Anda di halaman 1dari 10

MATERI PEMBELAJARAN BAHASA JAWA

KELAS VII A-J

Wulangan 1
TEKS NARASI TENTANG PERISTIWA
ATAU KEJADIAN

Dening :

1.NUR LAILIYAH IMAWATI,S.Pd


( Kelas 7A-E)

2.IKA WAHYUNINGRUM WIJAYANTI,SE


(Kelas 7F-H)
SMPN 1 BLORA
KOMPETENSI DASAR DAN INDIKATOR

3.1 Memahami teks narasi tentang peristiwa atau kejadian.


 Mengartikan kata-kata sukar.
 Mengajukan pertanyaan bersumber dari teks narasi dalam
bahasa ngoko atau krama.
 Menjawab pertanyaan atas dasar teks narasi dalam bahasa
ngoko atau krama.
 Menyimpulkan isi teks narasi secara tertulis atau lisan dalam
bahasa ngoko atau krama.

4.1 Menulis ringkasan teks narasi tentang peristiwa atau kejadian.


 Membaca teks narasi
 Menjawab dan mengajukan pertanyaan tentang isi bacaan dalam
ragam krama.
 Menulis ringkasan teks narasi tentang peristiwa atau kejadian.
Wulangan 1
TEKS NARASI TENTANG PERISTIWA
ATAU KEJADIAN

Teks naratif yaiku teks kang nyritakake kedadeyan


utawa kisah sakiwa tengene siswa. Teks naratif ana kang
asipat khayalan nanging ana kang asipat aktual utawa
kedadeyan sabenere. Maksude yaiku kanggo menehi
panglipur marang wong kang padha maca crita mau.
Kajaba iku,teks naratif duweni maksud kanggo aweh
pendhidhikan,menehi ngerti, menehi refleksi marang para
siswa lan sapa wae kang maca teks mau lan menehi daya
imajinasi marang wong kang padha maca teks mau.
Kanggo mbedakake karangan naratif karo karangan
liyane kita bisa naliti kanthi nggatekake titikan ing ngisor
iki :
1. Underan karangan naratif yaiku kisah/nyritakake
kedadean.
2. Nggambarake tumindak kang dumadi ing sawijining
wektu tartamtu.
3. Nduweni paraga kang dicritakake.
4. Nduweni alur utawa plot sajrone ngandharake
•Nyemak teks naratif

MANGANAN JANJANG

Sedina sadurunge sedhekah bumi Janjang bakul-bakul wis


padha mara saperlu nata panggonan. Bakul dolanan bocah,
bakul rupa-rupa panganan, bakul sandhangan lan liya-liyane.
Yen pinuju sedhekah bumi dalan tumuju pesareane Mbah
Janjang kiwa tengen kebak bakul kaya pasar ngalih enggon.
Dene warga desa Janjang lan sakiwa tengene padha
nggawe jajan
lan ambeng kanggo kaperluan sedhekah bumi kang mesthi
tiba dina Jemuah Pon iku. Ora keri Mbah Sakimah. Mbah
Sakimah esuk iku mlaku rungkuk-rungkuk turut dalan pinggir
alas jati tumuju menyang desa Janjang karo nggendhong
ambeng kanggo sedhekah bumi. Sawise tekan plataran
pesareane Mbah Janjang ambeng kang wujude sega lan urap
iku banjur dipasrahake marang pawongan kang wis siyaga
Sumber : Dokumen Pribadi nampani ambeng-ambenge para warga kang melu sedhekah
bumi. Ambenge Mbah Sakimah mau banjur dikumpulake karo
ambenge para warga liyane.
SMPN 1 BLORA
MANGANAN JANJANG
Mbah Sakimah kang asale saka dhukuh Ngurep, desa Bleboh iku melu
sedhekah bumi amarga kepengin sedhekah (weweh) sebab dheweke wis diwenehi
(diparingi) kecukupan saka Gusti Allah. Ambeng kang dikumpulake mau banjur
dibunteli nganggo godhong jati lan diedum kabeh wong kang teka ana kono nganti
etek. Dene banyune dijupukake saka genthong.
Wujud syukur ora mung weweh kaya sedhekah bumi iki nanging kudu bisa
ngajeni panganan. Upamane : Yen mangan kudu ndedonga luwih dhisik. Yen
mangan aja nyisa lan ora elok mbuwang-mbuwang panganan.
Ngelmu titen
Unen-unene wong Jawa ‘pinter iku jalaran saka niteni’. Critane kena kanggo
niteni, yen anggone ngedum ambeng segane kurang tahun ngarep bakal ‘larang
pangan’, yen sing kurang godhonge tahun ngarep arep panen mbako gagal, lha yen
sing kurang banyune pratandhane arep ketiga dawa. Yen niteni kaya ngene iki banjur
padha ngati-ati anggone padha olah tetanen. Padha ngati-ati anggone nyimpen
panenan’
SMPN 1 BLORA
TUGAS 1 : Nyathet tembung kang angel lan negesi tembung kang angel

Tembung-tembung kang dianggep angel .


1. .... Tegese ....
2. .... Tegese ....
3. .... Tegese ....
4. .... Tegese ....
5. .... Tegese ....
6. .... Tegese ....
7. .... Tegese ........
8. .... Tegese ....
9. .... Tegese ....
10.…. Tegese .... SMPN 1 BLORA
Gawe Ukara
Gawenen ukara adhedhasar tembung-tembung kang angel saka asiling
nyemak!
1. ..................................................................................................................
2. ..................................................................................................................
3. ..................................................................................................................
4. ..................................................................................................................
5. ..................................................................................................................
6. ..................................................................................................................
7. ..................................................................................................................
8. ..................................................................................................................
9. ..................................................................................................................
10.………………………………………………………………………………….

SMPN 1 BLORA
TUGAS 2 : Mangsuli pitakon.
Wangsulana pitakon ing ngisor iki nganggo basa krama kang mathuk !

1. Genea bakul-bakul padha teka sedina sadurunge sedhekah bumi Janjang?


2. Sapa sing nggawe jajan lan ambeng kanggo sedhekah bumi Janjang?
3. Sedhekah bumi Janjang tiba dina apa ?
4. Mbah Sakimah iku wong endi?
5. Ambeng-ambeng dikumpulake dadi siji banjur diapakna?
6. Kepriye carane ngajeni panganan?
7. Pangendume ambeng sedhekah bumi Janjang kena kanggo titen apa?
8. Sejatine sapa kang sinebut Mbah Janjang iku?
9. Kepriye critane Mbah Janjang manggon ana ing Desa Janjang?
10.Wayang Krucil iku wayang sing kepriye ?
SMPN 1 BLORA

Anda mungkin juga menyukai