Anda di halaman 1dari 4

KELANGAN

Wayah SMA pancen wayahe cah lanang podo seneng karo cah wedok, nalika
kisah asmara wayah SMA pancen indah banget, tapine bedo maneh karo kisah
asmara doni lan cika. Doni iseh munggah kelas 11 sawetoro iku cika munggah
kelas 12, doni lan cika awale kenal amarga cika butuh narasumber gae tugas akhir,
2 wulan sakwise mari dadi narasumber, cika akhire ngomong marang doni tentang
perasaan e seng kependem mbien, nanging isin ngungkapno marang doni, akhire
cika ngungkapno lewat tugas wawancara, sak wise ngungkapno marang doni
akhire cika jadian karo doni, doni seng pertama kali pacaran iseh kaget amarga
doni iseh durung nduweni pengalaman marang percintaan, bedo karo cika seng
wes pengalaman marang dunia percintaan. Kepriye kelanjutan asmara doni lan
cika?, Monggo para pemaos nyiapno panggon seng kepenak kanggo maos
kelanjutan critane.
Wayah esuk jam 06:00 doni pamitan marang bapak ibune arep budhal sekolah.
Doni: “Pak,Buk, kulo arep budhal sekolah, kulo arep pamit”.
Bapak: “Ati-ati yo le, semangat sekolahe”.
Ibuk: “Iyo lee sakdurung budhal ojo lali ndungo marang Gusti Allah sek yo le,
ben diparingi lancar urusane kabeh”.
Doni: “Inggih pak buk, Assalamualaikum”
Bapak & Ibuk: “Waalaikumsalam”
Jam 06:45 Doni tekan sekolah, bari markir sepeda doni lanjut absen fingerprint
ngabari wong tuwone.
Rika: “Donn awkmu digoleki cika kancaku, dee arep njauk tulung awkmu dadi
narasumber gae tugas akhire cika”.
Doni: “Seng ndi arek e rik?, iyowes gaopo ngkok kenalno aku”
Pas wayah istirahat Rika nggowo cika marang doni arep dikenalaken.
Rika: “Don iki cika, cik iki doni”
Doni: “Halo aku Doni”.
Cika: “Halo aku Cika”.
Rika: “Yawes tak tinggal disek yoo, awkmu omong-omongan mbe cika disek
don, soale cika arek e isinan”.
Doni: “Oke rik, aman”.
Rika banjur ninggal doni lan cika, amarga ben arek loro kui akrab.
Cika: “Doni, aku oleh gak njaluk nomer WA mu, soale aku ate takon lewat WA
ae, gk enak aku marang awkmu”.
Doni: “Lho kenopo gak enak, aku biasa kok cik, yawes lek ngunu tak wenehi
nomer WA ku”.
Cika: “Oke doni, ngkok bengi awkmu isok gak tak takoi?”.
Doni: “Isok cik pokok aku mari sinau isok awkmu takoi”.
Bengine bari doni sinau cika langsung chat nakoi tentang tugase,sakwise takon
tugas, cika mulai ngekei sinyal-sinyal marang doni, amarga cika wes mendem sue
Cika: “Don, aku pengen ngomong seh”.
Doni: “Yo ngomongo cik”.
Cika: “Aku seneng awkmu, awkmu gelem gak dadi pacarku?”
Doni: “Waduh aku gatau pacaran masalahe cik, kurang pengalaman aku, toh
lagian aku yo biasa ora seng senengane mlaku-mlaku”.
Cika: “Gaopo donn, aku isok kok nerimo awkmu opo anane”.
Doni: “Yawes yen awkmu mekso, lagian aku yo seneng she nang awkmu
heheheh”.
Cika: “MATURSUWUNN DONII AWKMU WES GELEM NERIMO AKU”.
Doni: “Iyo cik podo-podo, tapi awkmu kudu setia lhoo ojok seneng cah lanang
liyane”.
Cika: : “Iyo don aku setia kok”.
Akhire arek loro kui dadian, let 5 wulan akhire cika ketemon gendakan karo cah
lanang liyo.
Doni: “Sopo iku mau cik?”
Cika: “Ohh iku mung kancaku maeng bareng aku”.
Doni: “Yakin kancamu?, kanca kok post status gandengan karo kowe cik”.
Cika: “Lhoo mosok e, aku gak gandengan don”.
Doni: “Halah lhawong kaos mu seng awkmu nggae lhoo plek mbe seng nde
status, wes rausa nggolek alibi, elengo awkmu mbien ngmg nerimo aku
opo anane, saiki koe malah mblenjani, wes cukup sampek kene wae,
wegah aku karo cah wedok seng mandang sepeda ninja, rapopo aku ra
duwe ninja seng penting aku pas wayah rendheng gak bingung nggowo
jas udan.”
Cika: “Doniii, aku ra gelem pisah mbe koe, aku isih sayang awkmu donn”.
Doni: “Gahh, males aku wes kono numpak o ninja maneh, sepeda larang kok
tetep kudanan”.
Cika: “Donn aku iseh sayang awkmuu tapii”.
Doni: “Halah kakean omong awkmu cik, wes cukup, aku ate mulih disek”.
cika seng ketemon gandengan karo cah lanang liyane langsung nangis amarga
ditinggal arek seng disenengi ket mbien, akhire cika sakwise ditinggal doni dee
langsung jadian karo cah lanang liyane.

Anda mungkin juga menyukai