Anda di halaman 1dari 4

Telaah Geguritan “Mboke” Karya Wanto Tirta

Danar Rama Alfiansyah Pangestu


2302140003
Puisi Jawa Modern

Mboke
Wanto Tirta

Mboke-mboke
Wektu ngetung dina.
Krasa lara rika lunga
Medhot brayan alam dunya

Mboke-mboke
Dunya brana numpuk ora miguna
Amung mori saukuran awak
Sandhang pangan sapirang-pirang
Ora degawa mlebu luwang
Mung ngelmu sing manfaat
Amal sholeh putra-putri sing ngabekti

Mboke-mboke
Susahing hati kelara-lara
Madhang ora enak
Turu ora kepenak
Awak lemes balung remek
Ngewangwung awang uwung
Kelangan tresnamu pedhot umur
Nglangut

Mboke-mboke
Sengisor kembang kamboja dekubur
Inyong tetep kemutan ora kelipur
Mung bekti sing mesthi
Ndedonganing gusti
Muga-muga dengapura
Sekabehe luput lan dosa
Dene Gusti Kang Kuwasa
Telaah Geguritan “Mboke” Karya Wanto Tirta

Danar Rama Alfiansyah Pangestu


2302140003
Puisi Jawa Modern
Salah sawijining geguritan karya Wanto Tirta kanthi irah – irahan “Mboke” iki
nggambarake penggurit nalikane ditinggal Ibu utawa Mboke. Ibu kang duweni peran
penting ing keluarga yo ngrumat yo ngruwat mesthi dadi pilihane penggurit kanggo
representasi rasane ditinggal ibu.

Geguritan Mboke iki dadi ungkapan pengalaman penggurit ingkang dipunserat


marang karya geguritan. Wanto tirta ngripta geguritan “Mboke” ora namung nyritaake
kahanan sing dialami dening penggurit, nanging uga kahanan kang kabeh wong ya
bakal ngelakoni. Isi gurit Banyumasan “Mboke” diserat kanthi variasi, mboten namung
majas uga penulisane nanging ana daya ketertarikan amarga ngginaaken media Bahasa
Ngapak Banyumasan kang buket bleketaket.

Gurit “Mboke” jumbuh karo teorine Sapardi Djoko Damono kang ngandhake yen
karya sastra uga nggambarake manungsa ning alam donya sing dimaksud kasunyatan
sosial. Sakwise maca geguritan iki pamaos iso nafsirke teges karya sastra iki, tegese
kahanan nalikane ditinggal ibu. Prinsip lan teori sastra ingkang jumbuh karo gurit iki,
miturutku struktralisme amerga gurit iki ndarbe makna sakwise dianalisis unsur kaya
ta tema,alur lan sakpanunggalane. Nanging uga ana prinsip psikoanalisis yo kui gurit
kang dianalisis saka simbol lan konflik bawah sadar, simbol kang digunaake yakuwi
“Mboke” lan konflik bawah sadar kui dadi representasi pengalaman penggurit
gayutane Tresna marang ibu nanging saiki malah ibune wis seda.

Geguritan iki kalebu geguritan deskriptif amarga nggambarake kahanan utawa


kedadeyan. Kahanan sg dimaksud nalike wis ditinggal ibu kaya ta ning gatra “Mboke-
mboke, Susahing hati kelara-lara, Madhang ora enak, Turu ora kepenak, Awak lemes
balung remek, Ngewangwung awang uwung, Kelangan tresnamu pedhot
umur ,Nglangut” penggurit nalika katinggalan ibune atine dadi susah, madhang ora
enak, turu or alali merga kemuta tresnane ibu marang penggurit. Kadadeyan sing
dimaksud uga ana ing gatra “Amung mori saukuran awak, Ora degawa mlebu luwang,
Sengisor kembang kamboja dekubur”saka kui nggambarake Mboke kang wus manjing
ono kaswargan jati utawa seda. Saka gatra kui wis cetha nek Ibune wis ning alam kubur
utawa seda.
Telaah Geguritan “Mboke” Karya Wanto Tirta

Danar Rama Alfiansyah Pangestu


2302140003
Puisi Jawa Modern
Geguritan iki ugi kalebu geguritan diafan amarga geguritan iki ora akeh tembung
pralambang utawa entar. Geguritan iki luwih gampang dingerteni. Ana tembung
pralambang nangis kang wis familiar kaya dene :
1. Medhot = ora diterusake
2. Migun = pinter
3. Ngabekti = berbakti
4. Remek = remuk
5. Awang = langit
6. Kelipur = kelalen

Struktur Batin Geguritan Mboke

Tema : Budi Pekerti


Sikap Penyair : Trenyuh, Welas Asih
Pangrasane Penyair : Kangen
Amanat :
1. Numpuk dunya brana ora miguna
2. Sandhang pangan sepirang-pirang ora degawa mlebu luwang.
3. Ngelmu sing manfaat lan amal sholeh putra-putri sing ngabekti sing degawa maring
luwang.
4. Susahing ati kelara-lara kelangan tresname pedhot umur.
5. Moga-moga dengapura sekabehe luput lan dosa dene Gusti Kang Kuwasa.

Suasana ing Geguritan nggambarake trenyuh rasa kangen lan trsna marang ibu opo
meneh nek aca gatra iki “Sengisor kembang kamboja dekubur, Inyong tetep kemutan
ora kelipur. Sakwise analisis unsur lan struktur geguritan iki uga duweni fungsi yo kui
fungsi moralitas. Dibukteni karo pada ke 2 gawe geguritan kalebu fungsi moral kang
nyritaake nelangsa lan abote ditinggal ibu kang mangku teges bektine anak maring
biyung sing wis seda yakuwe amal sholeh.

Aliran sastra iki kalebu aliran idealism yaikunkalebu ekspresionisme. Ekspresi


penggurit utawa curhatan penggurit susahe ditinggal ibu ingkang kaserat ana karya
Geguritan Mboke kang gatra “Susahing hati kelara-lara, Madhang ora enak, Turu ora
kepenak, Awak lemes balung remek” Bahasa ingkang dinggo yakuwi bahasa ngapak
Telaah Geguritan “Mboke” Karya Wanto Tirta

Danar Rama Alfiansyah Pangestu


2302140003
Puisi Jawa Modern
banyumasan ( Panginyongan ) amarga asale penggurit ( Wanto Tirta) saka Ajibarang,
Banyumas, Jawa Tengah.

Anda mungkin juga menyukai