Anda di halaman 1dari 2

TEKS MUQODDIMAH HAJATAN SELAMATAM

‫السالم عليكم ورحمة هللا وبركاته‬

‫بسم هللا الرحمن الرحيم الحمدهلل رب العا لمين والصاله والسالم‬

‫على اشرف االنبياء والمرسلين سيدنا وموالنا محمد‬

‫وعلى اله وصحبه اجمعين اما بعد‬

‫ المكرم‬Dhumateng poro alim poro ulama poro sesepuh aji sepuh wabil khusus dhumateng
panjenenganipun Shohibul hajat dhumateng bapak (Fulan) dalah sak keluargo ingkang setuhu
kinurmatan,ugi dhumateng poro bapak poro rawuh sedoyo tamu undangan ingkang minulyo.

Langkung rumiyen sumonggo Kito sesarengan ngaturaken raos muji syukur dumateng ngerso dalem
Alloh SWT kanthi Kito ucapakaken Syukur Alhamdulillahirobil alamin.Alhamdulillah khanti ridhonopun
Alloh khanti limpahan rohmat nikmat hidayah Soho inayahipun Alloh SWT sehingga khito sami wonten
ing wekdal dalu meniko saget makempal sareng - sareng saget silaturrahim sareng sareng wonten ing
majlis ingkang insyaallah kebak barokahipun, panuwunanipun Mugi - Mugi pepanggehan kitho sami Dalu
meniko leres leres pikhantok ridhonipun Alloh ingkang akhiripun saget mbeto hikmah barokah manfaat
maslahah fiddini wadunya wal akhiroh amin allohuma amin....

Ongko kaleh sholatulloh wassalamulloh sumonggo sareng sareng kitho derekaken dumatheng ngerso
dalem junjungan khito nabi agung Muhammad Saw nabi ingkang sampun paring tepa Palupi dateng
khito sami ugi nabi ingkang sampun ngarahaken sedoyo umat miwet saking zaman jahiliah dipun
arahaken dumatheng zaman ingkang terang benderang zaman ingkang penuh Islamiyah, mugi Mugi
kitho sami tansah kegolongno dados umatipun Kanjeng nabi agung Muhammad Saw ingkang nampi
pitulunganipun ugi syafaat ipun mbenjang wonten ing Yaumil qiyamah amin allohuma amin.....

Dhumateng poro bapak dalah poro Soho sederek sedoyo undangan ingkang minulyo

Kepareng matur wonten ing ngerso panjenengan sami meniko mboten sanes Minangkani sesulih utawi
wakil saking Shohibul hajat inggih meniko panjenengan nipun bapak (Fulan) Dalah sak keluargo.

Sepindah ngaturaken kesugengan sugeng rawuh sugeng dalu dalah soho sugeng pinarak, matur
agunging panuwun ingkang tanpo umpami atas rawuh panjengan sami dene menopo panjenengan sami
wonten ing wekdal dalu meniko sampon kerso nglonggaraken wekdal Soho penggalihipun ingkang
saperlu hangrawuhi undangan utawi da'wahipun saking Shohibul hajat, Mugi Mugi kanthi keikhlasan lan
ridho rawuh panjenengan sami meniko leres leres deneng Alloh dipun Catet dadosaken amal ingkang
khasanah tamtunipun ingkang barokah manfaat maslahah fiddini wadunya wal akhiroh allohuma
amin....

Ongko kaleh Shohibul hajat nyuwun pangapuntenan ingkang agung bilih anggenipun ngrawuhaken
panjenengan sami meniko khatah sanget kehilafan ugi kekirangan saking hal menopo kemawon,
utaminipun papan palenggahan Soho pakurmatan ingkang sajak kirang ngresepaken utawi kirang nuju
promo ing penggalihipun panjenengan sami Kawulo Minangkani sesulih ipun saking shohibul hajat
mawantu wantu nyuwun lumuntureng seh samudro ingkang agung dumateng poro rawuh panjenengan
sami.

Wondene ingkang Ongko tigo Ma'sudul a'dhom maksud ingkang wigatos bilih Kulo panjenengan sami
Dalu meniko kerawuhaken wonten ing dalem mriki mboten sanes Bade dipun suwuni tambahing doa
restunipun ingkang wilujeng gegandengan niat lan hajatipun keluargo, bilih Shohibul hajat Dalu meniko
keagungan kerso kintun doa dumateng sedoyo arwah leluhuripun wabil hkusus dumateng
panjenenganipun almarhum bapak (zaed) ingkang saat meniko insya alloh sampon ngepasi 7 dinten
saking sedanipun,kanthi doa restu panjenengan sami meniko magke keluarga nyuwun washilah Amaliah
arupi dhikir tahlil sak cekapipun, Mugi Mugi amaliyah Kulo panjenengan sami meniko magke leres leres
ketampi wonten ngerso dalem Allah SWT sehinggo wonten berkah Soho manfaatipun.

Adapun Fadhilah utawi barokahipun Niki mangke sepindah Kito hidiyahaken dumateng junjungan kitho
nabi agung Muhammad Saw sumambrah garwo putro Soho poro shohabat shohabatipun.ingkang Ongko
kaleh kitho hidiyahaken dhumateng sedoyo arwah leluhuripun bapak (Fulan) wabil khusus dhumateng
panjenengan nipun almarhum bapak (zaed) ingkang sampun Sumare wonten Ngalam barzah utawi
manggen wonten Ngalam kubur, Mugi Mugi kanthi barokahipun amaliyah Kulo panjenengan sami
meniko mangke, sedoyo arwah leluhuripun ingkang dipun kintun leres leres pikhantok magfirahipun
Alloh, Dipun ngapunten sedoyo kelepatanipun, dipun tampi sedoyo amal khasanahipun sehingga
wonten ing Ngalam barzah meniko tansah dipun tebihaken saking siksanipun kubur balak ipun kubur ugi
rupek ipun kubur ingkang akhiripun tansah manggiono kawilujengan Wiwit wonten Ngalam barzah
ngantos benjang wonten ing Yaumil qiyamah amin allohuma amin...

Lan ugi Fadhilah utawi barokahipun ingkang terakhir kitho hidiyahaken dhumateng keluargonipun bapak
(Fulan) Mugi Mugi kanthi washilah Amaliah khito sami meniko mangke leres leres keluargo pinaringono
hidayah deneng Alloh Swt barokah keluargo nipun, barokah yuswonipun, Istiqomah ibadahipun, guyup
rukun keluargonipun, pinaringono sehat dhohir batinipun lan ugi pinaringono tetepipun iman tetepipun
islam Padang atinipun selamet ndoyo lan akhirotipun amin allohuma amin....

Poro bapak ugi poro sederek sedoyo undangan ingkang minulyo

Mekaten muqodimah ingkang saget Kawulo aturaken dumateng panjenengan sami, pramilo Monggo sak
lajengipun amaliyah panyuwunanipun keluargo kito tindakaken kanthi berjamaah ugi kanthi ikhlasipun
manah, amargi khanti andedasar ikhlas ing manah meniko saget dadosaken ketampinipun amal khito
sami dateng ngerso dalem Alloh SWT.....

............................. ‫صلى هللا عليه وسلم الفاتحة لرضاءهللا تعلى ولشفعة رسول هللا‬

Anda mungkin juga menyukai