Anda di halaman 1dari 2

XII MIPA G

Regina Apriliya Hidayat /28

Tatia Mei Ayu Krisnawati /32

Koin Jepang

Wingi aku Melu JAB (jelajah alam bersama) ing sekolahan. Dina ke loro ne, ana kancaku
sing lara, akhire aku lan kancaku liyane ngeterake bocahe menyang UKS. Sakwise ngeterake
kancaku , aku mbalek dhisik menyang tenda. Ing dalan menyang tenda, aku krungu suara koin
ceblok. Pas tak sawang ana koin ing ngarepe tenda. Koin e bunder lan bolong ing tengah e. Koin
iku akhire tak jupuk lan tak lebokne sak ku.

Sekitar jam 1 bengi aku tangi amarga kepingin menyang jeding. Aku menyang jeding dewe,
amarga aku ora tega nangekne kancaku sing maser turu. Ning ndalan, aku ngerasa ana sing
ngetutne aku teka mburi. Aku mengo nyawang mburi ku, nanging ora ana sapa sapa. "Perasaan
ku tok paling" , batinku. Sak wis e aku teka jeding, aku langsung turu kerukupan kemul sing tak
gawa.

Dina Iki dina terakhir JAB, aku lan kanca kancaku ngresiki tenda. Wektu ngresiki tenda koin
sing wingi tak temokne ceblok.

"Lho opo kuwi?", kancaku takon.

"Iki ta?", balesku Karo nduduhake koin e.

"Iyo lah opo meneh"

"Iki koin sing tak temokake dek wingi, amarga lucu tak jupuk deh"

"Ati ati lho, ojo nggawa barang sembarangan"

"Alah, ora apa ora apa.", balesku santai

Sakwise teko omah, aku adus lan mbongkar barang - barang sing tak gowo JAB. Sakwise
aku adus aku nyawang ana uwong ing sandinge jendela kamarku. Nanging sak kedipan uwong e
ilang. Banjur aku siap siap turu, wektu aku arepe turu aku nyawang koin sing tak temokake ana
ing mejo sanding kasurku.

Sakwise Dina iku, aku sering nyawang ana bayangan uwong ing sekitarku. Ora mung kui,
aku kadang yo mimpi uwong sing sering tak sawang sak kelebat iku. Ning mimpi ku wong e
mendelik i aku kaya uwong sing nesu karo omong sesuatu. Nanging aku ora genah sing
diomongne apa. Koin sing tak temokake pas JAB yo sering pindah pindah panggonan. Aku
ngerasa ana sing aneh karo koin iku, aku iling omongane kancaku lek aku ora oleh nggowo
barang sembarangan.

Sesuke pas aku mlebu sekolah, aku ngejak kancaku dingge mbalekne koin iku. Kancaku
takok,” Nyapo koin e tok balekne?”. “Gaopo aku ngerasa lek koin e ra beres”, jawabku. “Wes
tak omongi ta, kok Yo Ra ngandel”.

Akhure koin iku tak balekne ing ngisor uwit sanding lapangan sekolahku. Sak bar e iku aku
ora tau nyawang ana bayangan maneh nde sekitarku.

Anda mungkin juga menyukai