Anda di halaman 1dari 2

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Alhamdulillahirobbil ‘alamiin...

Wassholatu wassalamu ‘ala sayyidina Muhammadin wa ‘alaa alihi washohbihi ajma’iin...

Mugi bapak-ibu tansah keparingan rahmat saking ngarsa Gusti Allah swt. aamiin

Mugi bapak-ibu tansah keparingan manah ingang bingah, ugi diparingi gampil lancar
sedanten urusane pun, keparingan hasil maqsud sedanten hajat.. aamiin yaa robbal
‘aalamiin

Dawuh Abah, “nek ngapalke kuwi kudu kuat niate. Ojo nganti oyag, ojo kendho ! Ayo dikuati
meneh niate.”

Panci leres dawuh kados mekaten.

Menawi kulo intropeksi, kulo dereng saget nglampahi dawuh menika. Bapak-ibu langkung
paham karakter kulo. Kulo niku boten pati kuat babakan niat, boten saget betah dangu
nyepeng niat, nopo maleh dereng saget istiqomah anggen kulo ngaji.

Niku ingkang dados kelemahan kulo. Kulo menyadari sedanten niku. Padahal niat, betah lan
istiqomah niku prinsip utama ngaos tahfidz.

Wekdal kolo wingi Abah geh dawuh, “saiki, kowe kabeh wes kudu mulai wani tirakat.”

Kulo sebagai santri ingkang namung saget berusaha sam’an wa tho’atan dateng sedanten
kersa guru, nyuwun tambah pangestu saking bapak -ibuk ten nggriyo. Mugi kulo saget
dadoso santri ingkang tho’at.

Keluarga besar saking bapak abet buyut mbah maksum ugi mbah ismangil, sanes keluarga
kyai.

Keluarga besar saking ibuk abet buyut mbah munawwir ugi mbah abdul hamid gasem , sanes
keluarga kyai.

Mbah margono ugi mbah syaerozi sanes kyai. Nembe ibu-bapak ingkang mlampah mulai
mendalami agami ten pesantren. Bapak ngaos kitab kuning, ibu ngaos al quran.

Kulo bersyukur gadah latar belakang keluarga kanti agami ingkang ketat, berkah saking guru2
bapak ugi guru2 ibuk.
Giliran kulo saniki angsal jatah ingkang langkung ketat malih : nderek tahfidzul qur`an.

Berangkat saking latar belakang kampung, kulo dituntut mengejar perbaikan kebiasaan.
Ndandosi rutinitas, pola fikir, langkung2 ahklaq menuju akhlaq QURANI. Ingkang biasane
setiap hari katah dolan lan dolanane, sakniki kedah katah Nderese.

Ngantos wekdal sak meniko, sejatine kulo tasih keraos keberatan. Badhe dos pundi malih,
panci niki pilihan ingkang kedah kulo lampahi.

Lajeng, menindak lanjuti dawuh Abah wonten inggil meniko, “saiki kowe kudu mulai wani
tirakat.”

kulo nyuwun ridho ibuk-bapak. Kulo badhe langkung fokus anggen mempengi Al Qur`an
kanti lampah riyadhoh lan tirakat.

Ibuk-bapak ampun madosi kulo ten pondok. Ampun SMS/ telpon kulo kagem sementara
waktu. Kulo nyuwun ibuk-bapak bantu kulo kagem tambah nguati niat kulo putro jaler
anggen ngaos ten pondok.

Mugi bapak-ibuk keparingan manah ingkang jembar kangge nampi panyuwunan kulo.

Menawi cekap semanten matur kulo. Nyuwun ridho nyuwun ikhlas.

Wabillahittaufiiq wal hidayah...

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Abdul Fattah

Anda mungkin juga menyukai