Teks tanggapan dheskriptif yaiku teks sing isine nggambarake obyek kanthi gamblang Ian rinci
Tujuan paragraf ing teks tanggapan dheskriptif yaiku kanggo njlentrehake nerangake sawenehe obyek
marang sing maca saengga wong sing maca kaya-kaya melu ngrasakake, ngrungokake, ndelenq utawa
ngalami tumrap apa sing wis didheskripsekake dening penulise.
Tanggapan dheskriptif yaiku kesan tumrap apa sing wis dideleng, dirungu marang (tumrap) obyek
tartamtu, Ian nalika maca kaya-kaya weruh Ian ngrasakake obyek sing diwaca.
Ciri-ciri teks tanggapan dheskriptif:
1. Nggambarake panggonan, wong, barang, kahanan nganggo pancadriya
2. Tujuane supaya wong sing maca kaya-kaya melu ngrasakake utawa ndeleng dhewe
marang obyek sing didheskripsekne
3. Ciri-cirine obyek diterangake kanthi gamblang Ian rinci.
Struktur Teks Tanggapan Dheskriptif
Coba wacanen teks” Gunung Brama “, sabanjure di garap manut structure teks
Gunung Bromo
Gunung Bromo yaiku sawijining obyek wisata gunung ing Jawa Timur sing banget nengsemake
tumrap para wisatawan dhomestik Ian wisatawan saka manca negara. Gunung Bromo dumunung ing
wilayah pamarentahan propinsi Jawa Timur kang dumadi saka patang wilayah, yaiku kabupaten
Probolinggo, Pasuruan,Lumajang Ian Malang. Dhuwure gunung Bromo yaiku 2.392 meter saka lumahe
segara. Gunung Bromo minangka obyek wisata kang wis misuwur ing saindenging donya didadekake
icon wisata dening pamarentah Propinsi Jawa Timur.
Gunung Bromo tansah dadi papan kang nyenengake, jalaran duwe pemandhangan kang ora
tinemu ing panggonan liya. Gunung Bromo kinupengan segara wedhi kang jembare kurang luwih 10 km
persegi, misuwur anane sunrise sing saben-saben dienteni dening para wisatawan. Ing pucuke gunung
Bromo katon kawah sing ajeg nyemburake geni Ian kukus, nduweni dhiameter kurang luwih 800 meter
yen diukur saka arah lor nganti sisih kidul, Ian kurang luwih 600 meter saka arah wetan nganti pinggire
kawah sisih kulon. Ana papan sing dianggep mbebayani tumrape pangunjung, yaiku papan radhius 4
kilometer saka kawah.
Obyek wisata Gunung Bromo klebu wewengkon Taman Nasional Bromo Tengger Semeru.
Tumuju menyang Gunung Bromo sing paling kepenak kawiwitan saka Penanjakan.i Ing Penanjakan para
wisatawan bisa ndeleng sunrise utawa prastawa mletheke srengenge sing sesawangane endah Ian
nengsemake. Sabanjure bisa nerusake laku menyang kawahe gunung, bisa mlaku bisa uga nyewa jaran
utawa jeep supaya ora kesel. Nalika ngliwati segara wedhi bisa ndeleng bangunan papan ibadahe suku
Tengger sing nggilut agama Hindu. Bangunan kasebut diarani Pura Luhur Poten.
Idhentifikasi ana ing paragraph 1 , Gunung Bromo yaikus sawijining obyek wisata gunung………………dening
pemerintah Propinsi Jawa Timur
Kasifikasi/ Dhefinisi ing paragraph 2, Gunung Bromo tansah dadi papan kang nyenengake…………………., yaiku
papan radhius 4 kiometer saka kawah
Deskripsi bagean ing paragraph 3, Obyek wisata gunung bromo………………Bangunan kasebut diarani Pura uhur
Poten
Jinise Tembung
Sawise njingglengi teks tanggapan dheskriptif "Gunung Bromo" tinemu panganggone tembung aran, tembung
kahanan, tembung panggandheng, Ian jinis tembung liyane.
Tuladha:
"Gunung Bromo yaiku sawijining obyek wisata gunung ing Jawa Timur sing banget nengsemake tumrap para
wisatawan dhomestik Ian wisatawan saka manca negara"
Kanggo nyinaoni teks tanggapan dheskriptif uga kudu nyinaoni jinising tembung basa Jawa. Jinise tembung ing
basa Jawa kaperang dadi
10, yaiku:
Tembung aran yaiku tembung sing nerangake sakabehe jenenge barang utawa sing dianggep barang.
Tuladha: gunung, jaran, jeep, pura, omah, dalan, segara,wedhi, Ian sapanunggalane.
Tembung kahanan yaiku tembung sing nerangake watak, sipat, Ian kahanane samubarang.
Tuladha: adoh, cedhak, ayu, panas, sugih, kepenak, sengsara, luwe, panas, nengsemake, Ian sapanunggalane.
Tembung katrangan yaiku tembung sing nerangake tembung aran,tembung-kriya, Ian tembung kahanan.
Tembung wilangan yaiku tembung sing nerangake cacahe utawa jumlahe barang Ian pepangkatan.
Tuladha: siji, loro, telu, sepuluh, selave, seket, satus, sewu, sasendhok, sethithik, akeh, kabeh, pirang-nirang,
separo, seprapat,sakjam, ka-2, Ian sapanunggalane.
Tembung sesulih yaiku tembung sing daej sesulih utawa gantine Wong,kewan, barang utawa sing dianggep
barang.
Tembung ancer-ancer yaiku tembung sing dienggo nyambung tembung kriya karo panggonan.
Tembung panggandheng yaiku tembung sing dienggo nggandheng gagasan loro utawa luwih.
Tuladha: nalika, karo, Ian, banjur, mula, yen, manawa, sebab, Ian sapanunggalane.
Tembung panyilah yaiku tembung sing dienggo menehi sesilah utawa sandhangane tembung aran sing wis
genah.
Tuladha: ah!, adhuh!, oh!, hore!, ya ampun...!, Iho!, haa!, Ian sapanunggalane.
Maturnuwun