Rungokna pamacane crita iki, banjur wangsulana pitakon-
pitakone! RADEN ARJUNA Raden Arjuna utawa Janaka iku panengahe Pandhawa. Diarani Pandhawa tegese kadang lima lanang kabeh. Nalika lair, Raden Arjuna karawuhan bathara Endra ngant kapundhut putra lan dijenengake Endratanaya. Raden Arjuna kasatriyane Madukara lan taman sarine aran Maduganda. Watake Raden Arjuna alus, lembah manah, jatmika, tandang tandukesarwa ngenaki sapadha-padha, seneng tetulung, lan paring pangayoman marang kang ringkih. Yen lagi nesu Raden Arjuna nyokot lambe. Raden Arjuna iku sekt mandraguna lan prigel olah gegaman. Raden Arjuna duwe pusaka lan aji-aji kayata Keris Kalanadhah, Panah Pasopat, Panah Ardhadhedhali, Panah Sangkali, Panah Cundhamanik, Pulanggeni lan Sarotama. Aji-ajine, umpamane Panglimunah bisa ngilang, Tumengenmaya bisa nyipta banyu, Mayabumi bisa ngalahake mungsuh. Putrane Raden Arjuna akeh banget, antarane Raden Abimanyu, Bambang Sumitra, Bambang Irawan, Raden Wisanggeni, Pregiwa, Pregiwat.
2. Rungokna pamacane crita iki, banjur wangsulana pitakon-
pitakone! NGOYAK UCENG KELANGAN DHELEG Lik Seman, tanggaku, wonge pancen utun. Kajaba nanduri sawahe kang ora pat amba, dheweke uga duwe samben liya yaiku golek bangsane manuk. “Saking pundi, Lik?” pitakone Slamet nalika ketemu ing dalan. “Saka tuku batrei,” Lik Seman wangsulan. “Ajeng kesahan menapa?” “Ora. Arep dakenggo nyuluh manuk.” “Manuk menapa? Wong sampun boten wonten manuk ngaten, kok.” “Manuk ceblek. Ngomonge Mas Moko, manuk iku saiki payu diedol.” “Gek sing ajeng tumbas nggih sinten, Lik? Sing ngingu napa boten kangelanangsale makani?” Slamet sajak kurang percaya. Lik Seman nerusake tndake. Slamet mulih menyang omahe. Wayah wengi Lik Seman wiwit nyuluh manuk. Lik Seman banjur marani wit mlinjo. Lampu sentere disorotake ing pang-pang wit kuwi. Ing sawijining pang, katon ana manuk ceblek papat turu jejer. Alon-alon Lik Seman menek. Tangan tengene gondhelan pang. Tangan kiwane nyekeli senter. Nalika pancikan, pange tugel. Lik Seman tba. Lik Tino kaget krungu swara mau. Lik Tino banjur metu saka omahe. “Adhuh......adhuh!” Lik Seman sambat. Lik Seman pringisan karo ngelus-elus ugel-ugele. “Iki mau piye? Gek endi sing tatu?” Lik Tino bingung. Krungu swara rame-rame, tangga teparo padha teka. Padha nggawa senter, lampu uga obor. Lik Seman digotong menyang omahe. Sambate ngaruara. Sikile kesleo, bangkekane kecethit, tangane barut-barut. “Karepe mono arep golek tukon uyah, kok,” gunemane Lik Misdi. “Tuku uyah ora entuk, malah kelangan dhuwit nggo tamba,” Pak Nit nyambung. “Nek ngeten niki jenenge rak ngoyak uceng kelangan dheleg,” Lik Tino nyambung ukarane Pak Nit. “Nggih, niki kangge pengalaman mawon. Napa ta dosane manuk ceblek kok dadak dijupuki. Wong sajane manuk niku migunani dhumateng kula panjenengan. Sebab sing dimangsa bangsane ama-ama taneman,” Pak Sunu melu ngendika.