ELEMEN “MENYIMAK-BERBICARA”
OLEH:
Dra. SRI NUR HIDAYATI
SMP NEGERI 1 MUNCAR
Nama : Dra. Sri Nur Hidayati
Sekolah : SMP Negeri 1 Muncar
Mapel : Bahasa Jawa
Jenjang/Kelas : VII
Alokasi waktu : 4 x pertemuan
Model pembelajaran : Tatap Muka
Domain Mapel : Menyimak Dongeng
Capaian Pembelajaran:
Pada akhir Fase D,
Peserta didik mampu berbahasa Jawa interaktif dalam bentuk saling bertukar ide,
pengalaman, minat, pendapat, dan pandangan dengan guru, teman sebaya, dan
orang lain dalam berbagai macam konteks familiar yang formal dan informal.
Peserta didik memahami ide utama dan rincian yang relevan dari diskusi atau
presentasi mengenai berbagai macam topik familiar, dalam konteks kehidupan di
sekolah dan di rumah, dengan pengulangan dan penggantian kosakata.
Peserta didik mampu menjelaskan dan memperjelas jawaban, pendapat, pernyataan
hasil membandingkan, dan preferensi ketika terlibat dalam diskusi, menggunakan
elemen non-verbal seperti gesture, kecepatan bicara, dan nada suara untuk dapat
dipahami sesuai konteks.
Tujuan Pembelajaran :
1. Peserta didik memahami ide utama dan rincian yang relevan dari diskusi atau
presentasi mengenai “Dongeng Semut lan Dara,” dalam konteks kehidupan di
sekolah dan di rumah.
2. Peserta didik mampu menjelaskan/ memperjelas jawaban, pendapat,
pernyataan hasil membandingkan, dan preferensi dalam diskusi, menggunakan
elemen non-verbal seperti gesture, kecepatan bicara, dan nada suara untuk
dapat dipahami sesuai konteks.
Asesmen :
1. tugas proyek mandiri/ kelompok kecil (video mendongeng satu orang,
dua orang)
2. test tulis terkait teks dongeng “Semut lan Dara.”
Pendekatan: WASKITHA
Langkah-langkah Pembelajaran :
KEGIATAN PEMBELAJARAN
• Ageman:
memiliki, mewujudnyatakan, dan
menjatidirikan dengan cara menyatakan
diri untuk mengambil hikmah/ amanat
cerita sebagai tuntunan hidup.
Sawijining esuk semut mlaku-mlaku ana ing pinggir tlaga. Dumadakan ana
angin gedhe kang tumiyub. Angin iku nrajang apa bae kang ana, kalebu Si Semut
kang maune mlaku-mlaku enak-kapenak. Kena tumiyupe angin kang santer, njalari
Si Semut kecemplung menyang tlaga kang banyune agung. Semut glagepen,
amarga ora bisa nglangi.
“Tulung-tulung…… !” pambengoke semut, sambat golek pitulungan.
Ora let suwe, dumadakan ana Dara kang lagi miber ana sandhuwure wit gedhe ing
pinggir laga. Ucape Si Dara ……
“Swarane apa iki ya…kok lamat-lamat dakrungu…. njaluk pitulungan? Yen ora
kleru swarane saka tlaga ing ngisor iki.” Si Dara clingukan nggoleki asale swara
kang njaluk tulung.
“Lhoo…kuwi semut ta?”
“Mesakake banget, semut glagepen arep klelep?!”
Dara gage nyucuk godhong ing pang kang dipencloki. Sabanjure godhong mau
diceblokake ing sacedhake semut. Semut gage anggone ngranggeh godhong kang
ana sacedhake. Ambegane kempis-kempis, sajak kesel banget. Semut ndhangak
nggoleki asale godhong mau ceblok. Jebul ana Dara kang mangkring ing sawijine
pang.
“E….Dara, apa kowe sing nyeblokake godhongsing taktumpaki iki mau?
Pitakone Semut.
“Bener Semut, aku krungu swaramu bengok-bengok njaluk tulung,”
wangsulane Dara.
“Matur nuwun ya Dara. Wiwit dina iki aku kekancan karo kowe ya,” mangkono
panuwune Semut.
“Oo…ya. Aku seneng kekancan karo kowe Semut,” wangsulane Dara.
Ing liya dina, sacedhake tlaga kono ana wong nggawa bedhil. Semut kaget!
“Manungsa iki golek apa kok clingak-clinguk?” Semut penasaran.
“Lho kok kaya arep mbedhil? Apa sing arep dibedhil?” Semut tansaya
penasaran!
“ Lho… kuwi kancaku Si Dara…aja kok bedhil…aja kok bedhil!!!”
Pambengoke Semut, nanging manungsa mau mesthi bae ora krungu. Semut banjur
mlayu nyedhaki sikile wong mau. Sikile wong iku dicokot sabantere karo semut!
“Dhoooorrrr….!!!” Bedhile ngetokake pluru.
“Aduuuh…dicokot apa sikilku iki?” pambengoke pemburu bareng karo
jumedhore bedhil kang mau dibidikake menyang Dara. Tembakane mleessseett….!!!
Si Dara bisa mabur kanthi aman.
“Matur nuwun ya Semut!!” pambengoke Si Dara.
“Ya…pahda-padha!”” wangsulane Si Semut karo ngathungake tangane.
----TAMAT-----
Pelaksanaan Asesmen
• Proses: Keaktivan dalam mengikuti KBM
• Hasil : membuat video “Mendongeng”.
Kriteria Penilaian
• Penilaian proses: berupa catatan/deskripsi kerja saat diskusi kelompok (antusias,
peran serta/kontribusi, tanggung jawab, kepemimpinan). Skor maksimal setiap
indikator maksimal 25.
• Penilaian Akhir: Skor nilai 10-100
8 Teknik Mendongeng
https://haloedukasi.com/teknik-mendongeng