Anda di halaman 1dari 21

MAKALAH BAHASA JAWA

SERAT WEDHATAMA PUPUH GAMBUH (PUPUH 1-6)


KELAS XI IPS 4
SEMESTER GENAP

Disusun oleh kelompok 1:


1.Anifah Laila Hidayah (01)

2.Anisa Ramadani (02)

3.Anita Febriliani (03)

4.Rival Afiq Assayadad (31)

5.Saiful Bahtiar (33)

6.Sholikul Hadi (36)

Pengampu: Susilowati Spd

SMAN 1 GUNTUR

TAHUN AJARAN 2021/2022


ATUR PAMBUKA
Puji syukur kita panjataken marang ngarsanipun gusti Allah SWT
ingkang sampun nglimpa haken tresna lan kasihipun, sahingga kita
saget ngrampungaken tugas damel makalah niki yaiku salah sawijining
syarat damel ngleng kapitugas Bahasa Jawa.Makalah niki ngrembuk
babakkan tembang gambuh inggih meniko paugeran,tuladha tembang
gambuh kaliyan penjelasan isi tembang ingkang sampun
didamel.nyuwun pangapunten anggane damel makalah niki kurang
sempurna lan tasih kathah klentunipuning kang mboten kita
mangertosi.Kirane sedaya kesaeaning kang sampun maringi datheng
kita angsal balesan saking gusti Allah SWT. Harapan kita mugi-mugi
makalah niki wonten paedahe kagem sedaya ingkang maca.
DAFTAR ISI

COVER…………………………………………………………….. 1

ATUR PAMBUKA………………………………………………… 2

DAFTAR ISI………………………………………………………. 3

BAB l

1. Pangerten Tembang 11 Macapat lan Tuladha…….....……4

BAB ll

2. Pengerten 5 Serat Wedhatama lan Tuladha................…11

BAB lll

3.Pengerten Tembang Macapat Gambuh.............................15

4. Tuladha Tembang Macapat Gambuh lan Maknane.......16

WASANA

5. Dudutan………......................…………………………….………….19

6. UsulUtawi Saran……………..................…………………………..19
BAB l

TEMBANG MACAPAT 11 lan TULADHA


Macapat iki uga sinebut tembang macapat asli, kang umumé dienggo
sumrambah ing ngendi-ngendi. Urut-urutané tembang Jawa iku padha
karo lelakoning manungsa saka mulai bayi abang nganti tumekaning
pati. Mungguh kaya mangkene urut-urutané tembang kaya kang ing
ngisor iki:

1.   Maskumambang

Gambarake jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung
kawruhan lanang utawa wadhon, Mas ateges durung weruh lanang
utawa wadhon, kumambang ateges uripé ngambang nyang kandhutané
ibuné.

-Contoh Tembang Maskumambang:

Apan kaya mangkono wewatek neki (12 i)

Sanadyan wong tuwa (6 a)

Yen duwe watek tan becik (8 i)

Miwah tindak tan prayoga (8 a)

2.  Mijil

Ateges wis lair lan jelas priya utawa wanita.

-Contoh Tembang Mijil:

Lan dimantep mring panggawe becik (10 i)


Lawan wekas ing  ngong (6 o)

Aja kurang, iya panrimané (10 é)

Yen wis tinitah marang Hyang widhi (10 i)

Ing badan puniki (6 i)

Wus pepancen ipun (6 u)

3.   Sinom

Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné


wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.

-Contoh Tembang Sinom;

Nulada laku utama (8 a)

Tumrap ing wong tanah Jawi (8 i)

Wong Agung ing Ngeksi Ganda (8 a)

Panembahan senapati (8 i)

Kepati amarsudi (7 i)

Sudaning hawa lan nepsu (8 u)

Pinesu tapa brata (7 a)

Tanapi ing siyang ratri (8 i)

Amemangun karye naktya sing sasama (12 a)


4.    Kinanthi

Saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa
mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.

-Contoh Tembang Kinanthi:

Dadiya laku nireku (8 u)

Cegah dhahar lawan guling (8 i)

Lawan aja sukan sukan (8 a)

Anganggowa sawatawis (8 i)

Ala wateke wong suko(8 o)

Nyuda prayitna ning batin(8i)

5.    Asmarandana

Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok
baliné) kang kabèh mau wis dadi kodrat Ilahi.

-Contoh Tembang Asmarandana"

Aja turu soré kaki (8 i)

Ana Déwa nganglang jagad (8 a)

Nyangking bokor kencanané (8 é)


Isine donga tetulak (8 a)

Sandhang kelawan pangan (7 a)

Yaiku bagéyanipun (8 u)

wong melek sabar narima (8 a)

6.     Gambuh

Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk
njur digathukaké antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa
tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.

-Contoh Tembang Gambuh:

Sekar gambuh ping catur (7 u)

Kang cinatur polah kang kalantur (10 u)

Tanpa tutur katula-tula katali (12 u)                   

Kadaluwarso katutur (8 u)

Kapatuh pan dadi awon (8 o)

7.     Dhandhanggula

Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé, apa kang digayuh


bisa kasembadan. Kelakon duwé sisihan / kulawarga, duwé anak, urip
cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah /
bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
-Contoh Tembang Dhandanggula:

Lamun sira anggeguru kaki (10 i)

Amiliha manungsa kang nyata (10 a)

Ingkang becik martabate (8 é)

Sarta kang wruh ing hukum (7 u)

Kang ngibadah lan kang wirangi (9 i)

Sokur oleh wong tapa (7 a)

Ingkang wus amungkur (6 u)

Tan mikir paweweh ing lyan (8 a)

Iku pantes sira guranana kaki (12 i)

Sartane kawruhana (7 a)

8.     Durma

Saka tembung darma/wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan


uripé, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyané kang
lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin
darma/wèwèh marang sapadha - padha.

-Contoh Tembang Durma:

Wusnya tibeng bentala prabu Rahwana (12 a)


Pancasonane dadi  (7 i)

Sirna tatu nira (6 a)

Tung tumpulih sedaya (7 a)

Nepak bau kradha angrik (8 i)

Ndedel ngawiyat (5 a)

Ngusir nanendra peksi (7 i) 

9.    Pangkur

Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara


murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha.

-Contoh Tembang Pangkur:

Sekar Pangkur kang winarna (8 a)                              

lelabuhan kang kanggo wong aurip (11 i)

ala lan becik puniku (8 u)

prayoga kawruhana  (7 a) 

adat waton puniku dipun kadulu (12 u)                            

miwa ingkang tatakrama (8 a)

den kaesthi siyang ratri (8 i)


10.  Megatruh

Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi
wanciné katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.

-Contoh Tembang Megatruh:

Na ra kena sinelak selak pineluk (12 u)                 

Mring kang ngadhang adhang sisip (8 i)

Yen loro anggepi reku (8 u)

Teman kether maring ngening (8 i)

Adoh kae let tan adoh (8 o) 

11.  Pocung

Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong
sak durungé dikubur.

-Contoh Tembang Pocung:

Ngelmu iku kelakone kanthi laku (12 u)

Lekase lawan kas (6 a)

Tegese kas nyantosani (8 i)

Setya budaya pangekese dur angkara (12a)


BAB ll

5 SERAT WEDHATAMA
Serat wedhatama asale saka basa sansekerta, Wedhatama miturut
kamus kawi-indonesia karangan L. Mardiwasito, saka tembung
''wedha'' kang tegese ilmu pangerten, lan tembung ''Tama'' kang tegese
becik. Miturut R. Tanojo tegese tembung ''wedhatama'' yaiku
pepathokaning putra. Di deleng saka tembung ''wedha'' tegese
pepakem (patokan) lan tama utawa utama kang duwe teges anak. Serat
wedhatama iku salah sawijining seratane Kanjeng Gusti Pangeran
Adipati Aryo (KGPAA) Mangunegara IV kang wujude tembang. Serat
wedhatama ngemot tembang macapat yaiku pupuh Pangkur, Sinom,
Pocung, Gambuh lan Kinanthi. Cacahe ana limang pupuh. Ing ngisor iki
limang pupuh ing serat wedhatama yaiku :

1. Pangkur (14 Pada)

Ana ing serat wedhatama pupuh pangkur duweni piwulang ngelmu


kang sempurna, kang dadi pathokaning kanggo manungsa yaiku
babagan sopan santun. Syarat utama kanggo duweni yaiku ati-ati
utawa mawas diri. Manungso kang kasil mawas diri utawa ati-ati
anggone nglakoni urip ana ing alam ndonya bakal tentrem ana ing
donya.

-Tuladha Tembang Pangkur:

Si pengung nora nglegewa,

Sangsayarda denira cacariwis,


Ngandhar-andhar angendukur,

Kandhane nora kaprah,

Saya elok alangka longkangipun,

Si wasis waskitha ngalah,

Ngalingi marang sipingging.

2. Sinom (18 Pada)

Babagan pikolehe saka tumindak ngati-ati . tuladhane yaiku Nata


mataram Senopati kang duweni gelar wong agung ing ngeksigondo,
tegese salah sawijineng pemimpin teladan , sumeh lan tresna marang
kawulanelan asring nglakoni pasa, Ananging ora nadohi marang
kawulane

-Tuladha tembang sinom:.

Nulada laku utama

Tumrap ing wong tanah Jawi

Wong Agung ing Ngeksi Ganda

Panembahan senapati

Kepati amarsudi

Sudaning hawa lan nepsu

Pinesu tapa brata

Tanapi ing siyang ratri

Amemangun karye naktya sing sasama


3.Pocung (15 Pada)

Isine pupuh pocung ana ing serat wedhatama yaiku kawicaksanaan


sejati. Kawicaksanaan sejati ora ketara ana sawijining papan
panggonan. kawicaksanaan kasebut kudu kelakon. Piwulang
Panembahan mangkunegara IV yaiku lila lan narima ,legawa utawa lila
atine lan pasrah, sabar tulus ikhlas lan sumarah marang gusti ingkang
Maha Agung.

-Tuladha tembang pocung:

Ngelmu iku kelakone kanthi laku

Lekase lawan kas

Tegese kas nyantosani

Setya budaya pangekese dur angkara

4. Gambuh (35 Pada)

Piwulang kang ana ing pupuh gambuh yaiku rasa sukur marah gusti
Allah kang MAha Agung kanthi suci ing batin, ngadohi watak angkara
murkalan sifat ngendel ngendelake, serta tekun nglaakoni sembayang.

-Tuladha tembang gambuh:

Aja nganti kabanjur,,


Barang polah ingkang nora jujur,,

Yen kebanjur sayekti kojur tan becik,,

Becik ngupayaa iku,,

Pitutur ingkang sayektos.

5. Kinanthi (18 Pada)

Ing ngisor iki piwulang ana ing serat wedhatama di ringkes dadi 2
kelompok yaiku :

A.. Piwulang kanggo kanoman

Para kanoman supaya nyinau babagan busana lan sopan santun, Serta
mangerteni sumber ngelmu kang bener,Supaya ora nduweni sifat
angkuh amarga duweni panguwasa.

B.Piwulang kanggo wong tuwa

Ngelmu kanggo menehi piwulang marang anake. Kepiye carane


milah-milah babakan ngelmu kang bener. Kepiye carane nglakoni eling
marang Gusti Kang Maha Agung. Uwong kang dianggep tua yaiku
uwong kang duweni ngelmu lan paham babagan lelakoning urip.

-Tuladha tembang Kinanthi:

Sanajan to nora milu

Pasthi wruh solahing maling

Kaya mangkono sabarang


Panggawe ala puniki

Sok weruha nuli bisa

Yeku panuntuning eblis

BAB lll

PUPUH GAMBUH
-Pangertene Tembang Gambuh

Gambuh iku tambuh, embuh, gambuh, jumbuh, lan tembung kang


awanda mbuh. Tegese Lanteh. Anggitane Natapraja. Kacarita mula
bukanetembang iki lelagon gandarwa (raseksa)ing jaman Mataram.
Digunakake kanggo menehi ngelmu kang kukuh/bakuh (tegas/galak).

Pathokan Tembang Gambuh

Guru gatra tembang macapat gambuh : 5 gatra

Guru wilangan tembang macapat gambuh :7-10-12-8-8

Guru lagu tembang macapat gambuh : u-u-i-u-o

-Tembang Macapat Gambuh lan Maknane (pupuh 1-6)

Pada 1

Samengko ingsun tutur,

Sembah catur supaya lumuntur,

Dihin raga, cipta jiwa, rasa, kaki,


Ing kono lamun tinemu,

Tandha nugrahing Manon.

Artinya

Kelak saya bertutur,

Empat macam sembah supaya dilestarikan,

Antara lain sembah raga, cipta, jiwa, rasa, anakku!

Disanalah akan bertemu,

tandha anugrah Tuhan.

Pada 2

Sembah raga punika,

Pakartine wong amagang laku,

Susucine asarana saking warih,

kang wus lumrah limang wektu,

wantu wataking wawaton.

Artinya

Sembah raga adalah,

Perbuatan orang yang olah batin,

Menyucikan diri dengan sarana air,

Yan sudah biasa lima waktu,


Sebagai rasa hormat terhadap waktu.

Pada 3

Inguni-uni ersua,

Sinarawung wulang kang sinerung,

lagi iki bangsa kas ngetok-ken anggit,

mintoken kawagnyanipun,

sarengate elok-elok.

Artinya

Pada zaman dahulu,

Belum pernah dikenal ajaran yang penuh tabir,

Baru kali ini ada orang menunjukkan hasil rekaan,

Memamerkan kebiasaannya,

amalannya aneh-aneh.

Pada 4

Thithik kaya santri Dul,

Gajeg kaya santri brahi kidul,

Saurute Pacitan pinggir pasisir,

Ewon wong kang padha nggugu,


Anggere guru nyalemong.

Artinya

Kadang seperti santri Dul,

Seperti santri wilayah selatan,

Sepanjang pinggir pantai Pacitan,

Ribuan rang yang mempercayai,

Asal-asalan dalam berbicara.

Pada 5

Kasusu arsa weruh,

cahyaning Hyang kinira yen karuh,

ngarep-arep urup arsa den kurebi,

Tan wruh kang mangkoko iku,

akale keliru enggon.

Artinya

Terburu-buru ingin tahu,

Cahaya Tuhan dikira dapat ditemukan,

Menanti-nanti besar keinginan mendapatkan anugrah,

Namun gelap mataOrang tidak paham yang demikian itu,

Nalarnya sudah salah kaprah.


Pada 6

Yen ta jaman rumuhun,

tata titi tumrah tumaruntun,

bangsa srengat tan winor lan laku batin,

dadi ora gawe bingung,

kang padha nembah Hyang Manon.

Artinya

Bila zaman dahulu,

Tertib teratur runtut harmonissariat

Tidak dicampur aduk dengan olah batin,

Jadi tidak membuat bingung,

bagi yang menyembah Tuhan.


DUDUTAN

Kita generasi muda kedah ngaja adat jawa, ingkang sampun lestari
wonten masyarakat kanti cara nembangake tembang macapat kanthi
trep wonten ing piwulangan khusu sepi wulangan basa jawi. Supados
tembang macapat punika mboten ketilep kahanan zaman.

USUL UTAWI SARAN

-Kangge ngawekani kemerosotaning tembang gambuh tumrap generasi


mudha ing jaman sapunika kedahipun pendhidhikanbahasa jawa
dipunlebetaken wonten kurikulum sekolah.

-Jejering tiyang sepuh, guru, sarta tokoh masyarakat punapa dene para
pangarsaning praja kedah saged nguri uri budaya jawa kanti cara
maringi piwulang tembang macapat tumrap generasi mudha sahingga
tembang macapat tetep saget lestari tuwin anak cucu kita mengkih.

Anda mungkin juga menyukai