Anda di halaman 1dari 5

TUGAS KLIPING BASA JAWA

Disusun Oleh :

Ketua kelompok : Rindha Ramandhayani

Anggota kelompok: 1. Dewi Sinta

2. Selamet Arianto

3.M syarifuddin

UPTD SMPN 1 GONDANGWETAN

Tahun Ajaran 2018-2019


` WAWANCARA

Topik Wawancara : Usaha Tempe

Narasumber : Ibu Romlah

Wektu wawancara : Rabu, 28 nopember 2018

Panggonan : Daleme pengusaha tempe

Tujuan wawancara : kangge mangerteni cara ndamel tempe

Asil wawancara:

R: Assalamua'laikum wr wb

N: Wa'alaikumsalam Wr Wb
R: Ibu, kulo siswa SMPN 1 GONDANGWETAN , nyuwun pangapunten,
Panjenengan, ibu purun kita tangleti nggih ibu?

N: Ya nduk, monggo..

R: rumiyin pripun awalipun ibu mbikak usaha tempe punika?

N: aku mbukak pakaryan iki amarga aku kudu nerusake bisnis keluarga, pakaryan
iki wis mlaku turun temurun.

R: Wiwit saking tahun pinten ibu?

N: wiwit 1994

R: Napa mawon bahan tempe punika bu?

N: kedele, ragi, baskom.

R: pripun cara ngolahipun bu?

N: Pisanan, alat sing arep digunakake diwisuhi. banjur kedelaine diwisuhi lan
direndhem kiro-kiro 12-18 jam, biasane banjur 12jam kulite kedelai diguwak lan
diwisuhi maneh. bar iku kedelaine direbus sampek empuk, terus diangin-anginake
karo dikipasi lan di wenehi ragi, banjur dibungkus 1-2 dina dadi tempe.

R: Pinten KG kedelai ingkang dibetahaken?

N: 27 kilos dik.

R: pinten kasil saking damel tempe sasi kapisan?

N: kurang luwih 2,5 yuta saben sasi

R: pinten regi tempe per wadahipun?

N: ana 500. ono 1000?

N: pengepakan barang wis diklumpukne

R: Caranipun sadean kapurih banter pripun?


N: Aku gunakake konco-konco pasar utawa lewat agen agen

R: tempenipun awet pirang dinten?

N: gumantung ing panyimpenan.

R: napa ingkang dados alangan utawi napa masalah ingkang pinanggih ten
pakaryan tempe niki?

N: rego bahan mentahan, kayata kedelai ora ajek kulakane. Karusakan peralatan
kanggo produksi iso .

R: Apa sing kaluwihan ing bisnis tempe iki?

N: karo pakaryan tempe iki, aku bisa ndhukung kulawarga, kayata mbayar beya
sekolah, lan sak piturute.

R: nggih sampun bu,maturnuwun sanget criyosipun. nyuwun pangapunten


ngrepoti ibu

N: Ya padha2 nduk, mugo manfaat opo sing ibu critakke

Daftar Pitakon :

1. rumiyin pripun awalipun ibu mbikak usaha tempe punika?


2. Napa mawon bahan tempe punika bu?
3. pripun cara ngolahipun bu?
4. pinten kasil saking damel tempe sasi kapisan?
5. Caranipun sadean kapurih banter pripun?

Ketua kelompok : Rindha Ramandhayani

Anggota kelompok: 1. Dewi Sinta

2. Selamet Arianto

3.M syarifuddin

Anda mungkin juga menyukai