Anda di halaman 1dari 2

Siluman Baya Putih

Ndek njaman mben ning desa Banyumanis ono baya seng warnane putih. Baya iku jebule Siluman
baya. Siluman iku kerep mara ning desa lan nggawe geger desa. Ana wae warga desa sing dadi
korbane siluman baya putih. Ning sawijining bengi, para nelayan mangkat miyang. Para nelayan
dikagetna karo mbejudule bayangan putih sing gedhe banget ning tengah segara. Bareng didelok-
deloki, bayangan putih iku jebule siluman baya putih. Para nelayan langsung do gage-gae ngadhohi
siluman baya iku merga wedi. Nanging, salah siji nelayan ono seng digeret siluab baya putihbsampek
kelelep ning njero segara.

Saktekane ning daratan, para nelayan langsung marani Ki Bandar, sing dianggep sekti karo warga
Banyumanis. Para nelayan nyeritaake kabeh kedadeyan sing bar dialami pas nggolrk iwak ndek mau
bengi.
“Ki Bandar, nyuwun tulung Ki Bandar, panjenengan kalahke Siluman Baya Putih menika, siluman
kuwi bakal nggawe cilakane para warga Ki.” Wadhule salah siji nelayan ngok Ki Bandar.
“iyoyo, nek ngono saiki ayo do diluruh bareng-bareng siluman iku.” Semaure Ki Bandar.

Terus, Ki Bandar lan para nelan marani siuman baya putih ning pinggir Laut Metarwar. Ngerti nek
diparani, Siluman Baya Putih teka. Bareng siluman iku teka, Ki Bandar lan para nelayan langsung
nyerang siluman iku. Siluman Baya Putih mblayu menjero segara merga rumangsane ndee bakal
kalah. Yo wis, merga rumangsane Ki Bandar lan para nelayan wis iso ngalahke Siluman Baya Putih, Ki
Badar lan para nelayan do mbalek ngok omahe dhewe-dhewe. Nanging, pas esuk-esuk, para nelayan
wes digawe kaget lan bingung merga prahu-prahune do rusak. Para nelayan ngira nek prahu-
prahune do rusak merga serangan pasukane siluman baya putih minangka wujud piwalese merga
wis diserang Ki Bandar lan para nelayan. Para nelayan teros nemoni Ki Bandar.

“Sugeng enjang Ki Bandar, enjing menika prahune kula l;an kanca-kanca do rusak merga serangane
pasukan baya putih Ki Bandar.” Kandhane salah siji nelayan ngok Ki Bandar.
“Wis tenangi ndisek, engko aku tak nemoni Eyang Kepel. Aku tak njaluk tulung karo Eyang Kepel ben
iso ngadhepi Siluman Baya Putih.” Wangsulane Ki Bandar.
Terus, Ki Bandar nemoni Eyang Kepel. Bareng ketemu Eyang Kepel, Ki Bandar malah dikopngkon
njaluk tulunge ngok Ki Leseh, merga Ki Leseh iso nembus alam siluman. Yo wis, merga dikongkon
Eyang Kepel, Ki Bandar langsung nemoni ki Leseh.
“Nuwun sewu Ki Leseh, kula diprentah dening Eyang Kepel nyuwun tulung kaliyan panjenengan
supados mbiyantu nglawan Silumab Byaa Putih, Ki Leseh.” Omonge Ki Bandar
“Hahahah, oarak usah ,mbok omongke, aku wis reti opo tuanmu arep mrene, hahahaha”
wnagsulane Ki Leseh karo ngugyu lakak-lakak.
“Wis-wis, kue rausah kuwatir, aku bakal nyanggupi opo penjalukkanmu. Nek ngono saiki ayo ngok
Laut Metawar terus ngalahke Siluman Baya Putih iku.” Omonge Ki Leseh

Ki Bandar lan Ki Leseh teros lungo ngok Laut Metawar lan nggawe omah ning sakpinggire segara.
Wong loro iku nungguni tekane Siluman Baya Putih. Bareng siluman iku teka, Ki Bandar lan Ki Leseh
langsung nyerang siluman baya putih iku. Merga diserang wong loro, siuman iku mblayu menjero
segara. Ora let sue, siluamn baya putih teka meneh naging nggawa pasukane. Pasukane siluman
baya putih yo wujude padha padha baya seng warnane putih. Ki Bandaer lan Ki Leseh diserang terus-
terusan karo pasukan baya iku. Ning pancen dasare Ki Bandra lan Ki Leseh wes sekti, Ki Bandra lan Ki
Leseh iso ngalahlke siluman baya putih. Merga kalah, nek kono siluman baya putih janji nek ndee rak
bakal nganggu opara nelayan lan warga desa meneh. Nabging siluman baya putih yo ngei siji sraat,
srate nek ono warga desa sing ganggi klambi putih ning sakubenge laut Metawar bakalan digeret
ngok njero segara terus bakal dadi pasukane siluman baya putih.

Bar kedadeyan iku mau, ora ono warga desa sing wani nganggo kalmbi putih neng sakubenge laut
Metawar.

Anda mungkin juga menyukai