Anda di halaman 1dari 8

1.

Pengertian Geguritan
Geguritan kalebu salah sijining Puisi Jawa. Pangerten babagan tegese
geguritan ing antarane diandharake dening Subalidinata (1994: 45) ing bukune kang
irah-irahan Kasusastraan Jawa. Geguritan yaiku iketaning basa kang memper syair.
Miturut Subalidinata, geguritan asale saka tembung gurita kang diowahi saka
tembung asline yaiku gerita. Tembung gerita dhewe minangka tembung andahan kang
linggane yaiku tembung gita, tegese tembang utawa syair.
Pangerten babagan tegese geguritan uga dijlentrehake dening para winasis
liyane. Mulyana (2014: 42) ngandharake menawa geguritan iku asale saka tembung
guritan kang oleh proses morfologis dwipurwa dadi geguritan. Dene tembung guritan
asale saka tembung gurit+an (tulisan, pahatan, utawa senandung). Ing kamus
Baoesastra Djawa tembung gurit ngemu teges tulisan utawa tatahan; kidung utawa
tembang (Poerwadarminta, 1939: 157). Dene ing kamus Kawi-Jawa anggitane
Ranggawarsita, tembung gurit nduweni teges reka, tulis, turut, urut.
Jinising geguritan liyane adhedhasar paugerane geguritan, geguritan bisa
kaperang dadi Geguritan Gagrag Lawas / Kuna lan Geguritan Gagrag Anyar
(Padmosoekotjo, 1960). Andharane kawedharake ing ngisor iki.
a. Geguritan Gagrak Lawas
Geguritan gagrag lawas luwih sering kasebut kanthi tembung guritan.
Geguritan gagrag lawas nduweni paugeran kang gumathok, kayata:
1) Cacahing gatrane ora tartamtu, annging lumrahe paling sithik 4 gatra.
2) Cacahing wanda saben sapadha padha gunggunge.
3) Dong-dinging swara ing kabeh wekasane gatra kudu runtut, yaiku nganggo
purwakanthi guru swara.
4) Sangarepe geguritan diwiwiti nganggo bebuka “Sun nggegurit”.
Sun Gegurit
Kahanan jaman saiki
Sifat pamudha-pamudhi
Srawunge saya ndadi
Raket wewekane sepi
Tan kadi jaman nguni
Srawunge sarwa ngati-ati
Yen manut wasitening kuna
Priya srawung lan wanita
Gampang kena panggodha
Nerak ing laku susila

1
Temah darbe jeneng ala
Wusananing tibeng papa
b. Geguritan Gagrag Anyar
Ing wiwitan jaman ngrembakane kasusastraan Jawa, para penggurit banget
anggone manut lan nggatekake paugeran geguritan. Nanging saya suwe, para
penggurit luwih seneng karo wujude geguritan kang bebas, mula banjur sinebut
Geguritan Gagrag Anyar.
Titikane geguritan gagrag anyar yaiku:
1) Cacahing wanda saben sakgatra ora katemtokake
2) Cacahe gatra utawa larik ora katemtokake
3) Kadangkala esih nggatekake purwakanthi swara, purwakanthi sastra, lan
purwakanthi lumaksita nanging akeh uga kang ora nganggo purwakanthi.
4) Nganggo basa rinengga nanging Jawa modern
5) Ora nganggo tembung “sun nggegurit”
Tuladha
Layangan
Dening: Soetrisno
Lungaku ninggal barang suci
Kang banget tak aji-aji
Paranku aja dadi pitakonan
Ngalor-ngidul, ngulon apa ngetan
Niyatku nggoleki layangan
Kang pedhot ing tengah dalan
Biyen warnane biru asli
Menawa suwek bakal tak ganti
Nganggo dluwang sing gandhane wangi
(Panjebar Semangat No 9-3 Maret 2012)
2. Unsur Pembangun Geguritan
a. Basa
Perangan basa nyakup:
1) Pamilihing Tembung, yaiku bisa nggunakake tembung Kawi, tembung kang
mligi (tembung garba, tembung mawa seselan –in-)

2) Purwakanthi
Purwakanthi kaperang dadi 3 yaiku purwakanthi guru swara, purwakanthi
guru sastra lan purwakanthi guru lumaksita.

2
a) Purwakanthi Guru Swara
Purwakanthi guru swara yaiku purwakanthi kang disebabake anane
swara vokal kang padha, bisa urut utawa selang-seling. Purwakanthi
dumunung ing pungkasaning tembung saben saklarik utawa ing
pungkasaning gatra. Purwakanthi swara uga diarani asonansi. Geguritan kang
nganggo purwakanthi guru swara bisa dipirsani ing tuladha ngisor iki.
Tuladha: Yitna yuwana lena kena
b) Purwakanthi Guru Sastra
Purwakanthi Guru Sastra yaiku purwakanthi kang disebabake anane
swara konsonan kang padha. Beda karo purwakanthi swara, purwakanthi
konsonan ora kudu tiba ing pungkasaning gatra, nanging swara kang padha
bisa ing wiwitan utawa tengahing gatra. Purwakanthi sastra uga sinebut
aliterasi. Geguritan kang nganggo purwakanthi guru sastra bisa dipirsani ing
tuladha ngisor iki.
Tuladha:
Serat Srikandhi Maguru Manah
Pinggir sendhangana gadhung,
Rumambat ing klapa gadhing,
Pinencokan manuk podhang,
Sajodho tan ana tandhing,
Jroning gedhong ana endhang,
Milihi wohing kurandhing
(Sutardjo, 2014: 55)
c) Purwakanthi Lumaksita
Purwakanthi lumaksita uga sinebut purwakanthi basa yaiku
purwakanthi kang disebabake anane tembung ing pungkasaning gatra utawa
ukara kang dibaleni ing wiwitaning gatra utawa ukara sakbanjure.

3
Tuladha:
Pepujaning Ati
Dening: Agustini
Yen godhong, godhonge salam
Pikiranku tansah ngenam
Yen godhong, godhonge waru
Tekamu tansah dakantu
Yen godhong, godhonge gedhang
Ati iki sangsaya kebranang
Yen godhong, godhonge senthe
E, rasaku kok dadi kaya ngene
Yen godhong, godhonge rambutan
Ngapa rasane poyang-payingan
Yen godhong, godhonge tales
Muga-muga tresnaku tansah dibales
(Panjebar Semangat No 1- 7 Januari 2012)
3) Lelewaning Basa
Lelewaning basa yaiku basa kang asring kanggo ing geguritan. Ancase
penggurit nganggo lelewaning basa yaiku supaya geguritan kang ditulis luwih
endah utawa duwe efek estetis. Lelewaning basa iki biasane nganggo bebasan
utawa tetandhingan kang kudu digoleki tegese. Jinise lelewaning basa bakal
kaandharake kanthi ringkes ing ngsior iki:
 Simile yaiku lelewaning basa kang nganggo tembung-tembung kayadene
duk, lir, kadya, kaya, kadi. Fungsine kanggo ngumpamakake. Tuladhane:
Mlayune banter banget kadya thathit ing angkasa.
 Metafora yaiku lelewaning basa kang ora nganggo tembung umpama,
nganggone basa kias. Tuladha: Kembang desa saka Wonogiri nembe dirabi
wong bule. Kembang desa yaiku wong kang ayu banget.
 Personifikasi yaiku lelewaning basa kang ngumpamakake bendha mati bisa
nglakokake pagaweyan kayadene barang urip. Tuladha: Angin wengi mbisiki
aku yen kowe wuyung!
 Alegori yaiku lelewaning basa kang tegese sinandhi lan nganggo lambang.
Tuladha: Sliramu sekar mlathi, aku kumbang nyidhamsari
 Metonimi yaiku lelewaning basa kang nganggo jeneng sesinglon kanggo
nudhuhake barang tartamtu. Tuladha: Simbah kang njaga alas kene kawentar
wengis lan galak.

4
 Sinekdoki yaiku lelewaning basa kang nyebutake perangan nanging tegese
kabehan, utawa suwalike. Tuladha: Krungu jumangkahe sikilmu nyedhak
njalari aku ayem.
 Repetisi yaiku lelewaning basa kang dinggo mawa mbaleni tembung, frasa
utawa klausa. Tuladha: Aku bakal maju, maju, lan maju terus nganti kowe
gelem nampa tresnaku.
 Paralelisme yaiku lelewaning basa kang nganggone kanthi cara mbolan-
mbaleni tembung, frasa, klausa utawa ukara. Tuladha: Kowe kuwi tresnaku,
kowe kuwi impenku, kowe kuwi uripku.
 Hiperbola yaiku lelewaning basa kang ngluwih-luwihake samubarang kang
ancase kanggo mbangetake. Tuladha: Rega beras sundhul langit.
 Litotes yaiku lelewaning basa kang isine nyilikake kasunyatan kareben ora
pamer. Tuladha: nywun pangapunten gubug kula awon.
 Paradoks yaiku lelewaning basa kang yyandhingake rong perkara kang
tegese kuwalikane. Tuladha: Ing papan kang rame iki, atiku sepi banget.
 Ironi yaiku lelewaning basa kang wujude pasemon. Tuladha: Wah elok tenan
biji repotmu kobong kabeh!
 Sarkasme yaiku lelewaning basa kang wujude sindiran kasar. Tuladha:
Swaramu mbudhegake kupingku!

5
b. Citraan
Fungsi citraan yaiku kanggo nuwuhake gegambaran utawa khayalan
kang tuwuh merga pandhapuking ukara kang endah. Sutejo (2010, 20-24)
merang citraan dadi 5 yaiku citra penglihatan (citra panyawang), citra
pendengaran (citra pangrungu), citra penciuman (citra pangaras), citra
perabaan (citra pandemok) lan citra gerak (citra owah).
1. Citra panyawang nganggo tetembungan kang nggayutake apa kang bisa
dilakoni lan dirasakake dening mata.
Tuladhane:
Esemmu ngujiwat gawe atiku kemeser.
2. Citra pangrungu nganggo tetembungan kang nggayutake apa kang bisa
dilakoni lan dirasakake dening kuping.
Tuladhane:
Banter banget anggone bengok, brisik!
3. Citra pangaras nganggo tetembungan kang nggayutake apa kang bisa
dilakoni lan dirasakake dening irung.
Tuladhane:
Ganda wangi parfumu aku isih apal.
4. Citra pandemok nganggo tetembungan kang nggayutake apa kang bisa
dilakoni lan dirasakake dening kulit.
Tuladhane:
Tanganmu nggandheng tanganku. Anget. Ayem.
5. Citra owah nganggo tetembungan kang sejatine ora owah nanging
dicritakake bisa owah.
Tuladhane:
Wit-wit katon padha mlayu ngadohi aku. Slamur.
Tipografi
c. Tipografi yaiku wujude larik geguritan kang ndhapuk wujud tartamtu.
Umpamane mbentuk zig-zag, bunderan, ndhapuk wangun layangan,
nggunakake aksara cilik kabeh tanpa tandha waca lan liya-liyane. Tuladha
tipografi kang nggunakake aksara kapital lan aksara cilik saben gatra nganggo
tandha waca bisa dipirsani ing ngisor iki.
Wutah Getihku

Gumelar jembar bumi asri


Sumunar sumringah sunare bagaskara
Padhang sumilak hanelai jagad Nuswantara

6
Bumi pusaka wus kawentar
Ombak-ombak samodra, kencana kang ngrenggani
Wutah getihku daktresnani

Kawulamu....
Guyub rukun anambut kardi
Jeroning swasana tentrem lan mardika
Gilig ing tekad manunggal
Cumithak jeroning ati, bebarengan ambangun

Aku lila....
Korban jiwa raga kanggo bumiku
Nadyan awak ajur dadi sawur
Lan getihku mblabar mili, netes ing bumi pertiwi
Labet raharjaning nagara

Lumantar iki....
Isining atiku ginurit
Prasetyaku thukul saka ati kang tulus
Njaga langgenging kamardikan
Donga pujiku kebak kaendahan, kanggo wutah getihku

3. Cara Memarafrase Geguritan


Carane goleki isi utawa marafrase teks geguritan yaiku:
d. Maca lan mangerteni teks geguritan kanthi permati.
e. Nggoleki tembung-tembung kias utawa tembung-tembung kang durung
dimangerteni, banjur digoleki tegese tembung kasebut.
f. Nyeritakake maneh apa kang wis dimangerteni saka isi geguritan kasebut, banjur
didhapuk maneh awujud prosa utawa karangan/ gancaran.

4. Teknik Nulis Geguritan


Nulis geguritan uga perlu nggatekake babagan tartamtu kayadene:
a. Nemokake tema geguritan
b. Mantha-mantha tema dadi topik kang luwih mligi
c. Milih diksi utawa tembung kang trep karo topic
d. Ngronce ukara nggunakake basa rinengga
e. Aweh ruh lan teges sajeroning geguritan.

7
5. Teknik Maca Geguritan
Maca geguritan kuwi ancase kanggo medharake ruh lan amanat sing kamot ing
sakjeroning geguritan. Mula, maca geguritan ora kaya maca warta utawa cerita. Ana
bab-bab kang kudu digatekake supaya ruh lan amanate geguritan bisa tinampa kanthi
becik. Bab-bab mau, yaiku:
a. Wicara
Wicara iku gegayutan karo babagan cethaning swara utawa pocapan nalika
maca geguritan. Swara kang cetha bisa dibedakake antarane unine swara /d/, /dh/,
/t/, /th/, tembung siji lan liyane ora nggandheng lan ora bindheng. Swara kang
cetha bakal penak dirungokake.
b. Wirama
Wirama yaiku andhap asore swara kang kajumbuhake karo isining
geguritan. Umpamane maca geguritan kang ngemu duhkita, wirama swara sing
digunakake alon lan ora banter.
c. Wiraga
Wiraga yaiku patrap utawa solah bawa lan ora kakehen ngobahake awak.
Umpamane yen maca geguritan kanthi tema Sumpah Pemuda, wiraga kang
katunjukake yaiku ngepelake tangan kang nduwe teges “semangat”.
d. Wirasa
Wirasa (penjiwaan) teges isine geguritan dirasakake ing sanubari. Yen
maca geguritan kang isine nelangsa praupane susah (ngguya-ngguyu). Maca
geguritan padha tegese karo deklamasi.

Anda mungkin juga menyukai