Anda di halaman 1dari 6

KONFLIK BATHIN SAJRONE CERKAK WEWADI KANG KAWURI

ANGGITANE ARTISTYA SEKARARUM BUDIONO.


( Tintingan Strukturalisme )
Dhio Sasetya Wardana 13020114046
Biassepta nego Prabela 17020114069
sasetyaaa@gmail.com biasseptaPrabela@gmail.com

A. Purwaka
Sastra yaiku sawijining wujud nyata saka asiling sastrawan nyuntak ide-ide
kang kreatif. Objek kang digunakake sastrawan sajrone yaiku manungsa kanthi
paguripane kanthi njlentrehake daya imajinasi supaya bisa narik kawigatene para
pamaos. Miturut Semi (1988:9) sastra yaiku reriptanseni kreatif kang nggunakake
manungsa lan kabeh kedadeyan-kedadeyan minangka objeke. Supaya bisa nuwuhake
asil kang endah lan kreatif sastrawan kudu bisa kreatif sajrone medharake reriptan
sastra.
Unsur-unsur pambangun reriptan fiksi ana rong jinis, yaiku unsur ekstrinsik lan
unsur intrinsik. Unsur pembangun ekstrinsik yaiku kang ana ing sanjabane reriptan
sastra, nanging ora langsung nduwe daya pangaribawa tumrap reriptankasebut. Unsur
intrinsik yaiku unsur kang dadi pamangun reriptan sastra kaya ta kedadeyan, crita, alur,
paraga, tema, latar, sudut pandang, basa utawa lelewaning basa. Miturut Stanton, alur
yaiku crita kang isine urutan kedadeyan, nanging saben kedadeyan iku digayutake
kanthi sebab-akibat (sajroning Nurgiyantoro, 2005:113). Sajroning alur ana perangan
kang diarani konflik. Konflik yaiku samubarang kang nduweni sipat dramatik lan ana
aksi sarta reaksi (Wellek lan Weren, 1990:285). Wujud konflik kang bisa dituwuhake
ing crita cerkak salah sijine yaiku konflik batin. Konflik klawan atine manungsa dhewe
kang bisa awujud rasa lara ati, rasa mangkel, tresna asih , uga bisa kuciwa
(Nurgiyantoro, 2005:124). Konflik batin sajroning cerkak direka daya lan dipungkasi
dening sastrawan kanthi cara manekawarna.
Salah sawijing genre sastra Jawa Modern yaiku crita fiksi mligine cerita cekak
utawa cerkak. Cerkak utawa cerita cekak yaiku salah sawijine rareptan sastra sing
direka-reka dening para pangripta. Tema sajrone cerkak bisa kajupuk saka kedadeyan
satemene sing dumadi ing sakiwa lan tengene pangripta. Utawa bisa wae kedadeyan
saka gambaran imaginer panyerat, mung ana sajrone angen-angene pangripta.
Ana sawijining cerkak kang narik kawigatene pamaca. Cerkak kasebut
nyritakake babagan konflik batine paraga Ibu marang bojone. Ing kono panyerat
gambarake ruwet renteging atine nalika bojone guyon gojegan nganti jawil jawilan
paribasane marang pawongan wedok liya sajrone cerkak anggitane Artistrya Sekararum
Budiono kanthi irah irahan “Wewadi kang Kawuri” kang kapacak ing majalah
Panjebar Semangat edhisi 37 tanggal 24 September 2019.
Cerkak kasebut nyritakake dene ibu kuwi nduweni rasa sumelang marang
bojone. Sing wis di empet suwene suwe. Amarga solah bawane bojone nalika kapethuk
marang salah sawijine pawongan sing di critakake ndhisik kanca lawase, yaiku Yu’
Nurul. Paraga ibu ing kene ngajak greneng-greneng anak wedoke sing jenenge Arum.
Paraga ibu wis rumangsa yen arum kuwi wancine ngerti amarga pekara umur lan
pikiran wis dirasa cukup kanggo mikir semana dawane. Banjur Arum nyaguhi kanggo
nyelidiki bapake, sejatine ana sesambungn apa karo Yu’ Nurul. Salah sawijine sore
Arum wis bisa ngudhari rasa bingunge liwat takon dhewe menyang bapake neng ngarep
teras nalika kuwi. Dene bapake malah tan saya bukak dalan supaya Arum kuwi ngerti,
carane kepriye? Yaiku liwat takon sanalika menyang Yu’ Nurul. Ora di sia sia marang
Arum, ora let suwe montor beat wis ngeblas menyang daleme Yu’ Nurul. Yu’ Nurul
crita sajlentreh-jlentrehe menyag Arum. Pranyata Yu’ Nurul kuwi wis tau tepang karo
bapake Arum. Jalaran apa sing nyengkuyung kahanan cedhake Arum karo Bapake
yaiku jaman semana Yu’ Nurul kuwi dadi rewang aneng daleme ibu kose Pak Eko
utawa Bapake Arum. Bapake Arum nate konangan gandrungan klawan Winddy, anake
Bu kose Bapake Arum. Kedadeyan sing lucu amarga babagan kuwi ora oleh nganti
bocor aneng sapa wae.

B. Andharan
Perangan kang dirembug ing tulisan iki yaiku tema. Kanggo meruhi tema
pokok utawa tema mayor sajrone cerkak perlu nggoleki tema minor kang dadi
panyengkuyung saka anane tema mayor. Tema minor lan tema mayor sajrone cerkak
Atiku Gronjalan bakal diandharake ing ngisor iki:
1. Tema Minor
Tema Minor yaiku tema sing ditilik saka pamikir kanthi cara sing liya utawa
tema tambahan sing ana ing bageyan-bageyan tartamtu sajrone karya sastra.
Tema iki nyengkuyung saka anane tema gedhe utawa tema mayor. Tema
minor sajrone cerkak Wewadi kang Kawuri:
a. Konflik Bathin
Ruwet renteging atine paraga sajrone cerkak kang katulis. Bisa
awujud grundele ati utawa ganjele rase aneng ati marang kahanan
utawa amarga kemrungsunge ati sing bisa gayut klawan wong liya.
Konflik bathin iki bisa wae ora dilakoni utawa mbalela marang
kahanan bisa wae ditampa sinaasa bathin iki panggah ora trima.
“Kowe ngerti, Rum. Bapakmu kuwi yen lagi ngobrol karo Yu’
Nurul bakul pecel Taman Jajan lor koam renang kae jian
ngglenik tenan, sajak piye ngono. Blaka suta wae ibu sujana
mesthi ana apa-apane. ...”
“Arep ngusut sing kepriye karepmu? Aja sembrana hlo Rum!
Nek enek klera-klerune mundhak dadi geger hlo mengko...”
Pacelathon ing dhuwur ditindake dening Ibu karo Arum. Ibu
rumangsa yen ngenani gojegan karo kanca wadon kuwi wis ora
samadyane. Bapak ngalkoni kaya ngono wis rumangsa kebacut,
batine ibu. Rumangsa yen menawa Bapak kuwi nduweni
gegandhengan spesial klawan Yu Nurul. Pethikan sing angka loro
nuduhake yen atine ibu nggrundel karepe dhewe. Neng liya panggon
pengen meruhi informasi sing satemene ning liya panggon uga wedi
yen mengko bakal garai geger.
b. Alur
Lumakune sajrone crita sing ngamot konflik sing digawa dening
para paraga. Sajrone uga ana sing diarani unsur-unsur kang
nyengkuyung lan mantepke anane alur sajrone crita. Kaya suspense
lan elemen of surprise
“Kemutan jaman semana ingkang kados pundi pak?”
panlesihku bareng nemu fakta anyar sing durung nate kewiyak
sasuwene iki
Pethikan neng dhuwur mujudake guneman teka Arum sing bakal
njalari perkara sing disujanani dening ibuke bisa kaudharan dening
sing nglakoni dhewe. Ora liya Yu’ Nurul dhewe sing crita babagan
pekara sing dicritakake dening pangripta.
c. Element of Surprise
Babagan sing garai jumbul atine para pamaos. Kanggo ndalani
sajrone alur utawa panguwat anane alur sajrone crita kang di serat
dening pangripta
“... malah nate bapak urip saomah karo Yu’ Nurul. Suwe ora pethuk
, bareng wis tuwa ujug ujug kapethuk. Rasane hmmm, marai
kelingan dhek jaman semana.”
Pethikan kuwi nuduhake salah sawijine babagan sing durung tau di
rungon karo sopo wae kalebu Ibuke. Nalika urip dadi saomah kabeh
perkara sing tau dilakoni kudu diudhar dening bojone. Pranyata crita
iki lagi wae dirungu Arum sepisan iki. Masak ta iya bapake nate
nglakoni tumindak sing diarani “kumpul kebo”.
2. Tema Mayor
Tema mayor yaiku tema pokok kang dadi gagasan umum cerkak. Tema
mayor iki ora mung ing saben-saben bageyan, nanging ana ing keseluruhan
bageyan sajrone cerkak. Tema mayor bisa ditemtokake saka nemtoake tema
minor dhisik. Saka tema-tema minor kang wis dipilih, bisa ditemtoake tema
mayore yaiku kulawarga. Tema kan nritakake ngenani perkara sing tuwuh
sajrone kulawarga. Panguripan sabendinane nalika nglakoni urip
bebarengan dening anak lan bojo. Bisa dideleng ing pethikan ngisor iki:
Sawise dak pikir jero, kanggo jagani aja nganti ana kedadeyan sing
ora apik, sore iku nalika ibu pengajian neng Mesjid aku nyuwun
pirsa Bapak...
“Kowe ngerti, Rum. Bapakmu kuwi yen lagi ngobrol karo Yu’ Nurul
bakul pecel Taman Jajan lor koam renang kae jian ngglenik tenan,
sajak piye ngono. Blaka suta wae ibu sujana mesthi ana apa-apane.
...”
Pethikan kuwi nyengkkuyung anane tema Kulawarga sajrone cerkak iki.
Amarga tetembungan kaya ngono lumrah dikandhakake dening bojo wedok
menyang sing lanang. Arum sing diajak guneman kuwi anake kaya pethikan
sing wiwitan ing ndhuwur, dheweke ora gelem yen nyidrani manahe bapake
utawa ibune kepara malah gawe ontran ontran sajrone bapak lan ibuk
amarga informasine ngenani Yu’ Nurul lan bapake.
C. Panutup
Cerkak kanthi irah-irahan Wewadi kang Kawuri anggitane Artistya Sekararum
Budiono kang kapacak ing majalah Panjebar Semangat edhisi 37 tanggal 24 September
2019 nduweni tema dhasar utawa tema mayor Kulawarga. Tema mayor kasebut
disengkuyung saka anane tema minor. Tema minor sajrone cerkak kasebut antarane
yaiku Alur, Konflik Bathin, lan element of surprise. Anane kuwi bisa kadudut yen tema
sajrone cerkak kasebut yaiku Konflik Bathin sajrone kulawarga sing disengkuyung
karo aku dadi Arum sing diutus ibuke goleki informasi ngenani sesambungane bapake,
Pak Eko klawan Yu’ Nurul sing aneng crita iki disebutake mung kancane lawas teka
Ngawi. Ngati akeh pranyatan pranyatan sing lagi wae diweruhi dening Arum. Nganti
tekane pungkasan tetep ana crita kawuri sing durung sempet di critakake dening Yu’
Nurul marang Arum. Jebul Yu’ Nurul kuwi duweni babagan sing ora kabeh wong
weruh, nalika kuwi Pak Eko uutawa bapake Arum gandrungan karo anake Windy
putrane ibu kose bapake Arum. Wayah kuwi Yu’ Nurul dadi rewang resik resik kosan
kuwi. Lucune, durung nganti bisa tepung apik Pak Eko wis lulus dhisik.
D. Kapustakan

______. Kamus Besar Bahasa Indonesia. (Online)


http://bahasa.kemdiknas.go.id/kbbi.index.php. Diakses pada tanggal 1 Mei 2019.

Endang. CerkakWewadi kang Kawuri. Panjebar Semangat edhisi 37 24 September


2019.

Werren, Austin& Wellek, Rene. Diindonesiakan oleh Budianta, Melani. 1990.

Anda mungkin juga menyukai