Anda di halaman 1dari 2

LATIHAN SOAL PTS GENAP TH 2020/2021 Nama :

BAHASA JAWA No :

KLS V SD SUPRIYADI SEMARANG

 BAHASA JAWA

R.A. Kartini
R. A. Kartini asale saka Jepara, lair 21 April 1879. Panjenengane putra bupati
Jepara. Nalika ngancik dewasa, R. A. Kartini dipingit nganti oleh jodho. R. A. Kartini
mbrontak, sajroning pingitan ora oleh metu saka pekarangan omah,ora entuk sekolah, apa
maneh sesambungan karo kanca-kancane. Jroning ati, R. A. Kartini pingin kaum wanita bisa
sekolah lan entuk pendhidhikan kang murwat.
Nalika ngancik dewasa, R. A.Kartini dipundhut garwa Bupati Rembang. Garwane
R. A.Kartini menehi panyengkuyung marang cita-citane R. A Kartini. Mula Kartini banjur
ngedekake sekolah wanita. Ing kana, kaum putri diajari, maca, nulis, njahit, ngrenda,
mbatik, masak, lan ketrampilan liyane.
Semangate R. A.Kartini kanggo majokake kaume tambah gedhe amarga uga
oleh dukungan saka mitra kenthele, yaiku Abendanon.Liwat layang-layange Abendanon,
Kartini bisa entuk wawasan anggone ngedekake sekolah putri. Sakbanjure layang-layang R.
A. Kartini dikumpulake dadi buku kanthi judhul Habis Gelap Terbitlah Terang.
Nanging eman, during bisa ngrasakake kasile, R. A. Kartini wis kapundhut
dening Gusti, nalika nglairake putrane kapisan. Semana gedhene dharma bektine R. A.
Kartini tumrap nusa bangsane.

1. R. A. Kartini lair ing ….


2. R .A. Kartini lair nalika tanggal ….
3. R. A. Kartini nduweni kepinginan yaiku ….
4. Ing ngisor iki apa-apa sing diwulangake dening R. A. Kartini, kejaba ….
5. Judhul buku sing dianggit dening R. A. Kartini yaiku ….
6. Sapa tumindak salah bakal konangan, paribasane ….
7. Tembang pangkur yoiku salah sijine tembang macapat kang anduweni watak …
8. Tembang Pangkur sak meniko gambarake menungso ingkang siap lan mampu ninggalaken
perkoro…
9. Mingkar mingkuring angkara. Tembung angkara tegese ….
10. Watake tembang pangkur iku anduweni watak srengen, srengen tegese…
Lumantar iki....
Isining atiku ginurit
Prasetyaku thukul saka ati kang tulus
Njaga langgeng ing kamardikan
Donga pujiku kebak kaendahan, kanggo wutah getihku
11. Geguritan “wutah Getihku” duwe wekas supaya …
12. Jeneng “Semarang” kajupuk saka kedadeyan aneh yaiku…
13. Cerita rakyat kang ana sambung rapete karo dumadine papan utawa sabubarang di arani…
14. Sebutna tuladha tembang macapat telu wae !
15. Babagan kang kudu digatekake nalika maca geguritan iku ana 4, sebutna !
16. Sebutna paragane crita“ Dumadine Kutha Salatiga”!
17. Sebutna 3 cerita rakyat sing kok ngerteni !
18. Legendha yaiku . . .
19. Tembang macapat cacahe ana . . .
20. Geguritan yaiku . . .

Anda mungkin juga menyukai