………………………………………………i

Atur Pangiring……………………………………………………………..………….……ii

Dhaptar Isi………………………………………………………………………………….iii

BAB I PURWAKA....................................................................................................1

1.1 Landhesan Panaliten…………………………………………………………..1

1.2 Underan Panliten………………………………………………………………1

1.3 Ancas Panliten………………………………………………………………….1

BAB II ANDHARAN.................................................................................................2

2.1 Pengertening Nyimak...........................………………………………….2


2.2 Ancasing Nyimak.................................................................................2
2.3 Pigunane Nyimak.........................................................................…….3
2.4 Jenis-Jenis Nyimak..........................................................................................3
2.5 Rantaman Nyimak...........................................................................................5

BAB III PANUTUP...................................................................................................6

3.1 Dudutan…………………………………………………………………….…..6

KAPUSTAKAN…………………………………………………………………….,..........7

iii
BAB I
PURWAKA
1.1. Landhesan Panliten
Saperangane negara Indonesia kang sugih marang kabudayan, sangka adat istiadat, basa,
suku, ras, lan sapaninggalane. kabudayan kasebut kena gati marang okehing perkara kayata
papan utawa geografis, pakulinan, lan liya - liyane. salah sawijining pulo sing uga muncar
marang kabudayan yaiku pulo Jawa, handerbeni sagunging budaya, adat, langkung luih
tatning basa. salah sijining basa yaiuku basa jawa kang dweni rasa tegesan sing inggil.
Ing basa jawa iku, kudu mrenahne marang bab katrampilan nyimak, katrambilan ngucap,
katrampilan maca, lan katrampilan nulis. sadurunge sinau bab Basa Jawa sing luih teges lan
besik luih prasaja nyinaoni babkatrangan nyimak.
Ketrampilan nyimak yaiku salah sawijining katrampilan dasang kang wajib dikuwasani,
amerga marang katrampilan nyimak kang becik sebabe dadine ngerti marang bab sing
kawedar. lan uga mepres marang kleruning pangerten uga amrik dadine marang pangertek
saka panulis apa dene pamedar isa katampa kanthi apik marang kang sing nyimak.

1.2 Underan Panliten


1. Apa kang aran nyimak?
2. Apa wae ancasing menyimak?
3. Apa wae pigunane nyimak?
4. Apa wae jenis - jenis nyimak?
5. Kepriye rantaman kagiatan menyimak?

1.3 Ancas Panliten


1. Kanggo mangerteni bab nyimak.
2. Kanggo mangerteni ancasing nyimak.
3. Kanggo mangerteni pigunane nyimak.
4. Kanggo mangerteni jenis-jenis yimak.
5. Kanggo mernahne rantaman kagiyatan nyimak.

1
BAB II
ANDHARAN
2.1 Pengertening Nyimak
Nyemak yaiku proses kegiyatan ngrungokake lambang-lambang lisan nganti
runtut, gati, pangerten, apresiasi, lan interprestasi kanggo pikantuk informasi, nampa
isi, uga ngerteni rembukan sing wis wedarane lewat omongan utawa tulisan.
Miturut Tarigan (2008: 31) nyimak, yaiku kagiyatan ngrungokake tetenger lisan
kanthi weneh kawigaten, pangerten, apresiasi, interpretasi kanggo ngolehake
informasi, nampa isi, sarta uga ngerti kang diandharake dening pamicara lumantar
tulisan utawa basa lisan, mangka kui kagiyatan nyemak minangka kagiyatan kang
sengaja, direncanakake kanggo nggayuh prosesing ancas. Sawijining pawongan ora
bakal bisa nyemak menawa pawongan kasebut ora nduweni maksud nindakake
kagiyatan nyemak kasebut. Pamicara uga nglakoni kagiyatan jalaran ancasing kang
dikarepake saka panyemake.
Andharan ing ndhuwur cetha menawa kagiyatan nyemak minangka kagiyatan
ngrungokake swara kanthi lerem kanggo mahami tuturan kang dimaksudake dening
pamicara lan nglibatake sekabehane ubarampe jiwa, kejiwaan. Banjur ancasing yimak
yaiku kanggo oleh informasi, nampa isi, sarta ngerti marang kang diandarake.
Kagiyatan nyemak ora bisa dipegat karo kagiyatan micara minangla sawijining
sesambungan pamedaran utawa pacelathon. Intine, enthenge atur komunikasi bisa
lumaku kanthi lisan lan tulisan. Komunikasi lisan kasebut ngenani aktivitas nyemak
lan micara, banjur komunikasi lisan ngenani maca lan nulis.

2.2 Ancasing Nyimak


Salah sawijining ancasing wong kang nyemak yaiku pase kang diandharake
sumber pamicara. Ancas nyemak sajrone kagiyatan saben dina yaiku mesthi omong-
omongan kanthi lisan karo wong liya ngenani sawijining ancas. Sajrone komunikasi
kasebut manungsa bakal nglakoni kagiyatan nampa lan weneh pawarta. Proses aweh
warta(informasi) kanthi lisan diarani micara. Banjur proses nampa informasi disebut
nyemak. Ana saperangan ahli kang uga weneh pamwase ngenani ancase nyemak.
Kayata Hunt (1981) sajrone Tarigan (2008:59) kang ngandhakake saperangan
ancasing nyemak, yaiku

2
(a) kanggo ngolehake informasi ngenani profesi,
(b) nggawe sesambungan ing anatarane pribadi tansaya caket,
(c) nglumpulake dhata supaya bisa nggawe kaputusan kang temu nalar, lan
(d) supaya bisa weneh dol tinuku(respon) kang trep

2.3 Pigunane Nyimak


Manungsa yaiku makhluk individu lan makhluk sosial sambungrapete klawan
manungsa dadi makhluk sosial(sesrawungan) haderbeni sijining werdi wasana
manungsa arep kapriye maneh ura arep luput marang sijining manungsa liya.
Wigatine kodrat manusa orabakal luput marang sesrewungan. Kawigaten iki tan
kendat uga marang alam, lingkungan lan sapada uga marang kang nganyipta jagad.
Ing sajroning pacelaton lisan ana dol tinukune seka pamedar marang sing nggatekne
ana proses nyimak Setiawan (ing Rahmawati 2007: 20-21) ngadarake yen pigunane
nyimak yaiku :

1) Nambah ngilmu pengetauan lan pangalaman urip sing utama kanggo


pagesangan sebab nyimak haderbeni wujudte pawarta (informasi) yaiku
menehi prakara khusussing ndadikne luih pangalaman
2) Ngunggahne budi(intelektual) uga nambai jeru pangrasa ilmu lan khasanah
ilmu
3) Nyugihake candaking atur(kosakata). Nambahi runtutate atur sing bener,
becik lan mirasa(puitis)
4) Nambah elmu, nambahi rasa gesang(penghayatan) uga sipat prasaja lan
jangkeping pangerti(objektif)
5) Nambah rasa tepaslira maramg gatine liyan
6) Nambah paesing seni(artistik) yen sing disimak bab simakan sing basane
alus(paesan)
7) Ngrangsan marang karyaning dewe(kreativitas) lan semangat cipta marang
karyalan tulisan marang ajining diri. Yen sregep nyimak bakal entuk kaweruh
kang okeh tur annya, laluku sing utama. Kabeh kui agawe urip sing isa
nyiptake karya sing anyar lan utama.

2.4 Jenis-Jenis Nyimak


Jinising nyemak kaperang dadi loro, yakuwi :
3
1. Nyemak Ekstensif
Tegese proses nyemak ana bebrayan saben dinane. Kayata nyemak radio, televise,
pacelathon ning pasar, lsp. Ana patang perangan nyemak ekstensif:
a) Nyemak Sekunder, nyemak sing kedadeyan sarana kebeneran. Upamane :
lagi sinau uga bisa ngrungokake wong omong, swara radio, tv, lsp.
b) Nyemak Sosial, nyemak sing ditindakake ana bebrayan social. Kayata :
pasar, terminal, kantor pos, lsp.
c) Nyemak Estetika / Apresiatif, tegese kegiyatan nyemak kanggo nikmati
karya sastra. Kayata : nyemak puisi, cerita, syair lagu, lsp.
d) Nyemak Pasif, tegese ngrungokake sing dilakoni kanthitampaana upaya
sadar. Tuladhane nyemak basa dhaerah ngasi tekan bisa.
2. Nyemak Intensif
Tegese kegiyatan nyemak sing dilakoni kanthi tumenen lan konsentrasi sing
dhuwur.
Jinising nyemak Intensif yaiku :
a) Nyemak Kritis tegese :kegiyatan nyemak sing dilakoni kanthi tumenen
kanggo menehi biji kang objektif, nemtokake asli lan orane, kaluwihan, lan
kakurangan-kakurangane.
b) Nyemak Konsentratif, tegese : kegiyatan nyemak sing dilakoni kanthi
permati; kanggo entuk pemahaman sing apik tumrap informasi sing
dirungokake. Tujuan  nyemak konsentratif yaiku :
 Manut petunjuk-petunjuk/pituduh-pituduh (umpamane : pituduh ngisi 
formulir pendaftaran.
 Nggoleki sesambungane antarunsur sajroning nyemak.
 Nggoleki sesambungane kuantitas lan kualitas sajroning komponen.
 Nggoleki informasi penting.
 Nggoleki urutan penyajian bahan semakan.
 Nggoleki gagasan utama
c) Nyemak eksploratif, tegese kegiyatan nyemak sing dilakoni kanthi permati
kanggo entuk informasi anyar. Tujuane :   
 Nemokake gagasan anyar.

4
 Nemokake informasi anyar lan tambahan saka bidang tertentu.
 Nyemak kanggo nemokake topik-topik anyar sing bisa dikembangake.
 Nemokake unsure-unsur bahasa sing sifate penting.
d) Nyemak Interogatif, tegese : kegiyatan nyemak sing nduweni tujuan kanggo
nggoleki informasi kanthi cara ngajokake pitakon-pitakon sing diarahake
tumraping entuk-entukaning informasi.

2.5 Rantaman Nyimak


1) Ngrungokake (hearing)
Kang angaka sapisan awake dhewe ngrungokake kabehane sing diomong
saka pambicara marang bab sing diandarke. Dene sepisan nggatekne lan
ningali kanthi prasaja
2) Mangerteni (interpreting)
Kang angka loro ana karepan gawe ngerteni isi omongan saka pamedar. Ing
angka iki panyimak kudu ngerti tujuan uatawa ancasing gati.
3) Ngiro-ngiro (interpreting)
Nomer atelu iki nyemak sing becik durung lega yen mung ngrungokake lan
ngerteni isi sing diomongke, wonge duwe kepinginan kang ngiro-ngiro
marang intine sing disemak.
4) Biji (evaluating)
Ing urutan iki kang nyimak wenehi biji marang kurang luweh anggone
pambicara ngucap.
5) Nanggepi (responding)
Sing keri dewe ing kegiatan nyemak, yaiku sing nyemak nggateni, ngecakne,
ngarasakne, lan nerima marang apawai sing diucapake kang ngucap.

5
BAB III
PENUTUP
3.1 Dudutan
Miturut katrangan nyemak yaiku proses kegiyatan ngrungokake lambang-lambang utawa
tetenger lisan nganti jangkep, pangerten, apresiasi, lan interprestasi kanggo pikantuk
pawarta(informasi), nampa isi, sarta uga ngerti kang diandharake dening pamicara lumantar
tulisan utawa basa lisan. Proses menyimak banget penting ing sesrawungan utawa piwulangan
utawa pacelathon(komunikasi) mula saka kui karep bisa tinamapa kanthi pada marang panyimak
seka pamedar.. laku nyemak kaperang ana 2 yaiku nyimak ekstensif lan nyimak intensif. Nyimak
uga diruntut dai 5 yaiku .Ngrungokake (hearing), Mangerteni (interpreting), Ngiro-ngiro
(interpreting), Biji (evaluating) lan Nanggepi (responding).

6
KAPUSTAKAN

Sri Maruti Endang.(2018).Pengantar Bahasa Jawa di Sekolah Dasar.Magetan Jawa


Timur:Indonesia.CV.AE Media Grafika

Madiun.https://media.neliti.com/media/publications/251369-none-98485cce.pdf
Diakses 6 Oktober 2021
Madiun http://repository.radenintan.ac.id/219/11/Strategi_Menyimak_Umi_Hijriyah.pdf
Diakses 6 Oktober 20

7
8

Anda mungkin juga menyukai