Anda di halaman 1dari 1

Assalamualikum wr.wb.

-hadrotal nuhtarom poro alim ulama’


wabil khusus dumateng panjenenganipun
bpk K.H syifudin ingkang tansah kulo
to’ati.
-ingkang kulo hormati bapak kepala desa
desa surat bapak pamuji lan bapak tamu
undangan ingkang sami rawuh.
-lan boten kesupen dumatengf rencang-
rencang sahabat ansor desa surat ingkang
bahagia.
Sepindah, monggo kito tansah ngaturaken raos puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT, ingkang
sampun maringi kito pinten-pinten kanikmatan, rahmat, taufiq soho hidayahipun. Sehinggo wonten dalu
puniko kito tasek saget rawuh wonten puniko majlis dalam keadaan sehat walafiat ugi mboten wonten
halangan setunggalpunopo.

Kaping kalihipun, sholawat ugi salam kito curahaken dumateng junjungan kito Nabi agung Muhammad
Rosulillah SAW. Ingkang kito arep-arep syafa'ate ing yaumil qiyamah. Aamiin, aamiin yaa robbal 'alamin.

Kulo wonten mriki minangkani pranoto adicoro mboten badhe mator ingkang katah-katah. Langsung mawon
kulo waosaken susunan acara ing dalu puniko.
● Acara kaping sepindah inggih puniko Pembukaan
● Acara kaping kalih waosan ayat-ayat suci Al-qur’an
● Acara kaping tigo waosan tahlil
● Acara kaping sekawan waosan sholawat nabi
● acara kaping gangsal samutan-sambutan
● Soho acara kaping sekawan inggih puniko doa kalian penutup.

Monggo, acara wonten dalu puniko kita bikak kanti waosan Ummul kitab, berharap acara ing dalu puniko
lancar mboten wonten alangan setunggal punopo, ‘ala hadiniyyah wabisyafa'ati rasullillah… alfatihah…

Memasuki acara kaping kaleh inggeh puniko waosan Ayat-Ayat suci al-Qur’an, ingkang bade di waosaken
saudara ………… dumateng..,.......... wekdal soho tempat kulo sumanggaaken.

Meniko kala wau waosan Ayat-Ayat suci Al-Qur’an mugi-mugi saget mbarokahi kagem kita sedaya
umumipun, lan damel ingkang maos khususipun. Amin aamiin yaa robbal 'alamin.

Acoro selajengipun inggih puniko waosan tahlil , ingkang dipun pimpin ……..dumateng pnajenganipun
…….. wekdal ,soho panggenan kaulo sumanggakaken.
(dumateng panjenenganipun kulo aturaken matur suwun.)

Adicoro Selajengipun njih puniko waosan sholawat diba’


allhumma sholi ‘ala sayidina muhammad

Acoro selajengipun njih puniko sambutan-sambutan


sambutan ingkang pertama saking kepala desa surat
dumateng panjenganipun bapak…… wekdal soho panggenan kulo sumanggakaken.
sambutan ingkang kedua dari ketua gerakan pemuda ansor desa surat.
dumateng panjenenganipun ……. wekdal soho panggenan kulo sumanggakaken.

Alhamdulillah sampun menginjak acoro pamungkas, mugi-mugi sedoyo amalan kito wau ditampi kalihan
ngarsanipun gusti Allah ta'ala.amiiin
adicoro pamungkas njih puniko do’a namun sakderengipun,
Kulo teng mriki dados pranoto acoro, mbok bilih saking awal hinggo akhir wonten klentu tingkah lan ucapan
nipun, kulo nyuwun pangapunten sak katah-katahipun.

Wallahumuwafiq illa aqwamitthoriq…


wassalamualaikum wr.wb

Anda mungkin juga menyukai