Anda di halaman 1dari 3

Analisis Video

Nama Mahasiswa : Emilatul Kiptiyah


NIM : 202201034
Kelas : Keperawatan A

Analisislah video yang disaksikan dengan cara mendeskripsikan keterangan pada tabel di
bawah ini!

Fase Orientasi
1 Mengucapkan salam
Waalaikumsalam wr.wb. Ibu monggo lenggah rumiyin.

2 Memperkenalkan nama perawat


Ibu nderek tepangaken, kula perawat rozadi kula perawat ingkang tugas wonten mriki enjing
menika nggeh.

3 Klarifikasi nama pasien dan cek gelang identitas pasien


Sak derengipun nuwun sewu, menika miturut prosedur keselamatan pasien kula kedah
nyuwun pirsa asmanipun ibu, yuswanipun pinten lan alamatipun pundi nggih? Oh nggih leres
nggih bu, sampean cocok kalian catetan wonten rekam medis menika.

4 Menjelaskan tanggung jawab perawat dan klien


Bu Surti rawuh wonten mriki ingkang dipun raosaken punapa Bu? Bu Surti sakderengipun
dhahar punapa?kalian sayur mboten? Unjukipun pripun? Boten toya pethok? Dhahar buah?
Nggih nyuwun sewu Ibu biasanipun menawi bebucal saben dinten nopo pinteng dinten
sepindah?

5 Menjelaskan peran perawat dan klien


Bu Surti saklajengipun badhe kula priksa rumiyin. Ibu tindhak wonten tempat tidur niku nggih,
monggo Bu kula derekaken. Ngatos-atos nggih.

6 Menjelaskan tujuan kegiatan yang akan dilakukan


Pemeriksaan TTV ingkang kalebu tekanan darah, suhu, pernafasan ingkang supados
sumerep tekanan darah pasien inggil punapa andhap, lan suhunipun benter punapa mboten
lan padharanipun bising ususipun radi alon.

7 Melakukan kontrak tema kegiatan, waktu dan tempat pelaksanaan


Ibu saklajengipun badhe kula priksa nggih, kula priksa tekanan darah ibu, suhunipun, mangke
enten kendala napa mboten napasipun kalian padharanipun kula priksa nggih? Mboten dangu
kok namung 10menit. Ibu sampun siap?
8 Menjelaskan kerahasiaan
Nyuwun sewu nggih kula bika? Niki agemanipun kula bikak mboten napa-napa nggih? Ibu
punika wonten bekas luka napa nggih bu?

9. Memberi kesempatan pada klien untuk bertanya


(mboten wonten)

Fase Kerja
10 Melakukan kegiatan sesuai dengan rencana yang telah ditetapkan
Ibu nyuwun sewu kula radi penyet nggih, mangke menawi raosaken sakit ngendika nggih. Ibu
kula kethuk-kethuk sekedik nggih? Nggih menika kula tutup rumiyin. Wau saking pemeriksaan
Ibu ngerasaaken sakit nggih nggen padharan? Lajeng saking suara ususe Ibu menawi dipun
mirengaken menika kok radi alon Bu tinimbang biasanipun? Mangke langkung sae Ibu badhe
dipun priksa nggih.

Fase Terminasi
11 Mengevaluasi perasaan klien setelah pelaksanaan tindakan
Sampun cekap pemeriksaanipun. Pripun ingkang dipun raosaken Bu Surti?

12 Mengevaluasi pemahaman klien dari tindakan yang sudah dilakukan (evaluasi objektif)
Alhamdulillah Bu, niki kula dados jelas nggih wau napa sing kula raos kok dados nyeri ngoten
niki, ternyata suara perute mboten normal.

13 Memberikan reinforcement positif


Ibu sae sanget kala wau pas pemeriksaan sampun kersa ngendika ingkang diraosaken
punapa kemawon dados saget langkung jelas ibu kinten-kinten kenging menapa.

14 Merencanakan kegiatan selanjutnya (rencana tindak lanjut)


Ibu dipun cobi menawi ngunjuk ingkang anget-anget nggih, lajeng dhaharanipun dipun tambah
sayur kalian buah mboten namung daging.
15 Menyepakati kontrak pertemuan yang akan datang
Mangke langkung sae ibu badhe dipun priksa nggih?

16 Mengakhiri percakapan/pertemuan
Menika sampun cekap bu. Amargi lampahan sampun cekap ibu wonten angsal kondur lan
ngatos-atos wonten margi.

Anda mungkin juga menyukai