Anda di halaman 1dari 33

?

g]iyadtJwi,

Penguatan Kompetensi Bahasa Jawa


“Rumah Adat Jawa”
Kaaturaken ing Workshop Fasilitasi Penguatan Muatan Lokal
Bahasa Jawa Guru SMA Provinsi Jawa Tengah
Semarang, 13 – 16 Agustus 2018
Kurikulum 2013 Mulok Bahasa Jawa
SMA/SMALB/SMK/MA/MAK.
Kelas X Semester 1
NO KOMPETENSI INTI KOMPETENSI DASAR

Memahami, menerapkan, menganalisis pengetahuan Menelaah teks Serat


faktual, konseptual, prosedural dan metakognitif
Wedhatama pupuh Pangkur.
berdasarkan
rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan,
3.2 Menelaah teks crita cekak.
teknologi, seni, budaya, dan humaniora dengan 3.3 Menelaah teks pawarta.
wawasan kemanusiaan, kebangsaan, kenegaraan, dan 3.4 Menelaah teks deskriptif
peradaban terkait penyebab fenomena dan kejadian, tentang rumah adat Jawa.
serta menerapkan pengetahuan prosedural pada bidang 3.5 Mengidentifikasi kaidah
kajian yang spesifik sesuai dengan bakat dan minatnya penulisan aksara Jawa dalam
untuk memecahkan masalah.
2 (dua) paragraf
4. Mengolah, menalar, menyaji dalam ranah konkret dan
yang menggunakan
ranah abstrak terkait dengan pengembangan dari yang
sandhangan mandaswara.
dipelajarinya di sekolah secara mandiri, bertindak secara
efektif dan kreatif, serta dan mampu menggunakan
metoda sesuai kaidah keilmuan
Kawruh Sapala griya adhat Jawi
(Kawruk Kalang)
Miturut para pinter bilih wujud ingkang gumathok wontenipun griya
utawi greha (rumah) punika wiwit jaman Prabu Jayabaya ing karaton
Mamenang Kediri. Kirang langkung wonten ing abad 11 Prabu
Jayabaya saha Sang Adipati Arya Santang sarunjuk damel griya
ingkang kadamel saking kajeng (kayu), sarta ing pangajab boten
badhe kejawahan, utawi kenging bab-bab sanes saking alam. Dipun
damel saking kajeng nggadhahi pikajeng bilih kajeng utawi kayu
punika gampil anggenipun ngupadi, entheng, saget kadamel punapa
kemawon lan manawi risak gampil anggenipun ndandosi.
BUPATI KALANG

Wonten ing karaton Mamenang Kediri,


miturut Prabu Widayaka, bilih keparak
ingkang damel griya punika apangkat
bupati kaperang dados sekawan inggih
punika:
•Bupati Kalang Blandhong
•Bupati Kalang Obong
•Bupati Kalang Adeg
•Bupati Kalang Abreg
BUPATI KALANG
BLANDHONG

Kalang Blandhong punika


gadhah kasagetan
‘blandhong kayu’ babagan
negor utawi nebang kayu,
wonten ing wana ingkang
badhe kagem bebadra
madegipun Griya
BUPATI KALANG
OBONG

“Kalang Obong” ingkang


nggadhahi kwajiban
utawi tugas hambesmi
utawi ngobong resik-resik
wana ingkang badhe
kangge madegipun griya
BUPATI KALANG
ADEG

Dene nyambut damelipun


Kalang Adeg inggih
punika ngracik saha
mranata lampah adegipun
wangunan griya ingkang
badhe madeg.
BUPATI KALANG
ABREG

Kalang Abreg tugasipun


‘ngembrugaken’
wangunan-wangunan
ingkan badhe kawangun
malih (renovasi).
Bab kajeng utawi kayu
Kajeng punika minongka bahan baku wonten adegipun griya, mila
kedah nggatosaken kajeng punapa kemawon ingkang dipun
betahaken wonten satunggaling griya ingkang badhe madeg. Sak
sampunipun kapetang mawi kawruh madegipun griya, kayu jati utawi
kajeng jati tasih dados unggulanipun sadaya kajeng. Sinaosa wonten
kajeng gluglu ingkang kawentar alot, tahan dhateng toya. Manawi
kajeng jati boten wonten mila lajeng kapilih ‘deling’ (bambu) pring
petung”.
Lajeng kados pundi ciri-ciri kajeng ingkang sae, miturut serat kawruh
kalang ing Sanapustaka Karaton Surakarta, dipun tedahaken wonten
16 kajeng ingkang tuwuh ngrembakanipun wonten siti pareden
(pegunungan) lan sanesipun. Dene jinis kajeng jatinipun ingkang
baku wonten inggih punika:
•Jati Bang
Kajengipun alus, atos (keras), nglenga
(berminyak)

•Jati Kembang
Ugi dipun sebat Jati Sungu (sungu=tanduk)
warninipun cemeng, wonten ugi ingkang mastani warninipun
Soklat, galih uratipun
kados sekar/kembang lan sungu, kajeng
punika kalebet kajeng jati sae.

•Jati Kapur
Jati punika radi empuk, uratipun kasar warniniun pethak,lan
boten sae kangge hadegipun griya.
Sifatipun Kajeng Jati
•Jati Uger-uger
Inggih punika kajeng jati ngkang asalipun saking wit jati ingkang ‘pangipun rangkep’
(cabangnya rangkap). Kajeng punika asring kagem ‘kori’ utawi lawang regol.
•Jati Trajumas
Satunggaling kajeng jati ingkang kategor saking wit jati ingkang nggadhahi pang (cabang) tiga.
Kajeng punika ugi asring kadamel peranganipun griya kadosta Molo, Blandar, pengeret, ingkang
mapanipun wonten nginggil lan miturut petangan ngelmu Jawi badhe kathah rejekinipun (mbanyu
mili).
•Jati Pandhawa
Asalipun saking wit jati ingkang nggadhahi pang cacah gangsal, biasanipun asring kaginakaken
dados adeg-adeg (penyangga) utawi saka guru (tiang utama).
•Jati Molo
Kajeng punika tuwuhipun wonten sakiwa tengenipun toya, kajeng jati ingkang kasebat Molo
punika nggadhahi raos seger eyub, sarta dipun pitados nggansaraken panyuwunan.
•Jati Tunjung
Wit Jati ingkang asring kangge susuhipun peksi-peksi ageng kadosta peksi elang, peksi huk, lsp.
Manawi tiyang anggenipun damel griya ngginakaken kajeng punika badhe pikantuk kawibawan
ingkang inggil.
Cecawis Siti kalihan Nitik Siti

Fungsi utawi guna faedah siti utawi lemah/bantala boten


saget pisah kalihan panggesanganipun tiyang Jawi.
Hananging ugi wonten siti ingkang kaanggep boten trep
kalihan syarat madegipun griya, hawit dipun pitados
tasih wingit, sangar. Ingkang kathi punika tiyang Jawi
badhe ngatos-atos hanggenipun milih siti ingkang badhe
kangge madeg satunggalipun griya. Awit saben siti
gadhah sifat piyambak-piyambak ing ngandhap punika
kaaturaken siti ingkang kaanggep sae miturut
petanganipun para pinter rumuhun.
•Siti Manik Mulyo, siti ingkang adamel kacekapan samukawis, tentrem gesangipun, siti punika
kawontenanipun miring ngetan, ingkang mapan ing siti punika badhe lumuntur rejekinipun.
•Siti Indraprasta, siti ingkang ing cariyos mahabarata kagunganipun para Pandhawa, ingkang
sejatosipun ugi punjer pamarentahan ing India (New Dehli) kala rumiyin. Siti punika ugi gadhah
dasanama “Telaga Ngayuda” utawi Bathara. Manawi mapan wonten siti punika keluarga badhe
kadumugen sadaya panjangkanipun.
•Siti Sangsang Buwana, siti ingkang dipun kepung dening redi utawi gunung, manawi mapan
wonten siti punika ingkang kagungan badhe dipun tresnani dening tiyang kathah. Dipun pitados
dening asanes, sarta lampahipun panggesangan dados sae.
•Siti Bumi Langupulawa, siti ingkang nate kangge kuburan, biasanipun ingkang mapan wonten
ngriku badhe gadhah watak kados watakipun pandhita, ambeg paramaarta.
•Siti Darmalungit, siti ingkang miringipun ngetan lan ngulon (Ing tengah kados nggigir sapi) ingkang
mapan wonten ing siti punika badhe kathah rejekinipun.
•Siti Srinugraha, siti ingkang sisih kulan menjuluk minggah dene ingkang wetan datar utawi rata.
Ingkang mapan wonten papan punika badhe pikantuk pangkat, drajat lan semat.
•Siti Wisnu Manitis, siti ingkang munggah-mudhun ing perangan ler (utara), ingkang mapan wonten
siti punika badhe lancar rejekinipun run-tumurun.
•Siti Endragana, siti ingkang rata ing tengah lan kiwa-tengenipun langkung inggil (kekuwung),
ingkang mapan wonten siti punika badhe kadunungan raos ayem, tentrem lahir batos.
•Siti Srimangepel, siti ingkang mapanipun ing pereng redi, wonten sumber toyanipun, sinten
ingkang mapan wonten ing ngriku badhe kacekapan sandhang panganipun.
•Siti Arjuno, Siti ingkang miring ing perangan kiwa lan perangan ler, tuwin kidul, katutup dening
pereng, ingkang mapan ing siti punika badhe tambah wibawa sarta dipun kurmati tangga tepalih.
Masang Trep Ompak
Umpak hanggadhahi teges ingkang maneka warna
inggih punika; Sela ingkang kangge dasaripun griya,
cakrik sinjang bathik, pangalembana, utawi struktur
urutan satunggaling gendhing ingkang pungkasan.
Hananging ingkang dipun pikajengaken wonten ing
seratan punika Sela ingkang kangge nyangga adeg-
adeg griya (Saka).
Wonten satunggaling griya ingkang wangunanipun Joglo, utawi limasan
ompakipun kadamel saking sela ingkang atos ingkang warninipun cemeng.
Dene ukuranipun ompak inggih beda-beda ingkang ageng ukuranipun 75 X 100
CM dene ingkang alit ukuranipun 15 X 20 CM. Ompak ingkang ukuran makaten
kalawau mapanipun wonten ing griya laladan Kotagedhe, dusun kerta. Umpak
asring dipun damel dening para tukang damel kijing. Cara ngetrepaken Ompak
utawi umpak inggih punika ompak kapapanaken wonten sekawan sudut ing
nginggiling ‘Pondasi’, supados umpak punika kiat kedah sekedhik katanem ing
siti supados boten obah. Manawi sampun katanem lajeng saka tumuli ka-
etrepaken ing nginggilipun.
Ragam Griya Adhat
Wujud utawi ragamipun griya adhat Jawi dening para
pinter sampun kathah ginalih bilih wujud punika badhe
ngrembaka nut jaman kalampahanipun. Bab punika
dipun rumaosi bilih kabetahan gesang manungsa
punika dados ‘Kunci” ingkang baku. Gesang ingkang
samsaya ngrembaka satemah ugi mbetahaken papan
ingkang bawera, salajengipun hanama limrah manawi
kabudayan punika ugi ngrembaka.
Tembung “Omah” miturut bausastra Jawa, nedahaken
wangunan ingkang wonten eyup-eyupipun,
salajengipun kagem lerem utawi ‘tempat tinggal”.
Omah utawi papan punika wigatos sanget, kajawi
kabetahan sanesipun ingkang awujud, Sandhang,
Pangan. Bakunipun wujudipun papan utawi griya
tumrap tiyang Jawi saget kapilah wontenipun griya
ingkang arupi:
Griya Joglo

Griya adhat Jawi ingkang nama Joglo punika


kaperang wonten sanga wujud wangunanipun
inggih punika; Joglo Limasan, Joglo
Lawakan, Joglo Sinom, Joglo Jompongan,
Joglo Pangrawit, Joglo Mangkurat, Joglo
Ageng, Joglo Semar Tinandhu. Griya
Joglo wangunipun ‘bujur sangkar’ sekawan pesagi
kanthi saka guru sekawan (lambang pat-jupat lima
pancer), dene princenipun griya Joglo inggih punika
Reng-rengan Joglo
Griya Wangun Joglo
Princenipun Griya Joglo inggih punika;
Pendhapa
Pendhapa satunggalipun papan ingkang mapan
wonten ngajeng, ginanipun kagem nampi tamu.
Pendhapa saget dipun werdeni Pendhapan,
ingkang ngemuwerdi papan makempalipun para
andhahan ingkang sami sowan ing
panginggilipun. Dene wangunanipun mawi saka
guru cacah sekawan, katambah kalih welas saka
guru ‘pangarak’.
Pringgitan.
Perangan ingkang nama ‘Pringgitan’ mapanipun
ing antawisipun Pendhapa lan dalem ageng, papan
punika mboten wiyar hananging saget kangge
ringgitan utawi wayangan. Nama ‘Paringgitan’ awit
papan punika ingkang asring kaginakaken kagem
ringgitan. Macapatan, lajeng ngawontenaken
parepatan keluarga.
Emperan
Papan punika asring kagem nampi tamu ugi, sanadyan
mboten wiyar kados ing paringgitan, dene wonten Karaton
Surakarta emper punika sinebat “Paningrat”.
Dalem Ageng utawi Omah Jero
Dalem ageng punika ing bakuning griya dados papanipun
keluarga, sadaya ingkang magepokan kalihan keluarga,
ngrembagipun wonten dalem ageng utawi omah njero.
Senthong Tengah
Ing pabrayan Jawi aseing dipun sebat petanen (patileman tinata taning-
taning), Krobongan, Padaringan, Boma. Ing jaman kina papan punika
asring kagen nindakaken tatacara colokan tumrap pengaten anyar, dene
ing padhusunan minongka papan nyimpen pari, sinebat patanen utawi
patani.
Senthong Kiwa
Ing senthong kiwa punika, wonten saperangan ingkang
kaginakaken kagem kamar mandi, gudhang, ugi kagem nyimpen
barang-barang kabetahan keluarga.

Senthong Tengen
Papanipun wonten iring tengen saking Senthong tengah, papan
punika asring kaginakaken papan sare (kamar tidur) ingkang
kagungan dalem lan sifatipun langkung pribadhi. Gandheng
sifatipun resmi asring kagem nyimpen barang-barang ingkang
kerta ajinipun inggil.
Gandhek Kiwa
Gandhek Kiwa minongka wangunan tambahan saking
wangunan baku mapanipun wonten iring kiwa saking treping
griya. Umumipun wangunan punika panjang lan tebih saking
wangunan baku. Gandhok kiwa utawi gandhek/ gandheng kiwa
asring kaginakaken kagem papan sarenipun para priya.

Gandhok Tengen.
Jumbuh kalihan anamanipun gandhok tengen, ingkang
mapanipun wonten satengenipun dalem ageng, papan punika
asring kaginakaken papan sare para putri. Lan ugi kagem
nyimpen uborampe dhaharan.
Pawon
Tiyang Jawi nyebatipun Pawon saking tembung Pa-awuan utawi papan
medalipun awu, ngempalipun awu (tempat abu hasil pembakaran kayu),
hawit jaman semanten manawi olah-olah utawi masak ngginakaken
kajeng minongka urub-urub latunipun. Mila mboten nggumunaken
manawi pawon kathah awu. Pawon papanipun tebih saking wangunan
baku uatwi utama, kenging punapa dipun pisahaken awit wanguan utama
utawi dalem ageng punika suci lan sakral wontenipun.

Pakiwan
Pakiwan mapanipun wonten wingking balegriya, papan punika
kginakaken kagem siram (kamar mandi) papan menika inggih tebih
saking wangunan baku utawi dalem ageng awit papan punika ka-anggep
papan reged (kotor)
Griya Limasan
Satunggaling griya adhat Jawi ingkang wangunipun hanggadhahi epyan (atap) limasan utawi ‘Limas’
(Piramide). Wangun limasan ingkang prasaja hanggadhahi ciri-ciri: a) Hanggadhahi epyan (atap)
Limas (piramide) ingkang kawangun saking epyan, b) hanggadhahi Molo wanganunipun datar,
ingkang inggilipun mboten nglangkungi Molo griya Joglo.c) hanggadhahi sekawan cagak ingkang
kakunci kalihan blandar lan pengeret.
Miturut wangunipun Griya Limasan hanggadhahi sifat: (1) Sfatipun ayom lan ayem, (2) mboten
ketingal agung lan suci kados dene Joglo lan tajug., (3) gadhah papan mligi ingkang sfatipun sakral
wonten senthong tengah.
Miturut rincian utawi pricenipun, bilih Griya Limasan punika langkung Rungsit (rumit) lajeng
hanggadhahi perangan-perangan baku (bagian baku) kadosta: Molo, Ander, Dudur, Brujung, Usuk
Piniyung, Usuk Rigereh, Reng, Blandar, pengeret, santenan, Sunduk Kili, Ganja, gimbal, purus, saka
guru, saka pananggap, saka rawa, cukit, mangkokan, umpak.
Salajengipun ngrembaka kanthi medalipun maneka warna wangun (bentuk) limasan ing antawisipun:
Limasan Apitan, Limasan Ceblokan, Limasan Gajah Ngombe, Limasan Pacul Gowang, Limasan
Lawakan, Limasan Empyak Setangkep, Limasan Sinom Klabang Nggantung, Trajumas Lambang
Teplok, Limasan Lambangsari, Limasan gajah Njerum, Gajah Mungkur, Limasan Semar Tinadhu,
Limasan Semar Tinandhu, Limasan Semar Pinondhong, Limasan Bapangan, Limasan Cere Gancet,
Limasan Gotong Mayit, Limasan Klabang Nyandher, Limasan Trajumas Lambang Gantung, tuwin
Limasan Kutuk Ngambang.
Griya Wangun Limasan
Griya Kampung
Wangunan griya kampung satunggalipun griya adhat Jawi ingkang sakedhikipun
hangginakaken kalih epyan saha ‘tutup keyong’, tuwin sekawan cagak utawi saka.
Jinis epyanipun saget kagem dasar titikan bilih wangunan punika ‘omah kampung’,
sebab wangun epyan ing griya tradisi utawi adat Jawi wonten gegayutanipun kalihan
epyanipun (atapnya). Mirsani saking wujud wangunanipun epyan lajeng saget dipun
mangertosi bilih: a) Griya Kampung langkung sepuh tinimbang wangunan Griya
Limasan lan Joglo, b) griya kampung punika sejatosipun uwoh pangolah saking griya
Panggang – Pe, c) griya kampung mboten merbawani kados dene griya Joglo, d)
griya kampung langkung kathah kaginakaken kagem papan lerem (rumah tinggal)
ingkang sifatipun umum lan prasaja, e) griya kampung langkung majeng wujudipun
saking griya wangun Panggang – Pe.
Awit wangunanipun ingkang prasaja lan hanggenipun nggarap inggih boten njlimet
mila Griya kampung kathah kadamel dening tiyang kathah, satemah tiyang-tiyang
hanggenipun damel madegipun griya sami lajeng dipun wastani sakampung.
Hanggenipun ngrembaka wangunan griya kampung punika inggih mawarni-warni
wujud wangunanipun, ing antawisipun:
Griya kampung Baku, (2)Griya Kampung Trajumas, (3) Griya Kampung Gotong
Mayi, (4) Griya Kampung Klabang Nyander, (5) Griya Kampung Pacul Gowang, (6)
Griya Kampung Dara Ngepak, (7) Griya Kampung Semar Pinondhong, (8) Griya
Kampung Gajah Ngerum
Griya Tajug
Wangunan griya tradisional Jawi ingkang nama griya Tajug punika epyanipun lincip,
manawi kabandhingaken kalihan wanguan-wanguan griya sanesipun, wangunan tajug
punika kalebet wangunan ingkang “anyar” sarta ingkang inggil drajat pangajinipun. Dene
cri-cirinipun wangunan griya tajug inggih punika:
• Epyanipun lincip minggah, tanpa wuwungan (bubungan)
• Denah dhasar awangun bujur sangkar
• Minongka dhasaring panyangga epyan wonten sekawan saka guru
Wangunan griya punika awis kawangun dening sadhengah tiyang awit sifatipun ingkang
mligi inggih punika asring kagem papan pangibadhah, mesjid, gereja, sanggar pamujan.
Sareng kalihan lampahipun jaman wangunan Griya Tajuk punika ugi ngrembaka jumbuh
kalihan wewengkonipun piyambak-piyambak ing nuswa Jawi. Wujud wangunan ingkang
ngrembaka ing antawisipun: 1) Tajuk Cungkup, 2) Tajuk Tawon Boni, 3) Tajuk Lampang
Teplok, 4) Tajuk Lambangsari, 5) Tajuk Mangkurat, 6) Tajuk Sinom Tinandu, 7) Tajuk
Semar Sinongsong,
Griya Panggang - Pe
Panggang-Pe satunggaling wangunan griya adhat Jawi ingkang prasaja (sederhana),
minongka papan pomahananipun para tiyang ing pabrayan umum. Minongka ciri
pokok satungalipun wangunan Griya Panggang-Pe dipuntengeri:
• Epyan ugi dipun sebat payon, ingkang kapasang ing sak nginggilipun reng
lan usuk.
• Wontenipun cagak utawi Saka, kapasang jejeg ngadeg, minongka
panyangga empyak utawi payon.
Adhedhasar kalih perkawis ing nginggil, griya wangun panggang-pe, kalihan
lampahipun jaman, griya punika saget pinanggih wonten ing relief-relief candhi,
salajengipun bilih wangun griya Panggang-Pe punika prasaja, ugi wonten ingkang
mligi sifatipun inggih punika:
• Minongka papan lerem (tempat hunian)
• Kangge me-pe memehan menapa barang-barang sanesipun
• Kaangge warung sadeyan ing pinggir margi
• Lerem ngaso para petani ing sabin
• Kios utawi bango sadeyan ing peken-peken
• Ruang tunggu terminal punapa dene stasiun.
• Pabrik papanipun mesin kangge nyambut damel.
Miturut Wangunipun Griya Panggang – Pe
Kaperang wonten :

•Panggang-Pe Pokok utawi Baku


•Panggang-Pe Traju Mas
•Panggang-Pe Gedhang Selirang
•Panggang-Pe empyak Setangkep
•Panggang Pe Cere gancet
•Panggang-Pe Barengan
Matur nuwun awit
kawigatosanipun

Anda mungkin juga menyukai