Anda di halaman 1dari 21

PETUNJUK UMUM

1. Bacalah dengan teliti petunjuk dan pertanyaan setiap soal.


2. Tulislah terlebih dahulu nomor ujian pada lembar jawab yang tersedia.
3. Kerjakan pada lembar jawab yang tersedia dengan memberi tanda silang pada lembar jawaban.
4. Periksalah kembali seluruh pekerjaan Anda sebelum meninggalkan ruangan.

PETUNJUK KHUSUS

I. Pilihen wangsulan A, B, C utawa D minangka wangsulan sing paling bener, kanthi menehi
tandha ping (X) ana ing lembar wangsulan kang cumawis!

Waosan kangge pitakenan angka 1

Menyang Pasar
Ing sawijinig dina aku ngancani blanja ibuku menyang pasar. Wektu iku ngepasi dina
Minggu, dadi aku prei. Aku karo ibu menyang pasar numpak angkutan umum. Wis rada suwe
anggonku nyegat angkutan. Nalika ana angkutan liwat penumpange ora pati akeh, dadi aku karo
ibuku oleh lungguhan. Kira-kira limalas menit angkutane wis tekan ngarep pasar, aku banjur
mudhun.
Dina iki ibu blanja akeh banget amarga sesuk arep kepanggonan arisan PKK. Rencanane
tamu arep disuguhi soto. Sepisanan sing dijujug yaiku panggonan dodolan daging ayam. Sawise
oleh ayam banjur goleki panggonan sing dodol bumbon. Ora lali uga tuku jeruk kanggo buahe. Wah
jebule menyang pasar iku nyenegake bisa ngerti meneka wernane  dagangan lan uga ngerti carane
bakul-bakul kang nawakake dagangane. Barang-barang ing pasar mau regane uga murah-murah.

( Kapethik saking : https://belajarbahasajawa2013.wordpress.com)

1. Pratelan ing ngandhap ingkang jumbuh kaliyan wosipun cariyos ing nginggil inggih punika ….
A. Wektu iku ngepasi dina Minggu, dadi Ibu prei makarya.
B. Rencanane tamune Ibu arep disuguhi dhaharan bakso.
C. Menyang pasar bisa ngerteni carane nggawe panganan.
D. Ing pasar bisa ngerteni carane bakul nawakake dagangan.

Waosan kangge pitakenan angka 2

TEDHAK SITEN
Tedhak siten iku salah satunggaling upacara adat jawa kagem bocah umuripun 7 selapan utawa 245
dinten, nalika bocah iku wau nembe pisanan ajar mlaku. Selapan yaiku kombinasi 7 dinten ing kalender
internasional lan 5 dinten ing kalender Jawa. Selapan iku pendhak 35 dinten pisan. Tedak siten asalipun
saking rong tembung, ingkang sepindhah inggih punika "tedhak” utawi idhak, tegese mudhun lan “siten"
saking tembung siti kang tegese bumi. Dadi Tedhak siten ndueni arti ngidhakake sikil ing lemah/pertiwi.
Tedhak Siten ngambarake kasiapan bocah kanggo nglakokake kauripan ingkang bener ing mangsa ngarep.
Upacara tedhak siten inggih nduweni teges cedakke manungsa kaliyan bumi. Awit nglakokake kauripan
ingkang apik lan becik ing bumi punika lan tetep ngruwat lan njaga bumi. Punika kangge ngelingaken
menawi bumi sampun maringaken kathah barang ingkang dipunbutuhaken kangge urip manungsa. Ing
budaya jawa ana kapitayan masyarakat ngenani bab tedhak siten yaiku yen lemah iku ndueni makna ghoib
lan dijaga Bathara Kala, kanggo ngindari kadadeyan sing ora becik mula dianakake upacara tedhak siten.
Tata Caranipun Upacara Tedhak Siten
Ingkang kapisan, bocah dituntun ibune mlaku maju lan ngidhak jadah 7 werna ingkang kagawe
saking ketan. Werna wernane yaiku : abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu lan jambon. Jadah ditata saka
warna sing padhang nganti warna sing peteng. Punika perlambang , bocah saged ngliwati tantangan ing
uripipun. Lan urip iku ora gampang nanging kabéh alangan sing dirasakake mengko mesthi bakal ana dalan
kang padhang tumuju kamulyan lan kasantosan.
Ingkang kaping pindho, bocah dituntun munggah andha ingkang kagawe saking wit tebu “arjuna”
lajeng mudhun maneh. Tebu saking ukara “antebing kalbu” inggih tegesipun yaiku tekad ati ingkang mantep.
Tebu “arjuna” nglambangaken supados bocah saged lelakon kaya Arjuna, ingkang nduweni watak satria lan
nduweni tanggung jawab. Lelakonipun apik lan seneng tetulung , mbela kabeneran , lan bakti kaliyan
Negara.
Ketiga yaiku bocah dituntun kangge mlaku ing pasir. Bocah punika nyeker-nyeker pasir, ingkang
nduweni tegese nggolek pangan. Karepe bocah saged nyukupi kaperluanne dhewe menawi sampun gedhe.
Ingkang kaping sekawan, bocah dipunlebetaken dhateng kurungan ingkang digawe apik lan
dilambari klasa, ing njerone wonten akeh bandha-bandha kaya pari sabengket, kapuk sabengket, Piranti
nulis, bokor kang diisi beras kuning, werna-werna jinis dhuwit, lan sk jinising perhiasan. Kurungan
nglambangaken donya , dadi dikarepke bocah kuwi mlebu donya lan ing njero uripe saged kacukupan awit
saking pakaryane ingkang sampun dipilih saking cilik.
Ingkang kaping lima, bapak lan simbah bocah nyebar udik-udik utawi duit logam dipuncampur
kembang. Karepe supaya si bocah nalika dewasa saged dadi bocah ingkang dermawan lan seneng tetulung.
Amarga seneng menehi lan seneng tetulung, dheweke gampang nggolek rejeki.
Ingkang kaping enem yaiku bocah wau diadusi ngangge banyu setaman ingkang sampun dicampur
kembang-kembang (melathi, mawar, kenanga lan kanthil)
Kapitu, ing pungkasan upacara, bocah didandani ngangem klambi resik lan apik. Karepe supaya si
bocah nduweni dalan urip ingkang apik lan saged agawe seneng kaluwargane. Punika karepe ing uripipun,
bocah punika saged arum jenenge lan saged ngarumaken jeneng kaluwargane. Dene ancase tedhak siten, atur
puji sukur marang gusti Allah, dene wis paring kekuatan sarta keslametan nganti bisa ngidak bumi lan saged
urip mandiri. Lan bibar punika , para tamu saged ndhahar panganan ingkang wonten.

(Kapethik saking : http://banyakhalbaru.blogspot.co.id)

2. Miturut waosan ing nginggil, urut-urutanipun upacara “Tedhak Siten” ingkang leres inggih punika ….
A. 1. bocah dituntun munggah andha ingkang kagawe saking wit tebu “arjuna”
2. bocah dituntun ibune mlaku maju lan ngidhak jadah saking ketan 7 werna
3. bocah dituntun kangge mlaku ing pasir lajeng nyeker-nyeker pasir kalawau
4. bocah dipunlebetaken dhateng kurungan ingkang isinipun kathah bandha
5. bapak lan simbah bocah nyebar udik-udik utawi duit logam lan kembang
6. bocah ingkang nglampahi tedhak siten diadusi ngangge banyu setaman
7. bocah ingkang tedhak siten didandani ngagem klambi resik lan apik

B. 1. bocah dituntun ibune mlaku maju lan ngidhak jadah saking ketan 7 werna
2. bocah dituntun munggah andha ingkang kagawe saking wit tebu “arjuna”
3. bocah dituntun kangge mlaku ing pasir lajeng nyeker-nyeker pasir kalawau
4. bocah dipunlebetaken dhateng kurungan ingkang isinipun kathah bandha
5. bapak lan simbah bocah nyebar udik-udik utawi duit logam lan kembang
6. bocah ingkang nglampahi tedhak siten diadusi ngangge banyu setaman
7. bocah ingkang tedhak siten didandani ngagem klambi resik lan apik

C. 1. bocah dituntun munggah andha ingkang kagawe saking wit tebu “arjuna”
2. bocah dituntun ibune mlaku maju lan ngidhak jadah saking ketan 7 werna
3. bocah dituntun kangge mlaku ing pasir lajeng nyeker-nyeker pasir kalawau
4. bocah dipunlebetaken dhateng kurungan ingkang isinipun kathah bandh
5. bocah ingkang nglampahi tedhak siten diadusi ngangge banyu setaman
6. bocah ingkang tedhak siten didandani ngagem klambi resik lan apik
7. bapak lan simbah bocah nyebar udik-udik utawi duit logam lan kembang
D. 1. bocah dituntun ibune mlaku maju lan ngidhak jadah saking ketan 7 werna
2. bocah dituntun munggah andha ingkang kagawe saking wit tebu “arjuna”
3. bocah dituntun kangge mlaku ing pasir lajeng nyeker-nyeker pasir kalawau
4. bocah dipunlebetaken dhateng kurungan ingkang isinipun kathah bandha
5. bocah ingkang nglampahi tedhak siten diadusi ngangge banyu setaman
6. bocah ingkang tedhak siten didandani ngagem klambi resik lan apik
7. bapak lan simbah bocah nyebar udik-udik utawi duit logam lan kembang

Waosan kangge pitakenan angka 3

PITULASAN
Saben pitulasan aku mesthi kelingan kadadean sing angel banget daklalekake. Wektu iku aku isih
cilik. Angger pinuju pengetan dina kamardikan aneng desaku mesthi dianakake lomba – lomba. Ana lomba
balap karung, masak, nggambar, nyekel pitik, menek wit jambe lan isih akeh lomba liyane. Sing melu uga
akeh, bocah – bocah , enom tuwa padha melu ngregengake lomba kanggo mangayubagya pengetan dina
kamardikan. Sing menang bakal entuk hadhiyah. Emane, amarga aku nembe lara ibu ora marengake aku
melu lomba. Nalika acara tirakatan, kabeh pamenang lomba padha entuk hadhiyah. Ngerti kancaku padha
entuk bungkusan gedhe – gedhe mau, tuwuh rasa gela ing jroning atiku. Aku nangis kejer amarga ora entuk
hadhiyah. Bapak lan ibuku ngeneng – eneng aku supaya meneng. Dhasar bocah gembeng, ora meneng malah
saya seru olehku nangis. Untunge ing acara tirakatan ana lomba spontanitas njoged. Bapakku sing ora tau-
taune njoged melu lomba spontanitas. Tan kinira bapakku menang lan entuk hadhiyah. Hadhiyah mau
banjur diparingke aku.Sakala aku meneng, seneng diparingi hadhiyah.

(Kapethik Saking : Buku Marsudi Basa lan Satra Jawa)

3. Teks narasi cariyos pengalaman ing ngandhap, ingkang jinisipun sami kaliyan teks narasi cariyos
pengalaman kasebut inggih punika ….

A. Sore kuwi olehku mulih wis sore. Dhasar weteng ngelih, gek kodanan pisan, sangsaya gawe awakku
dadi ora karuan rasane. Bareng tekan omah gage-gage adus, sholat lan mangan. Jangan lodheh,
sambel trasi, tempe goreng lan gereh wis cumepak ing meja makan. Ibuku gedheg-gedheg mirsani
aku nalika mangan. Ora let suwe aku wis keturon aneng sofa ngarep TV. Nalika ana adzan, ibuku
nggugah aku. Makbrabat aku banjur salin seragam, njupuk tas lan sepedha. Nanging lakuku kandheg
amarga ibu nyandhet karo ngendika, ” Kowe kuwi nglindur apa piye ta, iki jam enem sore.
Maghriban. Kok malah arep mangkat sekolah. Bokkira jam enem esuk ?”

B. Nuju giliranku digawekake teh, ndilalah dhuwitku keri ing tas ing njero bis. Aku njupuk dhuwit mau
lan pesen karo sing dodol supaya tehku dideleh meja. Ora let suwe aku wis tekan ing warung mau.
Amarga saking ngelake, aku banjur nyekel gelas sing ana ing meja cedhake sing dodol. Batinku iki
mesthi teh sing dakpesen. Ora nganggo basa-basi gelas iku mau dakcekel banjur dakombel. Mak
jabrus rasane dudu teh, nanging ora enak babar pisan. Sawise rada suwe daksawang, jebule ing gelas
mau dudu teh, nanging lenga jlantah/lenga bekas kanggo nggoreng. Kanca-kancaku padha pingkel-
pingkel ngingeti tingkah polahku kang ngombe lenga jlantah. Sing dodol mung kamitenggengen
kaya-kaya ora percaya ndeloki adegan iki.

C. Sinambi ngrungokake musik saka bis, bocah-bocah padha mangan snack lan bekal sing wis digawa
dhewe-dhewe. Perjalanan udakara wis sajam, sedhela maneh tekan Museum Ronggawarsita. Ingkene
para siswa bisa nonton jinise wayang lan gamelan. Ora let suwe bis sing daktumpaki ngurupake
reating mangiwa pratandha arep menggok ngiwa. Aku sakanca nuli medhun saka bis lan mlebu ing
museum. Ing kene bisa ndeloki jinise wayang kang maneka werna. Kabeh iku daktulis saprelu
kanggo laporan. Ana uga gamelan Jawa ganep. Wis apik tenan pokoke. Marem atiku ing Museum
Ronggawarsita kene. Sawise sawetara ing museum kene, aku sakanca mlebu ing bis maneh saprelu
nerusake perjalanan menyang Palagan Ambarawa. Saka Semarang watara jam sanga seprapat.
D. Maklum wae, bocah ndesa ora tau lunga adoh, lunga sepisan nggembol pangan saka ngomah wedi
yen ngelih. Sangu mung sepuluh ewu. Iku wae wis dipeseni supaya ora dientekake. Aku manut wae.
Sadina sadurunge klambiku wis daklempiti lan daklebokake tas. Kaya-kaya arep pindhahan wae.
Kabeh sedulurku dakpamiti. Saka adhiku, kakangku, bapak ibuku, pak lik bu lik, pak dhe budhe lan
tangga-tanggaku. Kabeh ora ana sing keri. Nanging cuwane, wong-wong sing dakpamiti mau babar
pisan ora ana sing nyangoni dhuwit. Ing mangka batinku ngarep-arep, anggonku pamitan mau, mbok
manawa ana rejeki nomplok alias nyangoni aku. Kabeh sing dakpamiti bisa seragam nyangoni
slamet. Kabeh wanti-wanti supaya aku ngati-ati.

Waosan kangge pitakenan angka 4

SADRANAN
Sadranan utawa nyadran inggih mênika kagiatan keagamaan ingkang sampun dados tradisi wontên
ing wulan Syakban (Ruwah). Tradisi Sadranan sampun umum dipun lampahakên masyarakat muslim.
Sêjarahipun sadranan: Jaman rumiyin sadranan dipun lampahi kangge pemujaan maring lêluhur uga nyuwun
maring arwah lêluhur, amargi dipun pêrcaya mênawi arwah lêluhur ingkang sampun tilar donya mênika
taksih gêsang sarêng kita wontên ing alam donyo mênika. Upacara sadranan jaman rumiyin migunakake
sêsajên. Sak sampunipun agama islam mlêbet lan para Wali ndadosakên upacara sadranan mênika kanthi
cara alus, supados sami kaliyan ajaran Islam. Pemujaan lan panyuwunan maring lêluhur dipun robah dados
donga maring gusti allah.
Rangkaian Kegiatan Sadranan
a. Resik Makam: ingkan dipun resiki inggih punika makam leluhur lan sêdulur para kadang. Dipun
banjurakên kaliyan resik-resik desa (bersih desa).
b. Ndonga: ndonga maring Gusti allah kangge kêsêlamêtan kêrabat ingkang taksih gêsang lan ngirim donga
kangge ketentraman arwah kêrabat ingkang sampun tilar donyo.
c. kêndurên: kêndurên punika biasa dipun arani ruwahan. Ingkang dipun undang umumipun kêrabat lan
tangga-tangga desa.
Hakekat lan Makna Sadranan
Hakêkat sadranan inggih punika kêsadaran manungsa maring perkara gêsang kaliyan tilar donya. Ingkan
sampun tilar donyo ngelairakên, ingkang taksih gêsang nyusul ingkang sampun sedo ( Sangkan Paraning
Dumadi). Sadranan uga ngandung makna inggih punika manungsa kêdah èling mênawi kita sêdaya bakal
seda. Dados manungsa wontên ing donya kedah ngatos-atos.

(Kapethik saking : https://astri360.wordpress.com)

4. Miturut waosan ing nginggil, ingkang boten kalebet ancasipun “Sadranan” inggih punika supados ….
A. saged kepanggih kaliyan ingkang sampun seda
B. manungsa eling mênawi sedaya bakal seda
C. manungsa ing donya tumindak ngatos-atos
D. manungsa eling perkara gêsang lan tilar donya

Waosan kangge pitakenan angka 5-6

Tikete Entek
Janjane kudune jam 09.00 wis mangkat, ning malah mundur nganti jam 17.00. Jaman
semana tuku tiket sepur nganti ora kumanan. Arep mulih nganggo bis ning dhuwit ora cukup!
kepeksane ngenteni nganti sore.
Plonga-plongo ora ana sing ngancani. Ndilalah ana wong sing lungguh dhewe, banjur
dakparani lan daktakoni. Beja tenan aku, jebul ana wong sing nasibe padha karo aku. Wis ngobrol
ngalor-ngidul tekan jam 11.45, banjur aku diajak lunga ning masjid kanggo nyambi ngenteni sepur.
Jam setengah 12 aku sholat dzuhur lan sarampunge leyeh-leyeh karo crita maneh.
Ora krasa jebulane wis jam 15.30, banjur aku lan pawongan kuwi mau sholat ashar. Rampung
sholat, bajur bali ning stasiun lan tuku tiket. Sepur bisa mangkat jam 17.05 lan tekan omah jam
20.00.

5. Pratelan ing ngandhap ingkang jumbuh kaliyan wosipun cariyos ing nginggil inggih punika ….
A. tiket ingkang taksih tabuh 09.00
B. aku sholat dzuhur tabuh 11.45
C. tiket ingkang taksih tabuh 17.00
D. aku dijak lunga mesjid tabuh 20.00

6. Teks pengalaman pribadhi kasebat, ... minangka paraga utaminipun.


A. aku
B. wong
C. dhewe
D. sepur

Kangge pitakenan angka 7 WARA-WARA


OSIS SMP PERMATA SEMARANG
TAUN PELAJARAN 2017/2018

Katur dhumateng sedaya siswa SMP Permata Semarang, kasuwun


panyengkuyungipun ing kegiyatan rutin gugur gunung benjing ing :

Dinten : Jumat Kliwon


Surya kaping : 25 Mei 2018
Tabuh : 08.00 WIK - rampung
Papan : Makempal ing lapangan SMP Permata
Semarang, dipunlajengaken reresik sedaya
panggenan ing lingkungan SMP Permata Semarang.

Kasuwun ngasta pirantos kangge reresik. Gugur gunung punika


kangge nyengkuyung program pamarentah mbrastha penyakit Demam
Berdarah.

Awit kawigatosan saha panyengkuyung sedaya siswa SMP Permata


Semarang , pengurus OSIS SMP Permata ngaturaken panuwun
ingkang kathah.

Semarang, 21 Mei 2018


Pangarsa OSIS SMP
Permata Semarang

7. Ing ngandhap minangka wosipun wara-wara ing nginggil ingkang leres inggih punika ….
A. kasuwun rawuh ing lapangan saprelu lomba Cahyadi
AgustusanSetiawan
B. kasuwun nyengkuyung adicara pengajian Kliwonan
C. kasuwun rawuh ing sekolahan saprelu kegiyatan rapat
D. kasuwun nyengkuyung kegiyatan rutin gugur gunung
Waosan kangge pitakenan angka 8-9

IQBAL LAN KEVIN, NEMOKAKE ROMPI ANTIPELURU SAKA SEPET KELAPA


M. Iqbal Fauzi lan Aristio Kevin Ardyaneira Pratama, siswa SMA 3 Semarang mentas iki
dadi viral ing medsos merga kasil nemokake Rompi Antipeluru kang digawe saka sepet kelapa.
Rompi antipeluru kang diciptakake Iqbal lan Kevin dudu rompi antipeluru konvensional kaya kang
wis tau ana, yakuwi kang bobote nganti wolung kilogram. Rompi kang diciptakake iki bobote mung
telung kilogram.
Luwih saka iku, bahan utama kang digunakake yakuwi mung sepet kelapa kang ramah
lingkungan, beda banget karo bahan kang biasa dipigunakake ing rompi sajenis kang digawe saka
material waja kang digunakake minangka tameng peluru. M. Iqbal Fauzi lan Aristio Kevin
Ardyaneira Pratama wis nggawa asil panalitene kasebut menyang ajang “2nd International Science
Project Olympiad (ISPrO) 2014”. Panalitene kang diwenehi judhul ”Stab Resistant and Ballistic
Vest Made From Coconut Fiber” ...
Kapethik saking: http://panjebarsemangat.co.id

8. Waosan pawartos kasebat ngrembag babagan ....


A. M. Iqbal lan Kevin Ardyaneira bidhal dhateng negara manca
B. siswa SMA 3 Semarang bobotipun ngantos tigang kilogram
C. M. Iqbal lan Kevin Ardyaneira boten nate sekolah wonten ing SMA
D. wujudipun rompi antipeluru ingkang dipun damel saking sepet klapa

9. Saking waosan pawartos kasebat, M. Iqbal lan Aristio Ardyaneira minangka siswa ingkang ....
A. sae, awit siswa ingkang kreatif
B. sregep, awit sekolah ngantos SMA
C. pinter, awit gadhah kanca kathah
D. kreatif, awit budhal dhateng manca

Waosan kangge pitakenan angka 10

1. A : ”Esuk mau samang king pundi ,Pak?” 3. A : ”Esuk mau kowe saka ngendi, Pak?”
B : “Sowan daleme Pak Lurah.” B : “Sowan omahe Pak Lurah.”
A : ”Enten napa, napa estu ken ngeterke A : “Ana apa, apa sida kon ngeterake
larene.” anake?”
B : “Ora, ngeterke titipan uleme Pak Carik.” B : ”Ora, ngeterake titipan uleme Pak
Carik.”

2. A : ”Enjing mau panjenengan saking pundi, 4. A : ”Enjing wau panjenengan saking pundi,
Pak?” Pak?”
B : “Sowan daleme Pak Lurah.” B : “Sowan daleme Pak Lurah.”
A : “Wonten napa, napa estu ken ngeterke A : “Wonten punapa, punapa saestu
putrane?” ndherekaken putranipun?”
B : “Ora, ngeterke titipan uleme Pak Carik.” B : ”Ora, ngeterake titipan uleme Pak
Carik.”

10. Pacelathon sing bener marang wong tuwa yaiku nomer ....
A. 1
B. 2
C. 3
D. 4

Waosan kangge pitakenan angka 11

Agus : ”Sugeng enjing, Bu Guru!”


Bu Guru : ”Sugeng enjing, Agus geneya kowe telat mlebu?”
Agus : ”Nyuwun pangapunten Bu, weteng kula sakit.”
Bu Guru : ”Wah apa kowe durung mangan?”
Agus : “...................................................”

11. Pacelathon ing dhuwur wangsulane Agus sing bener, yaiku ….


A. Kula sampun nedha, Bu.
B. Kula sampun dhahar, Bu.
C. Kula dereng dhahar, Bu.
D. Aku wis mangan kok, Bu.

Waosan kangge pitakenan angka 12

1. Agus : “Mar opo kowe wes tau weroh boyo.”


2. Maryana : “Wis, nalika ana ing kebon kewan.”
3. Agus : “Boyo kui mangane opo.”
4. Maryana : “Werno-werno, ono pitek, bebek, lan truwelu.”

12. Pacelathon sing bener panulisane yaiku angka ....


A. 1
B. 2
C. 3
D. 4

Waosan kangge pitakenan angka 13

Sheira4.nelpun Bu Woro guru Basa Jawa, matur menawa dheweke ora bisa melu ulangan Basa
Jawa amarga lara weteng.

13. Ature Sheira kang bener yaiku ....


A. “Nyuwun pangapunten Bu Woro, kula idin boten saged teka ulangan Basa Jawi amargi sakit
padharan.”
B. “Nyuwun pangapunten Bu Woro, kula idin boten saged nindaki ulangan Basa Jawi amargi gerah
weteng”.
C. “Nyuwun pangapunten Bu Woro, kula idin boten saged rawuh ulangan Basa Jawi amargi lara
padharan.”
D. “Nyuwun pangapunten Bu Woro, kula idin boten saged dherek ulangan Basa Jawi amargi sakit
weteng.”

Waosan kangge pitakenan angka 14

Kocap kacarita, ing pucuking gunung, ana Begawan kang mertapa arane Ki Ajar Cepaka.
Panjenengane misuwur banget lan bisa pirsa apa wae sing durung kelakon (waskitha). Krungu kabar
sing kaya ngono ndadekake ora seneng penggalihe Prabu Sri Pamekas. Sang Prabu kepengen nyoba
kesektene.
Sang Prabu :”Paman Patih, ingsun kepengen njajal kasektene Ki Ajar Cepaka. Garwaku
dherekna menyang padhepokan Ki Ajar. Takokna putraku sing isih ing kandhutan iki besuke
lair lanang apa wadon?”
Patih : ”Sendika dhawuh, Gusti.”
Sang Prabu : “Ora, ora,...ngene karepku. Garwaku iki ora ngandhut. Nanging padharane disubal
bokor (Wadhah banyu). Terus dijariki. Coba, Ki Ajar bisa ngerti apa ora. “
(Ki Patih banjur budhal ndhereke garwane Prabu Sri Pamekas)
Patih : “Ki Ajar kula dipundhawuhi Sang Prabu sowan saperlu nyuwun priksa, bayi
ingkang dipunkandhut. Menika kakung menapa putri?”
Ki Ajar : “Miturut kula, mangke bayinipun lair kakung. “

(Patih banjur atur palapuran marang Sang Prabu. Mireng ature Patih, Prabu gumujeng lan ngina
marang Ki Ajar kang prayata bisa diapusi. Nanging kaya ngapa kagete bareng jarike dibukak
prayata bokor sing kanggo subal padharane garwane ilang lan garwane ngandhut tenan, Prabu Sri
Pamekas utusan Patih merjaya Ki Ajar.

14. Pitutur sing bisa kapethik saka sandhiwara kasebut yaiku ….


A. crah agawe bubrah
B. rukun agawe santosa
C. becik ketitik, ala ketara
D. sluman slumun slamet
Waosan kangge pitakenan angka 15

Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Mugi kasugengan, katentreman, karaharjan pinaringan dhateng kula tuwin panjenengan sedaya.

Panjenenganipun Bapak kepala sekolah SMP Harapan Bangsa, katur dhumateng Bapak
Pangarsa Komite SMP Harapan Bangsa, pakurmatan ugi katur bapak tuwin ibu guru SMP Harapan
Bangsa, pakurmatan ugi katur dhumateng sedaya bapak ibu tiyang sepuh, wali siswa SMP Harapan
Bangsa sedaya rencang kelas 9 ingkang kula tresnani adhik-adhik kelas 7 tuwin 8 ingkang kula
tresnani.
Minangka titahing Gusti Allah ingkang Maha Gesang, sumangga panjenengan sedaya kula
dherekaken muji sukur dhateng Allah ingkang sampun paring rahmat, taufik sarta hidayah, pramila
ing siyang punika kula tuwin panjenengan sedaya saged makempal saperlu mahargya pepisahan
kelas 9 siswa-siswi SMP Harapan Bangsa.
Saderengipun nyadhong pangaksama ingkang kathah awit kula sampun kumawantun nyela
atur anggen panjenengan sami sekeca ngendikan, awrat ngemban dhawuhipun kanca-kanca kelas 9
badhe atur pamit.
Boten kraos kula sakanca sampun tigang warsa dangunipun anggen kula sami sinau ing
pawiyatan punika, ateges anggen kula sinau ugi sampun rampung. Manawi nuruti pangraos kula
sakanca taksih krasan lan remen dipunwucal bapak ibu guru, nanging panjangka kula sedaya dereng
rampung pramila purun boten purun kula kedah murnani.
....

15. Isi teks pidhato ing ndhuwur ngrembug babagan ....


A. Mahargya pepisahan siswa-siswi kelas 9 SMP Harapan Bangsa.
B. Kanca-kanca kelas 9 badhe atur pamit jalaran wis lulus ujian.
C. Panjangka kula dereng rampung nanging kula kedah murnani.
D. Anggen kula sinau wonten SMP Harapan Bangsa sampun rampung.

16. Atur panutup ing pidhato sing bener yaiku ....


A. Saderengipun nyadhong pangaksama ingkang kathah awit kula sampun kumawantun nyela
atur anggen panjenengan sami sekeca ngendikan,.
B. Katur bapak kepala sekolah ingkang kinurmatan, bapak ibu guru ingkang kinurmartan, lan
kanca-kanca ingkang kula tresnani.
C. Puji syukur konjuk wonten ing ngarsaning Gusti Ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun
paring rahmat dhumateng kula lan panjenengan sedaya.
D. Makaten atur kula, bok bilih wonten kalepatan atur lan kirang tata krami kula nyuwun
pangaksami. Wassalamualaikum Wr.Wb.

Kangge pitakenan angka 17

1. Wasana cekap semanten anggen kula matur wonten ngarsa panjenengan sedaya, bokmanawi
wonten kalepattan kula tansah nyuwun agunging samodra pangaksami
2. Panjenenganipun para rawuh ingkang tansah kinurmatan, lan kanca-kanca ingkang kula
tresnani.
3. Ing ngriki kula minangka wakilipun kanca-kanca ngaturaken sugeng ambal warsa ingkang
kaping tiga welas, mugi-mugi panjang yuswa tambah pinter lan bekti dhateng tiyang sepuh.
4. Sumangga panjenengan kula dherekaken ngaturaken puji sukur dhateng Ingkang Maha
Agung ingkang paring rahamad hidayah dhateng panjenengan sedaya.

17. Urutan pidhato kang bener ana ing adicara ambal warsa yaiku....
A. 4, 3, 2, 1
B. 3, 1, 4, 2
C. 2, 4, 3, 1
D. 1, 4, 3, 2

Kangge pitakenan angka 18

Pangkur

Sekar Pangkur kang winarna,


Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip,
Ala lan becik puniku,
Prayoga kawruhana,
Adat waton puniku dipunkadulu,
Miwah ingkang tata krama,
Den kaesthi siyang ratri.

18. Tembang Pangkur kang kajupuk saka Serat Wulangreh pada siji, guru wilangan lan guru lagune
yaiku ....
A. 8a, 10i, 8a, 7a, 8a, 8i, 12i
B. 8u, 11i, 8a, 7i, 8a, 8i, 12i
C. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
D. 8a, 10i, 8a, 7i, 12u, 8a, 8i
Kangge pitakenan angka 19

Sinom

Pitutur bener iku,


Sayektine apantes tiniru,
Nadyan metu saking wong sudra papeki,
Lamun becik nggone muruk,
Iku pantes sira anggo.

19. Tembung kang kacithak miring tiniru lan sudra tegese....


A. diwaca, pinter
B. dirungokake, sugih
C. dituladha, mlarat
D. disinau, gagah

Kangge pitakenan angka 20

Pada 3
Dhandhanggula
Jroning Qur'an nggoning rasa yekti,
nanging ta pilih ingkang uninga,
kajaba lawan tuduhe,
nora kena den awur,
ing satemah nora pinanggih,
mundhak katalanjukan,
temah sasar susur,
yen sira ayun waskitha,
sampurnane ing badanira puniki,
sira anggegurua.

20. Gatra 9 lan 10 kang kacetak miring kasebut nduweni teges yen kepengin urip sampurna, kudu ....
A. golek rejeki
B. golek ngelmu
C. sregep ngibadah
D. gelem sekolah
Kangge pitakenan angka 21

Semarang, 20 Mei 2018


Taklim kula katur Bapak/Ibu Wiryo Harjono
Ing Jl. Nakula I/10 Semarang

Kairing sagunging pahargyan

Kanthi anyadhong sih lumunturing Gusti Allah ingkang Maha Asih, kula gadhah hajat
ngawontenaken pahargyan pawiwahan anak kula :
Rr. Sri Haryati, S.Pd.
Bp. Suwanto – Ibu Murni
dhaup kaliyan
Bg. Sri Widodo, S.Pd.
Bp. Giyanto – Ibu Sunarni

Awit saking menika kula ngaturi sowan panjenengan benjang ing :

Dinten : Minggu Pahing


Surya : 27 Mei 2018
Papan : Jl. Bima II/5 Semarang

Saperlu paring donga pangestu dhumateng lare kula kekalih.


Ing wasana sanget pangajeng-ajeng menggah rawuh panjenengan.
Nuwun

Salam taklim

Kulawarga Suwanto

21. Taklim kula katur Bapak saha Ibu Wiryo Harjono


Ing Jl. Nakula I/10 Semarang

Wonten ing serat ulem, perangan ing nginggil dipunwastani ….


A. adangiyah
B. satata basa
C. titi mangsa
D. peprenah
Waosan kangge pitakenan angka 22

Jamu iki digawe saka beras lan kencur. Sing gedhe guna mupangate tumrap kasarasane
badan, ing antarane kanggo njaga supaya ora gampang masuk angin, nambah nepsu mangan,
ngilangi rasa kesel lan pegel linu.

Ubarampene :

1. Beras 200 gram 6. Kapulaga 10 iji


2. Banyu umub 100 ml 7. Kemukus ½ sendhok teh
3. Kencur 50 gram, kang wis diresiki 8. Gula jawa 300 gram
4. Godhong pandhan rong lembar 9. Jahe 50 gram, kang wis diresiki
5. Kelabet ½ sendhok teh 10. Uyah sacukupe

Carane gawe :

- Beras diresiki luwih dhisik nganti resik tenan, sisihake, terus digoreng sangan, banjur dikum ana
ing banyu umub suwene 2 jam. Jahe lan kencur uga digoreng sangan.
- Campur beras sing dikum. Jahe, kencur kang wis digoreng sangan, kelabet, kapulaga, kemukus lan
uyah sethithik didheplok nganti alus.
- Godhog gula jawa lan pandhan nganti gula jawane ajur lan umub.
- Campurake ubarampe sing wis didheplok nganggo banyu gula, udhak nganti rata, sawise rata
banjur disaring.
- Jamu samekta diombe.

22. Waosan ing nginggil menawi kadamel cengkorongan, urutan ingkang leres inggih punika ….
A. bahan/piranti - carane nggawe - gunane
B. gunane - bahan/piranti - carane nggawe
C. mupangate - ubarampene - carane nggawe
D. ubarampene - carane nggawe – mupangate

Waosan kangge pitakenan angka 23

Sawise kesel anggone bakti sosial, sinambi leren pandherek kegiatan iki nganakake
sarasehan. Para sepuh sing ana kono padha crita bungah lan susahe manggon ing panti. Para sepuh
bungah awit ing sisa umure isih ana papan panggonan kanggo nunut urip. Ing panti para sepuh uga
diwenehi kegiatan kanggo ngisi wektu, kayata mbathik jarik, ngenam klasa, nyulam taplak, nenun
sarung lan njahit klambi. Kabeh katindakake manut kemampuane para sepuh. Saliyane bungah, para
sepuh uga ngrasakake susah. Susah awit adoh saka kulawarga, dianggep wong ora kanggo gawe lan
disisihake saka kulawargane dhewe. Kabeh kang diandharake para sepuh mau pranyata bisa
nggugah atine para siswa.

23. Wosipun waosan ing nginggil inggih punika ngenani babagan ....
A. laporan kunjungan wonten ing Panti Asuhan
B. laporan kunjungan wonten ing Panti Wredha
C. laporan kunjungan wonten ing Griya Sakit
D. laporan kunjungan wonten ing Griya Dhahar

Kangge pitakenan angka 24

1. Siraman
2. Brokohan
3. Dulangan
4. Selapanan
5. Mitoni
6. Tedhak Siten

24. Upacara ingkang katindakaken sasampunipun bayi lair inggih punika ….


A. 1-2-3
B. 3-4-5
C. 2-4-6
D. 4-5–6

Waosan kangge pitakenan angka 25

Kegedhen Empyak Kurang Cagak


Wis seminggu Fitriana ora mangkat sekolah amarga Bapake durung bisa mundhutake
laptop. Fitriana rumangsa isin karo kancane amarga mung dheweke wae sing durung duwe laptop.
Saben entuk tugas sing kudu nggunakake laptop Fitri tansah nyilih kancane.
Sejatine Bapake Fitri wis ngrumangsani manawa putrane pancen mbutuhake laptop. Bapake
mesakake marang Fitri manawa meh saben dina kudu nyilih kancane. Mula Bapake saben dina
nyisihake asile anggone dadi sopir taksi amrih bisa mundhutake laptop putrane.
“Ndhuk, dakjaluk kowe kudu mangerteni kahanane Bapak. Wong Bapak dhewe ya wis
nyelengi kanggo mundhutake laptop kowe.” Ngendikane Bapake Fitri nalika mangerteni Fitri
mbolos mung amarga laptop.
Fitri ora nggagas ngendikane Bapake. Fitri tetep ora gelem mlebu sekolah manawa durung
dipundhutake laptop Bapake. Priksa kahanan iku Bapake Fitri banjur golek silihan dhuwit.

25. Piwulang ingkang saged dipuntuladha saking pethikan cerkak kasebut inggih punika ….
A. Dadi anak kudu mangerteni kahanane wong tuwa.
B. Dadi anak kudu nyusahake uripe wong tuwane.
C. Dadi anak kudu pinter gawe susahe wong tuwa.
D. Dadi anak kudu bisa gawe atine wong dadi nesu.

Kangge pitakenan angka 26

BRUBUH MAJARANU
Adipati Ragapati : “Kakang Adipati Rangga, sowanku menyang Kabupaten Majaranu iki
kautus Ngarsa Dalem Ingkang Sinuwun Sunan Pakubuwana, ngaturake
nawala timbalan, dene panjenengan wis sawetara pisowanan ora marak.”
Adipati Rangga Metaun : “Iya bener, Dhimas. Nanging, anggonku ora sowan iki ora ateges aku
wani marang Sinuwun, nanging jalaran aku arep duwe gawe, Dhimas.”
Adipati Ragapati : “Iki Sinuwun ingkang nimbali Ndika, supaya sowan bebarengan karo
aku.”
Adipati Rangga Metaun : “Wadhuh, kepriye ya, Dhimas. Matura marang Ingkang Sinuwun yen
minggu ngarep iki aku bakal nemokake ponakanmu Rara Retno Srikanthi
karo putra Rajegwesi, Nakmas Raden Limbangan. Mengko sawise gawe,
aku bakal sowan Sinuwun.”
Adipati Ragapati : “Kakang, iki timbalane Ratu. Aku dhuta kang pinaringan purba lan
wasesa.”

Adipati Rangga Metaun : “Sepisan maneh, Dhimas, bubar gawe aku mesthi sowan.”
(Dedreg rembug antarane Adipati Rangga Metaun karo Adipati Ragapati dadi pasulayan. Adipati
Ragapati ngirid wadya bala saka Kartasura dalah Pengging, saengga peperangan ora bisa
kaelakake maneh. Raden Limbangan kang nyumurupi negarane calon garwane sinerang mungsuh,
tanpa petung maju ing palagan nandhingi kridhane prajurit Kartasura.)
Raden Limbangan : “Ayo, Paman Adipati Ragapati, ladenana kridhaku!”
Adipati Ragapati : “O, ... kowe ta, Limbangan. Bayi wingi sore, sapira kadigdayanmu?”
(Nanging apes, Raden Limbangan kena pusakane Adipati Ragapati banjur ambruk adus getih lan
tewas.)

Rara Retno Srikanthi : “Kangmas Limbangan ... geneya panjenengan tega ninggalake aku,
Kangmas?”
(Rara Retno Srikanthi bela pati, banjur lampus dhiri suduk salira nganggo patrem)

(Kapethik saka kalawarti Panjebar Semangat No 12 Desember 2015)

26. Pacelathon ing carita kethoprak kasebut menawa digancarake kang bener yaiku ....
A. Adipati Ragapati kadhawuhan Sinuwun Pakubuwana ngajak sowan Adipati Rangga Metaun
kang wis sawetara wektu ora sowan. Adipati Rangga Metaun ora kersa jalaran arep
kagungan gawe. Panjenengane semaya menawa wis rampung gawene bakal sowan. Adipati
duka, mula prang ora bisa kaelakake maneh.
B. Adipati Ragapati kadhawuhan Sinuwun Pakubuwana ngajak sowan Adipati Rangga Metaun
kang wis sawetara wektu ora sowan. Adipati Rangga Metaun kersa sowan nanging nyuwun
wektu jalaran Panjenengane nembe arep dhaupake putrine. Adipati Ragapati mangerteni
karepotane Adipati Rangga Metaun mau.
C. Adipati Ragapati kadhawuhan Sinuwun Pakubuwana ngajak sowan Adipati Rangga Metaun
kang wis sawetara wektu ora sowan. Adipati Rangga Metaun nuwun idin palilah marang
Ragapati kanggo sawetara wektu durung bisa sowan menyang Kartosura jalaran nembe
wae kelangan garwa kang tansah ditresnani.
D. Adipati Ragapati kadhawuhan Sinuwun Pakubuwana ngajak sowan Adipati Rangga Metaun
kang wis sawetara wektu ora sowan. Adipati Rangga Metaun ora kersa sowan menyang
Kartosura jalaran Panjenengane arep ngedegake kraton dhewe. Ragapati muntab, duka mula
paprangan ora bisa kaelakake maneh.

Kangge pitakenan angka 27


27. Pamanggih ingkang leres tumrap poster ing nginggil inggih punika ….
A. Poster kasebut trep menawi kapacak ing puskesmas.
B. Poster kasebut trep menawi kapacak ing posyandu.
C. Poster kasebut trep menawi kapacak ing terminal
D. Poster kasebut trep menawi kapacak ing sekolahan.

Waosan kangge pitakenan angka 28

Rara Anteng sambung katresnan karo Jaka Seger. Kekarone padha tresnane. Sawijining dina
Rara Anteng dilamar begal. Rara Anteng duwe panjaluk: digawekake segara sanduwure gunung.
Begal nyaguhi panjaluke Rara Anteng amarga direwangi jin. Kanggo njugarake panggaweyane
begal, Rara Anteng dibiyantu warga desa nuthuk lesung saengga jago-jago padha kluruk. Begal
nesu, bathok kang digunakake kanggo nggeruk lemah diuncalake lan tibane mangkurep. Dene
segara mau banjur dadi wedhi. Begal cabar nggarwa Rara Anteng. Sabanjure Rara Anteng nikah
karo Jaka Seger.

28. Urut-rutane alur carita kasebut kang bener yaiku ...


A. Rara Anteng sambung tresna kano Jaka Seger  Rara Anteng dilamar begal  Rara
Anteng duwe panjaluk  begal dibiyantu jin gawe segara  Rara Anteng nggagalake
panggawene segara  Rara Anteng nikah karo Jaka Seger.
B. Rara Anteng nggagalake panggawene segara  Rara Anteng nikah karo Jaka Seger  Rara
Anteng sambung tresna kano Jaka Seger  Rara Anteng dilamar begal  Rara Anteng
duwe panjaluk  begal dibiyantu jin gawe segara.
C. Rara Anteng duwe panjaluk  begal dibiyantu jin gawe segara  Rara Anteng nggagalake
panggawene segara  Rara Anteng nikah karo Jaka Seger  Rara Anteng sambung tresna
kano Jaka Seger  Rara Anteng dilamar begal
D. Rara Anteng dilamar begal  Rara Anteng duwe panjaluk  begal dibiyantu jin gawe
segara  Rara Anteng nggagalake panggawene segara  Rara Anteng nikah karo Jaka
Seger  Rara Anteng sambung tresna kano Jaka Seger

Kangge pitakenan angka 29


Dumadine Gunung Tengger Candhi Prambanan
Rara Anteng sambung katresnan Kraton Pengging kang dipandhegani
karo Jaka Seger. Kekarone padha Bandung Bandawasa nglurug prang
tresnane. Sawijining dina Rara Anteng menyang Kraton Prambanan. Prambanan
dilamar begal. Rara Anteng duwe kalah, Prabu Baka seda kaperjaya Bandung
panjaluk: digawekake segara Bandawasa. Bandung kepranan marang
sanduwure gunung. Begal nyaguhi putrine raja Prambanan kang asmane Rara
panjaluke Rara Anteng amarga Jonggrang. Bandung kepengin nggarwa
direwangi jin. Kanggo njugarake Rara Jonggrang. Jonggrang gelem nanging
panggaweyane begal, Rara Anteng duwe panjaluk, yaiku digawekake candhi
dibiyantu warga desa nuthuk lesung kang cacahe 1000 sajrone sawengi. Bandung
saengga jago-jago padha kluruk. Begal nyaguhi jalaran direwangi jin. Kanggo
nesu, bathok kang digunakake kanggo nyabarake panggawene candhi Rara
nggeruk lemah diuncalake lan tibane Jonggrang dibiyantu para warga desa nuthuk
mangkurep. Dene segara mau banjur lesung lan ngobong dami. Jongrang ora
dadi wedhi. Begal cabar nggarwa Rara gelem dipundhut garwa Bndung. Bandung
29. Pitutur luh
Anteng. Sabanjure Rara Anteng nikah nyebda Rara Jonggrang dadi patung
karo Jaka Seger. ngganepi kareben dadi 1000.

A. darma bekti
B. karukunan
C. tresna asih
D. gotong royong

Kangge pitakenan angka 30

Jaka Tarub

Ing sawijining dina nalika Jaka Tarub nembe golek kayu ing alas, dheweke weruh putri-putri
kang ayu rupane nembe padha adus ing tlaga. Tuwuh niate Jaka Tarub nyolong slendhang salah siji
putri mau. Kanthi alon-alon Jaka Tarub njupuk salah siji slendhange puti-putri mau. Ora let suwe,
putri-putri mau wis rampung anggone adus, banjur marani papan panggonan kang kanggo ndeleh
slendhang. Kabeh wis padha njupuk slendhange dhewe-dhewe, nanging salah siji putri bingung,
amarga slendhange ora ana. Kabeh putri padha ngrewangi nggoleki lan ora bisa nemokake. Jalaran
wis sore, kapeksa putri kang kelangan slendhang mau ditinggal, liyane padha bali menyang
kahyangan.

30. Kepriye mungguh panemumu saka carita kasebut watake Jaka Tarub kang tumindak njupuk
barange liyan?
A. Ora sarujuk jalaran tumindak culika njupuk barange wong liya iku minangka tumindak ala.
B. Ora sarujuk jalaran tumindak njupuk barange wong liya nuduhake akhlak kang rada becik.
C. Sarujuk jalaran mangerteni wanita kang sulistya wis salumrahe wong lanang dadi kapranan.
D. Sarujuk jalaran putri kang adus iku widodari ayu, ora salah menawa Jaka Tarub katresnan.
Kangge pitakenan angka 31

Lingsir Wengi
Dening: Sri Rahayu

Wengi iki atiku suwung


Kaya langit sing ketutup mendhung
Abote sanggan ra duwe bapa biyung
Pikirku dadi bingung temlawung
Kelingan tembang lela-lela legung
Kelingan alus lan angeting kain gedhong
Kabeh kepatri ing pulung ati
Dadi obat sing bisa ngusir sepi
Lingsir wengi aku memuji
Sambat maring Ilahi Rabbi
Mugi kekalihe pinaringan mukti
Ketampi ing ngersane Gusti

31. Isi geguritan kasebut yaiku ....


A. sambate anak marang wong tuwa
B. kelingan wong tuwa kang wis seda
C. rekasane anak ninggal wong tuwa
D. dongane wong tuwa marang Gusti

32. Geguritan kang nduweni tema padha karo geguritan kasebut yaiku ....

A.
Kabarmu dhek wingi
Anganthi kemuling wengi
Kebak esem pangarep
Kang nate dak anti

B. Kadya wong wuta kelangan teken


Nubras-nubrus golek cahya
Kanggo nembus petenge wengi
Kang tansah lelimengan

C.
Saumpama bisa ngundurake lakune jam
Pengen tetep dados lare kang tansah dipangku
Tansah dipun emban lan dipun bopong
Tresna asihmu kadya bagaskara kang madhangi bumi

D.
Mula saiki aja nganti lali
Sira kabeh kudu mbentengi
Sregep ndonga sregep ngaji
Sebab setan terus nggrayangi
Nyeret manungsa nyedhaki geni

Waosan kangge pitakenan angka 33

Sabanjure Rama ngrembug anggone bakal mbudhalake wadyabala ngrabasa Alengka, awit
papane keletan segara amba. Sugriwa urun panemu gawe bendhungan kang kabangun ing segara
tumuju negara Alengka. Anoman sarujuk, semono uga bala wanara. Kabeh padha saguh gawe
bendhungan. Bala wanara gedhe ing ati bakal kasil njebol beteng Alengka. Bala rewanda dikerigake
tumandang gawe tambak.
Kridhaning wanara disumurupi dening prajurit Alengka. Dasamuka ngumpulake para
panggedhening praja. Golonging rembug bakal mbela praja ngadhepi kurdaning mungsuh. Kabeh
nayogyani, kajaba Wibisana. Wibisana iku satriya kang luhur ing budi. Dheweke milih kang adil
lan bener. Miturut Wibisana, Dasamuka kuwi cidra, tumindake dursila angkara murka. Dasamuka
nyahak hake wong liya. Sinta iku hake Rama, mula kudu dibalekake. Krungu pratelane kang kaya
mangkono, Dasamuka nesu. Wibisana diuman-uman nganti entek amek kurang golek. Satemah,
Wibisana katundhung saka Alengka.

33. Wibisana boten purun mbela Alengka amargi ....


A. Dasamuka sampun cidra tumindak dursila
B. Dasamuka boten peduli dhateng Alengka
C. dipuntolak dening panggedhening praja
D. Wibisana katundhung saking Alengka

Kangge pitakenan angka 34

1. Dasamuka ngumpulake para panggedhening praja.


2. Bala rewanda dikerigake tumandang nggawe tambak.
3. Wibisana katundhung saka Alengka.
4. Rama ngrembug anggone bakal mbudhalake wadyabala.

34. Urutan cariyos ingkang trep kaliyan waosan kasebat inggih punika ....
A. 2-3-1-4
B. 3-2-4-1
C. 1-3-2-4
D. 4-2-1-3

35. ?I[nDo[nsiym/fiknlikt=gl\;17;ssi;8;taun\; …. ;.
Angka Jawa kang trep kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku ….
A. ;1845;
B. ;1945;
C. ;1854;
D. ;1954;
36. “Dina Kartini dipengeti saben tanggal …. April.”
Angka Jawa kang trep kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku ….
A. ;21;
B. ;22;
C. ;23;
D. ;24;
37. ”Mahdi duwe endhog 35 pecah 8 kari 27.”
Panulisane aksara Jawa kang trep yaiku ....
A. ?mhfifuweae[nDog\;35;[pch;8;kri;27;.
B. ?mhfifu[wae[nDog\;34;pech;8;kri;27;.
C. ?mhfifu[wae[nDog\;35;pech;8;kri;27;.
D. ? mhfifuweae[nDog\;34;[pch;8;kri;27;.
38. ?am/gvw=prik=ai[jo[ro[yo[ro[yoven_z[kbzet\,
Menawi kaserat Latin, ukara ing nginggil ungelipun inggih punika ….
A. Amarga nyawang pari ana ing sawah nyenengake banget.
B. Amarga nyawang pari ijo royo-royo nyenengake banget.
C. Amarga nyawang wong panen pari nyenengake banget.
D. Amarga nyawang wong nandur pari nyenengake banget.
39. ?mhfifu[wae[nDog\;35;pech;8;kri;27;.
A. Mahdi duwe endhog 34 pecah 7 kari 28.
B. Mahdi duwe endhog 34 pecah 8 kari 27.
C. Mahdi duwe endhog 35 pecah 7 kari 28.
D. Mahdi duwe endhog 35 pecah 8 kari 27.
40. ?k-ai[g+oj+lizisi[k+otBhzennij+ktP+it]h.
Aksara rekan kang bener ana ing ukara kasebut yaiku ....
A. k+ p+ j+ g+
B. k+ f+ j+ g+
C. k+ p+ y+ g+
D. k+ p+ j+ n+

II. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi pratitis!

Waosan kangge pitakenan angka 1

SEDHEKAH BUMI

Upacara adat tradisional sedhekah bumi inggih punika salah sawijining kagiyatan ingkang
kaiket dening aturan tartamtu  ingkang dilaksanakaken kanthi turun-temurun. Upacara adat
tradisional liyanipun ingkang taksih lestari inggih punika sedhekah laut, suran,nyadran, lan
sapanunggalanipun. Upacara punika taksih dilaksanakaken dening masyarakat tartamtu.
Sejatine kagiyatan upacara tradisional sedhekah bumi dilaksanakaken kangge nggolek
keslametan.Mongko, kagiyatan punika  uga diarani upacara keslametan. Kagiyatan punika salah
sawijining cara manungsa kangge nggolek keslametan, katentreman, lan njaga kalestarian
kabudayan. Kagiyatan upacara tradisional sedekah bumi dilaksanakaken kangge ngurmati, nyukuri,
muja, lan nyuwun keslametan kaliyan gusti ingkang maha agung.
Ingkang paling utama kagiyatan upacara tradisional sedhekah bumi dilaksanakaken amarga
manungsa ngraos menawi gadhah katerbatasan tartamtu ingkang saged ngrubah kauripanipun.
Nilai-nilai ingkang wonten  ing sajrone upacara adat tradisioal sedhekah bumi inggih punika nilai
spiritual, sosial, lan moral. Nilai-nilai kasebut nyebabaken kawontenanipun norma ingkang ngatur
kauripaning manungsa, yaiku manungsa kedhah ngedohi kelakuan ingkang boten sae lan nyoba
nglakoni pegawean ingkang becik.
Upacara adat tradisional sedekah bumi dilaksanakaken saking kesadaran manungsa menawi
bumi sampun maringi sedaya bab kacukupaning kebutuhanipun manungsa. Ing bab punika sejatine
kabutuhanipun manungsa ingkang pokok wonten tigo yaiku pangan, sandang, lan papan.
Pangan yaiku kabutuhane manungsa ingkang paling penting, amarga tanpa pangan
manungsa mboten saged urip. Ing bab punika kabutuhan pokok manungsa ingkang wujude pangan
yaiku sekabehe barang ingkang diangsalaken saking bumi. Tuladha  pangananipun inggih punika
beras, jagung, gandum, sagu, umbi, lan sapanunggalanipun. Sekabehe ming saged diangsalaken
saking bumi. Lan uga kabutuhan panganan liyane yoiku janganan, buah, lauk, bumbu-bumbu lan
uga daging. Sakliyanipun panganan , kabutuhan penting kangge urip manungsa yaiku toya. Menawi
mboten wonten toya , manungsa boten saged urip. Kabutuhan toya kangge manungsa ming saged
diangsalaken saking bumi.
Kabutuhan sandangan uga penting sanged kangge kauripaning manungsa. Kabutuhan
sandangan bahan-bahane diangsalaken saking bumi, ingkang kagawe saking wit-witan utawi saking
bahan-bahan kang asale saking kewan. Kewan lan wit-witan uripe uga saking bumi.
Sandang lan pangan pentinng, nanging papan uga boten kalah pentinge. Kabutuhan papan
kangge  manungsa diangsalaken saking bumi. Ing bab punika bumi yaiku panggonan kangge
manungsa manggen. Piranti ingkang dibutuhaken kangge ndamel panggonan uga saking bumi.
Kayata watu,wedhi, kapur, bata, kayu, lan sapanunggalanipun. Amarga bumi perananipun penting
sanget, kita saged nyebut bumi sumber saking sedaya sumber kauripan manungsa.

(Kapethik saking : http://ivanpermana28.blogspot.co.id)

1. Saking waosan “Sedhekah Bumi” kasebut, paringana pamanggih ngenani piwulang sae lan
ingkang boten sae tumrap kahanan ing jaman sakmenika!

2. Nalika ngaso, Ali mlaku tumuju ruang perpustakaan arep nyilih buku.
Coba tulisen pacelathon Ali karo Bu Siti petugas perpustakaan. Paling sithik patang ukara!
Kangge pitakenan angka 3

Perangan pambuka pidhato isine :

1. salam,
2. atur pakurmatan,
3. atur puji syukur, lan
4. panuwun marang pranatacara

3. Gawea tuladha perangan pambuka pidhato minangka wakil kelas 9 SMP Maju Bersama ing
adicara Perpisahan kelas IX!

Kangge pitakenan angka 4


Kinanthi

Ayo kanca ngluru ilmu, (8u)


Ilmu banget migunani, (8i)
Ngrungu nulis ngomong maca, (8a)
Budi pekerti ja lali, (8i)
................................................ (8a)
................................................ (8i)
4. Cakepan tembang Kinanti ing dhuwur ganepana gatrane saengga dadi tembang Kinanthi kang
jumbuh karo guru wilangan, guru lagu lan isine!

Waosan kangge pitakenan angka 5

Posyandu

Dina iki ana Posyandu ing cedhak omahku. Kabeh balita bakal diwenehi Vitamin. Kalebu
Firman, Khusnul, Ghifar lan Dzaki. Posyandu iku wigati tumrap para bayi lan balita, mula supaya
bocah tansah bagas waras aja lali digawa ing Posyandu.

5. Wacan ing dhuwur tulisen aksara Jawane!

***SUGENG MAKARYA***

Anda mungkin juga menyukai