Anda di halaman 1dari 3

Tugas Bahasa Jawa

(cerkak)

NAMA : M.Z.PRISHANDI WIJAYA


NO. ABS : 18
KELAS : 8A / VIIA
Cerkak Bahasa Jawa Pendek Tentang Cita-Cita

Aku pengen dadi polisi. Aku pengen dadi tentara. Aku pengen dadi dokter. Aku
pengen dadi bos. Bingung aku pengen dadi opo. Angger ketemu wong sing nyambet
gawe ning profesi tertentu, langsung wae aku pengen dadi koyo wong kui. Jane
opo ki sakjatine cita-citaku?

Delalahe, ibu guru ngakon utowa nguwehi PR kon nulis Cerkak Bahasa Jawa
Pendektentang cita-cita murid-muridte. Lah pas iki. Kok yo pas sing lagi marai
aku galau. Aku tau takin ibu soal cita-cita. Aku takon, “bu disik ibu pengen dadi
opo pas cilik.” Ibu karo mesem mung jawab.

“Aku koyo kowe le, pas cilik duwe cita-cita sing akeh juk ganti-ganti wae.” Ibuku
kanda. Aku yo guyu. “La kok podo tho bu,” saurku. La iki juk pie aku len meh arep
nulis Cerkak Bahasa Jawa Pendek perihal cita-cita. Untunge ibu duwe solusi
mujarab soal iki.

“Le, wes rasah mikir soal cita-cita. Mergo, cita-cita iku bakal koe temukno
seiring waktu. Entah pas koe SMA, pas kuliah, opo iso ugo malah saiki,” ibuku
ngewehi wejangan. “Maksudte pie tho bu,” saurku bingung. Ibuku trus jelasno
dowo banget.

“Maksud ibu ngene, opo wae cita-citamu, opo wae pengenmu, sing penting ki koe
kudu pinter sek le. Yen koe wes pinter, rep dadi opo wae penak. Koe dadi juara
ning SMP opo SMA, musti penak milih sekolah go kuliah. Nah soko iku koe iso
milih jurusan sing cocok karo pengenmu,cita-citamu. Koe seneng kesehatan,
sekolaho dadi dokter, seneng utek utek, dadio insiyur. Yen koe pinter, dadi opo
wae gampang,” ibuku kanda karo ngelus-ngelus rambutku.

Owalah tibae ngono. Okelah, aku dadi ora bingung ki rep nulis Cerkak Bahasa
Jawa Pendek tentang cita-cita. Matur suwun bu. Saiki mripatku rodo padang.
Aku wes dong opo sing arep tak tulis. Garap PR Bahasa Jawa iso tak mulai saiki
tentang opo sing pengen aku dadi suk gede. Mugo wae dadi orang yang berguna
bagi nusa bangsa. Amin.

Anda mungkin juga menyukai