Anda di halaman 1dari 7

Contoh Tembang Macapat

Tembang Macapat Pocung


Pucung merupakan salah satu dari 12 puisi jawa tembang macapat yang paling sederhana.
Pucung biasanya disebut juga dengan pocung.
Pucung adalah tetembangan yang digunakan untuk mengingat akan kematian, karena mirip
dengan kata pocong yang memiliki arti sebagai pembungkus mayat akan dikubur.
Pucung juga memiliki arti woh-wohan atau dalam bahasa Indonesianya adalah buah-buahan
yang memberi kesegaran. Kata cung sendiri ialan mengingatkan pada kuncung yang lucu,
sehingga perkembangan dari tembang ini merujuk pada seseuatu yang lucu, parikan atau
badhekan (tebak-tebakan).

Contoh Tembang Macapat Pocung (12u-6a-8i-12a)

Ngelmu iku kalakone kanthi laku


(Ilmu itu hanya dapat diraih dengan cara dilakukan dalam perbuatan)
Lekase lawan kas
(Dimulai dengan kemauan)
Tegese kas nyantosani
(Artinya kemauan yang menguatkan)
Setya budaya pangekese dur angkara
(Ketulusan budi dan usaha adalah penakluk kejahatan)

Angkara gung neng angga anggung gumulung


(Kejahatan besar di dalam tubuh kuat menggelora)
Gegolonganira
(Menyatu dengan diri sendiri)
Triloka lekeri kongsi
(Menjangkau hingga tiga dunia)
Yen den umbar ambabar dadi rubeda.
(Jika dibiarkan akan berkembang menjadi bencana)

Beda lamun kang wus sengsem reh ngasamun


(Tetapi berbeda dengan yang sudah suka menyepi)
Semune ngaksama
(Tampak sifat pemaaf)
Sasamane bangsa sisip
(Antar manusia yang penuh salah)
Sarwa sareh saking mardi martatama
(Selalu sabar dengan jalan mengutamakan sikap rendah hati)

Taman limut durgameng tyas kang weh limput


(Dalam kabut kegelapan, angkara dihati yang selalu menghalangi)
Karem ing karamat
(Larut dalam kesakralan hidup)
Karana karoban ing sih
(Karena temggelam dalam kasih sayang)
Sihing sukma ngrebda saardi pengira
(Kasih sayang sukma (sejati) tumbuh berkembang sebesar gunung)

Yeku patut tinulat tulat tinurut


(Sebenarnya itulah yang pantas dilihat, dicontoh dan patut diikuti)
Sapituduhira
(Sebagai nasehatku)
Aja kaya jaman mangkin
(Jangan seperti zaman nanti)
Keh pra mudha mundhi diri Rapal makna
(Banyak anak muda menyombongkan diri dengan hafalan arti)

Durung becus kesusu selak besus


(Belum mumpuni tergesa-gesa untuk berceramah)
Amaknani rapal
(Mengartikan hafalan)
Kaya sayid weton mesir
(Seperti sayid dari Mesir)
Pendhak pendhak angendhak Gunaning jalma
(Setiap saat meremehkan kemampuan orang lain)

Tembang Macapat Gambuh


Tembang macapat gambuh adalah salah satu tembang yang mengajarkan tentang berbagai
macam ajaran kepada generasi muda, terkhusus iala tentang mengenai bagaiman cara
menjalin hubungan antara manusia dengan manusia yang lainnya.
Banyak juga yang menafsirkan bahwa kata gaambuh memiliki arti sebuah kecocokan,
sepaham dan sikap kebijaksaan. Sikap bijaksana tersebtu memiliki arti bahwa dapat
menempatkan sesuatu pada tempatnya, sesuai takarannya, dan dapat bersikap adil.
Nasihat-nasihat tentang betapa pentingnya membangun rasa persaudaraan, toleransi dan
kebersaman sebagai mahluk sosial banyak tergambar dari tembang-tembang macapat
gambuh.

Contoh Tembang Macapat Gambuh

Sekar gambuh ping catur,


(Tembang gambuh keempat)
Kang cinatur polah kang kalantur,
(Yang dibicarakan tentang perilaku yang kebablasan)
Tanpa tutur katula-tula katali,
(Tanpa nasihat terjerat penderitaan)
Kadaluwarsa kapatuh,
(Terlanjur menjadi kebiasaan)
Kapatuh pan dadi awon.
(Kebiasaan bisa berakibat buruk)

Aja nganti kabanjur,


(Jangan sampai terlanjur)
Barang polah ingkang nora jujur,
(Bertingkah polah yang tidak jujur)
Yen kebanjur sayekti kojur tan becik,
(Jika telanjur tentu akan celaka dan tidak baik)
Becik ngupayaa iku,
(Lebih baik berusahalah)
Pitutur ingkang sayektos.
([menngikuti] ajaran yang sejati)

Tutur bener puniku,


(Ucapan yang benar itu)
Sayektine apantes tiniru,
(Sejatnya pantas untuk diikuti)
Nadyan metu saking wong sudra papeki,
(Meskipun keluar dari orang yang rendah derajatnya)
Lamun becik nggone muruk,
(Jika baik dalam mengajarkan)
Iku pantes sira anggo.
(Itu pantas kau pakai)
Ana pocapanipun,
(Ada sebuah ungkapan)
Adiguna adigang adigung,
(Adiguna, adigang, adigung)
Pan adigang kidang adigung pan esthi,
(Seperti Adigang-nya kijang, adigung-nya gajah)
Adiguna ula iku,
(Adiguna-nya ular)
Telu pisan mati sampyoh.
(Ketiganya mati bersama dengan sia-sia)

Si kidang ambegipun,
(Si kijang memiliki watak)
Angandelaken kebat lumpatipun,
(Menyombongkan kecepatannya melompat/berlari)
Pan si gajah angandelken gung ainggil
(Si gajah menyombongkan tubuhnya yang tinggi besar)
Ula ngandelaken iku,
(Ular menyombongkan)
Mandine kalamun nyakot.
(Keampuhannya dengan menggigit)

Iku upamanipun,
(Itu sebuah perumpamaan)
Aja ngandelaken sira iku,
(Jangan menyombongkan diri)
Suteng nata iya sapa kumawani,
(Seorang raja siapa yang berani)
Iku ambeke wong digang,
(Itu perilaku yang adigang)
Ing wasana dadi asor.
(Yang akhirnya bisa merendahkan)

Adiguna puniku,
(Watak adiguna adalah)
Ngandelaken kapinteranipun,
(Menyombongakan kepandaiannya)
Samubarang kabisan dipundheweki,
(Seolah semua bisa dilakukan sendiri)
Sapa bisa kaya ingsun,
(Siapa yang bisa seperti aku)
Togging prana nora enjoh.
(ujung-ujungnya tak bisa apa-apa)

Ambek adigung iku,


(Watak orang adigung adalah)
Angungasaken ing kasuranipun,
(Menyombongkan keperkasaannya)
Para tantang candhala anyenyampahi,
(Semua ditantang berkelahi dan disepelekan)
Tinemenan nora pecus,
(Jika benar dihadapi, ia tak berdaya)
Satemah dadi geguyon.
(Akhirnya hanya jadi bahan tertawaan)

Ing wong urip puniku


(Dalam kehidupan manusia)
Aja nganggo ambek kang tetelu,
(Jangan sampai memiliki watak ketiga tadi)
Anganggowa rereh ririh ngati-ati,
(Milikilah sifat sabar, cermat, dan berhati-hati)
Den kawangwang barang laku,
(Selalu introspeksi pada tingkah laku)
Kang waskitha solahing wong.
(Pandailah membaca perilaku orang lain)

Tembang Macapat Pangkur


Pangkur sendiri memiliki arti berari mungkur jika diartikan dalam bahasa indonesia adalah
mundur atau mengundurkan diri. Merupakan sebuah gambaran manusia yang memiliki fase
dimana akan mulai mundur dari kehidupan ragawi dan menuju kehidupan jiwa atau spritual.
Pangkur atau mangkur juga memiliki arti menyingkir yang ditafsirkan adalah menyingkirkan
hawa nafsu angkara murka, nafsu negatif yang menggerogoti jiwa.
Menyingkirkan nafsu angkara murka dunia, dibuthkan riyadhah atau upaya yang bersungguh-
sunguh dan khususnya di bulan Ramadhan, ketika itu harus benar-benar memaksimalkan
ibadah agar dapat meminimalisir dan mereduksi nafsu-nafsu angkara yang telah
menggerogoti dinding kalbu kita.

Contoh Tembang Macapat Pangkur (8a-11i-8u-7a-12u-8a-8i)

Mingkar-mingkuring ukara
(Membolak-balikkan kata)
Akarana karenan mardi siwi
(Karena hendak mendidik anak)
Sinawung resmining kidung
(Tersirat dalam indahnya tembang)
Sinuba sinukarta
(Dihias penuh warna )
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung
(Agar menjiwai hakekat ilmu luhur)
Kang tumrap ing tanah Jawa
(Yang ada di tanah Jawa/nusantara)
Agama ageming aji.
(Agama “pakaian” diri)
Legenda
LEGENDA KOTA KUDUS

Kala rumiyin, Kudus arupi dhusun alit ing wewengkon kraton Majapahit. Salah
sawijining dinten, wonten pedagang saking Cina asmanipun Sun Ging. Piyambakipun ahli
ukir. Kawasisanipun sampun kawentar dumugi kraton Majapahit. Kalajeng dipuntimbali
dening Sang Nata Kraton Majapahit kapurih ngukir rerenggan kraton. Kasilipun ngedap-
edapi. Wusananipun, Sun Ging dipunparingi panggenan kangge ngedekaken perguruan ukir
ing dhusun papan panggenanipun. Ing sakmangke, papanipun kasebat Sunggingan, tegesipun
papanipun kaluarga Sun Ging. Ananging , carios sanes nyebataken bilih Sunggingan menika
ateges ngukir/ nglukis. Juru sungging  ateges ahli nglukis/ ngukir. Ingkang nggadhahi menika
Ling Sing pedagang saking Cina.
Sunggingan saya ngrembaka ekonominipun ngantos dumugi Kraton Islam Demak
Bintoro ingkang langkung caket tinimbang Kraton Majapahit. Raden Patah minangka
natanipun ngutus Syekh Jafar Shodiq, ulama ageng saking Persia kanthi ancas ngislamake
Sunggingan. Syekh Jafar Shodiq kairing para santri dumugi gapura kanthi ornament Hindu
warisan Majapahit. Ing gapura menika, Jafar Sodiq ngajak para warga sakkupengipun
kapurih ngrasuk agami Islam. Caranipun ngajak kanthi alus. Gandheng para warga ngrasuk
agami Hindu, Japar Sodiq ngasta lembu gapura kasebat. Masyarakat kepincut ndhatengi awit
lembu menika minangka Dewanipun. Boten dangu, saperangan warga sampun ngrasuk agami
Islam, kalebet Sun Ging/ ling Sing (sakmenika jalan Kyai Telingsing). Ing wasana, Jafar
Sodiq ngedekaken masjid sakcelakipun gapura ing dhusun menika. Bangunan mesjid
dipunrengga kanthi rerenggan lempengan sela cemeng (batu hitam ) saking Baitul Maqdis ing
Yerussalem, Palestina. Saking nami Baitulmaqdis menika nami dados name Kudus  ingkang
tegesipun suci. Saya dangu mesjid kasebat kawentar kanthi nami mesjid Kudus (mesjid
ingkang karengga lempengan watu Al Kuds/ watu suci).
Kanthi wontenipun mesjid Al Kuds lan ngedekaken pesantren , saya kathah masyarakat
njaban kitha ingkang nggadhahi ancas ngaji lan maneka warni pedamelan saya ngrembaka
(dagang, tetanen, ngukir, lsp). Dhusun Sunggingan ingkang dipunrintis dening Ling Sing
dados kitha lan pusat pesantren kawentar kanthi sebatan Kudus. Syekh Jafar Sodiq misuwur
kanthi sebatan Sunan Kudus. Gapura ingkang kaginakaken syiar Islam dening Jafar Sodiq
pranyata dados salah satunggaling ciri khas kitha Kudus inggih menika Menara Kudus.
Teks Eksposisi

TARI SERIMPI SANGUPATI

Tari serimpi yaiku tarian sakral sing biyen mung dipentasna dening keraton. Tembung
serimpi bisa diarani ngimpi, tegese yen nonton tari serimpi iki bisa nggawe wong kaya-kaya
ana ing alam ngimpi. Tembung serimpi uga bisa dihubungna papat unsur yaiku grama, angin,
toya, lan bumi.

Tari serimpi iku saka Keraton Surakarta lan Keraton Yogyakarta. Tari serimpi nduweni
akeh jinis, salah sijining yaiku tari serimpi sangupati. Sangupati saka tembung sang lan apati
sing tegese sang pengganti raja.

Miturut sejarah, tari serimpi sangupati wis ana ing jamane pamarentahan Pakubuwono
VI. Nanging nalika jaman pamarentahane Pakubuwono IX, tari iki dijenengi tari serimpi
sangupati, amarga ing jaman kuwi nageri Walanda njaluk supaya Keraton Surakarta nyerahna
pesisir tanah Jawa.

Banjur Keraton Surakarta ngadhakna rembugan karo Walanda. Ing rembugan iku
dipentasna tari serimpi sangupati. Para penari nggawa pistol lan gelek inum. Pistole diisi
pluru asli, menawane Walanda arep berontak, para penari bisa nyerang langsung.

Tari serimpi kawet biyen nganggo klambi temanten putri Keraton, dienggoni dodotan lan
gelung bokor kanggo ngrias sirahe. Nanging tari serimpi sangupati saiki mung nganggo
seredan, ditambahi wulu kasuari ing sirahe, lan keris ing mburi.

Tari serimpi sangupati nduweni teges nilai-nilai luhur kanggo ngendalikna hawa nafsune
manungsa. Kabeh gerakan tari serimpi iki nggambarna supaya manungsa nduweni tingkah
laku sing apik.
Iklan Basa Jawa

Anda mungkin juga menyukai