Anda di halaman 1dari 6

Perubahaning Jaman

"Kring!!!", unine jam alarme Lisa, nggugah awake. Dina pertama libur sekolah iku
digawe Lisa tangi rada awan.
Alarm sing ana ing ndhuwur meja sandhing kasure iku muni kaya manuk sing ora
diwenehi pangan, nanging Lisa panggah turu wae.
"Liiss!! Tangiii! Tukokno uyah ndang ndhuk! Ning Bu Linda!", bengoke simbahe
Lisa, Mbok Pur. Krungu suarane simbahe sing mbengok, Lisa gage-gage ngaleh saka
kasure. Raup, ora ganti klambi lan mung nguncir rambute, Lisa langsung nang
warunge Bu Linda.
"Bu Lindaaa… belii", kandhane Lisa lirih rada lemes.
"Iyaaaa tuku apa ndhuk?", suarane tanggane Lisa iku karo mlaku.
"Beli garam"
"Rong ewu ndhuk, iki Lisa putune Mbok Pur?", takone Bu Linda pangleng. Lisa
mung mesem karo manthuk-manthuk. Ibu-ibu sing milihi janganan padha nyaut.
"Ohh Lisa putune Mbok Pur ta, yohh wes guedhe saiki ya"
"Iya beda saiki wesan" saut ibu liyane. Lisa ora nggubris omongane ibu-ibu, gage
mbayar njur bali, ninggalne ibu-ibuk sing lagi ngomongne dheweke karo mesem tipis.
"Yoalah kaya sek tas tangi ta areke", saut Bu Jem, bu RW sing rada crewet.
"Beda ya areke, ngguya-ngguyu tok ra gelem ngomong"
"Eee buk, arek jaman saiki mosok ana seng blater ta buk, lha uripe wes ngaleh ning
kutha lho, beda karo kene seng ning ndeso", kandha bu RW karo menjap-menjep.
"Ngono Mbok Pur kok gelem ta Lisa dijupuk bapak ibuke, wong sing ngopeni ket
mbiyen lak ya Mbok Pur ta?"
"Yo piye ta bu, seng nduwe anak sopo yo karepe bapak ibuke"
"Gek Lisa ki mbendino nguasi HP ae to dakdelok ki, pas liwat ngarep omahe ngono,
gek tas tangi turu lho, wayahe lek sikatan sek ta nyapu sek"
"Halah wes ta yu, wong arek jaman saiki terah ngono neh lek ning kutha, HP ae seng
dicekeli, gek mbangkongan, terus ra tau takon lho modele arek jaman saiki iki"
Omongane ibu-ibu sayata rame kaya onok lomba sautan manuk. Kedadean iku
nggarai Bu Linda nyaut.
"He buk ibuk, padha ngomongno apa ta lah, wes aja ngomong sing aneh-aneh, ndang
sapa iki sing ate mbayar selak masak aku buu", saute Bu Linda karo sambat.
Ibu-ibu langsung padha meneng cep, ndang milih janganane njur mbayar lan langsung
bali. Nanging Bu Jem ora mandheg-mandheg, ngomong karo menjap-menjep.
Jam 9.30, saya suwe wektu mlaku kari cepet. Amarga tangine kasep Lisa sarapan rada
telat, deweke sarapan ning teras omah karo kucinge Mbok Pur, Unis.
"Mewng"
"Ming..nya maem ya..", jawabe Lisa karo menehi cuwilan iwak kanggo Unis, moro-
moro ana Didit lan Sari.
"Oey Lis!", bengoke Didit karo ngawe-awe. Banjur ngampiri Lisa.
"Lis, ayo mlaku-mlaku ning lapangan yok", ajak Sari karo ngelus si Unis.
"Oke, sek ya", omonge Lisa karo ndang ngentekno panganane.
Didit, Lisa, lan Sari mlaku-mlaku ning lapangan. Didit lan Sari crita-crita ning Lisa
ngilikne mbiyen pas cilike. Nanging Lisa malah dolanan HP.
"Enak ya...mlaku-mlaku ngene iki", kandhane Sari.
"Heem, aku dadi iling pas kene cilik kae, mbiyen kene mesti mari shubuh ngono
mlaku-mlaku ngene iki kan ya", crita Didit.
"Iya, apa maneh sing paling tak inget iku kene sepedahan kan terus, kene moro-moro
dikejar sapi..hahaha", crita Sari karo ngguyu kepingkel.
"Iya-iya, neh Lisa ning mburi dewe lho..keponthalan", ujare Didit karo nguwasi Lisa.
Lisa sing umek karo HP-ne iku ora sadar. Sari nyenggol Lisa, Lisa langsung kaget.
"Ee. Piye?", takon Lisa karo lingak-linguk.
"Gak sido Lis, ora ngrungokno iku awakmu ya", ujare Didit karo mblayu nuju pinggir
lapangan sing jarake kari 2 meter.
"Aku salah apa ta", ujare Lisa bingung.
"Hmm, wes lalikno wae ayo rono?", ajake Sari karo nggandheng tangane Lisa.
Wektu Sari lan Lisa arep marani Didit. Nanging Didit balek marani Sari lan Lisa.
"Oey rek cepet lek mlaku, ana pertunjukan apik, ndang reneo!"
Ndelok Didit ngomong ngono Lisa karo Sari mlayu marani Didit.
"Wah ana kethek ogleng", kandha Sari kaget.
"Eh iki aku pernah ndelok iki, pas cilik", ujare Lisa sing basane campur-campur
amarga keseringen ning kutha.
"Sarimin, arep ning pasar", kandhane wong sing nglakokne kethek ogleng.
Bocah telu iku mau seneng anggone ndelok kethek ogleng. Nanging kesenengan iku
berubah kanggo Didit lan Sari.
"Tring", suara notifikasi HP-ne Lisa.
"Gila! Wah Gila, musik videone keluar!", suara antere Lisa, ngagetna Didit lan Sari.
Lisa sing jingkrak-jingkrak nambah nggarai bingung Didit lan Sari. Liyane padha
ndhelok kethek ogleng karo senenge, nanging Lisa malah ndheloki HP-ne karo
ngguya-ngguyu dhewe. Ing ndalan, wektu balek saka lapangan, Didit lan Sari isih
bingung kena apa Lisa sikape isa kaya mangkono.
"Aku kok pengen weruh ta sing mbok dhelok iku apa, kok awakmu isa dadi wong
edan?" takone Sari.
"Mboh iki isa ngguya-ngguyu dhewe, jingkrak-jingkrak ora jelas", ujare Didit karo
rada nesu.
"Iya rek, iki lho idolaku comeback utawa lagu anyare wes metu, bagus sumpah",
omonge Lisa mlaku karo ngguya-ngguyu lan nguwasi HP.
Didit lan Sari mung bisa gedhek-gedhek karo nguwasi Lisa sing kaya wong edan
anyaran iku. Lisa wes ora nggubris sikape kancane iku, dheweke mung fokus ning
artis Koreane iku. Wayah teko ning ngarepan omahe pak lurah, bocah loro Didit lan
Sari kaget karo omahe pak lurah sing rame.
"Loh ning omahe pak lurah kok rame ate ana apa ya?", ujare Didit bingung.
"Lha mboh, njajal takono Mamat kae lho", kandhane Sari.
Didit sing penasaran langsung mlayu nemoni Mamat. Teko Mamat, Didit oleh info,
yen pak lurah arep nanggap jaranan amarga anake sunatan. Didit sing seneng karo
jaranan, langsung marani kancane ngrencanakake arep ngajak kancane ndhelok
jaranan. Nanging Lisa rada angel diajak.
"He rek… tibake pak lurah arep nanggap jaranan sesok, ayo ndhelok yok", ajake
Didit.
"Jaranan? Ndhelok ora ya?", pikire Lisa.
Lisa bingung arep ndhelok apa ora amarga dheweke arep streaming ning Youtube,
ndhelok artis Koreane. Sari mbujuk Lisa supaya gelem ndhelok jaranan wae. Nanging
Lisa milih ndhelok artise live ning Youtube. Didit rada nggresula karo sikape Lisa
saiki. Dheweke nyoba mbujuk Lisa supaya tetep milu ndhelok Jaranan. Nanging Lisa
tetep ora isa.
"Eh aku minta maaf, aku gak bisa, temenan", ujare Lisa.
Didit ora njawab marang Lisa, langsung mlayu bali ninggalake Lisa lan Sari.
"Yoalahh Lis, awakmu kok saiki malih bedio ta, ya wes lah lek ngono aku tak balek
ya", ujare Sari karo rada nesu.
Lisa sing ora paham karo sikape kanca-kancane iku, bingung, njur mlaku bali pisan.
Tekan omah, Lisa langsung ning kamare lan ndheloki HP-ne. Dheweke urung sadar
yen kanca-kancane wiwit nesu lan pegel. Lisa sing jingkrak-jingkrak karo sorak-sorak
iku wes ora peduli karo apa-apa ning sekitare. Moro-moro Mbok Pur sing ning
mburine, ngageti Lisa. Lisa mung isa ngguya-ngguyu karo pringisan. Mbok Pur mung
gedhek-gedhek.
"Ndhuk, sesok simbah arep rewang ning omahe Pak Lurah, wani ta ning omah
dhewe?"
Lisa sing ora krungu amarga kupinge dibunteti earphone iku mung manthuk-manthuk
marang Mbok Pur.
Sesoke Lisa sing gawene tangi awan iku bingung nguwasi omahe sing sepi mamring
kaya kuburan. Terus dheweke weruh tulisan Mbok Pur ning meja pawon ngomong
yen, Mbok Pur wes budhal rewang lan lawuhe mangan ana ing lemari. Banjur Lisa
njupuk lawuh ing lemari lan mangan ing ngarep tv. Sedina utuh Lisa ning omah,
dheweke mung ndelok tv, streaming Youtube, lan dolanan HP. Awale dheweke
seneng amarga bisa ndhelok artise sing live ning Youtube iku. Nanging suwi-suwi
dheweke ngrasa aras-arasen ning omah dhewe.
Ing panggonan liya, Didit lan Sari uga kancane liya padha budal ndhelok jaranan.
Wayah teko ngarepan omahe Lisa, Sari arep nyeluk Lisa, nanging Didit gedhek-
gedhek lan narik Sari ngadoh saka omahe Lisa.
"Loh kena apa ta Dit? Nawi Lisa brubah pikiran, sapa ngerti hayo", ujare Sari
bingung.
"Halah wes jarno wae, saiki Lisa wes beda ora kaya ndhisek, ngono areke ya ora
ngrasa ta lek kene nesu. Wes jarno wae, tinggal wae", ujare Didit sing wajahe ora
kepenak iku.
Ing omahe pak lurah wes rame. Kabeh padha golek panggon kanggo ndhelok jaranan.
Tabuhane gamelan muni, tandhane jaranan arep mulai. Didit sing tuku jajan, ndang
mlayu ning panggone. Didit lan Sari uga kanca liyane padha seneng.
"Puhh uapik jaranane", ujare Didit.
"He mariki neh apik ana macane", ujare Sari ngenteni macan teko.
Arek cilik-cilik sing nunggoni ana ing panggone macak jaranan, padha mlayu sak
banter-bantere. Sari langsung kaget. Nanging Didit malah ngguya-ngguyu kesenengen
amarga macane wes teko.
"Biyuh lha macane kok koyok ngene, aku ngaleh sek wes", ujare Sari langsung mlayu
ninggalne Didit.
"Loh Sar, piye to, jare mau ngenteni macan, piye to arek iki", ujare Didit sing
nguwasi Sari mlayu lan ora sadar yen macan iku wes ana ing andhinge. Wayah Didit
noleh macane langsung ngemplok Didit. Banjur Didit digowo macan munyer-munyer
karo jogetan. Wes mari lek jogetan, macane langsung mlebu ning panggon pacakan.
Didit seng mari diemplok macan iku diwenehi dhuwit karo sing nari. Sari sing weruh
langsung marani Didit.
"Biyuh kok enak Dit entuk dhuwit, jathukna aku mau ora ngaleh ya"
"Salahe sapa ngaleh, enak ta, ora medeni ya", ujare Didit karo ndudohne dhuwite.
"Bene wes, lek enek jaranan neh aku ora ngaleh, ayo ndang rana selak dipanggoni
wong lho panggone, maringene ana sulap, ayo", ajake Sari ngendang-endang.
Sari lan Didit mlayu menyang panggone, nanging kabeh padha nggrumbul ing
cedheke pesulap, bocah loro iku langsung mlayu milu nggrumbul.
"Wayahe Lisa ndhelok ya, mesti seneng areke, kan mbiyen areke sueneng karo
jaranan ta?" ujare Sari.
"Iyo mbiyen, saiki areke beda, bene wes jarno", omonge Didit karo rada nesu, njur
ngaleh, ndhelok sulap.
Srengenge wes mudun, jaranan wes padha bubar, bocah loro, Didit lan Sari bali ing
omah. Didit ketemu Mamat seng usung-usung gamelan ing dalan ngarepan omahe.
Njur dheweke mbantu Mamat usung-usung. Ing panggonan liya, Lisa clingak-clinguk
ing dalan ngarepan omahe, bingung dheweke atene nyapo, dheweke wes mulai aras-
arasen. Lisa kecethukan Didit lan Mamat seng usung-usung gamelan.
"Mat kena apa, sampeyan usung-usung gamelan ngene iki", takoke Didit karo mlaku
usung gamelan.
"Lho sampeyan ora ngerti ta. Sesok bengi ana konser ning omahe pak lurah, nah saiki
arep latihan iki", ujare Mamat.
Moro-moro Lisa nyedhek ing Mamat lan Didit.
"Aku krungu koyok ana konser. Konser ning ndi?"
"Ning pak lurah!", omonge Didit karo rada banter amarga nesu karo Lisa.
"Sesok bengi ana konser ning omahe Pak Lurah, apik ndheloko", ujare Mamat.
"Wes ayo mlakune sing cepet abot iki lho, aja omongne ning Lisa, mosok kiro
ndhelok konser ngene iki, areke bedha saiki wes kacanthol budhaya luar. Areke wes
kesambet oppa! oppa! Ayo!", ujare Didit sing nesu.
"Hah oppa? Yo kan emang konsere sesok bengi ana oppa-ne. Oh ya ndheloko pokok
Lis. Apik", ujare Mamat sing mlaku nyeret amarga ditarik Didit.
Lisa meneng wae banjur krungu omonge Didit. Dheweke langsung mlebu ing omahe.
Ing kamar Lisa kepikiran karo omongane Didit. Dheweke mikir apa bener saiki
dheweke wes bedha, wes kecanthol karo budaya luar, lan wes nglalikna budayane
dhewe. Lisa mung mloka-mlaku ning kamar, kaya wong kakean pikiran. Dheweke
uga wes mulai aras-arasen ndhelok HP, maneh paketan HP-ne entek. Sesoke dheweke
ketemu Sari mblayu liwat ngarepan omahe.
"Sar, arep ning ndi?"
"Eh Lisa, nganu aku arep latihan ning omahe pak lurah, ayo milu", ajake Sari.
"Latihan? Lah arep nyapo?", takone Lisa.
"Wes to ayo miluo", bujuke Sari.
"Hmmm… emoh Sar, aku ning omah ae wes"
"Oalah Lis Lis.. bener seng diomongne Didit, sampeyan wes bedha saiki, padahal
akeh arek-arek ning kono, yo wes lah lek gak gelem", ujare Sari njur mlayu wedhi
selak kasep latihan.
Lisa ora njawab apa-apa, njur mlebu ning omah. Ing omah Lisa mung ndhelok TV
sakat isuk nganthi bedhug. Mung dolanan game ning HP-ne lan ora isa dolanan
sosmed amarga kentekan paketan. Lisa kaya wong sing ora enek penggawean. Lisa
kepikiran maneh karo apa sing diomongne Didit. Dheweke mikir yen apa sing
diomongne Didit ana benere. Putune Mbok Pur iku wes mulai sadar karo perubahan
sikape iku. Lisa langsung mlayu ing jedhing, ndhang-ndhang adus, njur nemoni
kancane lan njaluk sepura amarga sikape.
Lisa nggoleki konco lorone iku. Ing omahe, ing lapangan, ing warung, nganti surup,
nanging ora ketemu.
"Jane arek-arek iki nang ndi ta, digoleki ora enek ki, duh wes ate maghrib tapi ra
ketemu-ketemu."
Lisa seng wes kesel anggone nggoleki kancane iku, njur bali ning omahe. Tekan
kamar, dheweke buru iling yen kanca-kancane mesti ana ning omahe pak lurah.
"Oh iya ning pak lurah! Apa aku rono wae yo? Iyo wes pisan-pisan karo ndhelok
konser, jare Mamat konsere enek oppa-ne pisan", omonge Lisa.
Sawise dheweke sholat maghrib, Lisa langsung ing omahe pak lurah. Tekan omahe
pak lurah, Lisa kaget nguwasi panggung saking apike. Lisa nggoleki Sari lan Didit.
Banjur njaluk sepura menyang bocah loro iku.
"Sari, Didit! Sepurane ya, aku salah selama ini, maap ya, aku sadar aku emang saiki
wes bedha ora kaya ndhisik maneh, nanging aku bakal ngrubah sikapku maneh,
supaya aku ora terpengaruh karo budaya luar, sepurane ya rek", ujare Lisa karo
nundhuk endase.
Sari lan Didit seng nguwasi sikape Lisa iku langsung kaget, pikire bocah loro iku,
Lisa kesambet. Nanging bocah loro iku mung guyon, njur nyepurani Lisa sing wes
gelem brubah iku.
"Suwun ya rek, eh kapan konsere mulai?" takoke Lisa.
"Mari iki mulai, ya wes ya aku arep rono sek", ujare Didit seng kedandapan amarga
arep tampil.
"Ra usah kaget, Didit arep tampil mari iki, deloken engko lek apik", omonge Sari.
Akhire acarane mulai, sing dadi pembukaan yaiku penampilane Didit seng main
EDM, musik elektronik seng lagi trend akhir iki, nanging ora mung EDM Didit uga
nambah unsur gamelan sing dadi dominan ing njero musike. Kanca lanange Lisa lan
Sari iku main EDM lan gamelan karo nyanyi lagu nasional "Tanah Air". Ndhelok
penampilane Didit sing apik iku, kabeh padha nggumun iso seapik iku. Opo maneh
Lisa sing jingkrak-jingkrak kegirangen ndhelok penampilane Didit iku. Sawise wes
mari nampilne, Lisa lan Sari langsung marani Didit lan nguwehi jempol-jempole
kanggo Didit.
"Wihh apik tenan ya aku? Sek mari iki ora kalah apik rek, temenan", ujare Didit karo
ngguya-ngguyu.
Lisa mung bingung lan pengen weruh banget konsere. Rong menit sabanjure Lisa lan
Sari tuku cilok, Didit moro-moro njerit-njerit kaya wong kelangan.
"Oey rek, mulai oey, oppa-ne teka, ndangan!" bengoke Didit karo awe-awe.
Lisa sing kepo iku langsung mlayu banter kaya wong nguber layangan.
"Ndii! Ndii! Lho kok enek bebere, jare ana oppa-ne, lho kok malah mbah-mbah?"
ujare Lisa bingung.
"Hahahhahah… ya kan bener Lis, oppa kan mbah-mbah", ujare Sari ngguyu
kepingkel-pingkel.
"Sek ta iki apa konser wwa wwa wwa?" omonge Lisa nyendhat.
"WAYANG!" omonge Didit lan Sari banter kaya tong muni.
"Wih apik iki, mbiyen aku seneng ndhelok iki karo mbah kakungku", ujare Lisa.
Bocah telu iku kesenengen anggone ndhelok wayang, bocah-bocah iku ngguyu
kepingkel-pingkel amarga cerita wayange lucu.
"Beh apik lho ceritone, hahhahha, loucu", ujare Lisa.
"Iyo uapik pol", ujare Sari.
"Hahhaha.. eh Sar awakmu ndang siap-siapo. Maringene tampil lho", ujare Didit.
"Lho Sari tampil pisan? Wihh kok padha tampil kabeh, aku pengen pisan", ujare Lisa
karo mewek.
Akhire Sari ndang ning mburi panggung kanggo siap-siap nari. Tariane Sari apik
banget sampek Lisa menga lambene lan ora kedhep lek nguwasi. Lisa isa kesengsem
karo penampilan-penampilane konco-koncone iku.
"Bener ya rek budayane kene iki ora kalah apik karo budaya luar. Aku salah wes
terlalu ngunggulne budaya luar", ujare Lisa getun.
"Iya, kene minangka generasi penerus kudu nguri-nguri kabudayaane kene iki,
supaya ora ilang lan dijaluk karo negara liya. Sapa maneh seng nguri-nguri lek ora
kene minangka generasi penerus iki, iya kan?", ujare Didit.
"Yups, bener kui", imbuhe Sari.
"Aku milu seneng awakmu kabeh iki wes dadi bagian ing acara iki, apik lho acarane,
aku getun kena apa aku malah ning omah ae kae ya, wayahe aku milu awakmu kabeh,
dadi aku ya isa milu tampil, hmm", ujare Lisa getun.
"Hmm.. ora apa-apa Lis.. piye lek sesok kene latihan main gamelan ayo, gelem ora",
ujare Didit.
"Nah ide apik kuwi, ayo aku milu, ayo milu Lis", ujare Sari.
"Sip, ayo-ayo", ujare Lisa seneng.
Akhire Lisa wes sadar yen sikape ngunggulake budaya luar iku ora apik, luwih apik
yen gelem nguri-nguri kabudayane kene dhewe, minangka generasi penerus. Liburan
sekolahe ing omahe simbahe iku dadi pelajaran kanggo Lisa, nanging uga peajaran
karo kanca-kancane.

Anda mungkin juga menyukai