Anda di halaman 1dari 2

Definisi

Geguritan iku sawijining rumpakan, pepethan, karangan kang awujud


reroncen tembung lan ukara kang endah, ringkes, padhet, lan menthes.
Geguritan kalebu karya sastra Jawa gagrak anyar.

Nintingi Struktur Teks Geguritan

Gladhen 1
Garapen ing buku kerjamu!
KLUWUNG
(Soewardi Baroto Martono)
Ora katon garising kikismu
Nadyan wilangane tinemu
Oncating citramu, ambabar banyu
Tuhu agung kersane Gusti
Riris … grimis endah dinulu
Agawe menebing lebu
Mahanani segering banyu

Ora geseh, eseme anuju prana


Tansah gawe brantaning driya
Ora kapiyarsa wuwuse wacana
Rinengga endahing solah bawa
Andelidir ponang kintaka
Binarung kidung asmara

Iba mulya raharja, rasaku


Datan ana kang ngreridu
Rinonce kehing wanodya yu
Andum prasetya tuhu
Woh aren …, asung pepeling
Endahing citramu, boya sumandhing
Ora beda ngendikaning biyung
Sliramu … andha widhodari … ya kluwung
(https://www.infohpmurah.com/2018/08/33-contoh-puisi-bahasa-jawa-geguritan.html)

1. Saka geguritan ing ndhuwur kuwi, golekana struktur laire!


2. Saka geguritan ing ndhuwur kuwi, golekana struktur batine!
Yen wis rampung nggarap Gladhen 1, awakmu bisa nerusake Kagiyatan Pasinaon 2.

Anda mungkin juga menyukai