1
Mbok rondo karo Juminten sore kuwi wis lagi siap-siap.
Mbok rondo karo Juminten golet buah kuwi ditandur.
Esuk-esuk mbok rondo karo Juminten lunga maring arah
timur, searah karo terbite matahari. Nganti teka ning
pinggir kali yang deres nangis banyune bening, kali kuwe
arane kali tajum.
Mbok Rondo : ”Juminten, jajal ko ndeleng bukit kae
kayane ana wit gede ning nduwur watu
karang”.
Juminten : “Nggih Bu, dhewek maring nganah bae Bu.”
Sawise Mbok rondo weruh wit sing gede ng dhuwur
watu Mbok rondo cecet cepet mlaku maring watu mau.
Nanging amargi Mbok Ronddo karo Juminten wis keselen.
Dheweke banjur leren, maem bekal sing digawa mau.
Sewise ora keselen Mbok Rondo karo Juminten
ngelanjutna mlaku maring bukit. Sedurunge sore Mbok
Rondo karo Juminten wis butul ning sikil bukit. Pas Mbok
Rondo karo Juminten lagi mlaku, dheweke weruh buah.
Amargi Mbok Rondo karo Juminten Pengin ngerti kuwe
buah gigal sekang ngendi, Mbok Rondo karo Juminten
banjur maring nduwur bukit.
Sawise butu ning nduwur bukit. Nanging butule pas
wengi karo udan. Banjur Mbok Rondo kro Juminten
ngeyub ning ngingsor wit gedang.
2
Esuk teka Juminten banjur weruh buah sing wingi gigal.
Pas Juminten takon aran buah kuwi, Mbok rondo kemutan
aran buah kuwi mbawang. Nanging buah kuwi uripe ning
karang. Dadi daerah kie di arani KARANG BAWAANG.