Anda di halaman 1dari 11

“ANALISIS UNSUR INTRINSIK SAJRONE DRAMA WARUNG RUWET 18 –

KESEMPATAN DALAM KESEMPITAN”

Dening:

Defa Rani Arry Lazuardi (05)


Farah Nisfia Ramadhani (10)
Joharudin Ridho (16)
M. Oriza Cettagama (22)
Mega Aulia Putri (26)

PEMERINTAH PROVINSI JAWA TIMUR


DINAS PENDIDIKAN
SEKOLAH MENENGAH ATAS NEGERI 1 SRENGAT
TAHUN PELAJARAN 2023/2024

1
TEMBUNG PANGIRING

Alhamdulillah, puji syukur panyerat aturaken wonten ngersanipun Gusti Allah


ingkang Maha Agung sahengga makalah punika saged kasusun kanthi sae. Boten kasupen
kula aturaken matur sembah nuwun kagem Bapak Siswoyo, S.Pd. minangka guru Bahasa
Jawa ingkang tansah paring donga pangestu saha para dwija ingkang sampun paring kawruh
lan seserepan sahengga laporan ingkang kasusun sae punika saged purna.

Makalah kanthi irah-irahan “Analisis Unsur Intrinsik Sajrone Drama Warung


Ruwet 18 – Kesempatan Dalam Kesempitan” punika minangka salah satunggaling sarana
gladhen nyerat. Laporan menika kasusun kagem njangkepi tugas semester II mata pelajaran
Basa Jawa bab Tuntunan Jroning Tontonan. Mugi-mugi laporan ingkang kaserat dening
panyerat menika saged paring mapinten-pinten manfaat dumateng para sinten kemawon
ingkang maos. Kula minangka panyerat ugi kathah kakirangan, Pramila panyaruwe saha
panyendu tansah kula antu-antu.

Srengat, 23 Januari 2024

Panyerat

i
DAFTAR ISI

TEMBUNG PANGIRING..........................................................................................................i
DAFTAR ISI..............................................................................................................................ii
BAB I.........................................................................................................................................1
PURWAKA................................................................................................................................1
1.1 Undere Panaliten...............................................................................................................1
1.2 Perkara kang Dirembug....................................................................................................1
1.3 Ancase Panaliten...............................................................................................................2
BAB II........................................................................................................................................3
ISI...............................................................................................................................................3
2.1 Tema.................................................................................................................................3
2.2 Alur utawa Plot.................................................................................................................3
2.3 Setting...............................................................................................................................3
2.4 Paraga lan Watake............................................................................................................4
2.5 Amanat.............................................................................................................................5
BAB III.......................................................................................................................................6
PANUTUP.................................................................................................................................6
3.1 Dudutan............................................................................................................................6
3.2 Kritik lan Saran.................................................................................................................6
DAFTAR PUSTAKA................................................................................................................7

ii
BAB I
PURWAKA

1.1 Undere Panaliten


Manut etimologi, istilah drama budhal saka basa yunani yaiku “draomai”, kang endi
nduweni teges dadi kang tumindak, kanggo, bertindak, lan beraksi. Adhedhasar sajarah
tembung kasebut, teks drama oleh dingarteni dadi siji pegawean utawa tumindak kang
diserat lan terusane digunakake jroning pementasan ing siji panggung. Kairing
perkembangan jaman, drama ora mung winates dipentasake antar panggung. Saiki, drama
oleh didefinisikan dadi siji carita kang dipentasake ing dhuwuring panggung apa ora
dipentasake ing dhuwuring panggung, tuladhane kaya film, tipi, drama radhio, lan
sapanunggalane. Jero teges kang jembar, teks drama ing dhasare ya iku perangan saka
wangun karya susastra isi carita ngenani kauripan kang dipamerake utawa dituduhake
jroning wangun tumindak utawa pegawean.
Sawetara iku, drama dhewe biyasane diperanake dening pawongan kang sinebut aktor
utawa aktris. Jero nglakoni pementasan drama, aktor lan aktris iki arep nggawe gerakan
lan dhialog jumbuh karo teks drama kanggo dipertontonkan marang akeh wong. Jero siji
drama temtune ana unsur unsur ing njerone, unsur jero drama meh padha karo genre
susastra kang liyane. Ana rong unsur jroning teks drama, yaiku unsur intrinsik lan unsur
ekstrinsik. Unsur intrinsik yaiku unsur kang ana jroning teks drama, dene unsur ekstrinsik
oleh ditegesi dadi kabehing unsur kang ana ing jabaning teks drama, nanging nduweni
peran jero anane teks drama kasebut.
1.2 Perkara kang Dirembug
1.2.1 Kepriye tema sajrone drama “Kesempatan dalam Kesempitan” Karya “Woko
Channel”?
1.2.2 Kepriye Alur sajrone drama “Kesempatan dalam Kesempitan” Karya “Woko
Channel”?
1.2.3 Kepriye Setting sajrone drama “Kesempatan dalam Kesempitan” Karya “Woko
Channel”?
1.2.4 Kepriye Paraga lan Watake paraga sajrone drama “Kesempatan dalam Kesempitan”
Karya “Woko Channel”?
1.2.5 Apa Amanat sajrone drama “Kesempatan dalam Kesempitan” Karya “Woko
Channel”?

1.3 Ancase Panaliten


1.3.1 Kanggo Mangerteni tema sajrone drama “Kesempatan dalam Kesempitan” Karya
“Woko Channel”
1.3.2 Kanggo Mangerteni Alur sajrone drama “Kesempatan dalam Kesempitan” Karya
“Woko Channel”

1
1.3.3 Kanggo Mangerteni Setting sajrone drama “Kesempatan dalam Kesempitan” Karya
“Woko Channel”
1.3.4 Kanggo Mangerteni Paraga lan Watake paraga sajrone drama “Kesempatan dalam
Kesempitan” Karya “Woko Channel”
1.3.5 Kanggo Mangerteni Amanat sajrone drama “Kesempatan dalam Kesempitan” Karya
“Woko Channel”

2
BAB II
ISI
Drama yaiku salah sawijning karya sastra kang nggambarake crita ngenani
uripe manungsa utamane saka konflik kang dialami kanthi pacelathon pacelathon lan
tindak tanduk ing dhuwur panggung. Unsur intrinsik drama yaiku bab bab kang ana
ing njero naskah drama, unsur intrinsik bisa digoleki kanthi maca naskah drama utawa
ndelok drama kasebut. Bab kang kaping loro iki ngrembag ngenani unsur intrinsik
drama. Unsur intrinsik kalebu tema, alur utawa plot, setting, paraga lan watake, lan
kang pungkasan yaiku amanat.

2.1 Tema
Tema sajrone teks drama yaiku gagasan utawa ide kang dadi punjere crita.
Tema sajrone drama “Kesempatan dalam Kesempitan” yaiku Sosial. Kang
dibuktekake ing kene mbahas paraga utama kang nggunakake kesempatan kanggo
nduweni niat ala marang wong.
2.2 Alur utawa Plot
Alur utawa Plot yaiku rerangkane kedadeyan crita drama saka kedadeyan siji
nuju kedadeyan liyane wiwitan kanthi pungkasan. Alur sajrone drama “Kesempatan
dalam Kesempitan” yaiku alur Maju, kang dibuktekake ing alur maju yaiku nalika
mbahas Perilakune Mukidi lan Ndut kang njaraki wong.
2.3 Setting
Setting utawa latar yaiku kabeh katrangan kang bisa dijupuk saka crita
ngenani papan panggonan, wektu, lan lab swasana. Jinise latar ana 3 yaiku latar
panggonan, latar waktu, lan latar swasana. Latar panggonan yaiku digunakake kanggo
wenehi ngerti marang pamaos ngenani lokasi dumadine siji prastawa. Latar Waktu
yaiku jinis latar jroning carita kang nerangake kapan siji prastawa iku kedadeyan.
Latar carita iki dicantumne supaya pamaos luwih paham soal kedadeyan kang
dialami tokoh. Kang terakhir yaiku latar swasana, yaiku jinis latar kang nyebutake
kepriye swasana nalika prastawa iku kadadeyan. prelu dingerteni menawa latar iki
oleh asipat faktual (jumbuh apa kang kedadeyan sabenere) utawa imajiner (khayalan
wae).
2.3.1 Alas
Salah Sawijine latar ing drama “Kesempatan dalam Kesempitan” Karya
“Woko Channel” yaiku Alas. Ing alas iki dumadi wayah isuk kang dibuktekake nalika
Ndut lan Mukidi arepe budal kerjo. Swasana ing alas iki seneng, yaiku nalika Mukidi
lan Ndut mbahas pentol.
2.3.2 Sawah
Setting kaping loro ing drama “Kesempatan dalam Kesempitan” Karya “Woko
Channel” yaiku Sawah. Ing sawah iki dumadi ing wayah isuk. Swasana ing sawah iki
lucu, yaiku nalika Mukidi lan Ndut ngageti wong tani amarga wajah e.

3
2.3.3 Pakiwan
Setting kaping telu ing drama “Kesempatan dalam Kesempitan” Karya “Woko
Channel” yaiku Pakiwan. Ing Pakiwan iki dumadi ing wayah isuk, swasana ing
pakiwan iki nesu kang dibuktekake dening Mukidi lan Ndut kang mlebu pakiwan
nalika ana mbah-mbah siram.
2.3.4 Warung
Setting kaping papat ing drama “Kesempatan dalam Kesempitan” Karya
“Woko Channel” yaiku Warung. Ing warung iki dumadi wayah isuk, swasana ing
warung yaiku was-was kang dibuktekake dening Penyok, Pak No lan Tiwok wedi.
2.3.5 Ngarep Omah e Pak No
Setting kaping lima ing drama “Kesempatan dalam Kesempitan” Karya
“Woko Channel” yaiku ngarep omah e pak No. Ing ngarep omah e pak No iki dumadi
ing wayah isuk, swasana ing ngarep omah e pak No iki Nesu kang dibuktekake
dening Warga kang podo nesu karo Mukidi lan Ndut amarga gawe onar.
2.5.6 Ngarep omah e Kareem
Setting kaping nem ing drama “Kesempatan dalam Kesempitan” karya “Woko
Channel” yaiku Ngarep oamh e Kareem. Ing ngarep omah e Kareem iki dumadi ing
wayah Isuk. Swasana ing ngarep omah e Kareem iki nesu, ing kono ibuk e Kareem
nesu marang Mukidi lan Ndut amarga ngedeni Kareem.

2.4 Paraga lan Watake


Paraga yaiku pawongan utawa apa wae kang nindakake lakon, yen watak
yaiku watak sifat kang diduweni saben paraga.
Paraga lan watake lakon sajrone drama “Kesempatan dalam Kesempitan” yaiku:
2.4.1 Mukidi lan Ndut
Paraga ing drama “Kesempatan dalam Kesempitan karya “Woko Channel”
yaiku Mukidi lan Ndut. Mukidi lan Ndut mujudake watak Antagonis. Watake
Antagonis kasebut diceritakake yen Mukidi lan Ndut iku tukang gawe onar. Ing menit
01.06 Mukidi lan Ndut macak badut kang marai wong lewat kaget. Ing menit 02.09
Mlebu pakiwan nalika ana wong adus, lan ing menit 03.46 marai Kareem kaget lan
wedi.
2.4.2 Penyok
Salah sijine Paraga ing drama “kesempatan dalam Kesempitan” karya “Woko
Channel” yaiku Penyok. Penyok mujudake watak tritagonist. Watak e kang tritagonist
kasebut diceritakake yen penyok iku wedinan kang ana ing menit 07.52 yaiku nalika
Penyok wedi lan mlayu nalika ketemu Mukidi lan Ndut. Watake liane yaiku Clolekan,
ing menit 06.02 ana dialog saka Tiwok yen Penyok Clolekan. Sak liane kui Penyok

4
uga nduweni watak Opportunist, ing menit 08.32 ing kono Penyok nggunakake
Kesempatan dalam Kesempitan.
2.4.3 Kareem
Salah sijine paraga ing drama “Kesempatan dalam Kesempitan” karya “Woko
Channel” yaiku Kareem. Kareem mujudake watak Protagonis. Watake kang
Protagonis kasebut diceritakake yeng Kareem iki bocang kang manut marang ibuke.
Dibuktekake ing menit 02.11 Kareem gelem dikongkon ibuke tuku obat.
2.4.4 Pak No
Salah sijine paraga ing drama “Kesempatan dalam Kesempitan” karya “Woko
Channel” yaiku Pak No. Pak No mujudake watak Protagonis kang dibuktekne ing
menit 09.41 yaiku Pak No nesu nalika ngomong karo Penyok, amarga Penyok
nyedeki Tiwok pas Keweden. Wedinan, yaiku ing Menit 09.20 nalika pak No mlayu
amarga wedi nalika cethuk Mukidi lan Ndut, lan ing menit 10.04 ana dialog teka
Penyok yen Pak No wedi karo demit.
2.4.5 Tiwok
Salah sijine paraga ing drama “Kesempatan dalam Kesempitan” karya “Woko
Channel” yaiku Tiwok. Tiwok mujudake watak protagonist kang dibuktekake ing
menit 06.10 yaiku Tiwok kang menehi semangat kanggo Penyok kang arep nyambut
Gawe.
2.4.6 Ibu Kareem
Salah sijine paraga ing drama “Kesempatan dalam Kesempitan” karya “Woko
Channel” yaiku Ibu Kareem. Ibu Kareem mujudake watak protagonist kang
dibuktekake ing menit 04.20 yaiku Ibu Kareem Nyeneni Mukidi lan Ndut amarga
ngedeni Kareem.
2.4.7 Warga
Salah Sijine paraga ing drama “Kesempatan dalam Kesempitan” karya “Woko
Channel” yaiku Warga. Warga mujudake Watak Antagonis kang dibuktekake ing
menit 12.30 yaiku Warga ngruyuk Mukidi lan Ndut tanpa ngerti kebenarane.
2.4.8 Wong Sawah
Salah sijine paraga ing drama “Kesempatan dalam Kesempitan” karya “Woko
Channel” yaiku wong sawah. Wong sawah mujudake watak Protagonis kang
dibuktekake ing menit 01.05 yaiku pas ana ing sawah dideni karo Mukidi lan Ndut.
2.4.9 Ton
Salah sijine paraga ing drama “Kesempatan dalam Kesempitan” karya “Woko
Channel” yaiku Ton. Ton mujudake watak Tritagonis kang dibuktekake ing menit
14.15 yaiku ngejarne warga nalika ngeroyok Mukidi lan Ndut.
2.4.10 Mbah

5
Salah Sijine paraga ing drama “Kesempatan dalam Kesempitan” karya “Woko
Channel” yaiku Mbah. Mbah mujudake watak Protagonis kang dibuktekake ing menit
02.15 yaiku nalika Mukidi lan Ndut mlebu ing Pakiwan e Mbah nalika Mbah lagi
Siram.
2.5 Amanat
Amanat yaiku pitutur luhur utawa pesen pancipta crita kang badhe ngaturaken
pesen dening pamaos. Amanat ing sajrone drama “Kesempatan dalam Kesempatan”
yaiku Ojo njupuk kesempatan yen tumindak kasebut bakal ngrusak wong liya lan
awake dhewe.

6
BAB III
PANUTUP
3.1 Dudutan
Kanggo ngeweruhi unsur intrinsik sajrone drama “Kesempatan dalam Kesempitan”
karya “Woko Channel”
3.2 Kritik lan Saran
Pemilihan kata sajrone drama “Kesempatan dalam Kesempitan” karya “Wok
Channel” kurang pas. Miturut panemune awakdewe, terlalu akeh tembung tembung kang
kasar, amarga mesthine ana bocah cilik kang ndeleng drama kasebut. pemilihan tembung
kang kreatif lan kejutan humor uga prelu diperhatikake.

7
DAFTAR PUSTAKA

https://www.gramedia.com/literasi/pengertian-drama/

Anda mungkin juga menyukai