Anda di halaman 1dari 2

NAMA : NABILA PUTRI N.

KELAS : XI BDP 3

NO. ABSEN : 17

Jamaah ingkang Dirahmati Allah


Alhamdulillah siang meniko kito diparingi awak sehat lan hidayah sahinggo purun rawuh teng
masjid. Tujuanipun ngelaksanaaken shalat Jumat berjamaah. Monggo kesempatan meniko kito
ginaaken saestu kangge nambahi ajrih utawi takwallah kelawan ngelaksanaaken perintah lan
nebbihi awisanipun.

Jamaah ingkang Dirahmati Allah


Alhamdulillah siang meniko kito diparingi awak sehat lan hidayah sahinggo purun rawuh teng
masjid. Tujuanipun ngelaksanaaken shalat Jumat berjamaah. Monggo kesempatan meniko kito
ginaaken saestu kangge nambahi ajrih utawi takwallah kelawan ngelaksanaaken perintah lan
nebbihi awisanipun.
Menawi penjenengan dados perangkat deso, pegawai negeri, pegawai kantoran, tentu semerap.
Menawi wonten pengumuman kok disampeaken saben minggu, berarti meniko termasuk penting
sanget. Niki wonten pengumuman ingkang disampeaken saben Jumat kalian khatib kangge
takwallah. Berarti pesen meniko penting sanget kangge kito perhatosaken lan laksanaaken. Soal
nopo manfaate takwa, mboten usah dipadosi. Ingkang langkung penting kadospundi saben dinten
lan saben Jumat kito terus berusaha nambah tawallah.

Jamaah ingkang Berbahagia


Di antara wujud takwallah meniko inggih mboten pamer keelekan. Setiap kito tentu anggadai aib
masa lalu. Naliko alit mungkin nyolongan, betthik. Wayah umur sekolah sering mbolos, pe-er
mboten dilakoni, nyuwun sangu dateng bapak lan ibu, ananging mboten tekan sekolahan. Mondok
mungkin inggih enten ingkang dados santri nakal, langganan melanggar peraturan lan lintunipun.
Naliko remaja, sering gonta-ganti pacar, boncengan kale tiang estri ngantos tekan luar kota. Duwito
wong tuane dicolong saperlu damel nraktir lan ngebosi konco-koncone. Tiyang sepahe ngantos
ngelus dodo, mboten kuat nyawang kelakoan anake. Bahkan enten ingkang ngantos sampun
berkeluarga tasih selingkuh. Kerjo teng kantor senengane telat, korupsi lan lintune. Niki sampun
pansiun saking penggawean, kadang wonten ingkang dereng berubah.

Jamaah Rahimakumullah
Milo ing kesempatan ingkang sae meniko kulo ngajak dateng awak piyambak lan jamaah sedoyo,
monggo lereni ngumbar duso. Aku wingi mari nyolong, aku kapanane mari melanggaran aturan
pemerintah tapi gak ketangkep. Bangi wingi aku nang kuta gak gawe helm tapi gak opo-opo. Nak,
bapak wayah cilik iku ndablek, cong embahmu iki disek pacare akeh. Utawi ngomongi anak cilik,
ngumbar aib bapake kancane. Le, bapakmu iku sakjane ndablek, sekolahe sering gak munggah lan
kalimat-kalimat lintune ingkang sering kito pirangeken teng pasar lan naliko jagongan.
Rahasianipun kinging punopo kito sami jogo aib lan kekurangan antaranipun, kito mboten
marisaken keele'an dateng anak, putu lan keluarga ngantos masyarakat kito. Milo monggo sami jagi
rahasia kito sedoyo gih, keranten ancamane saru sanget menawi kito seneng ngumbar keelekan dan
duso kito. Mugo kelawan sareng-sareng njagi, kito saghet didosaken insan ingkang mu'afa utawi
kaulo ingkang dingapuro.

Anda mungkin juga menyukai