Anda di halaman 1dari 3

Ringkesan Wawancara

a. Tema/Topik
: Kedisiplinan
b. Tujuan
: Mados informasi perkawis kedisiplinan ingkang saget
dipun pendet
manfaatipun dening pewawancara sak menika.
c. Narasumber
: Bapak M. Mustofa, S.Pd
d. Pewawancara : Akhmad Aminulloh (XI-MIA 4 / 03)
Muhammad Yuda Nugraha (XI-MIA 4 /24)
e. Pelaksanaan
:
Wakdal : Sabtu, 4 Oktober 2014
Panggonan
: Ruang Tatib SMAN 1 Grati
f. Hasil Wawancara
:
1) Pambuka
:
Pewawancara : Assalamualaikum pak!
Narasumber : Waalaikum salam!
Pewawancara : Nuwun sewu pak, kula badhe wawancara,
temanipun
kedisiplinan.
Narasumber : Inggih, kados pundi?
2) Isi
:
Pewawancara : Miturut bapak nopo ingkang dimaksud displin
menika pak?
Narasumber : Disiplin niku tepat waktu, on time, kaliyan jujur
Pewawancara : Menawi pengertianipun nopo pak?
Narasumber : Pengertianipun, disiplin niku ketepatan waktu
menjalankan sesuai porsinepun.
Pewawancara : Nopo manfaat ingkang saget ditampi menawi
kita nggada utawi tumindak disiplin pak?
Narasumber : Manfaatipun katha, displin niku saget damel
belajar tanggung jawab.
Pewawancara : Menawi bahayanipun nalika kita mboten disiplin
niku nopo pak?
Narasumber : Bahayanipun niku saget korat-karit, ndak karuan,
tidak tepat waktu.
Pewawancara : Nuwun sewu sak derengipun, jenengan nopo
nate nggadha pengalaman sae utawi kedadeyan
positif ingkang dipun alami nalika tumindak disiplin?
Narasumber : Pengalaman sae, sebuah prestasi yang bagus
karena disiplin, menjadi punya tanggung jawab,
manusia yang punya disiplin niku sae, prestasi,
mboten acak-acakan, mboten simpang siur, disiplin
waktu dan tempat.
Pewawancara : Nuwun sewu pak, nopo mawon prestasi ingkang
sampun jenengan tampi?
Narasumber : Jenengan sampun semerap piyambek.
Pewawancara : Menawi pengalaman mboten sae nalika mboten
disiplin nopo jenengan nggadha?

Narasumber : Pengalaman mboten sae, saat dados tuan rumah


pertandingan, tamu pun dugi tapi tuan rumah
dereng, niku pengalaman mboten sae, seharusnya
tuan rumah datang lebih awal daripada tamu, niku
kedadeyan wonten SMA mriki dan berbuah
penyesalan.
Pewawancara : Nopo mawon ingkang sampun jenengan
lampahi dalem negakaken kedisiplinan?
Narasumber : Langkah dalam menegakkan kedisiplinan,
setunggal sangking lingkungan lan sangking siswa,
disiplin niku harus dimulai dari diri sendiri, kalau kita
sampun disiplin, maka orang lain nggeh disiplin.
Pewawancara : Nopo pesen jenengan dhumateng para siswa
ingkang sakniki sampun luntur jiwa
kedisiplinanipun?
Narasumber : Disiplin siswa sak niki kalih biyen niku beda, sak
niki teknologi lebih diutamakan, karakteripun kurang,
kalau dulu teknologi kurang, dados siswa sak niki
kurang wejangan-wejangan saking wong tuwo
Pewawancara : Menawi pesenipun pak nopo?
Narasumber : Pesen, karakter harus diutamakan, disiplin.
3) Panutup
:
Pewawancara : Inggih pun pak cekap semanten pitakon kula
Narasumber : Inggih, cekap semanten piyatur kula
Pewawancara : Matur nuwun pak, sepuntene ngganggu
Narasumber : Inggih sam-sami, mboten ngganggu kok
g. Ringkesan :
Miturut Bapak Mustofa, disiplin niku tepat waktu, on time, lan
jujur. Menawi pengertianipun, disiplin sak menika ketepatan waktu
ing ndalem jalanaken ingkang dipun sesuaiaken kaliyan porsinipun.
Miturut Pak Mustofa, manfaat ingkang saged dipendet menawi kitha
tumindak disiplin niku katha, salah setunggalipun belajar tanggung
jawab. Menawi bahayanipun nalika kitha tumindak mboten disiplin
niku nopo ingkang kita tumindaki bakalan mboten karuan utawi
morat-marit. Bapak Mustofa menika nate nggada pengalaman
ingkang sae nalikanipun tumindak disiplin, kados prestasi. Kitha
sedanten sampun mirsani prestasi ingkang sampun dipun tampi
dening Bapak Mustofa. Kados prestasi lomba badmintoon tingkat
Propinsi lan ugi prestasi nalika dados pelatih volly. Menawi
pengalaman ingkang mboten sae nalikanipun mboten tumindak
disiplin inggihpunika sampun kedadosan nalikani tim bola volly
ingkang dipun latih Bapak Mustofa dados tuan rumah dereng dugi
ing SMAN 1 Grati nanging lawanipun sampun dugi. Miturut Bapak
Mustofa hal kados ngonten niku sanget memalukan lan ndamel
penyesalan. Bapak Mustofa sak menika sampun nindakaken upaya

dumateng negakaken kedisiplinan, yakniku sak derengipun ndamel


tiyang disiplin, Bapak Mustofa sak derengipun sampun tumindak
disiplin damel piyambakipun. Miturut Bapak Mustofa, menawi kitha
sampun tumindak disiplin, tiyang ingkang wonten ing ndalem
sekitaripun kitha ugi bakal tumindak disiplin. Miturut Bapak Mustofa,
para siswa ingkang sak niki luwih ngandalaken teknologi, dados
karakteripun kirang lan siswa sakniki sampun jarang angsal
wejangan-wejangan saking tiyang sepuh kerana luwih mentingaken
teknologi. Dados pesenipun dhumateng para siswa sak niki yak
niku para siswa kedah ngutamakaen karakter, kados kedisiplinan.
h. Kesimpulan
:
Disiplin menika salah setunggalipun sifat belajar tanggung jawab
marang piyambakipun ugi tiyang lintu ingkang damel bentuk
karakter ingkang sae. Katha manfaat ingkang saget dipun pendet
menawi kitha tumindak disiplin, salah setunggalipun prestasi.
Nanging menawi kitha mboten disiplin, menika napa ingkang kitha
tindakaken bakal mboten karuan ingkang akhiripun maringi
penyesalan.

Anda mungkin juga menyukai